Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13b) Kaca 166 - 199

 

 ( Awon Saening Dinten – Pranatamangsa - Chandrasangkala )
8. Ing rêdi Mandhalawangi pinanggih Ajar Suganda mêjang bab:
1. Petang iladuni awon saening dintên;
2. Pranatamangsa;
3. Candrasangkala dalah watak-watak satunggal-satunggaling têmbung sarta panggubahing candrasangkala; 4. Wataking tanggal 1 dumugi 30.
Dumugi ing Bogor pinanggih Ki Wargapati ingkang mêdharakên bab lampah pujidina murih umur panjang. R. Jayèngrêsmi suka katrangan bab jaman dahuru kiyamat kubra. Wasana nglajêngakên lampahipun ningali tilas kraton Pajajaran. ...

Kaca 166-199

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 1 - Kaca : 183

54 Dhandhanggula

5.
Kang tartamtu kanggo nêm prakawis |

turus miwah dandananing omah |

kanggo dandanan prantine |

kanggo pêthan arcèku |

kanggo plangkan pangraras tuwin |

katunu kanêmira | kilating nêm iku |

têgêse lalidhah mangsa |

iya kanêm lona pêdhês wêrdinèki |

mla kêcut wêrdinira ||

6.
Tikta wêrdinira apan pait |

kyasa wêrdinira gurih ika |

dura pan asin têgêse |

sarkara wêrdinipun |

apan manis watêk nêm titi |

watak pitu winarna |

ardi wêrdi gunung |

kang urut pasisir iku |

mula dadi wawatak pitu de ardi |

isine pitung warna ||

7.
Watu guwa jurang padhas tuwin |

papancuran pèrèngan tuwuhan |

turangga de panganggone |

jaran iku pipitu |

kang rumuhun apan kêndhali |

apus lawan salebrak |

sanggawêdhinipun |

ambên camêthi pitunya |

giri wêrdi gunung gêdhe dene dadi |

pakandhanganing swara ||

8.
Rêsi têgêse pandhita sukci |

yèku ingkang nganggo kasucian |

pitung prakara etange |

katêmênan rumuhun |

lumuh ala lumuh nyidrani |

lumuh marang ruruba |

lawan tuhu lumuh |

marang ing pangalêmbana |

lumuh rêgêd pitune pan lumuh maring |

sabarang bêbèngèsan ||

9.
Angsa apan banyak wêrdinèki |

mula dadi pitu watêkira |

kagawa sugih swarane |

biksuka wêrdi lêmbu |

mila pitu watêkirèki |

dene ing kuna dadya |

tungganganing wiku |

aldaka sukuning arga |

dene darbe sasêbutan pitu nênggih |

punthuk ujung tunggangan ||

10.
Lambung tepong sisiku sukuning |

de himawan wêrdinira mega |

pucuking gunung dununge |

mula watak pipitu |

sangking kukus kapitu warni |

kukus adhêming kisma |

kukus tanêm tuwuh |

kukus pangobaring wrêksa |

kukus ingkang rêratêng lawan kukusing |

udalaning kang toya ||

11.
Kukus ingkang bêdhiyan myang sangking |

kukusing kang dupa jangkêp sapta |

sapta pandhita wêrdine |

agêming pandhitèku |

pan pipitu jajenggot cundrik |

kêthu jobah salendhang |

tlumpah têkênipun |

gora swara muni ika |

wardi swara uni agung akèh kaki |

apan pitung prakara ||

Jilid 1 - Kaca : 184

12.
Sangking suwaraning banyu bumi |

gêni angin balêdhèg lan udan |

sangking pakarti pitune |

swa kuda wêrdinipun |

jaran molah pitung prakawis |

nyongklang mêdhar adhean |

jojrok ngawalipun |

nyirig nyandêr pipitunya |

tungganganing gunung tumpakan rêrêdin |

ana pipitu warna ||

13.
Jaran kabirèn lêmbu palangki |

padhati jolang kisruki lawan |

bojadhi ganêp pitune |

de wiku ya pipitu |

yèku wiku kang nglakokkên ing |

pangawikan kasapta |

jaya kang rumuhun |

pindho aji pangasihan |

katêlune aji panglimunan bangkit |

pat aji tatakrama ||

14.
Kalimane pamawasan aji |

kanêm aji etang pêpetangan |

sapta ji panglêrêbane |

sampêt watêk pipitu |

watêk wolu mangkya winarni |

bubukanira naga |

wêrdi ula agung |

mula dadya wolu watak |

derbe panguwasa wolung warni |

nyêmbur nyakot amolah ||

15.
Mulêt rosa urip (ng)gon kakalih |

anglungsungi wolu bisa gêsang |

saka lênga nèng pêthite |

panagan etangipun |

pasawêran wolung (ng)gon nênggih |

naga taun myang naga |

jatingarangipun |

naga wulan lawan nagan |

pasangaran naga larangan lan malih |

kanang naga pangkalan ||

16.
Naga dina pasaran mungkasi |

de salira ya slira mênyawak |

apan wolu pangwasane |

bisa ngambah ing banyu |

ngambah marang dharatan bangkit |

mènèk myang ngêrong ika |

mring nastapa ayun |

anglungsungi myang yuwana |

kawolune riringa mring bangsanèki |

mangkya basu wêrdinya ||

17.
Apan têkèk mulane dumadi |

watak wolu darbe panguwasa |

wowolu iki cacahe |

panglêngkêtaning suku |

kinajrihan ing bangsanèki |

tyas sabar myang ngumara |

sarèh tindakipun |

sarana atine kêna |

kanggo jampi wong cêkèk tan nggarapsari |

darbe panawa wisa ||

18.
Kawolune bisa anglungsungi |

mangkya tanu bunglon wêrdinira |

bangkit wor wolung warnane |

bang irêng kuning pingul |

ijo biru bêlawu tuwin |

wungu jangkêping astha |

murti wêrdinipun |

cêcak de darbe pangwasa |

wolung warna panglèngkètan kang rumiyin |

bisa mênèk puliyan ||

Jilid 1 - Kaca : 185

19.
Ayuwana sarana myang kêsit |

bisa mogêl nglungsungi isthanya |

mangkya kunjara wêrdine |

gêdhong panggonan ngukum |

duking kuna janma kang tampi |

ukuman wawangênnya |

wolung dina amung |

yèn dosa ros wolung wulan |

mangkya gajah ya gajah kang nèng wanadri |

dwipangga gajah ingkang ||

20.
Tinitiyan ing sri narapati |

parabote ana wolung warna |

papaès kalung slebrake |

ambên êcis ranteku |

pacancangan kawolu srati |

èsthi gajah ginawa |

midhang wêrdinipun |

samadya gajah nèng marga |

de manggala gajah panungguling jurit |

dwipara gajah ingkang ||

21.
Binêkta ring cangkrama kakaring |

de bujangga ula gêdhe ika |

padha naga lan kwasane |

bramana wolu iku |

duk kunane ing tanah Jawi |

kambah dening brêmana |

wowolu kèhipun |

pranataning Ajisaka |

kinèn amumulang kadibyan sakalir |

miturut Asthabrata ||

22.
Liman gajah nèng wantilan yêkti |

sarta ula sami lawan naga |

ula wolu pangwasane |

sakèhing gajah mau |

padha wolu watêkirèki |

dhingin têbih sanggama |

wangi kopèkipun |

lwan na sarosa pramana |

ambêg sura kapitu sugih mangrêti |

astha sugih bêndana ||

23.
Nahên watêk sanga kang winarni |

trustha wêrdi êlènging sanjata |

trusthi êlèng tulupane |

muka rai puniku |

de gapura lawanging aji |

wiwara sakèthèngnya |

dwara lawangipun |

omah tanapi pomahan |

lawang mau cinêngkal kapara sami |

apan sangang bageyan ||

24.
Dene nanda lènging kodhok nênggih |

wilasita wêrdi lènging kombang |

guwa lèng samun wêrdine |

rago wêrdi lèng suwung |

gatra wêrdi êlènging gangsir |

lèng wêrdi lènging ula |

rong wêrdi lèng yuyu |

song wêrdi êlènging landhak |

de têrusan wêrdi lèng têmbusan yêkti |

yèku angka wêrdinya ||

25.
Wiwilangan sanga têlasnèki |

de babahan wêrdi lèng durjana |

hawa sasanga wêrdine |

hawaning badan èstu |

pan sasanga kathahirèki |

dadi piridanira |

watêk sanga mau |

muhung saka babolongan |

awit palawanganing badan kèhnèki |

apan ana sasanga ||

Jilid 1 - Kaca : 186

26.
Irung sami lèng tulupan bêdhil |

kang maripat sasamining muka |

dene cangkêm ngibarate |

lawangira sang ratu |

ing talingan ngibaratnèki |

lawang sakèthèng ika |

palawanganipun |

ngibarat lawanging omah |

gurung iku ngibarat lawang guwèki |

ing dubur lawang sona ||

27.
De sadaya ronging kewan aming |

mirid pangêronging sangking mangsa |

kasanga jênêk nèng ronge |

wilangan angka iku |

amung sanga sadasanèki |

ing sagolongan êdas |

wujudipun ênul |

mungguh babahan jinarwan |

lèng durjana kêrêpe lèng manungsèki |

têbusan hawa sanga ||

28.
Nahên watak sapuluh mungkasi |

boma wêrdi sukêt mati ika |

sonya wêrdi suwung mangke |

gagana wêrdi suwung |

de barakan wêrdinirèki |

ya iku lamat-lamat |

adoh jarwa tuhu |

ing langit wêrdi ngawiyat |

de ana tan ora ana wêrdinèki |

windu duk jaman kuna ||

29.
Ana windu sapuluh winilis |

ingaranan kang windu Sangkala |

sapuluh warna umure |

Tirta lan Marutèku |

myang Pranala lan Pratalèki |

Baya Byantara Manta |

Kartala puniku |

kasanga windu Suribta |

de ganêpe sapuluh pan dènarani |

ring kang windu Gurita ||

30.
Anèng wiyat anane kang langit |

pan sadaya srêngenge rêmbulan |

lintang kalawan megane |

kilat mêndhung galudhug |

angin udan kuwung mungkasi |

yaiku ananing kana |

wujut pamyarsèku |

kang katon lan kapiyarsa |

saka donya gantya ingkang widik-widik |

wrêdine samar-samar ||

31.
Malêtik mancurat wêrdinèki |

sirna wêrdinira apan ilang |

ngakasa ta wujud rêke |

de sagunging das iku |

ingkang ilang wêrdinirèki |

walang wêrdi mauwal |

de kos wêrdi suwung |

watak sapuluh wus jarwa |

mungguh watak sapuluh jupukanèki |

doh samar suwung lamat ||

Jilid 1 - Kaca : 187

32.
Ilang dhuwur kang awit kapirit |

saka jroning kaluwênge êdas | èstu tan ana wujude |

dadya buwêng saèstu |

apan suwung karêpanèki |

Candragêni wus tamat |

lan kudu sumurup |

kawining Sangkala ika |

apan seos lawan bangsa têmbung Kawi |

kalawan têmbung Kawya ||

33.
Rupa warna wêrdinira sami |

yèn Sangkala rupa juga watak |

warna sakawan watêke |

ningali uningèku |

yèn ing Kawi wêrdinya sami |

nanging Kawi-sangkala |

ningali puniku | angloro wawatêkira |

yèn uninga titiga watêkirèki | utawa suta yoga ||

34.
Yèn ing Kawi padha wêrdi siwi |

yèn Sangkala iku iya beda |

suta watak siji têke |

de yoga watak catur |

iya iku bedanirèki |

Kawi-sangkala lawan |

têmbung Kawi lugu |

mung samono gadukingwang |

angluluri korasan inguni-nguni |

kang sinung ling manêmbah ||

55 Asmaradana

1.
Kasmaran radyan miyarsi |

gancaring Kawi-sangkala |

Ajar Suganda nabda lon |

kulup nyatakakên tanggal |

awit tanggal sapisan |

tumêkane têlung puluh |

kang bêcik lawan kang ala ||

2.
Kang sarta wênginirèki |

lawan arane kang dina |

lothung mung kinarya prabot |

sakawit tanggal sapisan |

ingaran dina Kuda |

bêcik sabarang karyèku |

karana Allah Tanggala ||

3.
Andadèkkên Kangjêng Nabi |

Adam lan Nabi Muhkamat |

ing dina iku dadine |

mangka lamun ana pêrang |

yèn narajang raharja |

tinrajang ala kalangkung |

kalamun ana pawarta ||

4.
Warta bêcik iku yêkti |

linyok lamun warta ala |

bocah lair bêcik yêktos |

wong nandhang roga glis waras |

abuburu glis angsal |

tanggal kaping kalih iku |

ingaranan dina Kidang ||

5.
Prayoga sabarang kardi |

karana Allah Tangala |

(n)dadèkkên Babu Kawane |

wong laki rabi raharja |

tanggal tri dina Macan |

ala sabarang karyèku |

karana Jêng Nabi Adam ||

6.
Lan garwa (m)babuka wadi |

tinurunkên sangking swarga |

ping pat ari Kucing ranne |

sabarang karya prayoga |

karana Gusti Allah |

andadèkkên Abil iku |

tanggale kang kaping lima ||

Jilid 1 - Kaca : 188

7.
ngaranan dina Sapi |

dinèku sabarang karya |

ala karana Hyang Manon |

andadèkkên Kabil ika |

kaping nêm ingaranan |

ing dina Kêbo puniku |

sabarang karya prayoga ||

8.
Yèn ana wong nandhang sakit |

sayêkti yèn gêlis waras |

de tanggal kaping pitune |

dina Tikus ingaranan |

barang karya prayoga |

tanggale kang kaping wolu |

dina Lêmbing ingaranan ||

9.
Sabarang karya prayoga |

karana Allah Tangala |

dina iku (n)dadèkake |

ing Nabi Nuh minulya |

nanging lulungan ala |

lamun anglurug prang pupuh |

sayêkti yèn katiwasan ||

10.
Tanggal ping sanga winarni |

dina Asu ingaranan |

ala ing sabarang gawe |

tanggale kaping sadasa |

dina Naga ingaran |

bêcik sabarang karyèku |

anênandur myang dêdagang ||

11.
Laki rabi iya bêcik |

tanggale kaping sawêlas |

ingarannan dina Kêmbang |

sabarang karya prayoga |

tanggale kaping rolas |

dina Mayang arannipun |

adol tuku kang prayoga ||

12.
Tanggal triwlas dènaranni |

dina Gajah barang karya |

nora nana prayogane |

ping patbêlas dina Singa |

bêcik sabarang karya |

karana Allah Kang Agung |

andadèkakên suwarga ||

13.
Loh-kalam myang Aras-kursi |

tanggale kaping limalas |

ing dina Iwak aranne |

sabarang karya prayoga |

karana Maha Mulya |

andadèkkên Nabi Yusup |

tanggale kaping nêmbêlas ||

14.
Dina Malam dènarani |

ing sabarang karya ala |

karana iku Hyang Manon |

angrusak sakèhing umat |

-ing Nabi Lud samana |

tanggal ping pitulas iku |

dina Ulung ingarannan ||

15.
Sabarang karya prayogi |

ambuburu nuli angsal |

karana iku Hyang Manon |

andadèkkên Nabi Musa |

lan Nabi Yakub ika |

tanggal ping wolulasipun |

ingaran dina Kalapa ||

16.
Ing sabarang karya bêcik |

karana Allah Tangala |

(n)dadèkkên wulan srêngenge |

kalawan lêng Nabi Ngisa |

lan manggihkên andika |

Nabi Yakub lan kang sunu |

Jêng Nabi Yusup minulya ||

17.
Ping sangalas dènaranni |

dina Banthèng barang karya |

prayoga yèn warta awon |

mêsthi têmên yèn pawarta |

bêcik sayêkti dora |

yèn prang tinarajang unggul |

yèn nrajang ala kasoran ||

Jilid 1 - Kaca : 189

18.
Ping rongpuluh dènaranni |

dina Hantu barang karya |

prayoga lamun prang pupoh |

nora mênang nora kalah |

yèn warta bêcik nyata |

tanggale kaping salikur |

dina Arêng ingarannan ||

19.
Ala sabarang pakarti |

ping rolikur dina Urang

| bêcik ing sabarang gawe |

amung yèn lulungan têbah |

iku nora prayoga |

watak tan têkan ing purug |

kaping têlulikur tanggal ||

20.
Dina Ula-sagarèki |

sabarang karya prayoga |

kaping patlikur tanggale |

dina Pare arannira |

kalangkung dening ala |

karana Hyang Maha Luhur |

andadèkkên Pirngon Raja ||

21.
Lawan Namrut Narapati |

lamun ana rare mêdal |

iku bangêt durakane |

mring bapa tanapi biyung |

kaping salawe tanggal |

dina Pandhe arannipun |

ala ing sabarang karya ||

22.
Krana naas agêng yêkti |

kaping nênêmlikur tanggal |

ala ing sabarang gawe |

krana umat Nabi padha |

mati ana bangawan |

tanggal kaping pitulikur |

ingarannan dina Ula ||

23.
Bêcik ing sabarang kardi |

karana Hyang Maha Nasa |

anurunkên rahmat gêdhe |

mring kawulanya sadaya |

rare lair prayoga |

bêkti marang mring Hyang Agung |

kaping wolulikur tanggal ||

24.
Ingarannan dina Pari |

bêcik ing sabarang karya |

ping sangalikur tanggale |

dina Ulêr ingarannan |

ing dina iku ala |

pungkasan ping têlung puluh |

ingarannan dina Sada ||

25.
Yèn lulungan tan prayogi |

ananandur ala uga |

amung tuku lawan adol |

pan iku ingkang prayoga |

tamat wataking tanggal |

ngluluri tutur karuhun |

têmên orane sumangga ||

26.
Rahadyan umatur aris |

sarèhning sampun kapacak |

nèng jilidan saèstune |

tartamtu kathah yakinnya |

malèsèt ing sandhungan |

yèn narajang awon lamun |

tiwas mung dadya tutuhan ||

27.
Cinarita ngantya lami |

rahadyan anèng Mandhala |

-wangi iya Gunung Gêdhe |

kasok sihe sang Suganda |

wus katon ngèlmunira |

lair batin tan na kantun |

gêmêt tinampèn rahadyan ||

28.
Anuju ing sajuga ri |

rahadyan tandya pamitan |

dènnyarsa (n)dumugèkake |

ing lampah arsa tumingal |

patilasan kadhatyan |

nagri Pajajaran dangu |

mangkya ing Bogor karannya ||

Jilid 1 - Kaca : 190

29.
Suku ardi Salak wukir |

Ajar Suganda ngandika |

kapasang-yogya aranne |

dina iki ping pitulas |

sabarang karya harja |

ujum ramale pakantuk |

datan ana kasangsaya ||

30.
Payo kulup mupung enjing |

ingsun kang atêdah marga |

radyan (n)dhêku matur alon |

kalangkung panuwun kula |

de kaparêng umentar |

têdah marga kang pakantuk |

wus samêkta nulya bidhal ||

31.
Datan sandeya ing margi |

eca dènnya alalampah |

sarwi ginêm ngèlmi raos |

tan cinatur laminira |

dènnira anèng marga |

wus prapta ing Gandhok dhusun |

Ajar Suganda ngandika ||

32.
Kaki lilanana mami |

wangsul marang ing ngasrama |

iki wus prapta ing Gandhok |

wus cakêt lan Pajajaran |

sira ngalor ngulonna |

sandika radyan umatur |

muhung pangèstu paduka ||

33.
Iya kulup dak idèni |

apa ing sakajatira |

atus ing pangandikane |

ungkur-ungkuran ing lampah |

radyan myang Gathuk Gathak |

ing dhusun Gandhok kapungkur |

praptèng Bogor patilasan ||

34.
Sêngsêming tyas umiyat ing |

tatanêman tumaruna |

kathah kang nêdhêng uwohe |

wênês ijo amardapa |

tangèh ingkang mangarang |

sadhengah tinanêm subur |

wowohan myang sêsêkaran ||

35.
Hawanya srêp sawatawis |

karya têntrêming sarira |

tamtu jawah sabên sore |

wit Luhur tumêkèng Ngasar |

têrang sadalu pisan |

kathah sumbêr umbul mancur |

mimbuhi sêngsêming driya ||

36.
Wanci Luhur radyan prapti |

satêngahing kang pagagan |

tumalêthok garimise |

radyan ngandika mring Gathak |

sarèhning ayun jawah |

prayogane padha ngaub |

mring gubug amrih sarkara ||

56 Dhandhanggula

1.
Praptèng gubug Radyan Jayèngrêsmi |

Gathak Gathuk nèng wingking tan têbah |

wau kang nèng jro gubuge |

lurahing Bogor dhusun |

wus awrêddha gundhul kalimis |

gumbala capang pêthak |

jêjenggot pinatut |

clana gadhung bênting sinjang |

sarung bugis dhêsthar bathik lagu nagri |

Bandhung tanah Pasundhan ||

Jilid 1 - Kaca : 191

2.
Têkên panjang tunggul ngandhap nginggil |

tanpa baju kagyat duk umiyat |

ing sapraptanira radèn |

sung bagya gupuh-gupuh |

katambêtan kang lagya prapti |

pun paman nilakrama |

ing pundi nak bagus |

miwah sintên kang sinambat |

atanapi ingkang sinêdyèng panggalih |

radyan alon ngandika ||

3.
Kula saking karajan ing Giri |

talatahing tanah Surapringga |

Jawi-wetan pungkasane |

dene ta nama ulun |

Jayèngrêsmi satuhu pêkir |

dwi rencang Gathak Gathuk |

mênggah sêdyaulun |

badhe dhumatêng ing Karang |

prêlu mampir ing Bogor ayun udani |

tilase kang kadhatyan ||

4.
Manthuk-manthuk sang minta pawarti |

Jayèngrêsmi aris atatanya |

kang pinanggyan lagi nêmbe |

sintên kêkasihipun |

amangsuli sabdanya aris |

Ki Wargapati kula |

kapalaning wuwus |

inggih ing Bogor punika |

langkung têbih Giri praptanipun ngriki |

amangka lampah dharat ||

5.
Pan ing pundi ingkang dènmargani |

kongsi sagêt prapta dhepok kula |

langkung gawat saturute |

lwir ing pakèwêtipun |

rêdirêdi kang kathah singit |

jro jurang-jurang guwa |

kèh rêncananipun |

sarpa gung banaspati ka |

kayu-kayu arungkut kèh ori rumpil |

singa warak andaka ||

6.
Ingkang sami angadhangi margi |

mongira samya krura mamangsa |

sêsêngkan jurang pèrènge |

watu-watu alunyu |

tur tumawing miring anggawing |

tan kêna ingancikan |

watune gumlundhung |

têla-têla isi ula |

kidêggana pinggire anyêmbur sami |

ulanya galak-galak ||

7.
Saking pundi gènnira lumaris |

wontên kêdhik kang ragi warata |

tan kobêr anggung godhane |

ingkang murungkên laku |

tanpa wilis mawarni-warni |

siluk-siluk pinggirnya |

jurang lunyu-lunyu |

yèn gocèkana witwitan |

wit-witane anggawing tur mawa êri |

êrine mawi upas ||

Jilid 1 - Kaca : 192

8.
Witing kayu pinggir parang curi |

yèn cinandhak witte pol kewala |

padhas landhêp ngatut bae |

tumibèng jurang iku |

sarpa singa lajêng nampèni |

liyanipun anak mas |

ing têngah tan tutug |

tangèh ing ngriki praptaa |

ulun sampun anjajah ing ardi-ardi |

wêgah nora kêconggah ||

9.
Kunêng lingnya Kyai Wargapati |

radyan mèsêm alon angandika |

dhuh paman ing saèstune |

gampang kalawan ewuh |

apan wontên ingkang akardi |

yèn purunna ing gampang |

ajriha ing kewuh |

sabarang botên tumêka |

yèn antêpan gampang ewuh dados tunggil |

ing purwa boya nana ||

10.
Gèdhèg-gèdhèg Kyai Wargapati |

ngunandika sajroning wardaya |

satuhu wong luwih kiye |

nayana sumèh mancur |

wicarane arum patitis |

wacana anurraga |

aris aturipun | dhuh kang sinung kanugrahan |

kaparênga mampir dhatêng wisma mami |

ing Bogor kang katingal ||

11.
Lah saiba sukaning tyasmami |

miwah sanggyaning kang kulawarga |

lir manggih sotya sagênthong |

nak anggèr karsanipun |

têmbe ulun ingkang umiring |

rahadyan tan lênggana |

mandhap saking gubug |

Ki Warga lumakyèng ngarsa |

mawa têkên kathiplakira cinangking |

dupi prapta ing wisma ||

12.
Atêngara kênthongan tinitir |

kulawarga jalu èstri prapta |

(ng)gili tan ana kêndhate |

uning yèn ana tamu |

samya bikut (ng)gêlar-(ng)gêlari |

pawèstri olah-olah |

sadhiya susuguh |

radyan sampun ingaturan |

lênggah salu linèmèkan glaran pasir |

iyasan ing Palembang ||

13.
Gathak Gathuk wus dènancarani |

Kyai Warga matur mring rahadyan |

ingkang sakeca nak anggèr |

wusnya matur gya mundur |

paparentah marang ing batih |

ajuning kang sugata |

wus lumadyèng ngayun |

gantya sês myang wedang kahwa |

nyanyamikan gêndhis siwalan manjêni |

Ki Warga lon turira ||

14.
Cumanthaka pun bapa ngaturi |

pasugata sumangga kinarsan |

lah ngriku ge sawontêne |

Gathak Gathuk abikut |

wusing nginum dhahar nyanyamik |

amung ngecani ing tyas |

anulya kinukut |

lumados sugata dhahar |

liwêt gaga wajar liwêt tambra anyir |

bêbacêm ulam tambra ||

Jilid 1 - Kaca : 193

15.
Lêmêng tambra gèsèk tambra asin |

kolak tambra asêm-asêm tambra |

tigan tambra tambra dènpès |

acar tambra myang êtum |

tambra gêcok tambra dènasin |

êtim gorèngan tambra |

abon age sêmur |

opor sami ulam tambra |

sambêl gorèng tambra tambra urip-urip |

sambêl ulêg lalaban ||

16.
Marik-marik tinata nèng ngarsi |

wus rumanti Ki Warga turira |

pun bapa atur dhahare |

sakawontênanipun |

radyan (n)dhêku nulya awanting |

Bismillah lêkas dhahar |

têlas gangsal tanjung |

kalawan asinan tambra |

udakara têlas mung sajênthik miring |

atop ambal-ambalan ||

17.
Kyai Wargapati tansah nglirik |

ngandikèng tyas baya wus alama |

sang luhung (ng)gonne tan (ng)gape |

ing boja miwah minum |

nora saka ewuhirèki |

rupane rada nyêngka |

saka rahab mring sun |

ambêng nulya cinarikan |

wus tinata anèng ngarsane abdi dwi |

anulya ingancaran ||

18.
Wawi anak sami awawanting |

sampun mawi taha-taha ing tyas |

di kaya wismanta dhewe |

Gathak Gathuk anuwun |

inggih sampun awalangati |

tan rikuh-rikuh kula |

wus bukti ngathêkul |

Gathuk aris atatanya |

lah-olahan datan wontên saliyaning |

sadaya ulam tambra ||

19.
Kula pancèn karêm ulam niki |

Wargapati lingira (ng)gih anak |

amung iku ingkang jathok |

ingah-ingahanulun |

blumbang-blumbang sadaya isi |

tan lyan ulam tambra |

gurih gêmpi êmpuk |

Gathak Gathuk dènnya nadhah |

wus dumugi nulya ingundurkên aglis |

akiring waktu Ngasar ||

20.
Kyai Warga parentah mring dasih |

angrêsiki langgar myang padasan |

wus rumanti sadayane |

umatur ring sang luhung |

bilih karsa wêkdal Ngasari |

ing langgar wus sadhiya |

radyan linggar gupuh |

samya ngambil toya kadas |

Gathuk adan wusing sunat dènkamati |

gya pêrlu waktu Ngasar ||

21.
Wus paragad dènnira Ngasari |

Jayèngrêsmi alon angandika |

paman lamun marêngake |

kula pan botên wangsul |

dhatêng panti eca nèng ngriki |

Ki Warga aturira |

kalangkung panuju |

datan wontên sehosira |

gya parentah mring dasih kinèn ngusungi |

dhaharan pangunjukan ||

Jilid 1 - Kaca : 194

22.
Glaran pasir lêmpir ulês putih |

wus pinrênah dhaharan tinata |

Ki Warga tansèng ngarsane |

cakêt lan Gathak Gathuk |

Gathuk tanya mring Wargapati |

dhuh Kyai anglêpatna |

sagunging babêndu |

ulun nyuwun sasêrêpan |

sampun pintên yuswa paduka Kiyai |

dene ta maksih kiyat ||

23.
Anak êmpun sangang dasa kalih |

Gathak njingklak wathah tuhu wrêddha |

têka taksih kadi anèm | punapi saratipun |

Kyai Warga ngandika manis |

datan mawi isarat |

amung sabên tangsu |

anglampahi puji-dina |

têka mangke lir lampahe toya mili |

pancèn agêng sawabnya ||

24.
Gathak Gathuk sarêng aturnèki |

nuhun Kyai ulun ngalab barkah |

supadi kadi slirane |

pinarêng panjang umur |

sênêng têntrêm jangkêp ngaurip |

winantu karaharjan |

salaminya hidhup |

Ki Warga aris ngandika |

inggih anak makatên pujinirèki |

kalawan lampahira ||

25.
Gathak Gathuk gya sami nyêlaki |

mêdhar sabda ingkang pujidina |

ping pitu pan sanès-sanès |

inggih ingkang rumuhun |

dina Jumungah lampahing Nabi |

Rosullolah salalu | hi wasalam iku |

mapan tan adhahar sêga |

ing sadalu sadina pujinirèki |

ya kapiya muninya ||

26.
Winical ping satus tiga nênggih |

ing sadalu sawabe pan angsal |

kang nugrahaning Hyang mangke |

ping kalih dina Saptu |

Sayidina Ngusman (n)darbèni |

tan sare lampahira |

sadintên sadalu |

puji: ya patah ya rajak |

winaca ping satus titiga sawêngi |

sawabe ingajrihan ||

27.
Dening mahluk kabèh kang kaping tri |

dina Akat ingkang darbe lampah |

pan Sayidina Ngumare |

ing sadintên sadalu |

tan anginang pujinirèki |

ya kayu ya kayuma |

angsal kaping satus |

têtiga sadalunira |

sawabe rahayu saumurirèki |

kaping pat Isnèn dina ||

28.
Kang lampah Nabi Ngisa puniki |

ngalahisalam tan dhahar ulam |

ing sadina sawêngine |

ya rahman ya rahkimu |

pujinira satus sawêngi |

mapan punjul titiga |

sawabe jinurung |

ing Allah sakarsanira |

kaping lima dina Salasa darbèni |

kang lampah Abubakar ||

Jilid 1 - Kaca : 195

29.
Tan adhahar tan nginum sawêngi |

lan sadina puji subkana ma |

-likil kudus wacanane |

ping satus lan têtêlu |

ing sadalu sawabe ugi |

sinihan dening Allah |

kaping nênêmipun |

dina Arbo ingkang lampah |

Nabi Brahim wa ngalèhi wa salami |

pan nora dhahar uyah ||

30.
Iya sadina lawan sawêngi |

puji: subkanna maliki khahar |

ping satus têlu wacane |

sawêngi sawabipun |

ingapura dosane nênggih |

dening Allah Tangala |

kaping pitunipun |

dina Kêmis ingkang lampah |

Sayit Ngali tan ngunjuk toya saratri |

iya lawan sasiyang ||

31.
Pujinipun: ya kabiru malih |

ya mutangal ping satus winaca |

lawan titiga langkunge |

sadalu sawabipun |

sinung kuwat sabarang kardi |

mring Allahu Tangala |

puji-dina iku |

sapa wonge nglampahana |

tinarima ngamale mring Hyang Linuwih |

salamêt dunya kerat ||

32.
Gathak Gathuk matur sru kapundhi |

wanci Mahrib suruping baskara |

wus ngalumpuk sadayane |

santri alit myang agung |

samya ngambil toya astuti |

mring langgar maca slawat |

swaranya gumuruh |

tan pantara ingadanan |

samya sunat bakda nulya dènkamati |

gya Mahribbi sadaya ||

33.
Jayèngrêsmi ingkang angimami |

swara arum buntas titih cêtha |

Mahrib tumêkèng Ngisane |

paragading kang wêktu |

pupujian angalik-alik |

donga matumpa-tumpa |

ingaminan guyub |

sawusira bakda Ngisa |

para santri tumurun saking ing masjid |

kang kantun amung ingkang ||

34.
Angladosi miwah Wargapati |

datan mantuk eca pinarakan |

nèng masjid lawan tamune |

Wargapati umatur |

dhuh nak anggèr bilih marêngi |

mugi kaparêngana |

pun bapa yun wêruh |

gancare ingkang winastan |

dahru-jaman punapa sampun nyêlaki |

punapa taksih lama ||

35.
Jayèngrêsmi awacana manis |

ingkang winastanan dahru-jaman |

walahualam dhawuhe |

yèn mangkya kintên-ulun |

dèrèng mangsa anitik saking |

kawontênane janma |

praja dhusun |

tanapi pasisir arga |

taksih sami tan ana ngambah panitik |

kasmaran kapirêngna ||

Jilid 1 - Kaca : 196

57 Asmaradana

1.
Andikanira (n)Jêng Nabi |

dhatêng kang para sakabat |

hèh sakabatingsun kabèh |

ing benjang sapungkuringwang |

ana mangsa satunggal |

kang padha mênangi besuk |

ing mangsa dahuru jaman ||

2.
Pratandhane kiyamatti |

tur angrusak ing agama |

ing sakèhing umatingong |

Bagendha Ngali tur sêmbah |

amba inggih punapa |

mêningi jaman dahuru |

nayakaningrat ngandika ||

3.
Tan ana ingkang mêningi |

sarupaning sabatingwang |

Sayid Ngali alon ture |

amba anglindhung ing tuwan |

Nabi malih ngandika |

ya sakèhing sabatingsun |

padha sira piyarsakna ||

4.
Yèn prapta ing jaman akir |

sakèhe umat binagya |

pan amung saduman bae |

kang pinasthi anèng swarga |

pinara pitungdasa |

pinasthi narakanipun |

tur padha sinungan lanat ||

5.
Kang ana sawarga benjing |

kang anut agama Islam |

pan lilima pikukuhe |

sadat salat lawan siyam |

jakat kalawan pitrah |

munggah kaji limanipun |

iku marga kang sampurna ||

6.
Kang ora nut marga mami |

iku dudu umatingwang |

apan akèh têtêngêre |

ing mangsa dahuru jaman |

ana rupa pandhita |

miwah ta panganggonipun |

kadya tuhuning pandhita ||

7.
Pangucape Nabi Wali |

kang ginawe pasikêpan |

tur tan ana kayêktène |

amung rarasan kewala |

tan arsa angibadah |

angaku edan mring ngèlmu |

ngaku sampurnèng makripat ||

8.
Wontên angaku wong singgih |

anuwalani (n)Jêng Duta |

aru-ara pangucape |

tandhane sinungan lanat |

dening Hyang Maha Mulya |

iku karanne tan emut | kinarya isi naraka ||

9.
Tuwas sêmbahyangirèki |

tan dadi wangsiting tingal |

hura-huru wicarane |

wong wadon ginawe sabat |

tur ngaku sinêrahan |

isining jagat sawêgung |

ngidhêpa maring rèhingwang ||

Jilid 1 - Kaca : 197

10.
Amangana turu iki |

padha lawan asêmbahyang |

mapan tan ana bedane |

kabèh-kabèh padha lampah |

bêcik kalawan ala |

nora nana bedanipun |

pan uwis pangawak Suksma ||

11.
Kang pinangan nora milih |

kalal karam iya doyan |

sajêng inum-inumanne |

wêtênge kang pinangeran |

miwah ta wong ajina |

nora nana bahyanipun |

mapan wus awas ing tingal ||

12.
Kang suci kalawan najis |

iku nora na bedanya |

bumi sona padha bae |

datan miyatani sira |

tunggal pinangkanira |

sona tan lawan sinêrtu |

pan wus pangawak sagara ||

13.
Sakathahe mati singgih |

sasambêleyan Hyang Suksma |

pan nora nana paene |

wênang panganên dènnira |

iku ngrusak agama |

jajallanat saminipun |

yogya sira singgahana ||

14.
Kang sawênèh polahnèki |

apêksa edan-edanan |

sarta dènrusak ragane |

panganggone tatambalan |

polahe lir wong edan |

tingkahe kaya wong liwung |

kulambi walulang macan ||

15.
Sapolahe nora yêkti |

mindha wong brangta Pangeran |

kang kadi wawijangane |

sampurnane makripatnya |

iku kang dadi wêjang |

tan wêruh yèn dadi kupur |

iku angrusak agama ||

16.
Kalampahan mangsa iki |

wong jail kaya pandhita |

wong ngalim kadya wong bodho |

bênêr dadi luputira |

wong ina dadi mulya |

mulya dadi inanipun |

wong sugih dadi kasihan ||

17.
Wong kasihan lir wong sugih |

raja dènanggêp kawula |

abdi lir raja anggêpe

| desa gêng dadi dhukuhan |

dhukuh dadi nagara |

akathah dêlajadipun |

ing mangsa dahuru jaman ||

18.
Ing mangsa mangke puniki |

akathah wong asikara |

lanang wadon dèn-tung gawe |

suale kang dipun ulah |

ginawe babantahan |

apêksa wirangi ngèlmu |

ujare brangti Pangeran ||

19.
Kang durung dipun kawruhi |

iku kang dènkarya sual |

aling-alingan tatakon |

wirang lamun (ng)guguruwa |

tansah angamandaka |

ora ana di pangèstu |

ngèlmune kang winicara ||

20.
Kang sêtêngah ngèlmunèki |

dèn sambang-rapêt kewala |

dan athik lawan budine |

rumangsa yèn wis kabuka |

pinatut lan micara |

nora na dadi pangèstu |

amuhung bisa rarasan ||

Jilid 1 - Kaca : 198

21.
Kang sawênèh paksa sidik |

kaya wong ngarip lampahnya |

ambêciki ing lungguhe |

darapon katonna lumya |

lumaku dèn alêmma |

angêgungakên ing laku |

nèng sangarêpaning kathah ||

22.
Yèn asêpi nora milih |

kalal karam dipunpangan |

suci najis dipunangge |

urate nora karêksa |

yèn anèng pasamuwan |

kaya wong wirangi tuhu |

dening karya masalahan ||

23.
Kang sawênèh ngèlmunèki |

dipun simpêni kewala |

sami dèn wruhana mangke |

eca dènnya ngambil kasap |

kang anggung dipun ulah |

milane asimpên ngèlmu |

sawadinipun wêruha ||

24.
Ana wong kang amadoni |

api-api nora bisa |

iku amrih duduning wong |

lungsène angamandaka |

yèn mêtu ujarira |

anuli dèntutuh tuhu |

angungkurakên kewala ||

25.
Wênèh wong kang nora pilih |

kalal karam dipun pangan |

lwir wong edan sasolahe |

alênggah anèng pawuhan |

sapinggiring dadalan |

iku pangambilannipun |

amrih kuncara ing kathah ||

26.
Akathah ngèlmu tan yêkti |

ing mangsa dahuru jaman |

wong angambil ngèlmu rêke |

akèh ginawe ampungan |

yèn kêsusahan manah |

kadya wong birai tulus |

yèn sampun suka tan ketang ||

27.
Kang mukmin tan ana kari |

kantun namane kewala |

miwah ingkang Islam kabèh |

kari tandhane kewala |

miwah kang ngaji Kur'an |

akèh kêtungkul ing laku |

ciptane madhêp ing liyan ||

28.
Lumaku ingalêm pingging |

kang minangka gamanira |

êmas picis iku rêke |

wêtênge dadi panutan |

kêtungkul dening boja |

dahat kalindhih ing tutur |

tan pêgat madhêp ing dunya ||

29.
Suwiji tan ana kari |

kang umilih kabêcikan |

miwah kang maksiyat mangke |

tan parikudu cinêgah |

ratunya kadya macan |

kadi singa ki pangulu |

munapèk lir asu alas ||

30.
Wong pêkir miskin lir kambing |

datan bisa amimitran |

lwur paksi nèng kurungane |

dene macan lawan singa |

miwah kang asu alas |

angidêri marang wêdhus |

tan angsal mangane mentar ||

Jilid 1 - Kaca : 199

31.
Tamat paman kang pawarti |

ing mangsa dahuru jaman |

Ki Wargapati turnya lon |

langkung pamundhi kawula |

ing pangandika radyan |

wus manjing ing waktu Subuh |

samya ngambil toya kadas ||

32.
Gathak adan ngalik-alik |

nulya waktu Subuh samya |

rahadyan dadya imame |

bakda pupujiyan rahab |

donga matumpa-tumpa |

ingkang amin sêsêg sayuk |

Hyang Bagaspati kawuryan ||

33.
Nyunari sèsining bumi |

rahadyan aris ngandika |

ingkang agung aksamane |

ulun ayun (n)dumugèkna |

ing lampah mupung enjang |

adrênging tyas ayun wêruh |

patilasaning kadhatyan ||

34.
Pajajaran duking nguni |

Ki Warga aris turira |

pun bibi ayun cacaos |

sarapan enjing-enjingan |

rahadyan ris ngandika |

sangêt ing panrimah ulun |

sampun mawi susah-susah ||

35.
(m)Bujêng lampah mupung enjing |

Ki Warga (n)dhêku sumangga |

sakarsa ulun andhèrèk |

wus linggar saking ing langgar |

Ki Warga tansèng ngarsa |

datan kawarta ing ênu |

wus prapta ing patilasan ||

36.
Kraton Pajajaran nagri |

rahadyan miyat balumbang |

wiyar awêning toyane |

binatur ing sela krêsna |

ingukir sasêkaran | dahat kacaryan sang bagus |

Gathak Gathuk tan saranta ||

37.
Gya anggêbyur rarya kalih |

lulumban anèng balumbang |

Ki Wargapati ature |

punika kang patilasan |

kang kantun mung balumbang |

mangkya tumut Comas dhusun |

blumbang agung paedahnya ||

38.
Criyosipun tiyang ngriki |

yèn èstri datan wêwêka |

jalêr èstri samya ciblon |

sabên ari ingkang malang |

enggale kaping tiga |

laminipun kaping pitu |

tamtu lajêng darbe suta ||

39.
Sela satêpining bèji |

ingkang (m)bladêr borèh sêkar |

punika apan pupundhèn |

dipunmumule ing kathah |

manawi wontên tiyang |

gadhah kajêng anyunyuwun |

punapa sakadarira ||

40.
Katrimah ingkang pamuji |

sayêktos tamtu tinêkan |

mila kajuwarèng ngakèh |

kathah tiyang mancapraja | sami karaya-raya |

mrêlokakên anyunyuwun |

dhatêng Kyai Selagilang ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13a) Kaca 166 - 199
  • (14) Kaca 200 – 207) >