Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (47) Kaca 340 – 346

 

( Nêrangakên Jangka Jayabaya, Wiwit Prabu Jayabaya Maguru )

Ki Sali nêrangakên Jangka Jayabaya, wiwit Prabu Jayabaya maguru Maulana Samsujèn. Ing dalêm jangka wau jaman kabagi dados 3 jaman, laminipun sajaman 700 taun. Sabên-sabên jaman wau kabagi malih dados 7 jaman alit-alit. Jangka wau nêrangakên kawontênaning jaman satunggal-satunggalipun ngantos dumugi akir jaman, kiyamat kobra.


Kaca 342 - 346.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 340

255 Pangkur

27.
(ng)Guguk Ki Ngabdul Antyanta |
payo jêbèng mring pasareyan dhisik |
wus cinandhak astanipun |
Ki Mastuti kalawan |
santri catur ki Sali Salama nuju |
martuwi tumutur marang |
astana sawingking masjid ||

28.
Kukus dupa garu ngambar |
tapuk tahlil gumrênggêng tan sarênti |
sawusing paragat mundur |
saking ing pasareyan |
Kyai Ngabdul mantuk (m)bêkta tamunipun |
pandhapa wus ginêlaran |
myang sunggata wus rinakit ||

29.
Sapraptanira ing wisma |
Mas Cêbolang Ki Sali Ki Mastuti |
pinrênahkên dera lungguh |
anèng têngah pandhapa |
para santri tharik munggèng ngèmpèr ngayun |
sunggata lumadyèng ngarsa |
pangududan myang tapsirih ||

30.
Tinungka wedang nyamikan |
wus warata ki wisma ngancarani |
lah payo saananipun |
êsês tanapi mucang |
wedang muhung lumayan ginawe kêmu |
nyanyamikan saananya |
lumayan ywa ngintir-intir ||

31.
(n)Dhêku kang samya sinabdan |
angrahabi bujokrama mrakati |
Ki Ngabdul Antantya bikut |
dènnya sadhiya nadhah |
glaran pasir sinasaban sinjang pingul |
sêkul ingèn mênthik ngambar |
pêcêl ayam jangan mênir ||

32.
Tumpêng mêgana nèng têngah |
pisang kêpêl balimbing nganan ngering |
kinubêng rampadanipun |
ulam mawarna-warna |
brambang bawang timun sumêrit kinêcut |
lalaban kêmangi cambah |
sambêl ulêg pêcêl pitik ||

33.
Wus rampung gya atur wikan |
Kyai wisma lawan tamunira tri |
sakawan anadhah kêmbul |
sadaya amirasa |
apikantuk dènnira manadhah nutug |
wusing ngrabasèng woh-wohan |
wangsul mring têngah pandhapi ||

34.
Wênèh lajêng sês manigan |
Ki Mastuti paliman turira ris |
rèhning ulun sampun tuwuk |
wah wau tan criyosan |
dhatêng nyai manawi dènayun-ayun |
ulun mantuk mring Mutiyan |
sami kantuna basuki ||

Jilid 3 - Kaca : 341

35.
Nakmas kantuna raharja |
jawatasta Ki Mastuti wus mijil |
nahênta pra santri sampun |
sinung nadhah sadaya |
datan pae kalawan bêndaranipun |
ki wisma bèr bojakrama |
rumakêt mamalading sih ||

36.
Arum wijiling wacana |
sira jêbèng lan rowangira sami |
angasoa marang tajug |
nglêrêmakên sarira |
Mas Cêbolang marang santrinira catur |
manêmbah lumèngsèr samya |
maring tajug pondhoknèki ||

37.
Sasêgah rêmma mirasa |
alumintu pantês tan nguciwani |
dhaup lawan wancinipun |
tanapi sabên wêkdal |
kang ngimami ki wisma kadhang rinipun |
Ki Sali ing dhusun Sala |
pan dèrèng kalilan mulih ||

38.
Bakdaning sêmbahyang Ngisa |
pinarakan anèng srambining masjid |
amanggihi tamunipun |
Cêbolang gung tinanya |
duk pinanggih lawan Ki Wanakartèku |
sadaya sampun kawêdhar |
wasana umatur aris ||

39.
wontên kang dados tyasamba |
ngandikanya Ki Wanakarta nguni |
jangkaning prajèng Mantarum |
èstu datan widada |
malah têmbe risaking praja tartamtu |
wahyuning karaton Jawa |
pindhah saking ing Mantawis ||

40.
Pratistha ing Wanakarta |
mapan ingkang mawa cahya nêlahi |
rèh dahat ngungun gêgêtun |
pêpêting tyas udrasa |
sru kagagas têmah munajat Hyang Agung |
punika lamun èstua |
pindhahe kêraton Jawi ||

41.
Mugi-mugi lêstantuna |
salaminya tumêkèng jaman akir |
Antyanta mèsêm lingnya rum |
atut pamujinira |
nanging mirib crita kang wis tinartamtu |
jangkaning karaton Jawa |
karsaning Hyang salin-salin ||

42.
Yayi Sali sira ingkang |
paham crita jangkaning Tanah Jawi |
lan mara wêdharna gupuh |
dimène sutanira |
Ki Cêbolang nir rêntênging tyas margiyuh |
wêkasan suka narima |
ang-Gambuh kang sinung angling ||

Jilid 3 - Kaca : 342

256 Gambuh

1.
Kalanira sang Prabu |
Jayabaya Kadhiri ngadhatun |
katamuan pandhita saking Rum nagri |
nama Molana Ngalimu |
Samsujèn tuhu kinaot ||

2.
Putus sanggyaning kawruh |
amumpuni ing ngèlmu misuwur |
ing pamêca têtês tètès tatas titis |
uninga sadèrèngipun |
winarah wus katon mêlok ||

3.
Sri nata sru kayungyun |
miminta sih barkahing ngaluhung |
tandya puruita maring sang ayogi |
suraosing kawruh luhung |
narbuka gaibing Manon ||

4.
Sêngkêraning Hyang Agung |
wawadose cipta sasmitèku |
ingkang uwus kasêbut ana sajroning |
Kitab Musarar sadarum |
jangka kang bakal kalakon ||

5.
Mangkana sang aprabu |
Jayabaya tyas ngumala mêrdu |
tan na cicir piwulang kang dèntampèni |
sadaya sampun kacakup |
nèng sanubari gumathok ||

6.
Paripurnaning tutur |
Sri Narendra Jayabaya uwus |
tampi kanugrahan cipta sasmitèki |
karsa nganggit jangkanipun |
Tanah Jawa kang kalakon ||

7.
Pinurwa kalanipun |
ingisènan jalma saking Ngêrum |
kang kaping dwi tumêka ing dina akir |
kiyamat kobra wus gadhug |
tutup sakèhing lalakon ||

8.
Kinarya tri jaman gung |
jaman ingkang wiwitan winuwus |
dènaranni jaman Kaliswara nênggih |
punika pambabaripun |
ungêl-ungêlan sayêktos ||

9.
Dene ta laminipun |
taun Surya pitungatus taun |
pitungatus salikur ing taun Sami |
sajroning jaman puniku |
kèh swara kang elok-elok ||

10.
Kumaraning jagad gung |
asring ana kapyarsa gumuntur |
gara-gara gêtêr dhèdhèt erawati |
wit akèh manungsa luhung |
anggêntur tapa mrih kaot ||

Jilid 3 - Kaca : 343

11.
Sarta kèh jawatèku |
ngejawantah nir sarananipun |
tumurun ing ngarcapada dumadya ji |
kadhang brahmana kinayun |
mrih rahayuning sakèh wong ||

12.
Jaman madya winuwus |
ingaranan Kaliyoga iku |
wardinira babaring tuwuhan nênggih |
taun Surya laminipun |
sapta tus taun kalakon ||

13.
Pitungatus salikur |
taun Candra jroning jaman iku |
asring ana barubah bêlah kang bumi |
kadhang ana tanah mawut |
dumadya kang pulo-pulo ||

14.
Awit ing jaman mau |
sêdyaning kang manungsa linuhung |
kang ngêmasi akèh kang padha manitis |
manuksma majanma èstu |
nèng marcapada karaos ||

15.
Gantya ingkang winuwus |
jaman ingkang wêkasan puniku |
ingaranan jaman Kalisêngarèki |
wardi bantêring kang ranu |
ing taun Surya pinathok ||

16.
Lami saptatus taun |
de taun Lèk saptatus salikur |
ing sajroning jaman iku Tanah Jawi |
akèh udan dêrês têruh |
kalawan mangsa tan jumboh ||

17.
(n)Dhatêngkên banjir agung |
kang bangawan ngalih ilinipun |
tandha dadya suda barkating kang bumi |
adadira andêdangu |
kabêgjane sakèhing wong ||

18.
Kêdhik panrimanipun |
awit dene manungsa sawêgung |
panggiluting kawruh tumêkaning pati |
ngugêmi ing kawruhipun |
pribadi minangka waton ||

19.
Jaman gung katri mau |
ing sajaman kapetang pipitu |
ingaranan Sapta-manggala winardi |
dadya jaman alit pitu |
bah osik kang wus dhumawoh ||

20.
Jroning Pulo Jawèku |
ing sajaman apan etangipun |
pan ginarba taun Surya sadayèki |
kurang luwih nyatus taun |
gumantining kang lalakon ||

21.
Sajroning satus taun |
padha nêlung rambahan puniku |
dènwastani Mangsakala têgêsnèki |
wasta jaman ngayah-ngayuh |
sarambahaning lalakon ||

Jilid 3 - Kaca : 344

22.
Tigangdasa tri taun |
utawi tridasa catur taun |
mangkonèku pamangkatira sang Aji |
Jayabaya ênggènnipun |
mratelakake lalakon ||

23.
Jalma saisinipun |
Tanah Jawi ingkang uwus-uwus |
kalampahan kacrita ing nguni-uni |
atanapi ingkang durung |
kawêdhar sampun pinathok ||

24.
Ing mangkya kang winuwus |
jroning jaman Kaliswara wau |
pan kaperang dadi jaman pitu cilik |
lah iki pratelanipun |
sajroning jaman sawiyos ||

25.
Dene ingkang rumuhun |
ranning jaman Kalakukilèku |
wêrdi jaman Pêksi wahananirèki |
jalma padha ting bilulung |
kadi pêksi ngupayanggon ||

26.
Kang kadwi arannipun |
jaman Kalabuddha wardinipun |
jaman Nungkul padha kaananirèki |
kèh jalma nungkul manungku |
mring panêmbahing Hyang Manon ||

27.
Kaping tri arannipun |
jaman Kalabrawa wardinipun |
jaman Murub dene wahananirèki |
kèh jalma murka (m)bêrgundung |
tan ana panrimèng batos ||

28.
Ranning kang kaping catur |
jaman Kalatirta têgêsipun |
jaman Toya dene wahananirèki |
apan akèh udan agung |
banjir lir samodra êrob ||

29.
Ping gangsal wastanipun |
jaman Kaladwabara liripun |
jaman elok mungguh wahananirèki |
sajroning jaman puniku |
akèh kaelokan yêktos ||

30.
Kaping nêm wastanipun |
jaman Kalaswabawa puniku |
wêrdi jaman Rame wahananirèki |
sagunging bumi satuhu |
akèh prameyan gumalong ||

31.
Ingkang kaping saptèku |
jaman Kalapurwa wêrdinipun |
apan jaman Wiwitan wahananèki |
ing bumi bumi sawêgung |
akathah ingkang tumuwoh ||

Jilid 3 - Kaca : 345

32.
Gantya ingkang winuwus |
jroning jaman Kaliyoga iku |
apan uga kaperang pitu dumadi |
jaman cilik arannipun |
lah iki babaring criyos ||

33.
Dene ingkang rumuhun |
jaman Kalabrata wêrdinipun |
jaman Laku mungguh kaananirèki |
kèh manungsa amanungku |
ulah nastapa mrih kaot ||

34.
Kapindho arannipun |
jaman Kaladupara puniku |
wêrdi jaman Kori wahananirèki |
akèh manungsa pikantuk |
wawêngan saking Hyang Manon ||

35.
Kang kaping tri puniku |
jaman Kaladwapara satuhu |
wêrdi jaman Mokal wahananirèki |
akèh kalakon linangkung |
nglêngkara (m)barojol waton ||

36.
Nahan kang kaping catur |
ranning jaman Kalapranitèku |
wêrdinira jaman Sêtya wahananing |
kèh jalma tumênên tuhu |
ing pambudi nora jedok ||

37.
Ping lima arannipun |
jaman Kalatêtêka punika |
wêrdi jaman Tigas wahananirèki |
akèh jalma manca rawuh |
ingkang saking liyan pulo ||

38.
Kaping nêm arannipun |
jaman Kalawisesa puniku |
wêrdi jaman Wênang wahananirèki |
kèh jalma katrap ing kukum |
jumênêng wawênang katong ||

39.
Kaping Sapta rannipun |
jaman Kalawisaya satuhu |
wêrdi jaman Sikara wahananèki |
akèh jalma ingkang laku |
pitênah samèng tumuwoh ||

40.
Gumantya kang cinatur |
jroning jaman Kalisangarèku |
pan pinerang dadya jaman sapta alit |
lah iki pratelanipun |
ing sajaman cinariyos ||

41.
Kang dhihin arannipun |
jaman Kalajangga wêrdinipun |
jaman Sêkar-gadhung wahananirèki |
akathah jalma linuhung |
olah kaluwihan kaot ||

42.
Kapindho arannipun |
jaman Kalasêkti wêrdinipun |
jaman tuhu Kawasa kaananèki |
kèh jalma ulah pinunjul |
kasantikan kang katongton ||

Jilid 3 - Kaca : 346

43.
Katêlu arannipun |
jaman Kalajaya wêrdinipun |
jaman Unggul wahananing sakèh jalmi |
olah karosan sawêgung |
amrih kuwating dumados ||

44.
Kaping pat arannipun |
jaman Kalabêndu wêrdinipun |
èstu jaman Babêndu wahananèki |
kèh jalma sulayèng rêmbug |
dumadya prang lair batos ||

45.
Ping lima arannipun |
jaman Kalasuba têgêsipun |
jaman Suka wahananira kèh jalmi |
antuk kabungahan èstu |
rêna lêjar sakèhing wong ||

46.
Kaping nêm arannipun |
jaman Kalasumbaga puniku |
wêrdi jaman Misuwur wahananèki |
kèh jalma gawe misuwur |
mrih kasusra ing lalakon ||

47.
Kasapta arannipun |
jaman Kalasurata rannipun |
wêrdi jaman Alus wahananirèki |
akèh jalma sabiyantu |
ing budining karahayon ||

48.
Hèh jêbèng uwus putus |
wêdharing kang jangka jaman mau |
karsaning Hyang Sri Jayabaya Kadhiri |
tinambahan ing pangawruh |
mawujud dadi pasêmon ||

49.
Roncènne tan sunwuwus |
ing pasêmon amung dunungipun |
ana jaman tataning karaton Jawi |
pitung rambahan Pinocung |
dhewe-dhewe kang lalakon ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (46) Kaca 339