Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20) Kaca 147 – 158

 

( Bab Warni-warnining Sajèn Gadhah Damêl Mantu )
3. Kasambêt dhatêngipun Nyai Sriyatna ingkang nêrangakên bab warni-warnining sajèn gadhah damêl mantu kalêbêt pêndhêman, guwakan, sajèn tarub, sajèn dandang pawon tuwin adang, sajèn majang patanèn, sajèn siraman, sajèn paès, sajèn nyukur pangantèn jalêr, sajèn ningkahan, sajèn pêngulu, panêbus kêmbar-mayang, majêmukan, mêmule,saratipun pêngantènboyongan, tuwin sapêkênan.
Kaca 147-158.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 147

127 Mêgatruh

5.
Nyai Pujastuti awacana arum |
mênggah cacah tuwin warni |
atanapi tumrapipun |
kacêkaping sadayèki |
sumangga uwa kemawon ||

6.
Sampun mawi wagugên tyas saha rikuh |
rêrêgèn kapanggih wingking |
janji kacêkap kang pêrlu |
kula mangke angaturi |
patumbasanipun lawon ||

7.
Kathahipun salangkung reyal rumuhun |
Padmasastra wus atampi |
myang sinagahan sadarum |
kasaru wau kang prapti |
Nyai Sriyatna wus lunggoh ||

8.
Pujastuti ngacarani tamunipun |
mangga (n)dika parêng ngarsi |
lami ulun ngayun-ayun |
punapa sami basuki |
Nyai Sriyatna lingnya lon ||

9.
Pandongamu iya bèng padha rahayu |
nahên para tamu sami |
sadaya atur rahayu |
Nyai Sriyatna nanggapi |
iya padha karahayon ||

10.
Pujastuti amingsêr dènnira lungguh |
sarta aturira aris |
bok cilik bilih panuju |
winantu dhanganing galih |
badhe damêle pun Bruwok ||

11.
Rèhning kula dèrèng sumêrêp saèstu |
bab sarat amangun kardi |
sajèn ing sasaminipun |
bucalan mulèn kêndhuri |
sadaya punika borong ||

12.
Dhuh (m)bok-cilik ngandikakna warninipun |
kula lajêng nyadhiyani |
Nyai Sriyatna lingnya rum |
iya aja walangati |
lah mangkene kang wus klakon ||

13.
Sadurunge ngadêgake ingkang tarub |
sumur sajroning capuri |
lan sakiwa têngênipun |
kabèh sarat dicêmplungi |
krambil satabone wutoh ||

14.
Lan pêndhêman iku prêlokna rumuhun |
ing ngarêp regol ing (n)jawi |
myang ngarêping pintu-pintu |
kang kaambah nambut-kardi |
tuwin têngah latar kono ||

15.
Lan ing dlanggung prapatan kang bakalipun |
ingambah benjang yèn mulih |
marang omahe kang jalu |
barêng kalawan (m)buwangi |
kabèh iku dikalakon ||

Jilid 2 - Kaca : 148

16.
Kang pêndhêman arupa lênga nyagêndul |
kalawan kang tigan pitik |
kêmiri kang gêpak jêndhul |
kluwak dhêle kacang ruji |
gêrèh pèthèk ampo uwos ||

17.
Dhuwit amung saprapat tan kêna langkung |
dadi siji diwadhahi |
ing êmpluk anyar tinutup |
bêndha dene kang nèng takir |
jênang abang baro-baro ||

18.
Gêcok mêntah matêng gantale ywa kantun |
de buwangan saka kori |
pawuhan pakiwan sumur |
jênang putih jênang abrit |
lawan jênang baro-baro ||

19.
Gêcok mêntah matêng sêkar gantalipun |
(n)dhog pitik bêras kêmiri |
kluwak dhêle artanipun |
saprapat lan kacang ruji |
padha lan pêndhêman rêko ||

20.
Slamêtana adêge ingkang tatarub |
rong ambêng sêga luluti |
lan rong ambêng sêga wuduk |
nêm ambêng basahan nasi |
golonge rorikur jodho ||

21.
Jajan pasar dhawêt rujak wadhah katut |
pêcêl pitik jangan mênir |
lêmbaran jagowan pingul |
jênang abang putih baning |
lawan jênang baro-baro ||

22.
Jongkong inthil pisang ayu sêdhah ayu |
pinêpakan abonèki |
jambe gambir (m)bako apu |
ujub pasrahna mring naib |
sayêktine uwis wêroh ||

23.
Sajèn awit ambêlèh maesa iku |
panggang tumpêng krambil siji |
jajan pasar aywa kantun |
gula krambil jodhog kêndhi |
kalasa pandhan sawiyos ||

24.
Tindhih dhuwit suwung saprapat puniku |
ingkang kok anggo susulih |
sarat linggih gigiripun |
mesa sawuse tinali |
iku kudu nganggo prabot ||

25.
Kêmbên bangun-tulak sinjang tuluh-watu |
kulambine wulung langking |
(ng)gendhong têtêl nganggo payung |
klasa ginêlar ing gigir |
nulya lininggihan gupoh ||

26.
Karo jawab mangkene ing têmbungipun |
Ki Gumbrêg panyuwun mami |
momonganmu dak(ng)go mantu |
bisaa babar (m)brêkati |
sarta turah karahayon ||

Jilid 2 - Kaca : 149

27.
Sajèn adang manut dêging dandangipun |
dandang siji sajèn-siji |
panggang tumpêng klapa wutuh |
jajan pasar jodhog kêndhi |
gula klapa tangkêp wutoh ||

28.
Gêdhang suruh saprabote ayu-ayu |
kalasa pandhan sawiji |
rong wang saprapat artèku |
arahên rambah kaping tri |
dandang binorèhan klomoh ||

29.
Wusing ngadêg kang kutug aywa kalimput |
ing pawon mangkono ugi |
sabên wus dadi kang latu |
aywa lali anyêmplungi |
mênyan mring cangkêming pawon ||

30.
Sajèn gêdhong bêras ing mangkya winuwus |
panggang tumpêng krambil siji |
klasa pandhan bêras payung |
jajan-pasar gula krambil |
lawe kêndhi lawan jodhog ||

31.
Jadah wajik gêdhang ayu suruh ayu |
rêrangkene jungkat suri |
kaca kêmbang borèh arum |
mênyan nganggo tindhih dhuwit |
rong uwang saprapat wutoh ||

32.
Sajèn pawon gêdhong ulam gêdhong sêkul |
gêdhong dharan gêdhong sirih |
lawan sajèn gangsa agung |
sajèn paturon pangantin |
cacah warnane tan seos ||

33.
Panggang tumpêng jajan pasar krambil wutuh |
jadah jênang gula krambil |
kêmbang borèh mênyanipun |
kaca cilik jungkat suri |
klasa pandhan kêndhil jodhog ||

34.
Suruh ayu saprantine gêdhang ayu |
rong wang saprapat kang tindhih |
têkan ing sapasaripun |
amung rambah kaping kalih |
utama luwih ping pindho ||

35.
Sajèn majang patanèn (n)jaba jronipun |
panggang tumpêng pitik urip |
klapa wutuh cacahipun |
kabèh iku ngloro iji |
kalawan rong kati uwos ||

36.
Lênga kacang uga amung loro gêndul |
klasa pandhan têlu iji |
panganan tumpêng têtêlu |
jajan pasar jungkat suri |
kaca mênyan sêkar konyoh ||

37.
Gêdhang ayu suruh ayu jambe ayu |
ênjêt mênthur gambir kuning |
jadah wajik pondhoh biru |
padha tinêtêla sami |
pring sadhapur inthil jongkong ||

Jilid 2 - Kaca : 150

38.
Lêr-ulêran kalêpon gimbal cêngkaruk |
palèrèt srabi kang putih |
pindhang antêp kalakipun |
pêcêl pitik jangan mênir |
pitung jodho sêga golong ||

39.
Sêga wuduk lêmbaran ayam kang wutuh |
gêrèh juwi mung sarakit |
rong wang saprapat artèku |
lan sadhiya mayang wangi |
miwah cacarangan suroh ||

40.
Iku suruh bakal tinlênikan apu |
lawan lètrèk têlung warni |
kêmbangan pacing tawèku |
papasan matêng lan malih |
jrudêmung pandhan pinêthot ||

128 Jurudêmung

1.
Mayang jambê lawan sêdhah |
sawise tinutul-tutul |
lan lètrèk tri warna wau |
winiru ingkang prayogi |
canthèlna cincinganipun |
patanèn de kang pinatah |
majang milih dyah kang sêpuh ||

2.
Sajèn garenda winarna |
panggang tumpêng klasa wutuh |
jadah jênang pondhoh biru |
satangkêp gula kalapa |
gêdhang ayu suruh ayu |
satundhune pamucangan |
jungkat suri kaca timur ||

3.
Lênga sundhul ing awiyat |
jajan-pasar kêmbang campur |
mênyan lawan konyoh arum |
jodhog kêndhi klasa pandhan |
tindhih arta aywa kantun |
kèhe rong uwang saprapat |
iku mung sapisan uwus ||

4.
Sajèn adus bakal ngantyan |
rambah kaping pindho amung |
tumpêng robyong arannipun |
kalawan tumpêng janganan |
jajan pasar gêdhang ayu |
suruh ayu saabênnya |
kêmbang mênyan borèh arum ||

5.
Tindhihe rong wang sêpratapt |
patêlêsan lawon pingul |
kêmbang sataman ywa kantun |
iku kang kinarya siram |
wusing adus gya rinatus |
kabèh saranduning badan |
iya lawan remanipun ||

6.
Sajèn paès rong rambahan |
sarambahane winurus |
panggang tumpêng krambil wutuh |
pitik urip gula klapa |
jadah jênang pondhoh biru |
kêmbang borèh jajan-pasar |
gêdhang ayu suruh ayu ||

Jilid 2 - Kaca : 151

7.
Langkêp saadune pisan |
jungkat suri kaca timur |
lênga sundhul mega biru |
tindhihe salawe uwang |
anadene linggihipun |
kalasa pasir kang rembyak |
talèmèkira cinatur ||

8.
Godhong kluwih alang-alang |
godhong apa-apa iku |
lawan godhong kara uwus |
jarik amba myang sumêkan |
êncit ing sapantêsipun |
lètrèk ingkang warna-warna |
kang pêpak kêmbanganipun ||

9.
Opahe rong reyal sowang |
patang reyal gunggungipun |
ingkang dènanggo sadarum |
klambi jarik kasêmêkan |
kabèh dadi darbèkipun |
nyai tukang juru pahyas |
sapangadêg basanipun ||

10.
Bakal pangantène lanang |
mung kinêrik alisipun |
yèn brêngos uga cinukur |
tanapi kakêtêpira |
kirêrik godhèg pinatut |
sajèn talèmèke padha |
mung sapisan bae uwus ||

11.
Sarta ora nganggo opah |
amung jarit klambi sabuk |
iku dadi duwèkipun |
kang ngêrik pangantèn priya |
lan sajèn-tlèmèk sadarum |
nanging datanpa suguhan |
panganan lan iwak sêkul ||

12.
Amung wedang lan panganan |
de tukang pahyas dyah wau |
suguhe wedang kang patut |
iwak panganan rinampat |
sêkul pêthak panjang munjung |
binarkat dadi rong jodhang |
kang samuwa wujudipun ||

13.
Nahên sajèning paningkah |
panggang tumpêng klapa wutuh |
gula krambil ayam idhup |
pondhoh wajik jadah jênang |
jajan pasar borèh arum |
kêmbang mênyan suri jungkat |
kêndhi jodhog kaca timur ||

14.
Suruh ayu sabumbunya |
satangkêp kang pisang ayu |
lênga sundhul-langitipun |
lawe lan kêkalih cikal |
rong wang saprapat tindhih mung |
sabêruk bras klasa pandhan |
sakacu kang lawon pingul ||

15.
Sanggan sarakit warnanya |
patang tangkêp gêdhang ayu |
suruh ayu abênipun |
sarwa wêtahan sadaya |
pari kisi agêl kapuk |
lênga sundhul-langit jungkat |
suri kaca dom-wajèku ||

Jilid 2 - Kaca : 152

16.
Asêm kunir mênyan kêmbang |
borèh arum aywa kantun |
anyêtukêl lawenipun |
artane nyêlawe uwang |
mori putih kanggo tutup |
tinata dadi sawadhah |
poma aywa na kalimput ||

17.
Klasa pandhan linambaran |
mori putih têlung kacu |
linggihan paningkahipun |
suguh pangulu binêrkat |
rampadan lèmpèr sadarum |
tumpêng siji ingkang pêthak |
iwak rampadan rong puluh ||

18.
Panganan olah-olahan |
pala pêndhêm simpar gantung |
akèhe uga rong puluh |
kabèh winadhahan jodhang |
kabèh wadhah sanggan wau |
sampat rarangkenira |
tinata makêndhung-kêndhung ||

19.
Panêbus sadhiyanana |
winadhahan ingkang patut |
satangkêp gêdhang kang ayu |
suruh ayu saabênnya |
pari kisi agêl kapuk |
lênga sundhul-ing-awiyat |
mênyan kêmbang borèh arum ||

20.
Jungkat suri êdom waja |
satangkêp gula klapèku |
asêm kunir lawenipun |
tindhihe salawe uwang |
srêbèt putih tutupipun |
dinokok nèng pondhokira |
ênggone pangantèn kakung ||

21.
Yèn wus ngajêngakên panggya |
iku angkate panêbus |
tinampan ing biyungipun |
kang (ng)gawa padha wanodya |
milih kang sêmbada sêpuh |
yèn wus tinampan nyi wisma |
pangantèn anulya pangguh ||

22.
Pamasange kang tuwuhan |
sadurunge nyantri iku |
kêmbar mayang rong rakit wus |
dawêgane ana papat |
kuncunge nanas rumucuh |
ingkang sarakit pinasang |
cakêt patanèn pinatut ||

23.
Lamun anglêbokkên ngomah |
kudu mêtu lawang agung |
kang nampani pra dyah sêpuh |
nyuwun ingkang sawab barkah |
kang widada sugih sunu |
ingkang sarakit pinasang |
nèng pondhoke mantèn jalu ||

24.
Têmbe têmune ginawa |
anjajari anèng ngayun |
ingêmban kakêmbên sindur |
ingkang ngêmban janma lanang |
tumêkane ngarêp pintu |
tinampanan pra dyah wrêdha |
pinasang sapantêsipun ||

25.
Sapasare kang pangantyan |
kuncung kêmbar mayang wau |

nanas kang wayah rêmucuh |
rinujak lawan dawêgan |
apan satangine turu |
pinangana sakaliyan |
watêke gêlis sasunu ||

Jilid 2 - Kaca : 153

26.
Pinasang cêlak krobongan |
roro bonyo dilah sèwu |
kêndhi roro isi banyu |
kalêmuk roro kang kêmbar |
kang sawiji isi banyu |
têmpuran kali bangawan |
dene ta sajuganipun ||

27.
Isi bêras miri kluwak |
kêmbang mênyan borèh arum |
dhuwit salawe wang wutuh |
têmbe kanggo salamêtan |
kêndhuri sapasaripun |
kêlêmuk ro tunutupan |
lètrèk gadhung rolathinipun ||

28.
Palinggihane pangantyan |
kang ginêlar ngarêpipun |
patanèn dhadhasaripun |
godhong kluwih apa-apa |
lang-alang godhong karèku |
tunutupan klasa pandhan |
nulya tlèmèk sinjangipun ||

29.
Pangantèn wadon lan lanang |
banjur klasa batunipun |
kumuda kang dadi tutup |
sinêbaran sêkar-sêkar |
campur bawur arum-arum |
lan dhuwit salawe uwang |
gêbêgan ingkang gumêbyur ||

30.
Kacang kawak dhêle kawak |
iya iku kacar-kusur |
klasa pandhan ingkang alus |
dinokokan bêras jênar |
kacang dhêle sêkar arum |
dhuwite salawe uwang |
kang rêsik gêbêganipun ||

31.
Wilujêngan majêmukan |
midodarèni puniku |
mênêng bêdhug ing pangêpung |
mêmule (n)Jêng Nabi Duta |
rasulan babasanipun |
sêga wuduk rong ambêngan |
lêmbaran rong wadhah wutuh ||

32.
Pitik wadon pitik lanang |
ingkang timbang agêngipun |
lombok bang kêncêng sawadhah |
winorke kêlawan uyah |
wuku ginêrus kang alus |
kêmbang kanthil putih jênar |
kutug borèh arum-arum ||

33.
Lan mêmule sanggyanira |
luluhur èstri myang jalu |
sêga golong jêjêripun |
jangan mênir pêcêl ayam |
jangan padha-mara iku |
kalawan iwak ranjapan |
iwak dharat kali laut ||

34.
Papanganan warna-warna |
pala pêndhêm simpar gantung |
kang mêntahan kang kinulup |
lah-olahan warna-warna |
kêtan kolak aywa kantun |
apêm kocor apêm abang |
sêkar borèh datan kantun ||

Jilid 2 - Kaca : 154

35.
Slamêtan sawusing ningkah |
kirim donga pra luluhur |
sêga asahan kêhipun |
limang ambêng aywa kurang |
sêga golong sêga wuduk |
jangan mênir pêcêl ayam |
lêmbaran èstri myang jalu ||

36.
Jênang putih lawan abang |
miwah jênang baro-baro |
jajan pasar aywa kantun |
kêmbang borèh lawan mênyan |
dhuwit dadya slawatipun |
rong uwang luwih saprapat |
kang pêpak rarampenipun ||

37.
Brokohan sawusing panggya |
padha lan slamêtanipun |
sawising ningkah wau |
Pujastuti aturira |
dhuh (m)bokcilik kula gumun |
de tan wontên kaliwatan |
wijiling wuwus (m)barubul ||

129 Mijil

1.
Iki jêbèng isih ana maning |
kang durung kawiyos |
salamêtan lawan isarate |
Pujastuti aturira manis |
sarwi angêjogi |
pangunjukanipun ||

2.
Langkung wêlas kula aningali |
dharan taksih wutoh |
lawan wedang tan wontên kalonge |
prayogine sami dènrahabi |
kaliyan sinambi |
amêdharkên tutur ||

3.
Kyai Juru myang pra tamu sami |
sadaya andomblong |
miyarsakkên Sriyatna kaole |
dhadharan rinusak cinamik |
myang minum wedang tih |
wênèh mucang udut ||

4.
Nyi Sriyatna amêdharkên malih |
anakmu si Mênok |
gawèkêna bantul jumputane |
kanggo turu sawuse apanggih |
besuk lamun mulih |
iku aja kantun ||

5.
Lawan ponjèn isi anggi-anggi |
winadhahan kanthong |
dhewe-dhewe gya nèng kanthong gêdhe |
lan (ng)guwangi besuk ulihnèki |
sabên angliwati |
ing kali puniku ||

6.
Rupa pitik sawiji kang cilik |
kêmbang mênyan konyoh |
miri kluwak kalawan bêrase |
wadhahana dumadi sawiji |
mênèk tan na pitik |
êndhog bae cukup ||

Jilid 2 - Kaca : 155

7.
Sapasare kudu dislamêti |
sêga wuduk golong |
sêga punar bêras ingkang anèng |
ing kalêmuk uworna kang wradin |
salawe wang dhuwit |
kanggowa têtuku ||

8.
Pirantine sêga têlung warni |
yèn tan cukup êjog |
nanging kudu mangkono sarate |
lawan jênang sungsum juruh krambil |
diratakna maring |
kang padha tutulung ||

9.
Lan pangantèn sabarayatnèki |
kang padha kalêson |
kabèh iku namung nirokake |
kang wus klakon duk ing nguni-uni |
basane ngêluluri |
ujaring pra sêpuh ||

10.
Gumarubyug ingkang prapta maring |
lurah èstri ing jro |
Kyai Juru gupuh mapagake |
Cêbolang Mat Têngara gya mijil |
para lurah sami |
ingaturan masuk ||

11.
Pujastuti mapag anèng kori |
ingaturan gupoh |
samya lênggah (m)banjêng thèrèk-thèrèk |
saha atur pambagya basuki |
sadaya mangsuli |
(ng)gih sami rahayu ||

12.
Suwusira sinunggata sami |
nyi wisma lingnya lon |
babo para mitra sadayane |
mugi samya (n)dhangankên pênggalih |
têmpuking pakardi |
ing panuwun ulun ||

13.
Kaparênga sami (m)biyantoni |
inggih gotongroyong |
nindhihana pakaryan salire |
Among Bukti pawon sadayèki |
Among Sokanandi |
nyêpêng uwos sêkul ||

14.
Among Bikang Mardeya majibi |
ing dhaharan gêdhong |
mamanisan myang lah-olahane |
Nyi Mong Talijiwa amajibi |
dharan wowohan-di |
ing sasaminipun ||

15.
Nyi Mong Kahwa ingkang amajibi |
gêdhong wedang manggon |
Among Sêdhah amajibi gantèn |
Mong Usadi ingkang majibi |
loloh atanapi |
tapêl rapuh pupur ||

16.
Pangunjukan kang mawi gi-anggi |
pokok srêbat êpos |
iman adhêm myang adi-limane |
bêraskêncur tuwin êbir manis |
sriawan kang saking |
pohan pisang kluthuk ||

17.
Among ganda ngastaa wawangi |
lisah sêkar konyoh |
inggih anggèr ywa sêmêlang tyase |
sêkar buntal kangge (m)benjing panggih |
gomboyoking kang kêris |
tuwin tutup gêlung ||

Jilid 2 - Kaca : 156

18.
Gajah-ngoling kangge mantèn èstri |
miwah karang-mêlok |
ulur atur pasumbang badhene |
ukêl èstri myang gombyoking kêris |
kula nyadhiyani |
siyang sontên santun ||

19.
Pujastuti nuwun aturnèki |
malih wacana lon |
Among Suka nata lêlangêne |
Mong (n)Drawina ingkang mangagêngi |
sêgah sadayèki |
myang cadhonganipun ||

20.
Nyai Sukarêna among tami |
Mong Busana manggon |
Mong Pangantèn nyêpêng dandosane |
ngiras pantês ingkang (m)busanani |
kang sinungan ing ling |
nyagahi sadarum ||

21.
Tandya mangarsa Rara Mustari |
lampahira alon |
anyêlaki marang ing ibune |
matur ririh (ng)gonku caos bukti |
ing jêro myang (n)jawi |
iku uwis rampung ||

22.
Pujastuti nulya ngacarani |
sadaya kemawon |
kula turi dhahar sawontêne |
para tamu sami ananggapi |
gya dhahar nèng gadri |
guyub sarju kêmbul ||

23.
Jroning bukti Sriyatna lingnya ris |
rèhning wayahingong |
pan pambarêp kawahane |
paningsête apa wus nêtêpi |
Kyai Pujastuti |
alon aturipun ||

24.
Nuwun ingkang kawula tampèni |
warni pao-pao |
isi arta kalih sami talèn |
supe lintring-pangantèn kakalih |
sinjang lurik bathik |
anyatunggal amung ||

25.
Kasumêkan lalêmês myang bathik |
sami anyawiyos |
pisang ayu saabon-abone |
dharan jadah jênang pondhoh wajik |
lah-olahan inggih |
pêpak warninipun ||

26.
Pêcêl ayam jangan mênir mranti |
sêkulipun golong |
amêpêki dharan wowohane |
pala pêndhêm kasimpar mênuhi |
(m)botên wontên malih |
anamung puniku ||

27.
Iya uwus gênêp iku nini |
lamaran yèn rawoh |
sira lawan lakinira dhewe |
kang nampani kalawan dèntiti |
Nyai Pujastuti |
sandika turipun ||

Jilid 2 - Kaca : 157

28.
Warninipun lamaran punapi |
aparinga dhawoh |
kang supadi sagêd nitisake |
Sriyatna ngling bubak-kawah nini |
lamaran kang mêsthi |
iki warninipun ||

29.
Suruh ayu lawan pisang kuning |
bon-abon mirantos |
gambir ênjêt bako lawan jambe |
gula krambil lawe jungkat suri |
lênga sundhul-langit |
kaca sêkar rapuh ||

30.
Kêbo loro babon angrêm kalih |
sawung wiring loro |
banyak loro dandang kêndhil kèncèng |
kêndhil kêkêp pangaron nyawiji |
sadaya têmbagi |
myang bêkakasipun ||

31.
Arêratêng iyan angi ilir |
kukusan rok-orok |
ulêg-ulêg susuk lan enthonge |
solèt irus tumbu tenggok cêthing |
lamun nganggo dhuwit |
nèng kanthong pinikul ||

32.
Jarik bathik lurik lawan êncit |
morine sa-êmblog |
êmpon-êmpon lan anggi-anggine |
bumbu-bumbu ingkang amêpêki |
brambang uyah trasi |
ing sasaminipun ||

33.
Pêcêl pitik lawan jangan mênir |
sêgane ginolong |
lombok terong padha sauwite |
bêras kacang kadhêle kêrambil |
têbu saronnèki |
kayu walikukun ||

34.
Amung iku datan ana maning |
kaelinganingong |
Pujastuti (n)dhêku lon ature |
numplak-ponjèn punapinggih mawi |
Sriyatna mangsuli |
asru gujêngipun ||

35.
Anak ragil iku ingkang mawi |
isarat mangkene |
numplak-ponjèn mangkene rupane |
kanthong saking suwèkan mawarni |
isi anggi-anggi |
sêkar campur bawur ||

36.
Bêras kuning dhuwit warni-warni |
wit ingaran ngantos |
têkan ringgit êmas dene kèhe |
tan winangên ing sasukanèki |
ngantos wusing panggih |
sibiyung mangayun ||

37.
Nèng ngarêping patanèn alinggih |
anglumpukkên gupoh |
anak-anak kalawan mantune |
wusing pêpak kanthong binukak glis |
rinayah pêngantin |
anak tuwin mantu ||

38.
Pujastuti nalika miyarsi |
manthuk-manthuk (n)domblong |
e lah êmbokcilik mèh kasupèn |
kacar-kucur sampuning tinampi |
kadokok ing pundi |
paran pêrlunipun ||

Jilid 2 - Kaca : 158

39.
Uworrêna ing klêmuk kang isi |
arta lawan uwos |
uga kanggo ing salamêtane |
têmbe sapasare kang pangantin |
sajèn lênga krambil |
iku ywa kalêbu ||

40.
Nutug dènnya akêmbulan bukti |
sawuse linorod |
mring pawingking rame suwarane |
pamucangan sumaos mangarsi |
kabèh para tami |
gya pamit umantuk ||

41.
Wus bubaran para kadang èstri |
(n)jawi winiraos |
Kyai Juru saanak putune |
kadang warga sarèrèhanèki |
wusing andum kardi |
nulya bukti nutug ||

42.
Wusing bukti linilanan sami |
sowang-sowang aso |
Mas Cêbolang Amat Têngarane |
lajêng dènnya samya nambutkardi |
tan kalilan mulih |
maring pondhokipun ||

43.
Bakda Ngisa sabibaring bukti |
lungguh wisma kulon |
Mat Têngara Cêbolang rewange |
Kyai Juru angandika aris |
anak cara Jawi |
akèh rangkenipun ||

44.
Mas Cêbolang matur mangênjali |
ing pêngraosingong |
sampun tlêsih tan wontên kang cèwèt |
kadi ingkang winêdharkên dening |
ing Sriyatna Nyai |
siyang kala wau ||

45.
Iya kulup nanging ana maning |
kang kudu linakon |
têmbe lamun dhauping pangantèn |
yèn wus têkan sangarêping kori |
lanang nèng pêndhapi |
wadon nèng jro pintu ||

46.
Gya balangan gantal kang kinardi |
gathuk lawang gupoh |
ingkang wadon anyandhak sukune |
ngantèn lanang nulya dèn wisuhi |
we sataman wangi |
sarat mêcah gupuh ||

47.
Tigan ayam sawiji nèng kori |
nulya mantèn wadon |
kanthèn asta kalawan kakunge |
têkèng ngarêp patanèn gya linggih |
kang wadon nèng kering |
gya ngujung mring kakung ||

48.
Wusing ngujung mantèn lanang nuli |
munggah maring kobong |
nulya kacar-kucur iku ranne |
yèn wus kacar-kucur bali linggih |
bapake kang èstri |
anêngahi lungguh ||

49.
Nulya mangku pangantèn kakalih |
(m)bokne tanya gupoh |
abot êndi babo bapakane |
ingkang jalu anauri ririh |
padha bae nyai |
tan na bedanipun ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (19) Kaca 145 – 146
  • (21) Kaca 158 – 160 >