Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (38) Kaca 300 – 306

 

( Wataking Wanita Katitik Dintên lan Pêkênan Lairipun )

1. Wataking wanita katitik dintên lan pêkênan lairipun.


Kaca 300-306.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 300

246 Kinanthi

1.
Nurwitri megos mangayun |
tatanya ririh mrakati |
dhuh kyai panuwunkula |
mugi (n)dhangankên panggalih |
kaparêng paring sêrêpan |
mênggah wirasating jalmi ||

2.
Piridan wêdalan wau |
rèhning ulun dèrèng rabi |
têmbe yèn wus darbe kajat |
ngupados ingkang prayogi |
bilih kaslêpêging karsa |
tyas narimah wus nyêrêpi ||

3.
Ki Wanakarta lingnya rum |
thole pamintanirèki |
iku kalangkung prayoga |
wong anom nêtêpi wajib |
kang awrêda sung barêkah |
sakadare mrih prayogi ||

4.
Ana dhawuhing Hyang Agung |
mring musanip kinèn nganggit |
wirasatirèng manungsa |
krana wong lanang puniki |
labête kênèng ganjaran |
saka baturing pawèstri ||

5.
Manungsa wirasatipun |
mêtu saking wêtonnèki |
yèn Jumngah Pon wêtonnira |
tan sabar kaku kang budi |
sru wani maring wong tuwa |
lan nora sinungan sugih ||

6.
Jumngah Wage wêtonnipun |
yèn bêcik luwih utani |
yèn ala ngluwihi ala |
granyah nging micarèng ngèlmi |
adhêmên panggawe ngiwa |
tan ajêg pikirirèki ||

7.
Yèn maksih anyar anggunggung |
yèn wus lawas dènalani |
Jumngah Wage pan têrkadhang |
sandhungane larang siwi |
nanging sok sinungan donya |
jinurung rijêki eblis ||

8.
Jumungah Kliwon puniku |
pantês yèn kinarya rabi |
pêpikiran rada lumrah |
mring wong tuwa asring bêkti |
nging rada wani wong lanang |
jinurung sugih rijêki ||

9.
Têka pati marang kakung |
amituhu pituturing |
maratuwa kang prayoga |
lawan bêtah asêsirih |
sandhungane wong puniki |
padonne ambuntut-arit ||

10.
Jumngah Lêgi wêtonnipun |
kang pasthi laki ping kalih |
pipikiran tan antêpan |
kêncêng ngarêp kêndho (m)buri |
lan takdirira Hyang Sukma |
kudu laki kaping kalih ||

11.
Kang tan kapanggih ing laku |
pangiwane sok andadi |
anging karsaning Hyang Suksma |
lan lakine pêgat mati |
yèn ala ngluwihi ala |
yèn bêcik luwih utami ||

Jilid 3 - Kaca : 301

12.
Jumngah Paing wêtonnipun |
imul watake ngaruwit |
saenan nora prasaja |
kêlire akarya bêcik |
ing lair têmah isinan |
dadya imul tan katawis ||

13.
Arang kang mlêmpêng puniku |
kang wus kalêbu ing tulis |
iku padha apilêna |
nging kanthi kalawan takdir |
yèn wus pinasthi jodhonya |
cumadhong karsa Hyang Widdhi ||

14.
Yèn Sabtu Pon wêtonnipun |
watêke anyudagari |
sabarang kang dipunrêmbag |
etunge kudu (n)tuk bathi |
antuk sih kalawan priya |
padune jantra lumaris ||

15.
Lumuhan ing lairipun |
kabrabeyan jroning ati |
mamah marang bapa biyung |
mring kakung tan nganggo wêdi |
dhat-nyêng yèn karo wong lanang |
wani lan wêdi kèh wani ||

16.
Wêton Saptu Wage iku |
watêke sok lêpas budi |
tur rada jrih sihing priya |
sumingkir karya kang juti |
sandhungane sok asusah |
lan kêrêp pêtêngan ati ||

17.
Saptu Kaliwon puniku |
lumuhan sabarang kardi |
lan tampan nora prasaja |
mring lakine datan wêdi |
Sêtu Kliwon watêkira |
rada jail ambêsiwit ||

18.
Saptu Lêgi wêtonnipun |
kakonatèn sarta bêngis |
mamah maring bapa biyung |
nanging rijêkine mintir |
lan sinung awig wong ika |
sandhungane larang siwi ||

19.
Saptu Paing wêtonnipun |
yèn bêcik luwih utami |
karêm marang ing ngèlmu kak |
ananging sapuluh siji |
ingkang pasthi watakira |
ingkang wêton Saptu Paing ||

20.
Lumuhan nging dhêmên padu |
nora sabar nanging bêngis |
lawan anyudakkên drajat |
adat mring laki sru wani |
tan trima laki sapisan |
pasthi kudu kaping kalih ||

21.
Têrkadhang laki ping têlu |
yèn tan mangkono kang pasthi |
kang lulus krama sapisan |
rada karêm marang ngèlmi |
nging takdirira Hyang Suksma |
lan lakine pêgat mati ||

22.
Wus ganêp wirasat Saptu |
gantya malih kang winarni |
kaki padha angèstokna |
kang wus kalêbu ing tulis |
kang wêton Akat punika |
ingkang dhihin Akat Paing ||

Jilid 3 - Kaca : 302

23.
Kakonatèn watêkipun |
padune ambuntut-arit |
jalukan nora weweyan |
nanging sangêt angikibi |
dhêmên nglong lumuh kelangan |
bèr bujakrama ing lair ||

24.
Nanging karsane Hyang Agung |
rijêkine sinung mintir |
amung nora duwe basa |
dilalah drajate inggil |
krana Akat Paing ika |
nahase Hyang Odipati ||

25.
Duk asalira kasiku |
dènnira Hyang Maha Tinggi |
ing dina Akat Paingnya |
yèn nora ibu ya rami |
wêton Akat Pon punika |
bêngis lawan kakuati ||

26.
Bêkti laki watêkipun |
sabarang watak satiti |
lan bisa momong sudara |
Akat Pon watêke bêcik |
adate têka mlaratan |
rada bêgjane sathithik ||

27.
Wêton Akat wage iku |
rêsikan sabarang kardi |
sumingkir karya kang ala |
kalawan bêkti ing laki |
yèn dêdana nora prênah |
rada bêgjane sathithik ||

28.
Wêton Akat Kliwon iku |
lumuhan sabarang kardi |
drêngki imul tanpa prênah |
satêmah kaku ing budi |
dhêmên panggawe mangiwa |
adoh bêgjane sathithik ||

29.
Wêton Akat Lêgi iku |
watêke sok lêpas budi |
lawan mantêp nging lumuhan |
candrane rabiya malih |
gêdhe bêgjane wong ika |
ngunggahkên drajating laki ||

30.
Akat wirasate sampun |
pilihên salah sawiji |
lamun ana ingkang nimpang |
saka ing wirasat iki |
iku ganjararing Suksma |
wijile sapuluh siji ||

247 Mijil

1.
Wite bêcik dadine ajuti |
kang mêtu Sênèn Pon |
pan wus pasthi amindho lakine |
datan trima sapisan yèn laki |
kudu ngaping kalih |
tan cidra puniku ||

2.
Lamun pinèt iriban sathithik |
lanang tuwin wadon |
suwe-suwe tan nana bedane |
iya lanang iya ta pawèstri |
dangu-dangu sami |
ya wirasatipun ||

Jilid 3 - Kaca : 303

3.
Sênèn Wage bêgjane sathithik |
imbuh lantap dhoso |
nanging bisa momong wong tuwane |
rada bêkti nglaki sawatawis |
nging sandhunganèki |
rada dhêmên padu ||

4.
Jêmbar budi tunggali kakalih |
de kang Sênèn Kliwon |
doyan mangan drêmba imul saèn |
rada kabluk sarta ambêsiwit |
kawirangan mintir |
wêdi marang kakung ||

5.
Dene ingkang mêtu Sênèn Lêgi |
lêmês têka dhoso |
kêbrangasan arosa budine |
nora sukak kumpulan sasami |
kudu angungkuli |
barang kudu punjul ||

6.
Rama ibu yèn luput tan wani |
yèn bênêr ambêkos |
lamun krama wêdi ing lakine |
pan jinurung bêgjane sathithik |
nanging tunggak-sêmi |
padon kêndho pungkur ||

7.
Dene ingkang wêton Sênèn Paing |
padone angganthol |
lêmês luwês sugihan watêke |
lan keringan carobo ing bêcik |
nanging Sênèn Paing |
krêp pêtêngan kalbu ||

8.
Dina Sênèn wus têlas tiniti |
dèneling sutèng-ngong |
Salasa Pon kang winuwus manèh |
yèn wanodya rada bêkti nglaki |
sandhungane mintir |
lilan cangkêm karut ||

9.
Sinung awit tur pikire bêcik |
miturut sapakon |
tur angêmbang cêpaka watêke |
lamun kakung wêdi marang èstri |
yèn gung bêgjanèki |
sandhungan tan tutug ||

10.
Slasa Wage wirasatirèki |
antuk sihing uwong |
kadya wuni iku upamane |
yèn andulu warnane kang wuni |
ithêng pan sêmu brit |
pinangan (n)jêngkêrut ||

11.
Kèh kapencut miyrsa dera ngling |
wruh sarane mlengos |
mring lakine sathithik wêdine |
sugih prentah bojane tan mintir |
lantap bêngis nanging |
nora pintêr padu ||

12.
Ati gêdhe bêgjane sathithik |
awit saka dhoso |
dhêmên ngiwa wong iku watêke |
sandhungane kêrusakan pikir |
rada murka kêdhik |
padon kêndho pungkur ||

13.
Têrkadhangan sok alarang siwi |
de Salasa Kliwon |
pan wus takdir Hyang Suksma karsane |
kudu-kudu laki kaping kalih |
kang tan ngaping kalih |
nuli pêgat lampus ||

Jilid 3 - Kaca : 304

14.
Patrap sarèh dhoso jroning ati |
sabare kang katon |
adrêng darung yèn ana karsane |
bêkti laki wiwah rama wibi |
wasis acariwis |
wêkêl karyanipun ||

15.
Dene ingkang mêtu Slasa Lêgi |
pikire lir botoh |
apan jêmbar budine wong kuwe |
kabrangasan kawirangan mintir |
tur bêgjane kêdhik |
lumrah mring sadulur ||

16.
Dene ingkang mêtu Slasa Paing |
watak bêngis dhoso |
sok sugiyan wong iku watêke |
reka blaba tur têmêne cêthil |
kawirangan mintir |
rada dhêmên padu ||

17.
Dina Salasa titinya Paing |
gantya dina Rêbo |
yèn Rêbo Pon krêp pêtêngan atèn |
juwèh mênêng nora duwe uni |
lamun arsa muni |
lir gêlap kasandhung ||

18.
Sandhungane sok alarang siwi |
yèn tumandang dhoso |
yèn ta rama ibu nora darbe |
pan jinurung rijêkine mintir |
padon (m)buntut-arit |
tan wruh ing sadulur ||

19.
Rêbo Wage wawatêke bêcik |
nanging laki pindho |
pan keringan sapadha-padhane |
crobo nanging rada bêkti laki |
alila mring bukti |
barang cangkêm karut ||

20.
Mung padone sok ambuntut-arit |
dene Rêbo Kliwon |
doyan mangan drêmba imul salin |
lantap bêngis kawirangan mintir |
lumuh barang kardi |
Sinome sinantun ||

248 Sinom

1.
Kunêng wau winuwusa |
wirasate Rêbo Lêgi |
kakonatèn nombok wirang |
mung pikire gêdhag-gêdhig |
rosa tandangirèki |
kurangajar sok (m)bêrgundung |
tan kêna dènampaha |
watêg wêton Rêbo Lêgi |
lamun bêcik ya bêcik lamun ala ya ala ||

2.
Padone jantra lumakya |
wani wus tan wêdi rai |
lakune akèh mangiwa |
dene wêton Rêbo Paing |
lumuhan barang kardi |
drêngki marang ing sadulur |
saenan dhêmên ngiwa |
isinan lan sugih kêlir |
Rêbo titi sami dipunèstokkêna ||

3.
Kêmis Pon watake ala |
lumuhan sabarang kardi |
drêngki kalawan sudara |
watêke tan kanggo laki |
jinurung marang ngeblis |
sandhangane dadya imul |
saèn nora prasaja |
dhêmên ngiwa wong puniki |
bisa sugih nanging nora bisa lawas ||

Jilid 3 - Kaca : 305

4.
Kêmis Wage watêkira |
têrkadhang laki ping kalih |
yèn nora mindho lakinya |
iku kang ngluwihi bêcik |
yèn laki kang kaping kalih |
tan wurung rusak ngêlantur |
pasthi wurung dandanan |
yèn sapisan banjur dadi |
iku pasthi kêna ginawe sêbutan ||

5.
Lamun bêcik wong punika |
nanging mring kakung awani |
lan wong tuwa iya lantap |
nging rosa budinirèki |
sabarang pintêr dadi |
barang kang cinandhak rampung |
sandhungane wong ngika |
padone kêndho ing wuri |
gêlêm ngiwa Kêmis Kliwon wite ala ||

6.
Sok balaba nging isinan |
dhêmên nyêngkolong wuwusing |
nadyan dènujar-ujara |
yèn sapisan kaping kalih |
nora gêlêm mangsuli |
misih ngalah (n)dhêku-dhêku |
ping tiga ping sakawan |
misih dènujar-ujari |
lamun gêlêm nora kêna dènampaha ||

7.
Lawan apilan wong ika |
sabarang ingkang kaèksi |
yèn wis wruh pan nuli bisa |
watêk karêm marang ngèlmi |
dene ta Kêmis Lêgi |
buta-arêpan wong iku |
lan gêdhe melikira |
sabarang watêk ngaruwil |
lan maninge lakune akèh angiwa ||

8.
Padone akèh sing nakal |
dene wêton Kêmis Paing |
drêngki imul tanpa prênah |
pintêr kadhang larang siwi |
ananging bêkti nglaki |
bêtah ngaluwe wong iku |
wit tan duwe pakaryan |
gêlêm nglakoni kang nisthip |
Kêmis titi sami dènupamakêna ||

9.
Sakèh darbe wêton ika |
tuwin kang amaca sami |
utawi ingkang miyarsa |
aja na kang kurang pikir |
kang antuk pêthèk bêcik |
ywa bungah lamun binagus |
iku têmbung loncongan |
ingkang antuk pêthèk jati |
aja duwe lara ati siningkirna ||

10.
Ingkang wani gêlêm ngiwa |
dipun pikira kang yêkti |
têtêmbungan gêlêm ngiwa |
iku akèh lirirèki |
angiwa nora siji |
mung yèn jina bae luput |
mapan tan warna-warna |
marmane dipunmangêrti |
wasamono iku duwèke wong ngêdham ||

Jilid 3 - Kaca : 306

11.
Lamun ana ingkang nimpang |
saka ing wirasat iki |
aja age-age duka |
ya marang para musanip |
dènkawruhana dhingin |
kang nimpang wirasatipun |
ganjaraning Hyang Suksma |
pra musanip amung darmi |
witing ngripta saking karsaning Hyang Suksma ||

12.
Ki Nurwitri sru karênan |
umatur langkung kapundhi |
botên mring èstri kewala |
dhatêng jalêr narambahi |
pangèstunta kang mugi |
angèngêtana sadarum |
myang suraosing wirasat |
kang awon myang kang prayogi |
kiyai ngling iya thole dènwaspada ||

13.
wontên malih ulun myarsa |
mênggah tingkahe akardi |
sumur tuwin pêrnahira |
mawi ngupadosi ari |
myang pêrnah kang prayogi |
Ki Wanakarta lingnya rum |
utamane ya mawa |
etung dina kang prayogi |
lan pêrnahe beda-beda angsarira ||

14.
Pêrlune ngupaya dina |
supaya wêtuning warih |
bisa agung drês êtuknya |
dene prênahe trêpnèki |
watêg myang angsar milih |
ingkang prayoga puniku |
etungan ari apan |
saka wuku kang lumaris |
amiliha Wuku Landêp nuju dina ||

15.
Sênèn Kliwon myang Salasa |
Lêgi Kêmis Pon prayogi |
Wukir ri Sênèn Paingnya |
Warigalit Slasa Lêgi |
Waragang-gung marêngi |
ri Rêbo Wage panuju |
Bala ri Kêmis Wagya |
Wugu ri Jumuwah Paing |
salah siji êndi kang kinarsakêna ||

16.
Dene prênahe winarna |
yèn lor bênêr êtrêpnèki |
kinarya adus wong lara |
lèr wetan padusan mayit |
wetan bênêr basuki |
yèn kidul-wetan trapipun |
antuk rijêki karam |
ingkang kidul bênêr trêpnèki |
pan kinarya adus prihatin sungkawa ||

17.
Yèn kidul-kulon trêpira |
rijêki kalal (n)dhatêngi |
kulon bênêr lwih prayoga |
padusan pangantèn yêkti |
lor-kulon amungkasi |
padusan kalaran tuhu |
pilihane etungan |
kang wis kalakon prayogi |
Insa Allah datan nana sangsayanya ||

18.
Nurwitri nuwun aturnya |
Mas Cêbolang matur aris |
mênggah cahya kang katingal |
saking mandrawa nêlahi |
sarêng ulun-purugi |
tan pantara dangu surut |
paranta wahananya |
kiyai bilih marêngi |
kawêdharna kang dadya darunanira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (37) Kaca 297 – 299
  • (39) Kaca 306 >