Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05) Kaca 14 – 21

 

( Wêjanganipun Pêksi Rukmawati Bab Cahyaning Gêsang )

a. Hyang Basuki nêranakên wêjanganipun Pêksi Rukmawati bab cahyaning gêsang, anasir latu, bumi, angin, toya.


Kaca 14 - 21.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 14

177 Dhandhanggula

14.
Yèn wus wikan ing kajatènèki |
sayêkti yèn têtêp hayuningrat |
lire raharjèng jagade |
dene ta inggahipun |
Sastra Cêtha dipun-wastani |
liring kang Sastra Cêtha |
kalêpasanipun |
kawaskithaning panunggal |
nora samar sangkan-paraning dumadi |
dumadya mardikèng-rat ||

15.
Lire pamijèning jagad yêkti |
marma tan kenging kengis ing kathah |
sinêngkêr ing Bathara-ne |
kajaba pra Dewa ku |
kang linilan ing Jawata di |
Sang Hyang Suksma Kawêkas |
myang jalma linuhung |
kang katrimèng pamêsunya |
pujabrata sinung wahyu dyatmikani |
nanging mawa prabawa ||

16.
Guntur wisesa myang guntur agni |
guntur bumi miwah guntur braja |
guntur ranu myang gunture |
awang-awang puniku |
lamun datan tumama yêkti |
pratandha katarima |
dene cihnanipun |
ingkang datan katarima |
yêkti sirna tanpa sesa ing dumadi |
marma ta wis kaduga ||

17.
Mêdhar ngèlmi gaibing Hyang Widdhi |
saking makatên ing purwanira |
jrih sikuning Hyang Murbèng rèh |
nanging ta puntonipun |
rèh ta sami ngudi wawadi |
mrih siddhine kasidan |
titising pangawruh |
kasampurnaning ngagêsang |
kadipundi mungkêring rèh tekat yêkti |
mrih babaring kamulyan ||

18.
Yêkti wontên upamane anti |
ing pangrêman sarta kang tan lana |
kumalêkêrên dadine |
tan nêtês dadinipun |
tanpa kardi dènnya dumadi |
tiwas tanpa pituwas |
kangelan saumur |
luhung aywa dumadia |
manungsa yèn tan sampurna gêsangnèki |
lir sato tanpa tekat ||

19.
Babukaning carita ing nguni |
karsanira Sang Hyag Girinata |
angumpulkên ing kawruhe |
wit saking mêntas kawus |
kawruh jati kalindhih dening |
Rêsi Kanekaputra |
mila tinartamtu |
ngumpulkên pra kadang dewa |
Rêsi Nrada kalih Bathara Basuki |
tiga Sang Hyang Sriyana ||

20.
Iya iku kang sinêbut nami |
Sang Hyang Panyarikan paparabnya |
kalawan putra kaliye |
BatharEndra dwi Wisnu |
samya tedhak pucaking wukir |
ing ardi Jamusdipa |
dènnya mêdhar kawruh |
sawusing pêpak sadaya |
Sang Hyang Guru ambukani kawruh jati |
ing ngarêp wus binabar ||

Jilid 3 - Kaca : 15

21.
Purwaningkang dumadi rumiyin |
ingkang wrêdha pribadi pan cahya |
anulya dahana rêke |
bantala katrinipun |
catur bayu panca jaladri |
puniku pinabênan |
ing Kanekasunu |
ing pangancas taksih lêpat |
de mangeran marang kahananirèki |
sisip-têmbire dadya ||

22.
Sumurupe têteja sayêkti |
sarta maring kêkuwung wangkawa |
amarga ing sadurunge |
isining rat kadulu |
maksih awang-uwung awingit |
wus ana swara kadya |
gêntha kèlèng ngungkung |
iku Sang Hyang Girinata |
sru anggilut jablasing surasanèki |
Bathara Nrada sigra ||

23.
Mêjangakên ing atur dumêling |
manis tutuk tatasing kang sabda |
Hong Hyang Hyang ulun yêktine |
mênggah ta sagungipun |
kawontênan kèsthi kajatin |
kajatosan punika |
wontên kahanèku |
saksine wontên manungsa |
jagad ingkang manungsa èstu tan pangling |
lawan jagading donya ||

24.
Mila binasakkên sadèrènging |
wontên cahya wus ana suwara |
apindha gêntha kakêlèng |
punika wardinipun |
liring swara ingkang kapyarsi |
yèku bawa jatinya |
gêntha jatinipun |
kantha-kanthining kang warna |
kêkêlèng pan dudunungan jatinèki |
anjinging kang bicara ||

25.
Dununging bawa nèng kantha singgih |
kantha punika sayêkti samar |
samar elok satuhune |
elok gaib liripun |
dene gaib punika mawi |
sasandha kadadosan |
babasaning catur |
nora warna datan rupa |
amimbuhi sipat wawarnèn sakalir |
tan ênggon ora arah ||

26.
Nanging tansah dènnira nglimputi |
sagung ingkang gumêlar nèng donya |
ngandika tanpa lesanne |
muhung nyawa puniku |
(ng)ganda tanpa garananèki |
muhung purba kewala |
myat tanpa netrèku |
muhung saking ing waskitha |
amiyarsa tanpa karnanira kalih |
muhung saking wisesa ||

27.
Myang angraos tanpa raos nênggih |
muhung pangraos sajatinira |
dene ta kosok wangsule |
purwaning ana èstu |
saking ora witipun lair |
saking ing kabatosan |
witing rame èstu |
saking ing ênêng sanyata |
wit gumêlar saking ing sonya sayêkti |
nanging aywa kadriya ||

Jilid 3 - Kaca : 16

28.
Tawang-tuwang tanpa wasananing |
bêbasane mangeran kumandhang |
wusing atur-ulun mangke |
sirik saèstunipun |
anênampik tanapi milih |
kalamun anampika |
ing sadayanipun |
kang gumêlar ngalam-donya |
punapinggih tan ginulung malih-malih |
kalamun amiliha ||

29.
Punapa tan uninga manawi |
sakèhing kang kawontênan apan |
saking gaib sèjatine |
babo ywa nganti kerut |
utamine mandar ngurubi |
myang sampun kawimbuhan |
malah asung wimbuh |
punika kewala cêkap |
dhumatêng ing dunungnya pangèsthi jati |
jatining kauwusan ||

30.
Sigêg ture sang Kanekasiwi |
Sang Hyang Guru sawusing miyarsa |
saklangkung lêga ing tyase |
rumaos yèn panuju |
dènnya darbe pangèsthi bangkit |
kadya Sang Hyang Athama |
ngratoni sawêgung |
de kang nama Hyang Athama |
ing srat Jitabsara panjênêngan Nabi |
ya Adam Abul Awan ||

31.
Sang Hyang Guru nulya dhawuh maring |
para kadang dewa miwah putra |
bisaa ngudhuni ing rèh |
ambawa-rasa iku |
Hyang Basuki wacana aris |
mênggah atur punika |
wus lêrês sadarum |
namung ing pamanggihingwang |
sawêg têlêng dununging pangèsthi jati |
mring Kang Murbèng Gaiba ||

32.
Analisir pantoging kang gaib |
namung dunungipun kang pinurwa |
ing suraos wau dèrèng |
Hyang Guru ngandika rum |
palibaya pantarèng mami |
mara katêrangêna |
babar-pisanipun |
sabda dadining kasidan |
Hyang Basuki mangênjali turira ris |
mêdhar wangsit angandhar ||

33.
Dhuh pukulun saking wasitaning |
guru-ulun Pêksi Rukmawatya |
wukir Mahendra dhepoke |
Hyang Kang Murbèng Baigul |
lajêng murwèng ênur rukyati |
punika cahya gêsang |
sigra risang Ênur |
amurwèng anasir rannya |
gêni bumi angin we punika dadi |
kaananing manungsa ||

Jilid 3 - Kaca : 17

34.
Latu dadya napsune kang jalmi |
martandhani cahya catur warna |
abrit cêmêng jêne putih |
bumi badan jasmanu |
martandhani sakawan warni |
kulit daging myang tosan |
sungsum jangkêpipun |
angin kaananing napas |
pan ing lesan ing grana ing netra kalih |
myang pamyarsaning karna ||

35.
Dene toya dados kaananing |
Êroh catur isining wiryawan |
ing Jitabsara têmbunge |
inggih asrar puniku |
roh jasmani êroh kewani |
êroh nabadi lawan |
roh nurani catur |
punika bilih kawula |
sigêg ture Bathara Basuki sukci |
mangkya Sang Hyang Sriyana ||

36.
Matur alon ring Hyang Odipati |
dhuh pukulun sang Padawinênang |
manawi ing wasitane |
ing gurunadi-ulun |
parab Rêsi Pramana tunggil |
saking pangraos-amba |
langkung tlêsihipun |
ingkang wus kasêbut ngarsa |
pasêmone Sang Hyang kang Amurbèng gaib |
mênggah pralambangira ||

37.
Catur sastra-suwara winarni |
A, I, O, Rê myang antanwyanjana |
sastra tridasa-saptane |
makatên wijangipun |
aksara A[...] mila puniki |
angka sakawan[...] lawan |
aksara SA[...] wau |
mênggah ing pikajêngira |
pan wijining panunggal kawan prakawis |
Bahni bantala bajra ||

38.
Myang baruna wijangipun nênggih |
agni bumi angin miwah toya |
[...] |
dene aksara BA[...] sinung |
cêrêg ngandhap[...] pikajêngnèki |
bayi dene tan sondha |
dados wujudipun |
manungsa ingkang sampurna |
sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih |
aksara O[...] wijangnya ||

39.
Mila aksara WA[...] dènpasangi |
aksara DA[...] mênggah pikajêngnya |
mungêl wêdal ing têgêse |
pan katingal puniku |
aksara Rê[...] wijangirèki |
mila PA cêrêg ngandhap |
paja kajêngipun |
antara ing têgêsira |
sampun jangkêp catur swara têgêsnèki |
gantya wijiling dênta ||

Jilid 3 - Kaca : 18

178 Mijil

1.
Myang wyanjana ing jarwanirèki |
pêpêking ponang wong |
nanging dèrèng mawa repa lire |
mabusana jangkêping pakarti |
lir jabang duk lair |
sing garbaning biyung ||

2.
Muhung Swara pracihnaning urip |
de wujuding karo |
sastra dwidasa lan pasangane |
yèka kang ran dênta-wyanjanèki |
ha na ca ra ka-ki[...] |
sapiturutipun ||

3.
Ha na ca ra ka têgêsirèki |
won duta kinaot |
dunungipun winangsul swarane |
ka ra ca na ha lire puniki |
lesan ngucap ing |
da ta sa wa lè-ku[...] ||

4.
Têgêse Dat kacihna swarèki |
dununging suraos |
wangsul swara la wa sa ta da-ne |
(ng)gih punika pratandha salami |
pa dha ja nya-ki[...] |
lire sami unggul ||

5.
Pan punika pancadriya yêkti |
dununging suraos |
wangsul swara nya ya ja dha pa-ne |
lirnya tan pêgat pangidhêpnèki |
ma ga ba tha ngè-ki[.. .] |
nênggih têgêsipun ||

6.
Babatangan sarira puniki |
wit dadosing kawroh |
dunungipun winangsul swarane |
nga tha ba ga ma têgêsirèki |
ngentha satataning |
ngantarèng Hyang Agung ||

7.
Sajatine wontên manungsèki |
srêngkaraning raos |
liring srêngkara abên-manise |
rasa-rumangsa saliring osik |
kawula lan Gusti |
pamor ing sawujud ||

8.
Dene pasangan pêcahirèki |
ricikan rajah wong |
munggèng angga makatên wijange |
ha[...] lidhah mila dipuntêgêsi |
ngèstokkên sakapti |
awit lidhah wau ||

9.
Anut pakèning karsa sayêkti |
clupakan netra ro |
pasangan-na[...] mila ing têgêse |
katêrangan wit luwakan aksi |
pan karya wênganing |
Hyang Pramana tuhu ||

Jilid 3 - Kaca : 19

10.
Pasangan ca[...] tangan têgsênèki |
kancuhaning batos |
awit tangan dados kancuhane |
osiking tyas nartani pakarti |
ra[...] manik winardi |
sosotya punika ||

11.
Wit têrsandhanira wontên manik |
rahsa sarasèng don |
kang manrangi ing lair batine |
ka[...] cangklakan pundhak dènwêrdèni |
kukuh dene kardi |
pikuwating bau ||

12.
Pasangan da[...] kalamênjing warni |
apanjang kinaot |
wit manjangkên ing jangga wujude |
pasangan ta[...] cangklakaning sikil |
winastan cacêthik |
prênah têgêsipun ||

13.
Dene dadya lalantaran yêkti |
kuwating ngalunggoh |
anartani tata-trapsilane |
pan minangka lambaraning takrim |
antuk suku kalih |
dadya ugêripun ||

14.
Pasangan sa[...] jaja antaraning |
têgêsipun golong |
dene dadya golongan yêktine |
awit jaja dununging piranti |
pirantining urip |
parabot kang parlu ||

15.
Pasangan wa[...] bau ingkang kering |
tinêgêsan karo |
dene dadya kanthi sayêktine |
bau kanan lalawananèki |
jangkêping pakarti |
bau ro puniku ||

16.
Pasangan la[...] gêgêr kanan kering |
têrusan (n)jaba jro |
dene nêrusi jaja ngajênge |
pasangan pa[...] lambe ngandhap nênggih |
mila dèntêgêsi |
patitis puniku ||

17.
Dene bangkit mijilkên sayêkti |
pangucap cumêplos |
tan kalèru tampining osike |
pasangan dh[...] nênggih dèntêgêsi |
dadalan sêjati |
wit dhadha puniku ||

18.
Dados margi pratandhaning urip |
kakêtêg ing jêro |
mangka paliwaraning Atmane |
pasangan ja[...] sandhing thêthêngiling |
jaja dèntêgêsi |
patitis puniku ||

19.
Dene dados pangajênging ciri |
ayu kajêngipun peranganing kono |
aksara ya[...]babau kananne |
tinêgêsan cuthat wit nampèni |
karêntêging ati |
tumindak sakayun ||

Jilid 3 - Kaca : 20

20.
Pasangan nya[...] luwakaning ngaksi |
kang kering kinaot |
mila tinêgêsan mulung lire |
dene bangkit amêngani kapti |
sasmitaning liring |
ngênani panuju ||

21.
Pasangan ma[...] janggut dèntêgêsi |
bundêran wang karo |
aksara ga[...] jangga wingking lire |
agêng dene panggènanning nginggil |
sanginggil angkèki |
kêrêtan pok gulu ||

22.
Pasangan ba[...] pasu wujudnèki |
têgêsira karo |
lire kêmbar nrambahi mukane |
pasangan tha[...] wujuding thi-athi |
tinêgêsan nênggih |
tulising mukèku ||

23.
De mimbuhi asrining suwarni |
antarèng karna ro |
pasangan nga[...] nênggih bolongane |
ing garana mila dèntêgêsi |
pangingsêp wit saking |
panggandasmarèku ||

179 Asmaradana

1.
De cêcêg[...] grana lirnèki |
sami lawan aksara nga |
wulu[...] sirah ing têgêse |
pêpêt[. ..] têgês (m)bun-êmbunan |
layar[...] lirira jaja |
sami lawan ra puniku |
dene cakra[...] têgêsira ||

2.
Midêr lawan amêngkoni |
yèku dhadha têgêsira |
ingaran sawarga lire |
pangiraning tyas punika |
kawêngku jroning dhadha |
marma pasangan dha jumbuh |
pikajênge lawan cakra ||

3.
Taling[...] têgêsira kuping |
tarung[...] thêthêngêling karna |
suku[...] sikil ing têgêse |
kêrêt[...] lire pajalêran |
ingaranan srêngkara |
abên-manis têgêsipun |
marma ingaran mangkana ||

4.
Krana dadi lantaraning |
pacampuring rahsa mulya |
dene wa[...] gêmbung têgêse |
pan punika bau kiwa |
pengkal[...] pan bau kanan |
wignyan[...] cangkêm têgêsipun |
ing dununging pamicara ||

5.
Winastan wisarja nênggih |
lire bêcik klawan ala |
saking tutuk ing margane |
rinan malih awiyarja |
luwih bêcik têgêsnya |
saknya malih têgêsipun |
nut sapakon têgêsira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04) Kaca 13
  • (06) Kaca 21 >