Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (21) Kaca 132 – 134

 

( Nglajêngakên Lampahipun Dumugi ing Kajoran )

IX. Mas Cêbolang kalihan para santrinipun sami nglajêngakên lampahipun dumugi ing Kajoran, njujug mêsjid kapanggih lan nyipêng ing griyanipun Kyai Ngabdulmartaka.


Kaca 132 - 134.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 132

205 Dhandhanggula

34.
Mas Cêbolang (n)dhêku lingira ris |
adhuh kyai ywa cuwèng wardaya |
rèhning (m)bujêng sakecane |
ing lampah milanipun |
ulun (m)botên mawi ngêntosi |
pasihan sasarapan |
kyai wisma manthuk |
rèhning dèrèng samya wikan |
prênahipun ingkang badhe dèntingali |
kula ngatêr ing lampah ||

35.
Sru sukèng tyas Cêbolang (ng)gugahi |
mring santrine kang misih anendra |
wus samêkta sadayane |
mintar saking ing dhusun |
Ki Harsana kang anèng ngarsi |
byar praptèng pèrèng dhêkah |
Miniyan jinujug |
sawusira myat talaga |
laju miyat tilas kadhaton yaksa-ji |
nagri ing Parambanan ||

36.
Wusing miyat Cêbolang lingnya ris |
kyai ulun nyuwun sarêrêpan |
Kajoran pundi prênahe |
Harsana lingira rum |
ngalèr ngetan saking ing ngriki |
manawi wontên krajan |
anggamêng lir mêndhung |
ngêngrêng labête kanggenan |
ngulama di kakasihipun narpati |
(n)Jêng Sultan Ngèksiganda ||

37.
Sampun ênggèr samyandum basuki |
sasalaman gantya jawat tangan |
Cêbolang laju lampahe |
Cêbolang myating dhusun |
sing mandrawa kawuryan asri |
pring wulung gêng-gêng papak |
papagêring dhusun |
kalapane abên papah |
turut pinggir jroning pagêr tharik-tharik |
we mili wêning numpang ||

38.
Sabin blêbêg kumêmping ngubêningi |
anaracak bêntêt lêma-lêma |
têgal kalawan sêtrènne |
otèk jèpèn myang jagung |
canthèl wijèn gudhe kaspèi |
katela dhudha-nginang |
sêmangka bêstêru |
ceme timun myang dhêkêman |
lombok terong kacang pêndhêm kacang ruji |
buncis kara mawarna ||

39.
Samya nêdhêng woh sadaya (n)dadi |
ascaryambêg sadaya kang miyat |
baya ta iki bêrkahe |
ngulama mukmin luhung |
kinasihan kang murbèng gaib |
sudibya martotama |
têntrêm tyas rahayu |
anyawabi samubarang |
lagi anon kitrine wus martandhani |
kinacèk ing sasama ||

40.
Ngajêngngakên ing waktu Mahribi |
Mas Cêbolang lawan rencangira |
lumêbêt jro karajane |
gasik kêncêng marga gung |
pala kêpêl ing kanan kering |
masjid agêng katingal |
ing sajawinipun |
capuri prênah duksina |
kilèn regol kidul masjid wismanèki |
naib Ngabdulmartaka ||

Jilid 3 - Kaca : 133

41.
Lagya ayun ngambil toyastuti |
miyat ana dhatêngan lêlima |
nèng plataran masjid gêdhe |
nulya pinaran gupuh |
sasalaman tatanya aris |
kula anilakrama |
dhumatêng mas-putu |
lah sintên ingkang sinambat |
miwah asli tanapi sinêdyèng galih |
Salisir nêmbe miyat ||

206 Salisir

1.
Mas Cêbolang lon lingira |
kawula santri balaka |
saking Kêdhu Margaima |
pun Cêbolang nama kula ||

2.
Rencang sakawan punika |
pun Nurwitri Ki Saloka |
Palakarti Kartipala |
pramila kadara-dara ||

3.
Wit kasok karoban warta |
ngambar lir wrêksa candhana |
(n)Jêng Pangran ingkang minulya |
parab Panêmbahan Rama ||

4.
Manawi pinudyèng karsa |
ulun badhe ngèstupada |
nyuwun barkah sang minulya |
panyirêping mudha harda ||

5.
Ki naib dupi miyarsa |
sukèng tyas alon wacana |
puniku langkung utama |
ing benjing-enjing kewala ||

6.
Kula ingkang angaturna |
mangke dalu kaparênga |
sipêng ing wismakawula |
bilih sampun bakda Ngisa ||

7.
Sadayane kula bêkta |
Cêbolang sumanggèng karsa |
sawusnya wulu anulya |
minggah masjid Alahuma ||

8.
Santri gêng alit kacaryan |
marang kang nêmbe kawuryan |
Mas Cêbolang nulya adan |
tan sarêng Mahrib sunatan ||

9.
Manjing ing wêktu Mahribi |
Ki Nurwitri kang ngamadi |
kaliye swarane adi |
kasmaran ingkang miyarsi ||

10.
Mahrib tumêkane Ngisa |
kang ngimani Ki Martaka |
paragat sasunatira |
pupujiyan mawa donga ||

11.
Bakda donga sasalaman |
santri gung alit bubaran |
samya mantuk sowang-sowangan |
myang lagon puji-pijiyan ||

12.
Allah Nabi palu alim |
Allah Nabi palu alim |
Allah Nabiya nabebe |
ya Nabi Nabi Muhkamad ||

Jilid 3 - Kaca : 134

13.
Iya iman taohid-i |
iya iman taohid-i |
ya makripat ya Islami |
ya makripat ya Islami ||

14.
Ya Ibrahim kalilolah |
Ya Ibrahim kalilolah |
ya Muhkamat kabibulah |
ya Muhkamat kabibulah ||

15.
Iya Musa kalamolah |
iya Musa kalamolah |
ya Umisa ya rohollah |
ya Umisa ya rohollah ||

16.
Iya Adam Abubasan |
iya Adam Abubasan |
ya Muhkamad Arbu Arwan |
ya Muhkamad Arbu Arwan ||

17.
Nahên kimas sarowangnya |
kerit kimas Ngabdultaka |
sapraptanira ing wisma |
pinarnah salu pandhapa ||

18.
Ki Ngabdul malêbèng wisma |
rubiyah lah sudhiyaa |
sugata saananira |
nanging kang rada misrama ||

19.
Aku katamuan santri |
lilima nanging priyayi |
kang siji amêrakati |
pantês darahing têtèki ||

20.
Nyi wisma matur sandika |
wus samêkta sadayanya |
ki wisma maring pandhapa |
myang ngirit sasêgahira ||

21.
Wedang ronning kanang kahwa |
linalapan gêndhis klapa |
nyamikan bêntul binêsta |
gorengan linjik katela ||

22.
Sumangga (ng)gèr sawontênnya |
sasêgahe kaum desa |
tartamtu botên misrama |
muhung panambaking lapa ||

23.
Kang sinung ngling samya (n)dhêku |
sasêgahira lumintu |
nulya lumados kang bucu |
magana sêdhêp kang bumbu ||

24.
Sate gule ulam menda |
majêr kathah gajihira |
samya angêt sadayanya |
sambêl lalaban mawarna ||

25.
Suwawi (ng)gèr awawanting |
bucu gya tinrapan lading |
dèniris tigan gumlinting |
samya kokoh gule kambing ||

26.
Nutug dènnira abukti |
cinarikan sadayèki |
wowohan lumadyèng ngarsi |
dhuku kêpêl lan kêcapi ||

27.
Cêmêngipun alus lumêr |
raosipun anglêg sêgêr |
kang katêmbèn uning (n)jêngêr |
wus samya nêdha anglênyêr ||

28.
Nutug anadhah wowohan |
tamunira binejanan |
prayogine sasareyan |
punapa alêlênggahan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20c) Kaca 124 – 131
  • (22) Kaca 135 – 138 >