Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (27) Kaca 185 – 193

 

( Nêrangakên Ganjaranipun Tiyang Apal Kur'an )

5. Ki Amat Sêtama nêrangakên ganjaranipun tiyang apal Kur'an, punapamalih ingkang mangêrtos maknanipun. Kalajêngakên dongèng Raja Sêtambul ingkang nandhang cobining Allah jalaran kirang mantêpipun dhatêng panguwaosipun Gusti Allah.
Sang Raja kalunta-lunta ngantos kinunjara ing nagari Ngêsam, nanging wêkasan kapalakramakakên kalihan putri Ngêsam.


Kaca 185 - 193.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 186

135 Kinanthi

22.
Darus sabakdaning Subuh |
sanalika sri bupati |
munggèng satêngahing wana |
bawah ing Ngêsam nagari |
kalampahan kalih wulan |
saking ing Sêtambul nagri ||

23.
Kawêlasarsa sru ngungun |
kang mangka sri narapati |
mung ngagêm jubah kuthungan |
ririmong samadah wilis |
anyamping sarung gêmbaya |
ngagêm kêthu lugas abrit ||

24.
Angasta tasbèh umancur |
barleyan ginosok adi |
gêng nracak saisi lêrak |
andungkap sawêlas ari |
tan nendra minum myang nadhah |
miwah tan pinanggih jalmi ||

25.
Lêsah ngalêntrih-ngalêntruk |
angga (ng)gêgês gagang agring |
sumendhe witing mandera |
sawang kunarpa sang aji |
anuju sawiji dina |
ana nangkoda lumaris ||

26.
Mring Ngêsam unta tinuntun |
nèng kene miyat ing jalmi |
sumendhe witing mandera |
sinawang wus kadya mayit |
pinurugan dupi cêlak |
ki juragan tanya aris ||

27.
Kisanak kang kawlasayun |
dene nèng alas pribadi |
pasêmone lir ngawirya |
lah punapa sêbabnèki |
sang nata dupi miyarsa |
pakèwêd dènnya mangsuli ||

28.
Sêrêt kêdaling sabdarum |
pêgat-pêgat amlasasih |
ki dagang tuhu manira |
ing Sêtambul asalmami |
kesah ngaji mring lyan praja |
yun mantuk datan wruh margi ||

29.
Ki dagang wêlas kêlangkung |
nulya dènulungi roti |
lawan warih ing lantingan |
lah niki jampi kalantih |
sawusira tinampènan |
roti dhinahar sacuwil ||

30.
Toya ing kêndhi dèninum |
tri cêgukan datan luwih |
kraos nikmat kang sarira |
sumringah nayana wêning |
sri nata Sêtambul sigra |
ngulungkên tasbèhirèki ||

31.
Maring sudagar kang asung |
roti lawan toya kêndhi |
winantu sabda mrakatya |
dhuh kisanak kang asung sih |
rèhning andika wus nambal |
dhumatêng ing jiwa mami ||

32.
Sasat anambungi umur |
wèwèh janma tanpa pamrih |
èstu bilih karya tama |
nandhakkên eklasing budi |
lila anrus ing wardaya |
sangêt ing panuwun mami ||

Jilid 2 - Kaca : 187

33.
Saking kumêdahing kalbu |
minangka timbanganing sih |
kang mugi tinampanana |
winantu sukaning ati |
cinandhak mring ki sudagar |
gringging-gringging nggarègèli ||

34.
Awit salaminya idhup |
lagya anêmbe udani |
barleyan agêng naracak |
rinucit kinarya tasbih |
sapandurat tan wacana |
gumêtêr kêdaling lathi ||

35.
Paran ing karsanirèku |
de asung ingkang kadyèki |
sri narendra angandika |
ulun lila lair batin |
amung ta pamintaningwang |
parênga nunut lumaris ||

36.
Rèhning kula ayun mantuk |
marang ing Sêtambul nagri |
ywa nganti sangsayèng marga |
ki sudagar lingira ris |
inggih ki bagus sumangga |
gampil yèn wus praptèng nagri ||

37.
Kantun lampahan dwi tèngsu |
têmbe anumpala-keli |
sri narendra wus binêkta |
ing ngênu datan winarni |
sapraptanira ing Ngêsam |
sudagar dagang mawarni ||

38.
Laris dagangane gêrus |
mênthêl kathah antuk bathi |
tata-tata sêdya mentar |
tatanya mring sri bupati |
bagus paran karsanira |
dènirarsa mangkat mulih ||

39.
Inggih kyai kajêngulun |
sarêngan andika malih |
sisimpangan wontên marga |
ki sudagar wus nyondhongi |
kalingling wagêling nala |
tasbèhe barlèyan adi ||

40.
Pangudasmaraning kalbu |
ewuh têmên tasbèh iki |
lamun awèt dakanggowa |
pasthi tan kobêr ngabêkti |
katungkul pijêr umiyat |
lawan tan pêgat kuwatir ||

136 Mêgatruh

1.
Lah bêcike dakdole pisan yèn payu |
prayoga nyimpêni dhuwit |
thithik mutawatiripun |
tumrape wong kaya mami |
darbe barang langkung elok ||

Jilid 2 - Kaca : 188

2.
(m)Bubrahake ati ngêgungkên têkabur |
sisip sêmbire wus pasthi |
rêgadag anarik kupur |
ki sudagar mentar aglis |
tasbèh tinawakkên gupoh ||

3.
Marang para sugih jroning kutha kêmput |
titi tan ana kang ngawis |
tan kuwawi artanipun |
saking kèhe kang pêngaji |
anulya kunjuk sang katong ||

4.
Natèng Ngêsam kalangkung eraming kalbu |
wasana ngandika aris |
saka ngêndi asalipun |
tasbèhmu barleyan iki |
ki sudagar awotsinom ||

5.
Asal saking tiyang nyukani pukulun |
jalma papa nèng wanadri |
sang nata kagyat lingnya rum |
sudagar aturmu iki |
iku sèwu mokal elok ||

6.
Kawruhana tasbèh iki ingkang patut |
darbe mung nata linuwih |
pinunjul samaning ratu |
aturmu iki mustail |
pangirèngsun wus amêlok ||

7.
Pasthi iki olèh ênggomu amandung |
èh sudagar yèn sirèki |
tan bisa ngaturkên mringsun |
janma kang mènèhi tasbih |
sira minangka gagêntos ||

8.
Ingsun ukum apa ing sapantêsipun |
ki nangkoda duk miyarsi |
pangandikane sang prabu |
ulat biyas payus tistis |
konjêm siti arawat loh ||

9.
Ki nangkoda manêmbah sarwi umatur |
dhuh gusti sri narapati |
kawula anuwun mundur |
nimbali kang darbe tasbih |
wus linilan mêdal gupoh ||

10.
Sampun panggih ki dagang lan sri Sêtambul |
kang sawêg nandhang kaswasih |
rinucat dhirining prabu |
bagus (n)dika ditimbali |
mring ngarsanira sang katong ||

11.
Sigra sowan ki dagang lan sri Sêtambul |
prapta ngabyantarèng aji |
ki dagang saksana matur |
punika ingkang nyukani |
tasbèh kang kunjuk sang katong ||

12.
Apa iya tasbèh iki (ng)gonmu asung |
kang dinangu matur inggih |
tanpa titipriksa prabu |
tandya animbali patih |
wus sowan manêmbah alon ||

Jilid 2 - Kaca : 189

13.
Èh ta patih wong iki têmên yèn pandung |
banjur ukumên tumuli |
jonjangên nèng alun-alun |
sandika rêkyana patih |
gya binêkta mundur alon ||

14.
Saundure ki patih kalangkung ngungun |
nyurasa karsaning aji |
saking tan (n)dungkap ing kalbu |
kang dadi parênging aji |
tanpa priksan ngukum uwong ||

15.
Yèn (m)badala ajrih karsane sang ulun |
nulya pinidana aglis |
pan jinonjang astanipun |
kang kanan suku kang kering |
wusnya konjuk sang akatong ||

16.
Nata agnya ngunjara parêk kadhatun |
pratisthèng mèpèt capuri |
siji tan-na rewangipun |
nèng riku sri narapati |
siyang dalu anggung lamong ||

17.
Mung ngraoskên kuwasanira Hyang Agung |
kodrat takdiring Hyang Widdhi |
kang tumamèng ing sang prabu |
kalangkung elok mustail |
mila tansah ngrujit batos ||

18.
Dhasar têmên luwih kawasa Hyang Agung |
pratandhane kita iki |
dene tan ngrasa saglugut |
yèn nêmu kadya puniki |
saking gung dosambèng Manon ||

19.
Dene kita tan pracaya watungiyu |
mantasau sabdèng Widdhi |
priyangga sing luputingsun |
nanging ta gondhèlan mami |
tamtu ngong tobat mring Manon ||

20.
Dalil innaloha gopurur-rohimu |
yèn wong tobat dènaksami |
mêngkono pamanggih prabu |
dahat panlangsaning galih |
siyang dalu gung prihatos ||

21.
Amung ngarsa-arsa dalil watungiyu |
mantasau kang pinuji |
mugi Tuwan Kang Mahagung |
paringa uning tumuli |
saking kuwasèng Hyang Manon ||

22.
Sampun lami (ng)gyannya nèng kunjaran prabu |
yata ing Ngêsam narpati |
darbe putra wanodyayu |
pambayun wus mangsa brai |
cahyanya langkung mancorong ||

23.
Tur ingugung sang rêtnayu mring ramèbu |
tinurut barang sakapti |
sagung pakarti rahayu |
samana sotyaning puri |
pan sawêg kasêngsêm ngaos ||

Jilid 2 - Kaca : 190

24.
Siyang dalu enjing sontên tamtu (n)darus |
swara mirêng saking (n)jawi |
yèn lêpat aksaranipun |
asring tinêgor tumuli |
lan kang nèng kunjara kono ||

25.
Yèn tinêgor kèndêl ing pamaosipun |
gusti lêrêse kadyèki |
panjang tuwin cêlakipun |
sang nata wiwit angaji |
trêtil pasekate kaot ||

26.
Pangajinya nora ririh nora sêru |
swara ulêm langkung pasih |
piniyarsa nganyut-anyut |
bisa karya nyêsing ati |
pranyata alim kinaot ||

27.
Datan wiyah janma widagdèng kadyèku |
nadyan gurune sang putri |
tan mirib pangajinipun |
lan sakitan kang kinunci |
sang rêtna (ng)garjitèng batos ||

28.
Mokal têmên wong iki kalamun pandung |
pasêmone ingkang warni |
utawa rupane bagus |
tuwin pangajine luwih |
dudu sêmbarangan uwong ||

29.
Kiraningsun pasthi iki trahing ratu |
guwaya myang sotyèng warni |
manawa kêna babêndu |
antuk sisikuning Widdhi |
mokal lamun tindak awon ||

30.
Saya paham dènnya mirêngkên sang ayu |
sangsaya wêwah ingkang sih |
mring janma ingkang tinutup |
sabakdane dènnya ngaji |
sigra kondur mring kadhaton ||

31.
Prapta ngarsaning rama nulya umatur |
rama amba sabên ari |
bilih amba nuju (n)darus |
sring tinêgor saking (n)jawi |
lan janma ukuman kêthok ||

32.
Tiyang wau langkung sae wacanipun |
amba inggih dèrèng uning |
sagung di-dalêm sadarum |
sanadyan para ngulami |
ingkang mèmpêr ing pangaos ||

33.
Yèn tinimbang lan janma kang tuwan ukum |
rama ing panuwun mami |
parêng tan parêngèng kalbu |
amba inggih nyuwun laki |
dene ta pamilihingong ||

34.
Nyuwun antuk kang tuwan kunjara iku |
sang nata èmêng ing galih |
ginubêl ing putranipun |
dènnya mothah nyuwun laki |
kang pinilih luwih elok ||

Jilid 2 - Kaca : 191

35.
Sri narendra alon pangandikanipun |
adhuh babo putramami |
paran kang dadi kajatmu |
dene sira (n)jaluk laki |
pamilihmu luwih asor ||

36.
Suwurira (ng)gawa surêming prajamu |
dene atmajèng narpati |
pasakitan garwanipun |
kaya ta kurang sujanmi |
ajêmbar jajahaningong ||

37.
Ingsun ngêrèh iya sagung para ratu |
lan akèh punggawa mami |
utawa santananingsun |
kang anom bagus ing warni |
lah padha pilihên kono ||

137 Sinom

1.
Tan kurang punggawaningwang |
kang brêgas sarta lim-alim |
aja milih wong kunjaran |
rinungu liyan nagari |
pasthi akarya nisthip |
nyudakkên drajating ratu |
sang rêtna aturira |
rama amba datan laki |
bilih botên pikantuk pêmilihamba ||

2.
Kawula mung nêdya ngêndhat |
yèn rama datan (n)dugèni |
kang dadya panuwun-amba |
sang nata ngungun ing galih |
samana langkung kingkin |
ngraosakên putranipun |
(ng)gènnya anuwun krama |
panggubêle sabên ari |
dangu-dangu rinasa rasèng wardaya ||

3.
Prakarane jatukrama |
têmên tan kêna binudi |
têtêp kodrate Pangeran |
jodho tan kêna pinardi |
lêjar pênggalih aji |
luwar ing sungkawanipun |
pinupus takdirullah |
sang nata ngandika aris |
mring ki patih kinèn ngêdalkên sakitan ||

4.
Praptèng ngabyantarèng nata |
pangulu nulya mangarsi |
wus pragat paningkahira |
sigra pinanggihkên aglis |
sakitan lan sang putri |
sasananira wus sinung |
sang dyah matur ing garwa |
dhuh ta kakang kadipundi |
punapanta kang dadya darunanira ||

5.
Dene nganti kinunjara |
punapa nyata yèn maling |
langkung ngungun manah kula |
dene warnandika pêkik |
kang sarta sampun alim |
têka nganti tindak dudu |
mugi paringa pajar |
supadya kawula uning |
sri narendra aris wijiling wacana ||

6.
Mangke kula turi wikan |
bilih gusti wus sung uning |
(ng)gih punika ingkang sabab |
paduka rêmên ing kami |
kawula tiyang alit |
miwah sawêg manggih ukum |
paduka sutèng nata |
pagene (ng)garwa wong nisthip |
sang kusuma alon wijiling wacana ||

Jilid 2 - Kaca : 192

7.
Lah inggih mênggah punika |
kawula pajar tan bangkit |
awit tuduhing Hyang Suksma |
dumunung wontên ing budi |
irsating Hyang lir ngimpi |
sasmita kang tumrap ulun |
kinèn antuk paduka |
nula sèstu sunlampahi |
wasanane sumangga kita tan wikan ||

8.
Tumutur aknyaning swara |
nanging nalare pakolih |
mokal yèn paduka ala |
purun anindakkên sisip |
kang garwa matur aris |
awas têmên putri ayu |
yêktine amba raja |
gusti sampun bribin-bribin |
nging kadukan sabab rangu dalil Kur'an ||

9.
Sang kusuma dupi myarsa |
garwanta dera sung uning |
kèngêtan yèn ingkang rama |
kagungan lisah prêmati |
pranti kinarya jampi |
sagung wong nandhang bêbêndu |
sampun binêkta mêdal |
saksana tinrapkên aglis |
mring kang tatu tan tabêt pulih sakala ||

10.
Suku tuwin astanira |
pulih kadya duk ing nguni |
sanalika sri narendra |
tuwuh guwayanira ji |
sang nata ngandika ris |
dhuh-dhuh mirah ariningsun |
pirêngna aturingwang |
sayêktine kita iki |
kang ngrênggani Sêtumbul karaton ingwang ||

11.
Lah matura sudarmanta |
kabèh kandhaningsun iki |
sang dyah sandika gya mentar |
wus prapta ngarsa sang aji |
munjuk mula bukèng wit |
madya lan wasananipun |
dhêlêg ngungun sri Ngêsam |
sowanira langkung ajrih |
mêlanging tyas (ng)gyanta tan titipariksa ||

12.
Dugi ngarsèng sri narendra |
prabu Ngêsam sarêng uning |
kalangkung eraming nala |
tan mèmpêr warnane nguni |
mancêr jwala mratani |
nyata yèn natèng Sêtambul |
buminata ing Ngêsum |
saksana umatur aris |
kadi pundi paduka gusti purwanya ||

13.
Sang prabu Amat Salekan |
ngandharkên lampahannèki |
purwa madya wasananya |
sri Ngêsam sukur ing Widdhi |
dene ta putranèki |
têtêp dadya garwanipun |
tasbèh wangsul sri nata |
kundur mring Sêtambul nagri |
ki juragan tan kukum malah ginanjar ||

Jilid 2 - Kaca : 193

14.
Kèndêl samantên kewala |
(ng)gènkula (ng)gêlar critèki |
kang maibên dalil Kur'an |
sadaya ingkang miyarsi |
langkung sukaning ati |
sigêg Sotama lingipun |
nahan kang cêlak lênggah |
lan abdidalêm sang mulki |
lurah jogèd anama Wirèngsuwignya ||

15.
Kakang nyuwun sasêrêpan |
nguni sintên kang murwani |
bêksa wirèng kêkancuhan |
tuwin datan mawi kanthi |
ngantos kagêm samangkin |
lêlangên jroning kadhatun |
paran ta wijangira |
tuwin sanès-sanèsing kang gêndhing |
lurah Wirèngsuwignya amêdhar sabda ||

16.
Nalika kraton Jênggala |
ingkang jumênêng narpati |
sang Prabu Suryawisesa |
iku ingkang angadani |
iyasa bêksa rangin |
aran Wirèng Panji Sêpuh |
ijèn tanpa gêgaman |
muhung sampur kang winiwir |
gêndhingira aran Boyong Badranaya ||

17.
Lawan Wirèng Panji Mudha |
sarakit gaman tan mawi |
mung sondèr lir Panji Wrêdha |
gêndhing Sabrang Barang ngrangin |
nulya iyasa malih |
Dhadap Kanoman rannipun |
rong pasang kang abêksa |
dhadhap lan dhuwung cinangking |
gêndhingira ingaranan Rangsang Tuban ||

18.
Jinangkêpan kawan warna |
Wirèng Jêmparing-gêng nami |
ingkang ambêksa sapasang |
nyangking gandhewa jêmparing |
gêndhing Lèngkèr mantêsi |
nahan kadeyan sang prabu |
kakalih Radèn Kalang |
(m)byantoni karsa narpati |
yasa Wirèng Lawung Agêng tinêngêran ||

19.
Kakalih ingkang ambêksa |
mandhi waos ngrêspatèni |
pinatut Rêmêng gêndhingnya |
ing mangke dipunwastani |
babêksan ing Mantawis |
wau ta Rahadèn Wirun |
biyantu gya iyasa |
Wirèng Dhadhap Kreta nami |
kang ambêksa sakawan kinêmbar warna ||

20.
Ngasta dhadhap lan curiga |
Sêgaran pelog kang gêndhing |
jangkêp namung nênêm warna |
linaluri aywa nganti |
ilang talêre nguni |
lêlangên-dalêm sang prabu |
iku pamyarsaning-wang |

(m)buh têmên lan doranèki |
mung nyatane de kagêm têkèng samangkya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (26) Kaca 184 – 185
  • (28) Kaca 193 – 194 >