Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 25 – 31

 

( "Sastra Jendra Yuningrat" Ingkang Kajlèntrèhakên - 1 )

f. Hyang Guru ngêmpalakên sakathahing kawruhipun para dewa, kaimpun dados "Sastra Jendra Yuningrat" ingkang kajlèntrèhakên, ananging têtêp dados kêkêraning dewa.


Kaca 25 - 31.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 25

179 Asmaradana

44.
Kasumupan ponang bumi |
dahana maruta tirta |
makatên mênggah dununge |
jasat napsu napas rokyat |
ingkang rumiyin dadya |
ponang rohkyat napas napsu |
kapat jasat kanthinira ||

180 Kinanthi

1.
Sawêg samantên turipun |
dènnya mêdhar sabda rungsit |
Hyang Guru aris ngandika |
èh kulup bênêr sirèki |
apa tan unggul dahana |
de sira unggulkên bumi ||

2.
Luwih asor bumi iku |
yêkti unggul ingkang agni |
Hyang Wisnu matur manêmbah |
sami lêrêsipun ugi |
manawi bangsaning Êjan |
linuhurkên ingkang agni ||

3.
Awit asal saking latu |
luluhuripun saking jin |
Banujan jin Idajila |
ing srat Jitabsara sami |
Sang Hyang Handyan Hyang Banujan |
di Anjiyasmal jibai ||

4.
Hyang Guru malih tanya rum |
balik sira iku kaki |
asalmu saka ing apa |
Wisnu matur mangênjali |
ulun manungsa kajiman |
nanging luhur ingkang saking ||

5.
Manungsa sayêktinipun |
kaliyan kajiman mami |
èh kulup apa ta nora |
rumuhun bangsaning Ngêjin |
lêrês pukulun punika |
nanging tumraping ring mami ||

6.
Miwuh sarira pukulun |
punika rumiyin janmi |
kang awit Sang Hyang Ad-Hama |
Sang Hyang Siwa ingkang ugi |
nama Nabi Sis minulya |
punika manungsa jati ||

7.
sarêng ing dumuginipun |
Sang Hyang Nurcahya ing ngarsi |
nênggih nama Sayid Anwar |
lajêng Sang Hyang Nur-rasèki |
Sang Hyang Wênang Sang Hyang Tunggal |
sirna kamanungsanèki ||

8.
Jisim rohkani sadarum |
tan katon dipuntingali |
sarêng dumugi paduka |
amêngku ing Allamkalih |
sagêd botên katingalan |
sagêd katingal ing jalmi ||

Jilid 3 - Kaca : 26

9.
Amargi kangjêng pukulun |
mangèsthi sagêd ngratoni |
manungsa lir Hyang Ad-Hama |
Hyang Guru ngandika malih |
bênêr kaya tekatira |
amung kanggo mênang êndi ||

10.
Tekatira kang saèstu |
apa manungsa apa jin |
Sang Hyang Wisnu aturira |
ulun angge lair batin |
ing batin manungsa-tama |
ing lairipun pan êjin ||

11.
Wit ulun urutkên èstu |
asale jiwa ragèki |
kamanungsan ulun asal |
saking luluhur pribadi |
mila kangge kabatinan |
amargi jalu pinasthi ||

12.
Dados lalantaranipun |
kang wontênkên jiwa mawi |
mênggah kajiman kawula |
saking ing luluhur èstri |
kang awit Sang Hyang Nurcahya |
kamantu dening Raja Jin ||

13.
Mila punika pukulun |
kawula anggêp ing lair |
èh kulup têlênging tekat |
apa ora anêtêpi |
babasan kabali sura |
myang sungsang buwana balik ||

14.
Bathara Wisnu turipun |
botên ing saèstunèki |
ing ngandhap ing nginggil keblat |
kawêngku ing têngah awit |
wontênipun winastanan |
ing ngandhap tuwin ing nginggil ||

15.
Yèku ancêr-ancêripun |
wontên ing manungsa jati |
Sang Hyang Guru duk miyarsa |
asru karênaning galih |
babo atmajèngsun Suman |
sira anunggal pangèsthi ||

16.
Kalawan ing jênêng-ingsun |
mangkya sira sun wêwahi |
paparaba Narayana |
mratandhani kahananing |
sira manungsa sanyata |
Sang Hyang Wisnu mangastuti ||

17.
Para jawata sadarum |
abipraya nêmbadani |
sasampunira mangkana |
Sang Hyang Wisnu nulya kardi |
ekal cakra dadya tandha |
bundêring santosèng ati ||

18.
Nahan ta Bathara Guru |
sawusira amiyarsi |
ature pra kadang dewa |
lan putra Bathara kalih |
tyas langkung marwata suta |
sinung ilhaming Hyang Widdhi ||

19.
Sadaya sampun kacakup |
datan ana ingkang cicir |
dhawuh wijiling kang sabda |
kadang dewa sadayèki |
myang putranipun bathara |
ing samangkya karsamami ||

Jilid 3 - Kaca : 27

20.
Kumpuling kawruh sadarum |
ingsun dadèkkên sawiji |
minangka wawatoning kang |
kawruh kadewatan adi |
dadiya gêbênganira |
sutèng-ulun Endrapati ||

21.
Nanging ingsun kêkêr kukuh |
sarta ingsun waranani |
lawan hya kongsi kajambar |
sadhengahing manungsèki |
supayane iku haywa |
madhèhkên ing Jawata di ||

22.
Marmane manira asung |
pralambang iku yèn bangkit |
iya dadya manrimanya |
ingkang sarta banjur dadi |
ing Sastra Cêtha priyangga |
ing sadurungira dadi ||

23.
Ing sastra Cêtha puniku |
apan ta ingsun-aranni |
sastra jendra ayuningrat |
pangruwat diyu rasêksi |
wanara salaminira |
dêlahan nunggal jalma-di ||

24.
Iku ta ing lairipun |
dadiya ambêk utami |
mungguh ta ing kabatinan |
dumadiya pancadaning |
sangkan paraning dumadya |
nunggal kawula lan Gusti ||

25.
Mratandhanana saèstu |
kanugrahan ingkang dhingin |
limang ukara kèhira |
dumadi ambêgirèki |
mungguh ta ingkang ingaran |
PANCA PURWANDA pangrawit ||

181 Sinom

1.
Kang dhingin ambêging surya |
kapindho ambêging bumi |
katri ambêging maruta |
catur ambêging jaladri |
panca ambêging langit |
ing sapangkat manèh iku |
aran PANCA DUMADYA |
iku kadadyanirèki |
apan uga tumangkar limang prakara ||

2.
Kang dhingin babaring tigan |
dwi lêpasing sastra-lungit |
tumamaning punglu tri-nya |
catur pêdhang lumaraping |
lima rêmbêsing warih |
ing sapangkat manèh iku |
aran PANCA PRANATA |
dadi pratandhanirèki |
apan uga tumangkar limang prakara ||

3.
Mandhêg iku kang kapisan |
angkêr ingkang kaping kalih |
sumunu kang kaping tiga |
sumulap kaping patnèki |
mamarap ping limèki |
dadi tri golonganipun |
lah para kadang dewa |
lan putra bathara kalih |
kono padha surasanên tranging nala ||

Jilid 3 - Kaca : 28

4.
Kadiparan karêpira |
lawan kadadeyanèki |
nahên para kadang dewa |
locitanirèng panggalih |
bangkit (m)babarkên nanging |
tan sagêd panangkaripun |
tuwin kakalih putra |
asagêd mêcah ananging |
tan kuwawa maradhahi kang surasa ||

5.
Sadaya matur sumangga |
Hyang Guru ngandika malih |
èh kadangingsun pra dewa |
lan putraningsun kalih |
marmanira sirèki |
ywa ngaku pintêr kalangkung |
mundhak kablingêr padha |
kang awit babasaning ling |
jalma pintêr pasthi kasor dening jalma ||

6.
Kang sugih artikêl tatas |
de jalma artikêl awig |
kasor dening jalma ingkang |
inggil luhur misesani |
margi kang Marbèng pasthi |
anamtokkên jênêngingsun |
ginadhuhan wisesa |
lwih kuwasa jênêngmami |
sumurupa dununging andikaningwang ||

7.
Mungguh ambêging kang surya |
amongat têmbungirèki |
jarwane among samoa |
awit ta ananing rawi |
tansah angon sakalir |
ngulatkên sakèh tumuwuh |
tumrape mring pambêgan |
eling dene dunungnèki |
ing pramana dadi nora kasamaran ||

8.
Ambêging bumi winarna |
sun-têmbungkên amot yêkti |
karêpe amot sadhengah |
dene kaananing bumi |
bobot sakèh dumadi |
tumraping pambêkan bakuh |
dununge ing jatmika |
sarira antêng tyas mintir |
ing wasana dadi nora berabeyan ||

9.
Ambêking kanang maruta |
suntêmbungkên kamrat yêkti |
karêpe kamot sabarang |
dene kaananing angin |
tansah katadhah dening |
samoaning kang tumuwuh |
tumrape mring pambêkan |
têmên dene dunungnèki |
aring ingkang napas dadi tan (n)daleya ||

10.
Nahan ambêking sagara |
sun-têmbungkên mamrat yêkti |
karêpe momot tan wêgah |
kaananing kang jaladri |
tan nampik datan milih |
sasarah tumamèng laut |
tumrap pambêkan sabar |
nèng rêrêming rasa jati |
dadi nora pradulèn sugih waonan ||

11.
Kanang ambêking akasa |
sun têmbungkên mangkyat nênggih |
karêpe pamêngku ika |
dene kaananing langit |
datan sah angaubi |
saisining ngrat kawêngku |
tumrap ambêg santosa |
dumunung sarèhing kapti |
dadi nora gimirên karêp sadhengah ||

Jilid 3 - Kaca : 29

12.
Lah ta padha kawruhana |
kumpule pambêkan gati |
among amot kamot miwah |
momot mêngku jangkêpnèki |
dene tumrapirèki |
pambêkan lilima iku |
eling têmên mantêp lan |
sabar santosaning ati |
de dununge pambêkan limang prakara ||

13.
Pramana jatmika ing tyas |
aringing napasirèki |
kalawan rêrêming rahsa |
sarèh ing karsa mumpuni |
mungguh dadinirèki |
pambêkan lilima mau |
tan samar tan dahwènan |
tan sêmbrana lawan malih |
tan panasan tan gimirên pungkasannya ||

14.
Mêdhar kang Panca dumadya |
limang ukara ginupit |
angin babaring antiga |
talika ingsun-aranni |
têtêp karêpirèki |
têtela ing ananipun |
têtêp dadining gêsang |
kawahana tandhanèki |
de tandhane iku ana ing pangrasa ||

15.
Pindho lêpasing kang manah |
ramatas ingsun-aranni |
karêpe tatas naratas |
yèku têdhas anêdhasi |
satuhu anêtêpi |
sangkan paraning tuuwuh |
dene ta pratandhanya |
sonya ruri anartani |
nyatanira ing pamyarsaning kang karna ||

16.
Kaping tri tumamanira |
punglu-mimis sun-aranni |
tumêlêng karêpe apan |
patitis iku ngencoki |
datansah anêtêpi |
marang dudununganipun |
tumanêm pratandhanya |
nyatane lungguhirèki |
anèng lathi iya iku pamicara ||

17.
Kaping pat laraping pêdhang |
maratas ingsun-aranni |
karêpe mring kaputusan |
pêgat tanpa kiwir-kiwir |
babarpisan nêtêpi |
tandha kasampurnanipun |
nyatane ing pangganda |
arum bangêr amis bacin |
arum sêdhêp kanyataan saka grana ||

18.
Ping lima rêmbêsing toya |
tumuhas ingsun-aranni |
karêpe tumus arabas |
iku têrus anêrusi |
dene pratandhanèki |
lingga-bathara satuhu |
jumênêng batharanya |
mungguh kanyataanèki |
ing paningal jangkêp kang Panca dumadya ||

19.
Kumpule kadadyan lima |
têtêp tatas sarta titis |
putus tumus sah lilima |
gênahe lilima maring |
têtela têdhas tuwin |
angincoki pêgatipun |
kanyataaning lima |
kawahana sunya-ruri |
myang tumanêm sampurna lingga-bathara ||

Jilid 3 - Kaca : 30

20.
Nyatane ing kadadeyan |
lilima tan liyan maring |
pangrasa ingkang sapisan |
ing karna kang kaping kalih |
ing lesan kaping katri |
ing grana kang kaping catur |
ing paningal ping gangsal |
kadang dewa putra sami |
sru katrêsan umatur kalajêngêna ||

21.
Odipati mêdhar sabda |
prabawa limang prakawis |
nahan landhêp kang kapisan |
iku sun-aranni lêngit |
marang singit karêmpit |
karêpira iya iku |
mamêdèni wong kathah |
dene uwus anjumbuhi |
kalawan Hyang Maha Suksma Kang Kawêkas ||

22.
Wus anunggal sakaanan |
sarira suksma pribadi |
kapindhone kawaskithan |
wikan purwaning dumadi |
ing agal miwah rêmit |
sawujud Bathara Luhung |
akaprabawan saka |
waskithanirèng panggalih |
kaya-kaya uning sadurung winahya ||

23.
Sumunu kang kaping tiga |
iku lênyêp sun-aranni |
karêpe wingit sanyata |
antêng ruruh anyênênni |
de wus nugraha jati |
Bathara ingkang linubung |
kaprabawanan saka |
sarwa dyatmika ing budi |
nanging nala nêrusi marang sarira ||

24.
Sumulap ingkang kaping pat |
lêmarap ingsun-aranni |
angulapi karêpira |
iya iku (m)balêrêngi |
kang mandêng tan kuwawi |
dene ta uwus saèstu |
rikang sotya-bathara |
awit kaprabawan saking |
anarawang sadaya sarwa pramana ||

25.
Mamarap kang kaping lima |
lêmahab ingsun-aranni |
maladi karêpe ika |
iya iku angurubi |
dene ta wus linêwih |
sajiwa-bathara iku |
wus kaprabawan saka |
sarwa wibawa wiryadi |
uwus ganêp prabawa limang prakara ||

26.
Kumpule prabawa lima |
juga lungit kadwi wingit |
tri wingit ngulabi warna |
kaping limane maladi |
gênahe prabawèki |
kang sapisan iku alus |
mêdèni kapindhonya |
kaping trine anyênênni |
pat (m)blêrêngi amaladi limanira ||

27.
Prabawa ingkang prabawa |
waskitha ingkang rumiyin |
pangrasa ping kalihira |
dyatmika kang kaping katri |
pramana caturnèki |
wibawa ping limanipun |
atusing pangandika |
-nira Sang Hyang Odipati |
myang pra dewa dyan muksa mring pakayagan ||

Jilid 3 - Kaca : 31

28.
Mangkene kang Sastra Cêtha |
mungguh Panca purwandèki |
bumi gêni angin toya |
dadi jasate kang jalmi |
langit ngibaratnèki |
ing alam suwung satuhu |
dene wus kanyataan |
amêngkoni ing dumadi |
de karêpe batin mêngku kalairan ||

29.
Dene ta Panca dumadya |
Pancadriya dunungnèki |
pangraos ingkang sapisan |
pamyarsa kang kaping kalih |
pangucap kang kaping tri |
pangganda kang kaping catur |
paningal kang kaping lima |
sadayèku padha dadi |
trêsandhaning uripe ingkang manungsa ||

30.
Mungguh kang Panca prabawa |
puniku amratandbani |
katarimaning manungsa |
katingaling sarira di |
waskitha têgêsnèki |
lêrêsing pramana èstu |
pangrasa têgêsira |
lêpasing karya sayêkti |
pramana pan lêpasing pandulunira ||

31.
Dyatmika ing têgêsnira |
sênênning cahya mranani |
wibawa têgêse apan |
mêngku sakèh raos jati |
pinêtak lima malih |
sarira-bathara iku |
uwus abadan budya |
sawujud bathara nênggih |
satuhune uwus nunggal warna rupa ||

32.
Nugraha-bathara ika |
uwus ênêng sarta êning |
netra-bathara iku pan |
uwus linêpas ing budi |
sajiwa-bathara di |
wus langgêng kaananipun |
kawula Gusti nunggal |
lah anakmas wus barêsih |
Sastra Jendra unggahe mring Sastra Cêtha ||

33.
Mas Cêbolang matur nêmbah |
nuwun kalangkung kapundhi |
suraosing Sastra Jendra |
Sastra Cêtha amungkasi |
tumuplêg ing maknawi |
saking ing pangraos-ulun |
kinarya lalantaran |
ing agêsang wus nyêkapi |
kantun nyadhang ing kanugrahan kewala ||

34.
Ulun mirêng cacriyosan |
sang Aprabu Majapahit |
Brawijaya kang wêkasan |
wontên santri angaturi |
salin sarengat Nabi |
ananging sang nata puguh |
santri pundi punika |
kang munjuk sri narpati |
miwah kadospundi pangandikèng nata ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 24
  • (10) Kaca 32 – 33 >