Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

(32) Kaca 245 – 253

 

( Sêjarahipun Ki Gêdhe Pandhanarang )

2. Salajêngipun Ki Modin nyariosakên sêjarahipun Ki Gêdhe Pandhanarang wiwit taksih dados bupati Sêmarang engga manjing dados muridipun Kangjêng Sunan Kalijaga, kadhawuhan tilar praja dêdunung ing Têmbayat. Ing margi kabegal, nêdahakên ingkang mbêkta bandha garwanipun kasimpên ing têkênipun. Sasampunipun Nyai kabegal, lajêng dhatêng begal sanèsipun nama Sambangdalan. Dipun wangsuli bilih Ki Gêdhe Pandhanarang botên mbêkta barang pangaos, sang begal nekad tansah bêngok-bêngok. Wêkasan kasabda kados "menda" lan saèstu dados menda, têrus ndhèrèk dumugi Têmbayat, kadhawuhan ngangsu ngisèni kolah. Saking sêtyanipun nêtêpi dhawuh, wêkasan dening Sunan Kalijaga karuwat wangsul dados manungsa, kaparingan nama Sèh Domba. Ingkang jumênêng ing Têmbayat sapunika putranipun Ki Gêdhe Pandhanarang, kasêbut Pangeran Têmbayat.


Kaca 245 - 253.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 245

232 Asmaradana

24.
Uninga suraosnèki |
sasalaman jawat-asta |
toh ing sabên dintên kangge |
nanging pamanggihing manah |
mung saking kalimrahan |
botên nyana yèn kadyèku |
jinèrèng angandhar-andhar ||

25.
wontên malih ri riyadi |
bakdane wulan Ramêlan |
ugi sami marlokake |
pupanggihan sasalaman |
manawi tan pinanggya |
cêkap akintun kinintun |
kintèki mawi sinêrat ||

26.
Minangka wawakilnèki |
silatulrahmi rayadya |
lah kadi pundi kajênge |
Mas Cêbolang lon lingira |
silatulrahmi iku |
têgêsipun apan nyambung |
katrêsnan trusing wardaya ||

27.
A la dalah manggih malih |
adhi botên pisan-pisan |
yèn gunggung amrih pakolèh |
nitik antaraning budya |
sanès santri walaka |
rapal makna murat putus |
suraose wus tan kewran ||

28.
Sanès têtêmbungan santri |
kêdale wong ahli-praja |
dhèmês luwês tan tumpangso |
punapi sampun angambah |
ing nagri Ngèksiganda |
Mas Cêbolang lingira rum |
sampun nanging mung sakêdhap ||

29.
Kakang kula nyuwun uning |
(n)Jêng Susunan ing Têmbayat |
saking ing pundi asale |
dene gung karamatira |
sokur bilih miyarsa |
lampahane duk rumuhun |
ing nalika sugêngira ||

30.
Sahabodin amangsuli |
criyose swargine bapa |
makatên lalampahane |
pangagêng nagri Samarang |
Ki Gêdhe Pandhanarang |
bangsanipun bandha-bandhu |
bèr donya tan siya-siya ||

31.
Tiyang mardagang sanagri |
[.
.
.
] |
Sêmarang ngêmplang nora rinèwès |
kawarna-a Kangjêng Sunan |
Kalijaga wus wikan |
yèn badhe wali linuhung |
ngèlmu dèrèng tinarbuka ||

32.
Ki Gêdhe cinoba nuli |
(n)Jêng Sunan mindha kawula |
sade kambèngan karyane |
nanging jroning alang-alang |
dinèkèkau buntêlan |
slangkung kèthèng kathahipun |
(n)Jêng Sunan nulya mring pasar ||

33.
Ki Gêdhe winuwus malih |
lumampah dhatêng ing pasar |
angungak saliring wudhon |
[.
.
.
] |
nulya mring Kangjêng Sunan |
pira rêgane sapikul |
paman alang-alangira ||

Jilid 3 - Kaca : 246

34.
(n)Jêng Sunan aturira ris |
rêgane kambêngan kula |
inggih mung salawe kèthèng |
botên kenging dipun anyang |
yèn botên papajêngan |
inggih kula bêkta mantuk |
Ki Gêdhe gumujêng suka ||

35.
Wuwuse asêmu manis |
pathok bangkrung sira paman |
lah sun-têmpuh sarêgane |
payo sira atêrêna |
marang ing wismaningwang |
Ki Gêdhe nulya umantuk |
(n)Jêng Sunan ngrêmbat kambêngan ||

36.
Wus prapta ing wismanèki |
Ki Gêdhe ambayar uwang |
kathahe salawe kèthèng |
pan sarwi angling wawêkas |
paman adol kambêngan |
lamun akèh tunggalipun |
sun tuku kabêh atêrna ||

37.
(n)Jêng Sunan aris nauri |
inggih kyai benjing-enjing |
kula ngatêr kambêngane |
Kangjêng Sunan nulya kesah |
Ki Gêdhe prentah karya |
wuwunge gêdhoganipun |
alang-alang gya ingudhal ||

38.
Kinarya wuwung udani |
buntêlan yatra nèng têngah |
salangkung kèthèng kathahe |
katur marang Ki Dipatya |
kambêngan isi arta |
Ki Dipati aris muwus |
iki artane si paman ||

39.
Binuntêl dene akèri |
anèng jroning alang-alang |
baya lali paman kae |
wus pinasthi bêgjaningwang |
têtuku tan kelangan |
ing dalu datan winuwus |
injange ingkang winarna ||

40.
Ki Gêdhe Samarang linggih |
anèng ing dalêm pandhapa |
ingayap pawongan akèh |
Ki Dipati arsa dhahar |
kinarya sasarapan |
dhaharan wus munggèng ngayun |
ngadhêp wedang tinepasan ||

41.
Kang namur-kawula prapti |
(n)Jêng Susunan Kalijaga |
sarwi mikul kêmbêngane |
ngirit marang plataran |
dening kang jagi lawang |
Ki Dipati priksa muwus |
lah paman age linggiha ||

42.
(n)Jêng Sunan alon alinggih |
ngèmpèr kidul prênahira |
sarwi ngadhêp rêmbatanne |
ngêntosi dènnya sarapan |
Dipati ing Samarang |
wus linorod ambêngipun |
kanthi lorod sasarapan ||

Jilid 3 - Kaca : 247

233 Kinanthi

1.
Ki Dipati ngandika rum |
dhatêng kang amindha kuli |
esuk têmên (ng)gonmu prapta |
wismamu apa tan têbih |
kang namur-lampah ris mojar |
inggih têbih wisma-mami ||

2.
Ngardi Jabalkat rannipun |
Ki Dipati angling malih |
dene adoh wismanira |
lah ngêndi pondhokirèki |
tan mawi pondhok kawula |
(n)duduk saking wisma enjing ||

3.
Ki Gêdhe gawok kalangkung |
miyarsa aturing kuli |
aglis dènnya ngambil arta |
salawe kèthèng kèhnèki |
ingulungkên wus tinampan |
(n)Jêng Sunan angling mlas-asih ||

4.
Bilih kaparêng ing kalbu |
kawula anyuwun ngêmis |
inggih salila sampeyan |
karêpa maring Hyang Widdhi |
Ki Dipati ngambil arta |
sakèthèng nguncalkên aglis ||

5.
Maring (n)Jêng Sunan linuhung |
tibèng jobin anèng ngarsi |
sang mindha alon lingira |
ulun tan angêmis picis |
tangèh rêmên donyabrana |
yèn parêng panyuwun-mami ||

6.
Ungêling bêdhug masjid gung |
Ki Dipati ngucap bêngis |
lêngguk têmên paman sira |
tan rêmên bandha sakèpèng |
iku gêmpalaning reyal |
reyal gêmpalaning rukmi ||

7.
Mung (n)jaluk unining bêdhug |
mangsa bêdhug antuk anggris |
sang pindha kuli lingira |
ywa makatên Ki Dipati |
tan sae dintên akirnya |
ywa mangeran dunya picis ||

8.
Dados brahala satuhu |
nir manggih swarga linuwih |
wong mangeran marang dunya |
pêtêng tumêkaning takdir |
kaalingan ing brahala |
tangèh antuk swarga jati ||

9.
Jênênging kita satuhu |
anèng donya boya lali |
pinasthi umantuk marang |
ajal rahmating Hyang Widdhi |
kêkêl nèng ngriku kewala |
paran yèn datan pinikir ||

10.
Têbih kapengin katèngsun |
sugih dunya lir dipati |
ngapirani têmbenira |
yèn antuk swarga linuwih |
mulya-mulyaning kawula |
barang kang cinipta dadi ||

Jilid 3 - Kaca : 248

11.
Nèng dunya upaminipun |
anggaota pitung warsi |
pan taksih kenging winilang |
de (ng)gaota nèng swarga-di |
sagacrokan mas sasingkal |
sumangga ingkang pamanggih ||

12.
Ki Dipati mèsêm muwus |
(ng)gadêbus si paman iki |
kaya wong wus wêruh swarga |
lamun wêruha sirèki |
boya adol alang-alang |
lan boya anêmbung ngêmis ||

13.
Pasthi krasan nèng swarga-gung |
(n)Jêng Sunan aris mangsuli |
yèn manira rêmên êmas |
nora susah angruwati |
anggêdhug mangsa danguwa |
ngambil êmas saking siti ||

14.
(n)Jêng Sunan dyan nyandhak pacul |
mring plataran macul siti |
sagacrokan nulya dadya |
mas sasingkal agêngnèki |
ingulungkên mring Dipatya |
lah niki rukmi swarga-di ||

15.
Pinaringkên mring sirèku |
nulya mudhun Ki Dipati |
tumingal êmas sasingkal |
mancorong kèh tunggilnèki |
anjêngêr tan sagêd ngucap |
ing tyas sakalangkung ajrih ||

16.
Êmas winangsulkên gupuh |
mring siti wus tan katawis |
Ki Dipati saya wêwah |
ajrih asih trusing galih |
cinandhak ki namur-lampah |
kinanthi minggah pandhapi ||

17.
Ingaturan jajar lungguh |
ngrarêpa umatur aris |
niti warti tatakrama |
nuwun gunging pangaksami |
saking sangêt kalêpatan |
angina samèng dumadi ||

18.
Ing mangke kiyai ulun |
asrah jiwa-raga yêkti |
kawula angèstupada |
anglampahi ing satuding |
sakit praptamirèng pêjah |
sumangga ing asta kalih ||

19.
Amung ing panuwun-ulun |
tumuntên tampiya kang sih |
èwêting tiyang tumitah |
manawi kasêlak lalis |
(n)Jêng Sunan marwata-suta |
pangandikanira manis ||

20.
Yèn têmên-têmên sirèku |
arsa (ng)gêguru mring mami |
manira nêdha pratandha |
patang prakara kèhnèki |
ngibadaha salaminya |
angadêgna iman sukci ||

21.
Lan nginguwa santri kaum |
Islama wong sak-Sêmawis |
mulyakna bêdhug lan langgar |
dene ingkang kaping kalih |
(n)dika jakat lawan lila |
wit dunya akèh pan wajib ||

Jilid 3 - Kaca : 249

22.
Jinakatakên puniku |
dimurwatta lawan adil |
lawan kaping tiganira |
kêdah sumingkir sakalir |
kadunyan myang kawiryawan |
kang dadya bancanèng pati ||

23.
Wasana kang kaping catur |
kesah sing wismanirèki |
anuntumakên bêdhiyan |
mring wismaning gurunèki |
yèn têmên yun puruita |
(n)dika maring jênêng-mami ||

24.
lajêng nusula maringsun |
maring ing Jabalkat wukir |
Ki Gêdhe aris aturnya |
ing pundi pêrnahing wukir |
lan tuwan sintên sinambat |
(n)Jêng Sunan mèsêm lingnya ris ||

25.
Tanah Têmbayat puniku |
Sèh Malaya aran-mami |
(n)Jêng Sunan wusing ngandika |
linggar mentar tan kaèksi |
Ki Gêdhe dumadya rimang |
datan anyana samênir ||

26.
Katêkan wali panutup |
ginagas saya ngranuhi |
pupuntonaning wardaya |
pan arsa tumulya maring |
asrama arga Jabalkat |
ketang dhawuhe sang yogi ||

27.
Ki Adipati dyan kondur |
pinanggih garwa myang siwi |
mêdharkên ing karsanira |
dènnya yun mahas ngasêpi |
mituhu tuduh minulya |
rajabrana gya winaris ||

28.
Mring garwa myang putranipun |
kadang warga miwah abdi |
tanapi sudhiya jakat |
mring sanggyaning pêkir miskin |
praja pinasrahkên marang |
ing ari kinèn mandhiri ||

29.
Myang nêtêpkên dhawuhipun |
wawêling (n)Jêng Sunan Kali |
adan pamit mring pra garwa |
tanapi putra myang ari |
garwa kang sêpuh priyangga |
lumuh tinilar ing laki ||

30.
Kêdah tumut ing sapurug |
prasêtya sabaya-pati |
tuluse mangèstupada |
ing donya praptaning akir |
Ki Gêdhe kalintang wêlas |
panyuwunne dènlilani ||

31.
Ngandika dhuh sang (m)bêg sadu |
nyai yèn mèlu mring mami |
aywa sira (ng)gawa brana |
wêwalêre sang ayogi |
wit iku dadi brahala |
mamêtêngi jaman lalis ||

32.
Lamun sira adrêng mèlu |
salinna busana putih |
kang garwa matur sandika |
mulya sira Ki Dipati |
amangagêm sarwa pêthak |
wusing atus amamêling ||

Jilid 3 - Kaca : 250

33.
Tumindak risang nahên kung |
pribadi tan mawi dasih |
sumêdya amati-raga |
lastari dènnya lumaris |
Nyai Gêdhe atut-wuntat |
panganggone sarwa putih ||

34.
Wuluh gadhing têkênipun |
ingisenan sosotya-di |
miwah lantakan kancana |
kêbak ingkang wuluh gadhing |
ngati-yati pangrêksanya |
pakèwête wong lumaris ||

35.
Tan weca ing kakungipun |
angodhol wontên ing wingking |
ajrih lamun kauningan |
(ng)gènnya (m)bêkta barana-di |
mring laki sang adipatya |
sangêt dènnira malêri ||

36.
Kang raka apan wus (n)dulu |
isine kang wuluh gadhing |
ananging api tan wikan |
kêbat dènnira lumaris |
kang garwa (ng)grèndhèl tinilar |
repot labêting pawèstri ||

37.
Lêpas kalih lampahipun |
kapungkur nagri Samawis |
praptèng wana tarataban |
lan dhusun radi kapering |
Ki Gêdhe ing Pandhanarang |
kapêthuk tyang ngadhang margi ||

38.
Titiga anèng dêlanggung |
ambêbêgal karyanèki |
ngandhêg risang (n)don lumampah |
hèh paman mandhêga dhingin |
aku (n)jaluk angsal-angsal |
Ki Gêdhe aris nauri ||

39.
Tan (ng)gêgawa lakuningsun |
yèn sira kurangan bukti |
wuri ika rabiningwang |
anggawa barana adi |
nèng têkên wuluh wadhahnya |
rêbutên kang wuluh-gadhing ||

40.
Aja (ng)gêpok awakipun |
dènkêna kang wuluh-gadhing |
pasthi tuwuk tyang titiga |
Ki Gêdhe lajêng lumaris |
katri begal wus samêkta |
prayitna ngadhang nèng margi ||

41.
Nyai Gêdhe nulya langkung |
têkênne rinêbut kêni |
Nyai Gêdhe gya lumajar |
anangis nututi laki |
Kyai Gêdhe tulungana |
tyang titiga salah kardi ||

42.
Katêlah karaning dhusun |
Salahtiga praptèng mangkin |
ya ta wuluh dyan pinêcah |
èstu isi barana-di |
dinar jêne lalantakan |
tri begal suka tan sipi ||

43.
Pinara tiga wus rampung |
nulya wontên dhatêng malih |
aran Kyai Sambangdalan |
kasèp tan mèlu dèn-dumi |
winartan marang kang angsal |
iku tututana aglis ||

Jilid 3 - Kaca : 251

44.
Têkênne kang lanang durung |
kêna dak-rêbut wong katri |
lagi kang wadon kewala |
kang lanang lumaku dhingin |
gugup wau Sambangdalan |
nututi ingkang lumaris ||

45.
Nahên ta ingkang lumayu |
anututi marang laki |
têbih dènnira kacandhak |
Nyai Gêdhe asru nangis |
sasambate amlasarsa |
baya lali marang mami ||

46.
Adarbe rabi wakingsun |
nora karsa anulungi |
tega têmên nilar ingwang |
Ki Gêdhe amuwus aris |
yayi tan mituhu wêkas |
silip anggawa sotya-di ||

47.
Majade mangsa dha wêruh |
nèng sajroning wuluh-gadhing |
suprandene kawêruhan |
mung têkênnira pinilih |
lah wis sira narima-a |
wong pinundhut mring kang kardi ||

48.
Lah payo anènga ngayun |
ingsun kang lumakyèng wuri |
nulya lajêng lampahira |
ucapên ingkang nututi |
Sambangdalan nulya prapta |
angrêbut têkênnya cis ||

49.
Wus sinungkên têkênnipun |
kayu sandhang tanpa isi |
tinampik nulya tinampan |
têkên wangsul mring dipati |
ki Sambangdalan angucap |
paman (n)jaluk olih-olih ||

50.
Ki Gêdhe nulya amuwus |
ingsun nora olih-olih |
Sambangdalan pan amêksa |
minta dinar lan rêtna-di |
yèn tan suka ingsun rêbat |
ywa nganti ingsun-gêbugi ||

51.
Kyai Gêdhe malih muwus |
andalarung sira iki |
kaya wêdhus ambêkira |
tan ngêjêp ujaring jalmi |
Sambangdalan malih warna |
wêdhus dumba gêng ainggil ||

52.
Ki Dipati awas (n)dulu |
yèn kang begal malih warni |
langkung jrih lajêng lumampah |
punang dumba anututi |
tan uning yèn malih warna |
maksih ngucap kadi jalmi ||

53.
Nulya nyabrang lèpèn agung |
tan sagêd ngadêg nèng warih |
lawan wruh wayangannira |
angrasa yèn malih warna |
nulya nangis asrah tobat |
têmbung manis atut-wuri ||

Jilid 3 - Kaca : 252

234 Dhandhanggula

1.
Kyai Gêdhe dènnira lumaris |
sampun prapta ing tanah Têmbayat |
mênggah wukir Jabalkat-e |
amanggih dhusun agung |
datan wontên lèpèn myang prigi |
lan manggih masjid pelag |
alit wingit bagus |
nèng ngriku dènnya dhadhêkah |
wukir Jabal satètès tan ana warih |
Sambangdalan ngawula ||

2.
Miminta sih mulyaning kang warni |
sinung karya ngisèni padasan |
tan tinutup pancurane |
datan linilan turu |
lamun dèrèng (m)bludag kang warih |
padasan êncèhika |
gêngnya tigang prangkul |
sapanggayuh inggilira |
rintên dalu tan kèndêl dènnya ngisèni |
pangambile kang toya ||

3.
Tumurun ring lèpèn radi têbih |
pinarantèn pambêktaning toya |
mituhu ing saprentahe |
awrate ing panuwun |
mantuk angsal jalma sajati |
ing têmbe wus sinêdya |
lajêng angguguru |
wus sapta ri nèng Jabalkat |
tanpa nendra muhung ngangsu rina wêngi |
padasan nora kêbak ||

4.
Nulya rawuh (n)Jêng Susunan Kali |
têtêkên cis lênggah sela gilang |
Ki Dipati lan nyaine |
mangaraspada gupuh |
Sambangdalan (n)dhèrèk ngabêkti |
(n)Jêng Sunan angandika |
dene iku wêdhus |
bisa ngucap tatajalma |
paranbaya kang dadi purwaning nguni |
pun Dumba matur nêmbah ||

5.
Borong angga sumangga sang yogi |
(n)Jêng Suhunan aris angandika |
bênêr aturira jêbèng |
mula sira dèn-kawus |
tobata ring Kang Maha Sukci |
minta-a pangaksama |
nir ing cintrakamu |
jatining tuhu manungsa |
ya muliha marang asalira jalmi |
sabdaning wali-tama ||

6.
Sambangdalan cintrakanya wus nir |
mulya jati jatining manungsa |
sumungkêm pada pamase |
sukanya tan cinatur |
Sunan Kali têkênnya êcis |
dinudut nulya mêdal |
toya wêning mancur |
kinèn anambaki sarya |
blumbang alit lêstantun ngantos samangkin |
sabdaning wali mulya ||

7.
Datan kenging lokak kanang warih |
nadyan nuju ing mangsa katiga |
botên suda ing wêdale |
karamat wali luhung |
Sunan Kali ngandika malih |
dhumatêng Ki Dipatya |
ing samêngko kulup |
wus manjing wali nujêmba |
ingsun asung kakasih sira samangkin |
Pangeran ing Têmbayat ||

Jilid 3 - Kaca : 253

8.
Ngislamêna sakathahing jalmi |
ingkang isih nut agama lawas |
lawan têtêpa nèng kene |
wruhanta masjid iku |
têka Mêkah asalirèki |
angadêgna Jumuwah |
lan maninge kulup |
Sambangdalan mantêp sêtya |
apuranên sakèhe dosanirèki |
dadiya sabatira ||

9.
Ingsun asung aran ing samangkin |
Sambangdalan jênênga Sèh Dumba |
nêmbah sandika ature |
wasana kalihipun |
Kangjêng Pangran lan sabatnèki |
kalihe gya winêjang |
sampunne kacukup |
Sunan Kali tan katingal |
lah punika criyose bapa ing nguni |
Jêng Pangran kang wus swarga ||

10.
Mas Cêbolang miwah catur santri |
suka-rêna miyarsa carita |
Cêbolang alon dêlinge |
mênggah samangkenipun |
kang jumênêng wontên ing ngriki |
adhi (ng)gih putranira |
ingkang sampun marhum |
nama ugi (n)Jêng Pangeran |
ing Têmbayat lumastari kadi nguni |
ngluluri kang wus swarga ||

11.
Mila botên têdhak maring masjid |
kala wau sabakdaning Ngasar |
wontên dhatêngan tingale |
priyantun ing Mantarum |
sampun ciklu tan mawi kanthi |
padatan kang mangkana |
amung Kyai êmpu |
Anom Dhatuk ing Mataram |
Mas Cêbolang èngêt pangandikane Ki |
Ajar Kapurun arga ||

12.
(n)Jêng Pangeran ing Têmbayat sami |
lawan Panêmbahan ing Kajoran |
pan samya winênangake |
amêjang ngèlmi luhung |
têrang saking dhawuh narpati |
locitaning wardaya |
pama sesuk-esuk |
ulun sowan (n)Jêng Pangeran |
kabênêran pinanggih Kinom Mantawis |
wasana lon lingira ||

13.
dhatêng ulun ing Têmbayat riki |
padatan kang sampun kalampahan |
punapi inggih angangge |
linapurkên (n)Jêng Ulun |
Sahabodin saha nauri |
tamtu atur uninga |
pancèn kala wau |
pangangkah bilih (n)Jêng Pangran |
têdhak Mahrib (ng)gènulun ngaturi uning |
wasana datan têdhak ||

14.
botên wande ulun dèndukani |
wit katamuan tan atur uninga |
Cêbolang alon dêlinge |
aksamanta kang agung |
ulun dadya jalaran runtik |
ing dintên benjing-enjing |
bilih kakang lapur |
ngiras mamitakên pisan |
kula ngantos wontên ing srambi rumiyin |
ki marbot suka-rêna ||


kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (31) Kaca 241 244
  • (33) Kaca 254 >