Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

(08) Kaca 69 - 83

 

( Latu Pakayangan - Ukuran Dhuwung )

Dumugi ing dhusun Dhandhêr pinanggih kêpala dhusunipun ingkang nêrangakên bab latu pakayangan, ukuran dhuwung sarta ukuran landheyaning tumbak.
Dumugi ing Kasanga pinanggih Ki Jatipitutur ingkang dongèngakên bab Prabu Jaka ing Mêdhangkamulan mêjahi sawêr dumugi kagungan putra wujud sawêr wasta Jaka Nginglung ngantos mulabukanipun wontên sumbêr-sumbêr lisah. ...
Kaca 69-83

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid1 1 - Kaca : 69

24 Maskumambang

27.
Ingsun nutugake tumindaking sikil |

(n)dhêku Kaki Padhang |

rahadyan tandya lumaris |

tan pisah ki Gathuk Gathak ||

28.
Ngalèr ngilèn prapta ing Bojanagari |

myat kukus mangampak |

rahadyan nulya nyêlaki |

kang murub warni balumbang ||

29.
Pinêcakan kawan likur wiyarnèki |

dene panjangira |

tigang dasa langkung kalih |

lêbête sahasta wrata ||

30.
Tanpa toya dangu dènnira ningali |

nahan tan pantara |

murub lir wisma kabêsmi |

latu sumundhul ing mega ||

31.
Isthanira kadya ngurmati kang prapti |

Gathuk Gathak waswas |

giris maras miris tistis |

tyas lir tatas anaratas ||

32.
Kêpalane dhusun Dhandhêr gupuh prapti |

mariksa pawaka |

kagyat anon janma katri |

pinarak têpi balumbang ||

33.
Ngloccitèngtyas anèh têmên uwong iki |

yèn dudu trah tama |

mangsa waniya nyêlaki |

ing balumbang Pakayangan ||

34.
Ki patinggi anyakêti ing sang pêkik |

rahadyan têtanya |

baya sirèku kang (n)jagi |

balumbang isi dahana ||

35.
Palang matur lêrês timbalan sang pêkik |

mila gupuh amba |

mariksa balumbang api |

awit dadya panêngêran ||

36.
Lamun murub dêlajat kathah sêsakit |

dhusun ingkang cêlak |

kang uning urubing agni |

apês lir mêndêm pocungan ||

25 Pocung

1.
Murub agung tan wontên tiyang andulu |

mung amba priyangga |

kang wikan urubing agni |

sampun tamtu kadhatêngan janma tama ||

2.
Isthanipun lir tur urmat asusugun |

punika winastan |

Pakayangan latu nênggih |

criyosipun prapène êmpu duk kina ||

3.
Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh |

baya kang Kêpalang |

têdhaking êmpu rumiyin |

ingkang darbe patilasan Pakayangan ||

Jilid1 1 - Kaca : 70

4.
Apêsipun sagêd pandhe damêl dhuwung |

Ki Kapalang mojar |

o (ng)gèr dede têdhaknèki |

nanging yêktos pancèn pandhe damêl kula ||

5.
Gathuk muwus lah apa bênêr bêthèkku |

yèn damêl curiga |

punapi (ng)gih dènukuri |

panjangipun punapa sakarsa-karsa ||

6.
Myang landheyan waos punapa ingukur |

napa manut bakal |

Ki Kêpalang anauri |

dhuwung miwah landheyan wontên ukurnya ||

7.
Watonipun kalamun adamêl dhuwung |

panjangipun ganja |

ingkang kaukur rumiyin |

lajêng kangge ngukur panjanging curiga ||

8.
Awit bongkot kajawine pêsinipun |

dumugi pucuknya |

nênêm wêwilanganèki |

kang rumiyin cakra kapindho gundhala ||

9.
Tiga gunung ping sakawanipun guntur |

ping gangsal sagara |

kaping nênêm madu nênggih |

ingkang sae têkèng pucuk dhawah arga ||

10.
Tuwin dhawah sagara utawi madu |

titiga prayoga |

utawi dhawah jaladri |

gya winalik sangking pucuk pangukurnya ||

11.
Têkèng bongkot kajawining pêsinipun |

kang langkung utama |

ing pungkasan dhawah ardi |

lah punika ingkang pantês pinilala ||

12.
Lamun damêl landheyan waos ingukur |

kêpêlnya priyangga |

sakawan etanganèki |

sangga runggi sarah watang kang prayoga ||

13.
Dèn dhawahnya sangga ing pungkasanipun |

Gathuk (n)dhêku lingnya |

paringe kakang kapundhi |

Ki Kapalang noraga matur rahadyan ||

14.
Dhuh sang luhung bilih marêngi ing kalbu |

kampir wisma-amba |

ing Dhandhêr tan pati têbih |

dhusun ingkang katingal ngajêng punika ||

15.
Apuntênta paman ingsun arsa laju |

(n)dumugèkkên lampah |

(m)bungkuk Kapalang tur inggih |

botên langkung kula (n)dhèrèkkên raharja ||

Jilid1 1 - Kaca : 71

16.
Pakayangan latu Dhandhêr wus kapungkur |

lajêng lampahira |

ngambah ara-ara wradin |

tanah Dhandhêr ngilèn nulya anon toya ||

17.
Mêdal saking sumbêr ngalirab dinulu |

Gathuk tan saranta |

ngokop toya ingkang mili |

praptèng tênggok wangsul mutah bulakêran ||

18.
Gathak tanya lho kapriye iku Gathuk |

têka mutah-mutah |

Gathuk angling mbrêbêsmili |

dudu banyu iku lênga latung blaka ||

19.
O ya Gathuk aku krungu critanipun |

iku banyu kêna |

kanggo didiyanan sami |

wong padesan mung kukuse ngudubilah ||

20.
Radyan mèsêm angandika marang Gathuk |

iku kang pinanggya |

janma tan sarèh ing budi |

kaya-kaya masthi manggih kasangsaya ||

21.
Ya ta wau rahadyan ing lampahipun |

nalasak galagah |

kêtêl rumput mendhong wlingi |

nabrang lèpèn ngantya rambah kaping gangsal ||

22.
Anon dhukuh anèng têngahing wana gung |

rahadyan ngandika |

payo Gathak Gathuk mampir |

yun tatanya tanah ngêndi iki baya ||

23.
Gya kapangguh sujanma amikul bumbung |

isi lêgèn klapa |

santri kalih anyêlaki |

nabda nêdha ngilèni lêgèn kalapa ||

24.
Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk |

ngilèni tan susah |

(n)dika badhe dhatêng pundi |

kamayangan têka maring dhêkahingwang ||

25.
Kula (n)dherèk janma luhung ingkang nglangut |

sukanira mahas |

panggènan kang sêpi-sêpi |

amurugi kang singit tan kambah janma ||

26.
Nika ingkang nèng ngandhape pandhan arum |

bagus yèn sêmbada |

parêng kampir wisma mami |

kula mantuk (ng)gêlar-(ng)gêlari ing wisma ||

27.
Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun |

kyai ingkang ngrêmbat |

paduka katuran mampir |

mring wismane rèhning sampun nanggêl lampah ||

Jilid1 1 - Kaca : 72

28.
Tan pantara dangu ki wisma amêthuk |

wus kêrit rahadyan |

Gathak angupaya warih |

ki wisma ngling anak ngupados punapa ||

29.
Kula pados toya badhe kagêm wulu |

o anak tan ana |

ing ngriki toya kang suci |

mèh sadaya pakungkumaning waraha ||

30.
(n)Dawêk kula padoskên tirta kang luhung |

ki wisma gya mancas |

pang wit jêmbul toya mijil |

lir pancuran wêning asrêpe sêdhêngan ||

31.
Gathak matur punika toyaning jêmbul |

manthêr lir pancuran |

kaagêm wulu prayogi |

radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas ||

32.
Wusing rampung pampêt ingkang toya jêmbul |

Gathak eram ing tyas |

wakne iki nyata luwih |

nora nyana yèn mêtu karamatira ||

33.
Praptèng wisma Gathak adan tumalawung |

nulya samya sunat |

bakda sunat kinamati |

waktu Mahrib myang Ngisa sampun paragat ||

34.
Lênggah salu sunggata lumadyèng ngayun |

kang lêgèn kalapa |

tela gamblok matêng ing wit |

aturira manis wêdaling wicara ||

35.
Dhuh sang bagus kumêdahe atur-atur |

sunggata tan mandra |

sawontêne tiyang langip |

anèng wana tanpa rowang datan pakra ||

36.
(ng)Gih kiraka sangêt ing panrimaningsun |

langkung rêsêp ing tyas |

radyan dhahar tlas salining |

ngunjuk lêgèn watara tigang cêgokan ||

37.
Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur |

Gathuk Gathak nadhah |

miwah ngombe lêgèn krambil |

sakatoke tan ana tinaha-taha ||

38.
Wacana rum rahadèn mring ki wisma rum |

kiraka sun tanya |

ngriki niki tanah pundi |

lawan sintên sinambatipun kiraka ||

39.
Aturipun kula pun Jatipitutur |

asli saking Sela |

ing Kasanga jurukunci |

pan ing ngiriki talatah siti Grobogan ||

40.
Ing Kasanga kathah panunggilanipun |

Blêdhug Kuwu miwah |

Crèwèk kalawan Mandhikil |

myang ing Sêndhang Ramêsan toya mawarna ||

Jilid1 1 - Kaca : 73

41.
Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh |

paran mulanira |

yèn wontên cariyosnèki |

kang jinarwa kiraka niku sadaya ||

42.
Alon matur kula èngêt botên urut |

lumayan kinarya |

sasambèn cagaking arip |

kala kina wontên panjênêngan nata ||

43.
Prabu Jaka punika jujulukipun |

ing Mêndhangkamulan |

karêm mêng-amêng wanadari |

anunumpu banthèng sangsam kancil kidang ||

44.
Tanpa wadu amung sabat kang tumutur |

nuju ri sajuga |

uning sarpa manguntèki |

langkung agêng sisikira mancawarna ||

45.
Prabu bêndu bêntèring tyas sakalangkung |

ula apa karsa |

de bangêt amatiragi |

mêngko sira tan wurung rampung dening wang ||

46.
Sang aprabu nulya mênthang langkapipun |

jêmparing lumêpas |

cumundhuk sawêr ngêmasi |

wontên swara kapiyarsa ing sang nata ||

47.
Èh sang prabu tuhu sikara sirèku |

yêkti bakal tampa |

paukumaning Hyang Widdhi |

datan bisa mujadahi hawanira ||

48.
Nênging swara sawêr musna tan kadulu |

gara-gara prapta |

jawah lesus kilat thathit |

aliwêran balêdhèg dhar-dhèr tan pêgat ||

26 Mêgatruh

1.
Tranging jawah lagya mangkya sang aprabu |

angraos sangêt kalantih |

têdhak mring karandhan ngaub |

tuwin karsa anuwèni |

duk nguni sri nata anon ||

2.
Anakipun nyi randha Kasiyan dhukuh |

ing Sangkèh tuhu linuwih |

Rarasati maksih timur |

rèh sampun antawis lami |

kakintên wus jonggrong jonggrong ||

3.
Praptèng dhukuh nganti nèng dhadhah sang ulun |

wêdaling dyah Rarasati |

nyai randha lagya nuju |

nênggani (ng)gêntang pra èstri |

gagêndhingan dhungprong-dhungprong ||

Jilid1 1 - Kaca : 74

4.
Rarasati mijil sangking wismanipun |

asinjang pathola abrit |

konyoh jênar slendhang kawung |

tinêpi parada kuning |

wimbuh ayu mêlok mêlok ||

5.
Tansèng pungkur kalangênannya sang ayu |

juga babon kate adi |

pêthak mulus cènggèripun |

sanggardalima rêspati |

sapraptanira sang sinom ||

6.
Panggêntangan nulya tumut (ng)gêntang pantun |

sukunira kang sasisih |

angidak sirahing pantun |

angikis sinjangirèki |

kakempol katon mancorong ||

7.
Gêbyar-gêbyar anglir pendah thathit barung |

dupi miyat sri bupati |

gandrung-gandrung amangun kung |

ngandika jroning panggalih |

pantês dadya garwaningong ||

8.
Sigra têdhak nyakêti kang samya nutu |

matêk asmaragama di |

para dyah kang samya nutu |

tan ana ingkang praduli |

katungkul dènnira gerong ||

9.
Sruning cipta korut nutpahira prabu |

datan prabeda sang dèwi |

ugi korut nutpahipun |

samya tumètès ing siti |

tandya kate pêthak gupoh ||

10.
Anucuki nutpah kalih-kalihipun |

wus nunggil dadya satunggil |

Prabu Jaka dahat ngungun |

sangêt lingsêming panggalih |

nulya kundur angadhaton ||

11.
Gathak Gathuk samya gumujêng angguguk |

radyan mèsêm ngandika ris |

kiraka Jatipitutur |

nêdha kalajêngna maning |

cariyosipun kang babon ||

12.
Kyai Jatipitutur nglajêngkên atur |

dupi wus antara ari |

amanigan kate pingul |

nyi randha dupi udani |

antigan pinêndhêt gupoh ||

13.
Gya dinèkèk anèng padaringanipun |

tinunggilkên tigan katri |

winor uwos kang lumintu |

sabên ari dènêdangi |

nanging botên katon kalong ||

14.
Malah wuwuh nyi randha graitèng kalbu |

baya iki kang marahi |

atigan gêng pedahipun |

bêras dakdang sabên ari |

mora kalong malah wuwoh ||

Jilid1 1 - Kaca : 75

15.
Gya pinêndhêt ingêlih maring ing lumbung |

dupi uwosira ênting |

nyai randha mêndhêt pantun |

mring lumbung ambuka kori |

mêndhêt sabêlah ginendhong ||

16.
Tigan ingkang dipun dèkèkakên lumbung |

sampun nêtês nanging warni |

taksaka agêng kalangkung |

ngalêkêr pinuju guling |

kagyat nulya tatanya lon ||

17.
Paran karsa nini sira marang lumbung |

nyai randha nulya nolih |

anon sarpa nulya gugup |

gya dhawah bali anjêlih |

lumajêng aketol-ketol ||

18.
Arsa lapur dhumatêng ing sang nindya nung |

taksaka suka ningali |

wus mêdal saking ing lumbung |

mring gyannya dyah Rarasati |

sarwi ngling dhuh ibuningong ||

19.
Dèwi Rarasati gumuling akantu |

wungu nututi bok nyai |

sakaliyan prapta sampun |

ngarsanira kyana patih |

naga wus nèng wuri (n)jongok ||

20.
Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu |

samya gumuling ing siti |

kya patih arsa lumayu |

naga gumujêng sarya ngling |

kaki aja jrih maring ngong ||

21.
Kene payo padha lungguh kang pakantuk |

kya patih ngoplok lingnya ris |

lah ula apa sirèku |

tanpa sangkan (ng)gonmu prapta |

sang naga saurira lon ||

22.
Kaki ingsun unjukna mring rama prabu |

kyana patih anauri |

mung manthuk lumaris gupuh |

risang naga anèng wingking |

dupi prapta ngarsa katong ||

23.
Kyana patih dèrèng munjuk sang aprabu |

naga wus nèng wurinèki |

Prabu Jaka gya andangu |

èh ula apa sirèki |

de bisa clathu lir uwong ||

24.
Naga matur ngakên putranya sang prabu |

kalangkung dènnira runtik |

èh ula kawruhanamu |

ingsun iki durung rabi |

sira têka anyalêmong ||

25.
Lah lungaa yèn kasuwèn têkèng lampus |

naga karuna turnya ris |

(ng)gêlarkên nalikanipun |

sri papara ing wanadri |

tumêkèng kundur ngadhaton ||

Jilid1 1 - Kaca : 76

26.
Lan umatur sakawiting babon pingul |

nigan têkèng nêtêsnèki |

sang prabu miyarsa atur |

dahat ing lingsêming galih |

nulya jêngkar angadhaton ||

27.
Kyana patih tinimbalan mring kadhatun |

dhawuh timbalan narpati |

ponang sawêr kinèn nantun |

madosi pacangan aji |

lan mêjahi satru katong ||

28.
Baya putih têlênging sagara kidul |

punika yèn antuk kardi |

ingakên putra satuhu |

patih wus (n)dhawuhkên maring |

sarpa matur arawat loh ||

29.
Sru prasêca yèn tan kalakyan satuhu |

karsane sri narapati |

suka tumêkèng ing lampus |

kya patih wêlas ningali |

punang sarpa mêsat gupoh ||

30.
Ngidul têrus singa kang katrajang gêmpur |

amrih aglisira prapti |

amblês bantala jumêdhul |

têlênging kanang jaladri |

susumbar anguwuh mungsoh ||

31.
Angungaskên atmaja Sri Jaka Prabu |

ing Mêndhangkamulan adi |

Sang Dewatacêngkar Prabu |

kang awarna baya putih |

miyos sangking ing kadhaton ||

32.
Mapag yuda ramening prang tan cinatur |

ngantya pirang-pirang ari |

sri dyah lami laut kidul |

nama Prabu Anginangin |

sukaning tyas dènnira non ||

33.
Amiminta sirnane sang baya pingul |

jaladri akocak-kacik |

toya bêntère kalangkung |

mina kathah angêmasi |

baya pêthak yudanya sor ||

34.
Kabuncang mring dharatan têpining laut |

sirnaning angga pan dadi |

Argalima wastanipun |

sarpa sukane angênting |

wus pasthi inganggêp katong ||

35.
Kacariyos Prabu Anginangin wau |

suka amarwata siwi |

satrunira baya pingul |

mangkya wus tumêkèng lalis |

naga tinimbalan gupoh ||

36.
Malbèng pura prapta ngarsane sang prabu |

natadèwi ngandika ris |

èh sarpa kang jayêng pupuh |

ingsun nguni pasanggiri |

sapa kang agambuh pupoh ||

Jilid1 1 - Kaca : 77

27 Gambuh

1.
Sing sapa unggul pupuh |

amatèni mring si baya-pingul |

gêntènana sadhela jumênêng aji |

luwarana punagiku |

sarpagung turira alon ||

2.
Tan lêngganèng ragèngsun |

anglampahi pasang giri prabu |

nanging lampah amba punika tinuding |

wusing nyirnakakên satru |

ngulati pacangan katong ||

3.
Rèhning dèrèng kapangguh |

Prabu Rara angandika arum |

pacangane ramanta pan ingsun iki |

sira munjuka sang prabu |

ngulati pacanganingong ||

4.
Ywa krama liyaningsun |

nanging andadèkna kawruhamu |

ramanira tan widada madêg aji |

namung tigang warsa puput |

ginantyan kang darbe kraton ||

5.
Ing ari Budha besuk |

lèk purnama Galungan kang wuku |

dak aturi têdhak mring kadhaton mami |

sira sun rabèkkên kulup |

olèh Balorong yu anom ||

6.
Dhaubnya tan cinatur |

langkung rame ing bawahanipun |

ing dharatan pagêblug agêng (n)dhatêngi |

wusing dhaub madêg ratu |

sapta ri gya pamit gupoh ||

7.
Linilan pamitipun |

myang winisik kang badhe tinêmu |

ing sarira miwah jangkaning nagari |

purwa madya wusanèku |

wêlingira wantos-wantos ||

8.
Sri putri malih muwus |

Linglung Tunggulwulung jujulukmu |

têmbe sira karsaning Hyang angratoni |

lêlêmbut ing gunung-gunung |

mring sira anganggêp katong ||

9.
Kala patêmbènipun |

sira dadya ngalamat satuhu |

dauruning jaman myang kêrtaning nagri |

wis mangkata sira kulup |

garwamu rara Balorong ||

10.
Mênèk ngribêti laku |

lah tinggalên nèng kene rumuhun |

sira aja mêtu marganira lami |

têlêng samodra kapungkur |

amblês ing pratala gupoh ||

Jilid1 1 - Kaca : 78

11.
Nèng Pasundhan anjêbus |

amblês malih (n)jêbus wontên Kuwu |

ing Carèwèk Mandhikil jêbusnya malih |

sampun cêlak nagrinipun |

mlampah dharatan nalosor ||

12.
Dumugi praja (n)jujug |

kapatiyan wus kêrit lumêbu |

dupi prapta ngarsa nata mangênjali |

kyana patih makidhupuh |

Tunggulwulung analosor ||

13.
Lampahira ingutus |

sampun katur purwa wasanèku |

Prabu Jaka langkung trusthanirèng galih |

wus inganggêp putra prabu |

ginanjar makutha kaot ||

14.
Agêmira sang prabu |

buntut untu atanapi siyung |

binrongsong mas tinarètès sosotyadi |

sisik linapis mas murub |

kalung sosotya mancorong ||

15.
Myang pinaringan cupu |

asthagina isi lisah kayun |

kuwasanya yèn wontên sarpa ngêmasi |

tinètèsan lisah cupu |

gêsang malih lenggak-lenggok ||

16.
Sinimpên wontên buntut |

myang musthika naga kwasanipun |

sinuyutan sakèhe sarpa sabumi |

dumunung ing cêthak murub |

dhawuh dalêm sang akatong ||

17.
Èh sakèh wadyaningsun |

piyarsakna samêngko si Linglung |

ingsun junjung pangkat pangran adipati |

manggon ana Tunggulwulung |

wus kulup mundura gupoh ||

18.
Aywa kuciwèng laku |

lah arakên lakune si Linglung |

lan rêksanên sacara-caraning janmi |

pangran dipati wus mundur |

ing marga tan winiraos ||

19.
Mandhirèng Tunggulwulung |

dupi antuk sawarsa sang Linglung |

anêlaskên iwèn wus katur sang aji |

gya ingêlih dalêmipun |

myang winulang rama katong ||

20.
Ing ngèlmi agal-lêmbut |

wus kacêkap tan ana kalimput |

Tunggulwulung tapa mangap nèng wanadri |

awit sangking laminipun |

badan kathukulan bondhot ||

21.
Nglênggirik kadya gumuk |

ical sipatira taksaka gung |

tutuk kadya wiwaraning guwa wingit |

wus matêng ing tapanipun |

manungsa tan ana wêroh ||

Jilid1 1 - Kaca : 79

22.
Karsane jawata gung |

nuju dêrês jawah gumarubug |

wontên rare angon sasanga kèhneki |

kajawahan samya ngaub |

nèng tutuk naga kinaot ||

23.
Kang wolu wus umangsuk |

kang satunggal siningkang tan antuk |

gya minggah ring klêrês gigir nyangking kudhi |

mêmêrang siti marêntul |

guwa mingkêm kadya angob ||

24.
Rare wolu kang ngaub |

sarêng samya pêjah tanpa muwus |

kang satunggal wontên jawi mêrang gigir |

inggal lumajêng umantuk |

mring sudarma awawartos ||

25.
Tandya kunjuk sang prabu |

sri narendra sakalangkung bêndu |

gya adhawuh kinèn mantèk wêsi gilik |

cangkêmira Jaka Linglung |

supadi pêjah ing ngênggon ||

26.
Wus pinantèk kang tutuk |

Jaka Linglung tumêka ing lampus |

lah punika cariyosipun ing nguni |

atatanya Gathak Gathuk |

athik ula kaya uwong ||

27.
Le nyêmbah niku prèhpun |

Rara Blorong kacariyos ayu |

pinaèsan saya wimbuh amrakati |

Jaka Linglung sigit bagus |

winêwahan mawi topong ||

28.
Wong gèpèng sirahipun |

kados pundi kêkahe puniku |

ah wong criyos wikana nyatane nguni |

tamating cariyos bangun |

Gathak Gathuk adan Suboh ||

29.
Wus samya wêktu Subuh |

sabakdanya Subuh ngandika rum |

lah kiraka wawi ulun ayun uning |

patilasan Tunggulwulung |

inggih sumangga sang anom ||

30.
Kula gadhah panyuwun |

mrih lêstantun tan sangsayèng laku |

kaparênga miturut sacaranèki |

kiraka hywa walang kalbu |

datan nyuwalani ingong ||

31.
Wus kêrit lampahipun |

prapta ing Kasanga têpinipun |

siti lêbu kadi awu warnanèki |

tan wontên taru kang thukul |

ngilak-ilak lir sinapon ||

32.
Ambanon ingkang wangun |

nanging mawi malengkong mangidul |

kathah bolong kadya lènge yuyu nênggih |

katutub ing lêbu lêmbut |

tiniyub maruta katon ||

Jilid1 1 - Kaca : 80

33.
Sadaya sami ngêmpus |

lir tutuban dene têlêngipun |

wontên êlèng sadandang wiyarirèki |

akumrangsang ungêlipun |

tinindakan alon-alon ||

34.
Wus cêlak mêndhak sampun |

lampah bocong ngambah krikil alus |

warna abrit pêthak jêne anêlasih |

kèndêl sila dènnya lungguh |

rahadyan anulya jongkok ||

35.
Mariksa lêbêtipun |

kilêng-kilêng kinclong warninipun |

kadya lingsah ingkang sakalangkung wêning |

swara kumrangsang saya sru |

wusing anon ngandika lon ||

36.
Punapi marmanipun |

lampah bocong Ki Jatipitutur |

matur kurmat rèh wus cêlak dunungnèki |

Prabu Anom Tunggulwulung |

kadinanan ngèlmi kaot ||

28 Asmaradana

1.
Kang kilêng-kilêng kaèksi |

gih punika netranira |

lêbu lir awu warnane |

tilas Linglung duk samana |

pinantèk tutukira | badan polah siti (m)blêdug |

nanging botên sagêt kesah ||

2.
Krikil warangan puniki |

kinarya nyêmêng gêgaman |

toyane jram pêcêl winor |

paedah ampuhe mindhak |

rahadyan sampun linggar |

tan pati doh nulya (n)dulu |

sumbêr alit isi toya ||

3.
Nyêmêk-nyêmêk raos asin |

kidul têlêng kawistara |

wontên gumuk mujur ngilèn |

kilèn gumuk datan têbah |

rawa lit kêbak toya |

ugi asin raosipun |

lèr kilèn têlêng Kasanga ||

4.
Ara-ara tinon asri |

sitinipun bulak pêthak |

barênjul samya inggile |

turut pinggir pupundhungan |

dumugi ing lèr wetan |

mathuthuk lir wisma pingul |

bênggang ajêg lir tinata ||

5.
Wetan têlêng tinon asri |

waradin pênuh thukulan |

rumput mêrakan myang mendhong |

têkèng kidul notok arga |

tinon asri kawuryan |

nglilipur ing tyas margiyuh |

Ki Jati malih turira ||

6.
Ingriki bilih marêngi |

mangsa katiga akathah |

sima sawêr samya manggon |

asring-asring ing Kasanga |

sawiyaring têlêngnya |

(m)blêdhos swara kadya gludhug |

inggilnya ngungkuli arga ||

Jilid1 1 - Kaca : 81

7.
Tinon yêktos (ng)gigirisi |

gih punika kruranira |

Tunggulwulung ingkang manggèn |

ing sangandhaping Kasanga |

ri wusnya mangun krura |

kula gya mariksa gupuh |

punapa kawontênannya ||

8.
Yèn katingal sanepaning |

maryêm badhe wontên pêrang |

yèn katingal kados layon |

badhe kathah tiyang pêjah |

sampuning amariksa |

nuntên lapur lurah ulun |

dhatêng Mêthakan ing Sela ||

9.
Kang nglajêngkên mring Mantawis |

dene lèpèn cacah gangsal |

kalamun rêndhêng mangsane |

punika dados satunggal |

tinon wus kadya rawa |

ila-ilane rumuhun |

para priyantun ing praja ||

10.
Saèstu yèn botên kenging |

anon têlênge Kasanga |

kilap punika wadose |

yèn tinrajang kadrawasan |

linungsur kang darajat |

apês nandhang ing papa gung |

kinêbat kang sandhang pangan ||

11.
Wus tapis dènnya ningali |

Ki Jatipitutur lingnya |

suwawi angalèr ngilèn |

punika tilas kadhatyan |

nagri Mêndhangkamulan |

ing Kasanga wus kapungkur |

prapta tilasing kadhatyan ||

12.
Wujud kantun siti mênggir |

wus dumadya wanawasa |

linajêngkên ing lampahe |

prapta ing sêndhang Ramêsan |

wawêngkoning Kradenan |

cakêt satêpining ranu |

tan patya lêbêt kang toya ||

13.
Kalangkung gawoking galih |

de toya sasêndhang wrata |

kadi dene wedang umob |

lir umbul modal ing toya |

gumlêdhêg kang suwara |

mancawarni toyanipun |

pindha kukuwung wangkawa ||

14.
Ijêm jêne wungu abrit |

dadu jambon cêmêng pêthak |

inginum anta raose |

sêmune kaworan lirang |

bêntère sawatara |

tan na ilèn-ilènipun |

pindhane kadya balumbang ||

15.
Ki Jati turira aris |

punika sêndhang Ramêsan |

lajêng tindak mring Carèwèk |

aningali gumuk karang |

sanginggil gumuk ingkang |

êlèr miwah kilènipun |

wontên sumbêripun samya ||

Jilid1 1 - Kaca : 82

16.
Asin raosing kang warih |

punika kenging kinarya |

sarêm alêmbut warnine |

sêmu abrit asin kirang |

wus têrang pinariksan |

lajêng mangalèr sang luhung |

ing Mêndhikil kang sinêdya ||

17.
Praptèng gumuk datan inggil |

nulya samya inginggahan |

sampun rawuh ing têpine |

lir sumur bundêr apapak |

nanging tan isi toya |

êndhut cuwèr ngantya pênuh |

papak lambe ambaludag ||

18.
Lir pendah umob swarèki |

bêntèr namung sawatara |

wontên ilèn-ilènane |

mili we asin raosnya |

gya anon sumur tiga |

lir wedang panas wenipun |

kang kadya sumur lit kathah ||

19.
Toyanipun ugi asin |

sadaya kenging kinarya |

sarêm kadi ing Carèwèk |

kawratan wus pinariksan |

ing Blêdhug tinindakan |

saking mandrawa kadulu |

anon ara-ara wiyar ||

20.
Ki Jati turira aris |

punika kang katingalan |

ing Blêdhug Kuwu wastane |

kalangkung agêng tinimbang |

lawan kang kathah-kathah |

mawi suwara jumêgur |

tan kêndhat dalu raina ||

21.
Kiraka suwawi kampir |

nêdha andika atêrna |

Ki Jati sandika ture |

saking Mandhikil wus linggar |

tan dangu lampahira |

praptèng talatahing Kuwu |

katon trang umbuling lahar ||

22.
Ra-ara wangun pasagi |

kandhêg ing têpi rahadyan |

milih siti ingkang atos |

kang êmpuk tan kenging kambah |

rahadyan kagawokan |

miyat ing têngahing Blêdhug |

malêmbung kadi plêmbungan ||

23.
Palêndhungnya langkung inggil |

dupi wus katon gya pêcah |

jumêgur asru swarane |

kadya maryêm kapiyarsa |

mêdal kumukus pêthak |

wusing (m)blêdhos ngandhap mlêndhung |

kadya ing suwaunira ||

24.
Lumintu datan sarênti |

swaranira nora kêndhat |

ki Jati umatur alon |

malêndhung tuwin nyuwara |

tan lèrèh dalu rina |

katiga rêndhêng kèh jawuh |

tansah makatên kewala ||

25.
Punika kang alit-alit |

ungêlipun datan sora |

ugi makatên patrape |

upami wontên kang ngambah |

lajêng amblês kewala |

sangking lêbête kalangkung |

sampun èstu lajêng sirna ||

Jilid1 1 - Kaca : 83

26.
Ki Jati ngupados dêling |

tinalorongkên manêngah |

dêling amblês datan katon |

lah punika dêling ical |

tri ari yèn klêrêsan |

dêling mumbul katut lumpur |

malêsat dhawahnya têbah ||

27.
Kadhang kalajêng tan mijil |

sadaya kang kauningan |

punika patilasane |

Tunggulwulung Linglung Jaka | pramila ingaranan |

Kuwu nalika mênthungul |

wontên ngriki kantos lama ||

28.
Siniwèng naga sabumi |

kacariyos ngantos krama |

ugi angsal putri Blorong |

rahadyan kasêngsêm miyat |

kaelokaning Sukma |

sru nalangsa mring Hyang Agung |

dene sipate kang ula ||

29.
Mawèh tilasing nagari |

kalimput ngulati kadang |

dadya gandrung ing Hyang Manon |

katongton murah asihnya |

aris wijiling sabda |

kiraka Jatipitutur |

punapa sun walêsêna ||

30.
Tanduk tanggaping kang êsih |

dhumatêng badan kawula |

datan mantra lagya nêmbe |

de arsa asung carita |

nêdahkên kanyataan |

patilasaning ngaluhung |

lalakyan jaman kadewan ||

31.
Mila sru panuwun mami |

winantu ing suka rêna |

myang dèn agung aksamane |

ing mangkya ulun paliman |

andumugèkkên lampah |

kantun manggiya rahayu |

jinurunga ing sakarsa ||

32.
Tur wangsulan sami-sami |

kula sakalangkung bingah |

de paduka karsa nyruwe |

mugi raharja ing lampah |

anulya sasalaman |

Ki Jatipitutur mantuk |

radyan lajêng lampahira ||

33.
Kadalon anulya mampir |

dhumatêng ing dhusun Sela |

(n)jujug ing pajurukuncèn |

ki jurukunci atanggap |

manggihi kang dhatêngan |

alon wijiling kang wuwus |

rèhning wus ciklu manira ||

34.
Aywa dadi tyasirèki |

manira datan akrama |

marang sariranta anggèr |

mangkya ingsun nilakrama |

ing êndi kang pinangka |

lawan sapa kakasihmu |

mring ngêndi kang sira sêdya ||

35.
Rahadyan umatur aris |

jêng kyai dhawuh paduka |

saèstu sampun lênggahe |

ngasêpuh maring ngamudha |

ngoko tan mawi krama |

de lamun andangu ulun |

pun santri mg dhukuh wetan ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07) Kaca 66 - 68
  • (09a) Kaca 84 - 95 >