Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434669
Hari ini     :Hari ini :69
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :135
Bulan ini   :Bulan ini :3298
s/d hari ini   :s/d hari ini :434669
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (11) Kaca 62 – 63

 

( Ing Griyanipun Abdidalêm Modin Ki Amat Têngara ing Kauman )

1. Mas Cêbolang dalah para santrinipun mondhok ing griyanipun abdidalêm modin Ki Amat Têngara ing Kauman, anakipun warandha mlarat, lajêng sakalangkung akrab kadosdene kulawarga piyambak.
Mas Cêbolang nyukani angsal-angsal kathah lan mawarni-warni ingkang dumados saking mangunah.


Kaca 62 - 63.


Jilid 2 - Kaca : 62

105 Sinom

25.
Wismane Amat Têngara |
yèku abdidalêm modin |
taruna maksih jajaka |
ingêmong biyangirèki |
samya eca nèng panti |
kagyat mirêng kula nuwun |
Têngara sigra mêdal |
praptèng (n)jawi wus pinanggih |
gupuh-gupuh ingacaran manjing wisma ||

26.
Satata anèng jarambah |
biyange milya manggihi |
Ki Têngara manambrama |
kisanak kang nêmbe prapti |
ulun atur basuki |
myang sintên kakasihipun |
ing pundi kadalêman |
miwah kang sinêdyèng kapti |
Mas Cêbolang mèsêm manis sung wangsulan ||

27.
Kalangkung panuwun kula |
panêmbramanipun adhi |
nama kula Ki Cêbolang |
rencang ingkang wontên wingking |
Ki Saloka Nurwitri |
Palakarti tiganipun |
sakawan Kartipala |
saking ing Cilacap nagri |
sêdya namung badhe sumêrêp Mataram ||

28.
Dèrèng gadhah têtêpangan |
pramila bilih marêngi |
kula nyuwun sih andika |
amondhok wontên ing riki |
bilih sampun udani |
karaton (n)Jêng sang aprabu |
miwah ningali liman |
tuwin mriyêm Nyi Sêtomi |
kalilana lajêng (n)dumugèkkên lampah ||

29.
Ki Têngara latah-latah |
adhuh sampun walangati |
nadyan langkunga sawulan |
ki raka wontên ing riki |
saèstu ingkang rayi |
dahat sukarênèng kalbu |
kula kang nêdahêna |
dhumatêng ing pundi-pundi |
Cêbolang ling sokur lamun makatêna ||

30.
Punika klêrês punapa |
èstri kang tumut manggihi |
ki wisma ngling biyang kula |
êmbok asunga pambagi |
sanadyan nêmbe panggih |
rasane atiku biyung |
tumèmbêl kadi kadang |
ora ilok lamun lamis |
(m)bok Têngara alon wijiling wacana ||

31.
Anak-anak sadayanya |
sami katuran basuki |
wontên sudhunge pun biyang |
kang liningan saur pêksi |
pangèstunta kapundhi |
rahayu sadayanipun |
Nyi Têngara gya mentar |
mingak-minguk klithah-klithih |
yun sasêgah jatine tan paran-paran ||

32.
Mas Cêbolang datan samar |
kalèjêmira nyi panti |
nulya ngêdalkên mangumah |
sêkul lêmêng anèng upih |
pès-pèsan tambra abrit |
lêmêngan sidhat myang kutuk |
dhèndhèng ulam mênjangan |
asinan kidang nèng klênthing |
gèsèk-gramèh sambêl windu uyah lêmbat ||

Jilid 2 - Kaca : 63

33.
Jênang dodol jênang nangka |
jênang durèn jênang jiwit |
sabun têpung sabun pisan |
jêram kêprok dhuku manggis |
kokosan kêpêl wangi |
pêlêm sêngir dodol madu |
sayuran brambang bawang |
gêndhis arèn bubuk kopi |
êtèh jawa gêndhis klapa arum pêthak ||

34.
Antigan ayam myang kamal |
pinindhang lan traos abrit |
acar timun lombok bawang |
uwos gaga pêthak abrit |
kêndhil cèrèt têmbagi |
kêndhil kwali enthong irus |
cêthing têpungan sata |
tapsirih pênuh miranti |
kêba mendhong isi kalobot bêsutan ||

35.
Kalasa batu plajêngan |
mangkok piring panjang cangkir |
wusing samapta sadaya |
dhêrêk nèng jawining panti |
Mas Cêbolang lingnya ris |
paduka tampèni biyung |
angsal-angsal sapala |
nolèh maring catur santri |
samya mêdal nglêbêtakên angsal-angsal ||

36.
Kêbak ing sajroning wisma |
mlongo dhêlêg nyai panti |
Mas Cêbolang sigra (m)bikak |
kêpèk isi sinjang lurik |
lawan badhe kulambi |
abrit cêmêng miwah wungu |
ingaturkên ki wisma |
adhi pun kakang nyukani |
sinjang lurik gêgandhèngan lan pun biyang ||

106 Kinanthi

1.
Êmbok ing salêbêtipun |
kula mondhok wontên riki |
kalawan rencang sakawan |
sasêgahan ywa ginalih |
ing sawontêne kewala |
anggêpên batih pribadi ||

2.
Ywa darbe rikuh-pakewuh |
ing sakarsanta prayogi |
punika kang angsal-angsal |
saèstune kula darmi |
muhung dadya lalantaran |
paringe Hyang Maha Sukci ||

3.
Bêrkah dalêm (n)Jêng Sinuhun |
kang liningan lingira ris |
e sokur Alkamdulilah |
kula tan sagêd mangsuli |
barokah wus binikakan |
ngandhar-andhar angêbêki ||

4.
Pinunjungkên lurahipun |
kyai pangulu myang kêtib |
ngulama miwah têtangga |
ngiras angaturi uning |
kapondhokan tiyang manca |
saking ing Cilacap nagri ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10) Kaca 59 – 61
  • (12) Kaca 64 – 66 >