Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (25) Kaca 173 – 183

 

( Lêlampahanipun Prabu Darmakusuma Tuwin Pusakanipun Kalimasada )

3. Ki Rasika jurukunci pasareyan Glagaharum Dêmak nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Darmakusuma tuwin pusakanipun kalimasada ingkang sagêd kawêdharakên isinipun dening Sunan Kalijaga, wêkasan sang prabu seda, kasarèkakên ing Glagaharum, pasareyanipun sakalangkung panjang. Sang prabu tilar polaning ringgit purwa. Ugi katêrangakên asal-usulipun wali wolu.


Kaca 173-183.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 174

132 Asmaradana

26.
Criyos padhalangan ringgit |
ginêrba wus samya pêjah |
amung satunggal kang dèrèng |
(ng)gih punika Darmawangsa |
muksanya mring kaendran |
dalah ing saraganipun |
praptane ing Suralaya ||

27.
Pinanggiyan Hyang Pramèsthi |
tinanya darunanira |
Hyang Guru pangandikane |
èh titah ulun Ki Darma |
sira mulih mring jaman |
langgêng ing salaminipun |
têka ngangge badan wadhag ||

28.
Apa sira boya mati |
lantaran tumamèng wangwa |
Yudhisthira matur alon |
dhuh Hyang-hyang kang kinawasa |
anitahkên kawula |
kauningana pukulun |
kula ugi malbèng wangwa ||

29.
Abipraya èstu nunggil |
lawan kadang warga rena |
wus sampurna sadayane |
nanging mung ulun priyangga |
kang botên sagêd sirna |
dhuh Sang Hyang-hyanging pukulun |
wontênna apurèng Tuwan ||

30.
Ambirat sagunging sisip |
Hyang Odipati ngandhika |
hèh Yudhisthira sang katong |
ing samêngko karsaningwang |
sira bêcik baliya |
marang ing ngarcapadèku |
yèn raganta durung sirna ||

31.
Apan baya sunlilani |
mulih marang ing kaswargan |
sabab kaswargan yêktine |
panggonan kang luwih mulya |
sarta suci sadaya |
nadyan kabèh titahingsun |
manungsa kang tinggal donya ||

32.
Padha mulih marang pati |
iya pasthi tinggal raga |
wus badan alus aranne |
mula kaki prabu sira |
samêngko durung kêna |
munggah marang suwarga gung |
nêmbah lèngsèr sri narendra ||

33.
Wangsul Marcapada malih |
tumindak mangalèr sêdya |
amamati sarirane |
lajêng anggêbyur samodra |
sumilêm praptèng dhasar |
nanging mêksa datan lampus |
laminya nêmatus warsa ||

34.
Lagyantuk sasmitèng Widdhi |
tinuduh kinèn martapa |
nèng Majapait tlatahe |
dumununga têngah wana |
Glagahwangi namanya |
wus pinasthi ing Hyang Agung |
dadya jalaran antaka ||

Jilid 2 - Kaca : 175

35.
Nahan Sri Yudhisthira ji |
mituhèng sasmitatama |
mêntas saking samodrane |
nêtêpi ingkang pitêdah |
jênêk amangun tapa |
prabawa ratu linuhung |
ing Galagah wangi wana ||

36.
Katingal singup awingit |
singite kalintang-lintang |
janma sato mara layon |
mila tan na wani ngambah |
gawat kaliwat-liwat |
sabên ari kêmul pêdhut |
manthêr tejaning kusuma ||

37.
Jaman Majapahit akir |
sanggyaning kang Waliyolah |
amurwa yun yasa kraton |
prênah Glagahwangi wana |
punika nagri Dêmak |
utusan (m)babati gupuh |
ewon kang samya tumandang ||

38.
Binabat sakenjing rêsik |
sontênipun angrêmbaka |
awit sontên pambabate |
enjing pulih angrêmbaka |
tan ana sewahira |
kadya dhinangir rinabuk |
kawêkèn kang nambut karya ||

39.
Abipraya rêmbugnèki |
tur uning Sunan Satmata |
ing Girigajah kadhaton |
kang umentar wus lumêpas |
prata atur uninga |
madya ing wasananipun |
dènnira ambabat wana ||

40.
Sunan Giri wusing tampi |
ature kang babat wana |
animbali Sunan Lèpèn |
cinundaka mariksaa |
ngiras dadya pangarsa |
sawusira tampi dhawuh |
kapungkur Giri kadhatyan ||

133 Pangkur

1.
Praptèng têpi Glagahganda |
Sunan Lèpèn uluk salamira glis |
assalamu ngalaekum |
sanalika wus sirna |
pêpêdhut kang angawêngi ing wana gung |
satêmah katingal padhang |
(n)Jêng Sunan nulya umanjing ||

2.
Ngidêri sajroning wana |
dupi rawuh madyaning wana wingit |
uning janma agêng luhur |
manthêr sunaring teja |
lawan janma samangke gêng luhuripun |
kintên-kintên tikêl tiga |
dhiwut-dhiwut wulunèki ||

3.
Rema gimbal wulu panjang |
lênggah munggèng sangandhaping waringin |
sela gilang tlèmèkipun |
patrape dènnya lênggah |
suku têngên jegang kang kiwa saluku |
sarira sêndhên mandira |
astanira ingkang kering ||

Jilid 2 - Kaca : 176

4.
Tumumpang ing pundhak kanan |
asta kanan (ng)gêgêm sarta pinundhi |
wontên ing sanginggilipun |
pilingan ingkang kanan |
Sunan Lèpèn tandya amrêpêki gupuh |
manêmbrama manuara |
urmat asung salamnèki ||

5.
Nanging datan winangsulan |
Yudhisthira mandêng kewala aming |
Sunan Kali kêndêl (n)jêtung |
ngunandikèng wardaya |
datan dangu tumuwuh osiking kalbu |
kinira-kirèng wardaya |
baya wong Buda puniki ||

6.
(n)Jêng Sunan sampun widagda |
têmbung Buda dènnya asung pambagi |
mênggah mangke têmbungipun |
dhuh sang nêmbe kapanggya |
kula nilakrami ing sanak satuhu |
sintên jujuluk sampeyan |
tuwin kawijilan pundi ||

7.
Punapa ingkang sinêdya |
dene lênggah nèng wana tanpa kanthi |
miwah ing pasêmonipun |
kadi nandhang sungkawa |
kang tinanya mangêrtos lajêng umatur |
ugi cara basa Budha |
makatên Jawinirèki ||

8.
O ênggèh kiyai sanak |
jêngandika satuhu wus udani |
lêpasing tyas kang kalimput |
kula Ki Yudhisthira |
kawijilan saking Ngamarta rumuhum |
duk ing nguni jaman Buda |
maksih Brahma kang agami ||

9.
(n)Jêng Sunan Kali duk myarsa |
langkung ngungun nulya tatanya malih |
kisanak kala rumuhun |
mlampah damêl punapa |
walèh-walèh punapa kala tumuhun |
sayêtosipun kawula |
jumênêng sri narapati ||

10.
Kadhaton nagri Ngamarta |
Yudhisthira inggih jujuluk mami |
balik sampeyan sang luhung |
ing wingking kang pinangka |
lan ing ngajêng lajêr sêdyanirèng kalbu |
miwah sintên kang sinambat |
dhuh Yudhisthira sang aji ||

11.
Andangu nami kawula |
Sunan Kalijaga kalêbêt Wali |
saking tlatah Majalangu |
ing Girigajahpura |
dhatêng kula saèstune dipunutus |
Sunan Giri lurah amba |
pêrlu kinèn mariksani ||

12.
Kawontênane kang wana |
dene têka wontên ingkang (n)dahwèni |
damêl wilalat satuhu |
maring kang sami babat |
sampun kula salasak ing wana kêmput |
samya tan na kara-kara |
muhung andika pribadi ||

Jilid 2 - Kaca : 177

13.
Mangsuli Sri Yudhisthira |
mangke-mangke ta mangke Sunan Kali |
wangune arsa abêndu |
andakwa raganingwang |
andahwèni damêl wilalat tan sarju |
babo botên pisan-pisan |
mênggah (ng)gèn kula nèng riki ||

14.
botên sawêg sapunika |
sampun lami nglampahi pitêdahing |
sasmita nalika ulun |
tapa dhasar samodra |
laminira ngantos ênêm atus taun |
ujaring wasitatama |
kinèn tapa wontên ngriki ||

15.
Pasthi antuk kang sinêdya |
ingkang sagêd (n)jalari pêjahmami |
sabab ing satuhunipun |
kula sêdya ngupaya |
ing margine sagêd dhumatêng ing lampus |
duk miyarsa (n)Jêng Susunan |
katingal pasêmon manis ||

16.
Sumèh wijiling wicara |
nulya tanya têmbung amêrakati |
dhuh mitraningsun sinuhun |
sabab saking punapa |
sariranta tan sagêd tumêkèng lampus |
mèsêm risang Yudhisthira |
lah makatên Sunan Kali ||

17.
Kala ulun winisudha |
madêg nata lajêng dipunparingi |
jajimat dening Dewagung |
nama Kalimasada |
ingkang ugi anami Pustaka-jamus |
dumugi ing sapunika |
taksih kula pundhi-pundhi ||

18.
Pratistha ing asta kanan |
malah-malah sampun saklangkung lami |
asta tan sagêd tumêlung |
miwah tan sagêd mêgar |
Sunan Kali kataman aturing prabu |
sangsaya pangungunira |
wasana tatanya malih ||

19.
Mênggah ungêling sêratan |
ing jijimat punika kadospundi |
kalawan suraosipun |
dhuh Sunan Kalijaga |
kula matur inggih ing sayêktosipun |
sampun ngantos kang sumêrap |
ambikak kewala ajrih ||

20.
Jalaran dhawuhing dewa |
namung kinèn ngangge jijimat pripih |
mila kula jrih kalangkung |
bilih nguninganana |
Sunan Kali mèsêm ngandika jro kalbu |
ika wong bodho balaka |
nadyan ngrêti nanging wêdi ||

Jilid 2 - Kaca : 178

21.
Dhuh Sinuhun Yudhisthira |
mênggah wontên tiyang ingkang kadugi |
ngungêlkên jijimat wau |
punapi pinarêngna |
angsal malih nanging darbe jangji ulun |
mugi dipun-mangêrtosna |
suraose kanang tulis ||

22.
Saha sagêd angêgarna |
tanganulun kang wus lami kumancing |
Sunan Kali ngandika rum |
suwawi cinobia |
ngulungakên jajimat Pustaka-jamus |
nahan sami sanalika |
waluya kadi ing uni ||

23.
Ngulungakên asta mêgar |
jimat sampun tinampèn Sunan Kali |
binuka suraosipun |
sinuksma ing wardaya |
tamat pamaose kang Pustaka-jamus |
(n)Jêng Sunan Kali ngandika |
e Yudhisthira narpati ||

24.
Sampeyan mugi sumrêpa |
milanipun jimat dipun wastani |
inggih kang Pustaka-jamus |
têgêsipun punika |
layang irêng tulisipun rupa pingul |
mila ran Kalimasada |
kalimah Sahadat yêkti ||

25.
Kalimah Sahadat mangkya |
wus kalampah dènagêm dèn ugêmi |
dening tiyang ingkang sampun |
manjing agami Islam |
miwah dipun wastani agama Rasul |
sarengat punika mangka |
baboning ngèlmu sajati ||

26.
Angsal saking Nabiyolah |
Gusti Kangjêng Nabi Rasulollahi |
kêkasihira Hyang Agung |
tuhu ingkang kinarya |
dutaning Hyang panutup Nabiyollahu |
ugêr tyang agama Islam |
saha sampun putus maring ||

27.
Ngèlmu tamtu kang winawas |
suraose Kalimah Sahadati |
dumadi êning tyasipun |
sagêd sampurnèng pêjah |
mantuk maring asaling kamulanipun |
ing riku Sri Yudhisthira |
langkung trustha ing panggalih ||

28.
Nahan lajêng puruita |
mring sang wiku Kangjêng Susunan Kali |
winulang Sahadat wau |
ugêring kasampurnan |
winêruhkên ing jênênge uripipun |
(n)Jêng Sunan pamêjangira |
sadaya sampun katampi ||

Jilid 2 - Kaca : 179

29.
Wruh sadurunge dumadya |
dadya datan samar (n)doning dumadi |
was-uwas wus tan kawuwus |
amingis ing pamawas |
têtêp uwus manjing agama Islamu |
têtêp tatas naratas tyas |
tumètès sampurna titis ||

30.
Rumaos yèn sagêd pêjah |
sarta pêjah ing sajroning ngaurip |
sangêt ing pamundhinipun |
winantu analangsa |
ayun nêmbah astanira sawêg kuncup |
makidhupuh anèng ngarsa |
Sunan Kali duk udani ||

31.
Gupuh dènnya nampèl asta |
kipa-kipa tan arsa dènbêktèni |
sinarêngan wacana rum |
sampeyan sampun nêmbah |
dhatêng ulun sanadyan dènanggêp guru |
nanging drajat ulun andhap |
luhur darajating aji ||

32.
Kados paduka punika |
inggih lêrês Suhunan nama mami |
ananging saèstunipun |
drajat Wali kewala |
Wali wau jaman purwa saminipun |
para rêsi myang pandhita |
dados bêktinta sang aji ||

33.
Sêdhêng salaman kewala |
Prabu Darmakusuma ananggapi |
nulya sasalaman gupuh |
sawusing sasalaman |
sri narendra Yudhisthira alon matur |
dhuh Sinuhun gurukula |
rèh mangke ulun wus tampi ||

34.
Sabda jatining kamulyan |
sêdya ulun sasagêd angaturi |
wawalês ingkang linuhung |
nanging tan darbe srana |
mung punika wontên barang darbekulun |
sêpele sangêt tan mandra |
bilih kaparêng ing galih ||

35.
Kulaaturkên paduka |
Yudhisthira jumênêng (m)buka pêthi |
ingkang linênggahan wau |
isinipun karopak |
mawa gambar katri wawayanganipun |
satunggal Sri Baladewa |
kalih Natèng Dwarawati ||

36.
Tiga Arya Wrêkudara |
kanthi sastra pèngêtan duk ing uni |
kalih lampahan winuwus |
satunggal pratelannya |
lampahing Arjuna nalika dhaup |
angsal Dyah Wara Sumbadra |
putri Madura nagari ||

37.
Kadang Baladewa Krêsna |
rinarêngga dera Hyang Udipati |
kajêng klêpu dewadaru |
katêlah praptèng mangkya |
sabên wontên pangantèn kang rinêngga gung |
tamtu mawi kêmbar mayang |
jaman purwa kang pinirid ||

Jilid 2 - Kaca : 180

38.
Kaliyan pratelanira |
kala nata Pandhawa mangun jurit |
sakadang warga sadarum |
mêngsah Sri Suyudana |
sakadange Sata Korawa angêbyuk |
(n)jabêl prajadi Ngastina |
Pandhawa unggul ing jurit ||

39.
Winastanan Bratayuda |
kinanthènan sarasilah tumêrahing |
Pandhawa myang para ratu |
ingaturakên sigra |
mring Suhunan Kalijaga sadayèku |
langkung sukanirèng driya |
gambar tri wus dènpriksani ||

40.
Tanya marang Yudhisthira |
sintên ingkang gadhah wayangan katri |
ingkang ginambar puniku |
satunggal-tunggalira |
Prabu Darmakusuma lajêng umatur |
kang sarta mawa pratelan |
agêng miwah inggilnèki ||

41.
Titiga ingkang ginambar |
wus pratela kadi sinêbut ngarsi |
tanya malih (n)Jêng Sinuhun |
nahanta karsa para |
asung gambar dalah ing saprabotipun |
sastra cariyosing Buda |
kumambang matur sang aji ||

134 Maskumambang

1.
Dhuh Susunan Kali gurunadi mami |
gambar wawayangan |
titiga siki puniki |
mugi-mugi tinumrapna ||

2.
Gigiring kang maesa danu artining |
kuliting maesa |
walikan dadosirèki |
babalunge kang maesa ||

3.
Kaanggeya kuliting gambar puniki |
sunguning maesa |
kaanggeya ototnèki |
kuliting kanang maesa ||

4.
Kaanggoa inggih babalunganèki |
sarta ginancarna |
ing salampah-salampahaning |
supadya dadya tuladha ||

5.
Têmbe wingking sagunging kang pra narpati |
satriya myang wadya |
pra èstri pra maharêsi |
sagung isining bawana ||

Jilid 2 - Kaca : 181

6.
Gya winarna Sri Yudhisthira narpati |
sawusing pratela |
gancaring cariyos nguni |
amit wus praptèng antaka ||

7.
Puput yuswa sampurna mring jaman suci |
layon binarsihan |
sung sasmita maring dasih |
paripurna wus pinêtak ||

8.
wontên tapak-tilas palênggahanèki |
ngandhaping mandira |
rampung pamêtaking jisim |
lajêng sinungan têngêran ||

9.
Kijing sela rineka cirining nami |
Kyai Yudhisthira |
lêstari têkèng samangkin |
nèng lor-kulon masjid Dêmak ||

10.
Ki Rasika angling mring rowangirèki |
criyos sampun tamat |
kijing kang panjang nglangkungi |
ciri Kyai Yudhisthira ||

11.
Kang sinung ngling tanya paran kajêngnèki |
dènnya babat wana |
wilujêng sampun barêsih |
rata kadi ara-ara ||

12.
e makatên lajênge cariyos inggih |
dènnya babat wana |
wilujêng sampun barêsih |
rata kadi ara-ara ||

13.
Sunan Kali wus wangsul dhatêng ing Giri |
pinuju pêpakan |
sanggyaning kang para Wali |
Sunan Kali tur pratela ||

14.
Lampahipun tinuding babat wanadri |
purwa wasananya |
miwiti malah mêkasi |
pan sampun katur sadaya ||

15.
Para Wali samya karênan ing galih |
abipraya rêmbag |
amujudakên ing warni |
ingkang kasêbut pèngêtan ||

16.
Kang kinarya guru wawayangan katri |
gêr-ugêr polatan |
mêndhêt saking netranèki |
bèntêning pasêmonira ||

17.
Saka pawulatan datan liya saking |
papasanging netra |
manawi akarya ringgit |
netra wangun gêdhondhongan ||

18.
Mirid saking gambaring wayangannèki |
Prabu Baladewa |
narendra Madura nagri |
manawi adamêl netra ||

19.
Wangun liyêp mirid saking wayanganing |
Sri Narendra Krêsna |
Sinuhun ing Dwarawati |
utawi bilih iyasa ||

20.
Nata wangun manthêlêng sêrêng rêspati |
mirid wayangannya |
satriya ing Jodhipati |
Radyan Arya Wrêkodara ||

21.
Paripurna dènnira amirid-mirid |
nanging sarêng arsa |
damêl wawayang rasêksi |
rasêksa inggih danawa ||

Jilid 2 - Kaca : 182

22.
Para Wali ragi kawêkèn ing galih |
amarga (n)Jêng Sunan |
kalimput nalika panggih |
tatanya mring Yudhisthira ||

23.
Wêwah-wêwah danawa cariyosnèki |
doyan mangsa kewan |
myang mangsa wangkening janmi |
nanging sagêd tatajanma ||

24.
Samya minggu mêngêng mêksa tan amingis |
sajroning kèmêngan |
saking plênggahan tan têbih |
wontên sagawon lumajar ||

25.
(ng)Gondhol balung untu siyung amaringis |
Sunan Kalijaga |
antuk wêwênganing wingit |
tinarbuka ring Hyang Suksma ||

26.
Dènnya damêl gambar wayangan rasêksi |
sipat myang wulatan |
amirid sagawon mringis |
badan wayangan manungsa ||

27.
Sinêmbadan gêng luhur glabêg ngajrihi |
mèh tanpa bangkèkan |
ulat sirung netra andik |
mrêngangah dhepah (m)brêgagah ||

28.
Sampun rampung dènnya mangadani ringgit |
mirid tri wayangan |
dados balungipun ringgit |
ingkang ginapit punika ||

29.
Têrangipun aturing Yudhisthira ji |
kuliting maesa |
dados balungipun ringgit |
ingkang ginapit punika ||

30.
Sungunipun dados ototing kang ringgit |
lah inggih punika |
ingkang dipun angge gapit |
miwah campuriting wayang ||

31.
Balungipun maesa kinarya kulit |
artose mangkana |
kadamêl dhasaring sungging |
saking bubukaning tulang ||

32.
(ng)Gih punika purwanipun wontên ringgit |
wacucal maesa |
ingkang gumêlar samangkin |
mujudkên nganggit lampahan ||

33.
Tan lyan saking kramate (n)Jêng Sunan Kali |
Wali wolu samya |
mangayubagya ngidèni |
sampun cuthêl criyosingwang ||

34.
Lah suwawi babarpisan awêwarti |
ingkang pangandika |
dene mawi purwakanthi |
Wali wolu tanah Jawa ||

35.
Kang winastan Wali wolu tanah Jawi |
satunggal (n)Jêng Sunan |
Ngampèlgadhing kang murwani |
nama alit Radèn Rahmat ||

36.
Putranipun Sèh maulana Ibrahim |
ibu saking Cêmpa |
Siti Asmara wêwangi |
putranipun Prabu Kiyan ||

37.
Kalihipun Susuhunan Gunungjati |
Sayid Jèn punika |
saking nagari Arabi |
mandhirèng Cirêbon praja ||

Jilid 2 - Kaca : 183

38.
Tiga Sunan Ngudung alite Sèh Sabil |
putra Mlana Iskak |
ibu saking Madurèki |
kadang mudha Walilanang ||

39.
Sakawane Sunan Giri Gajahpuri |
inggih Dyan Satmata |
putra Walilanang nguni |
kang ibu putri Blambangan ||

40.
Gangsal Sunan Bonang Dyan Makdum Ibrahim |
putra Ngampèldênta |
ibu Siti Manaladi |
putra Arya Teja Tuban ||

41.
Nênêm Sunan Bukit Majagung mandhiri |
Dyan Ngalim Buherah |
Sri Campa mudha sisiwi |
nak-sanak lan Radèn Rahmat ||

42.
Pitu Sunan Darajat timurnya nami |
Masakèh Mahmud kang |
putra Sunan Ngampèlgadhing |
mijil saking ing ampeyan ||

43.
Wolu Sunan Kalijaga Radèn Sahid |
putra Wilatikta |
bupati Japara nagri |
sampun jangkêp petang kula ||

44.
De sanèse wowolu dipun wastani |
Wawali nujêbba |
têgêse nujêbba inggih |
punika Wali susulan ||

45.
Amung Kangjêng Sultan Agung ing Mantawis |
Kalipahing Allah |
kang jumênêng ing samangkin |
pamungkas Wali nurbuat ||

46.
Sunan Kali kok dados onjo pribadi |
niku kasinggihan |
wit maguru Nabi Kilir |
anêrusi solah tingkah ||

47.
Nabi Kilir tan seda wit anglampahi |
karêm maring ora |
cêgah hawa napsu melik |
konang-onang kene kana ||

48.
Têrus sukci ing nala dumilah wêning |
mandar (n)tuk nugraha |
panjênêngan Nabi Kilir |
kinarya hèb Nabiyolah ||

49.
Anartani têkèng mangkya tan ngêmasi |
gaib dalêmira |
wus kawêngku lair batin |
puniku ungêling kitab ||

50.
Sunan Kali wartose makatên ugi |
mangkya dèrèng seda |
sigêg Rasika kang dêling |
kinanthi gantya critanya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (24) Kaca 167 – 173
  • (26) Kaca 184 – 185 >