Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (18) Kaca 152 – 154

 

( Piwulangipun Sri Rama sasampunipun kundur dhatêng Ayodya )
Mas Cêbolang nyariyosakên piwulangipun Sri Rama sasampunipun kundur dhatêng Ayodya i.p. bab lêpasing jiwa ingkang patitis
Kaca 152-154

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 152

289 Mijil

33.
Mring Ngayudya Sang Putri Manthili |
lawan kadwi katong |
nèng Wimana rinêbut dityane |
Brahmana ngling wêdharêna kaki |
wusnya mangênjali |
Mijil sêkaripun ||

34.
Pêksi manyura sêmbadèng warni |
abagus kinaot |
aparigêl antêng pangigêle |
lamun muni unine na pinrih |
anganggêp ngêngkoki |
marmane ngunguwung ||

35.
Ramawijaya ngandika malih |
hèh ta yayi katong |
mungguh ing sira apa karsane |
yayi marang kang kimêlip iki |
apa ta kinanthi |
myang pinisah iku ||

36.
Prabu Ngalêngka umatur aris |
pukulun sang katong |
kinanthiya bilih tanpa gawe |
aran sami tinitah pribadi |
punika sor nênggih |
manungsa linuhung ||

37.
Ewa punika nuwun pun patik |
ing sabda sang katong |
Sri Bathara Rama ngandikane |
iya uwis kanyatahan ugi |
prandene kang luwih |
pan kabèh kinukup ||

38.
Ing satêngah mangkono dènnya ngling |
karone lan ingong |
tambuh-tambuh iya kang rinampe |
durung tamtu badanne sawiji |
yèku ngrurubêdi |
tan wun karya kuwur ||

39.
Ing sawênèh yayi ana angling |
pa-gene mangkono |
bênêr ranne kudu cece-buce |
sapa kang dènarsa-arsa malih |
liya manungsèki |
kang tinitah luhur ||

40.
Upamane kulup tanpa ragi |
cêmplange karaos |
yêkti pedah ana raragine |
pan mangkono ana wuwus malih |
yèn mangkana yêkti |
êndi ênêripun ||

41.
Prabu Ngalêngka matur wotsori |
tan kênèng winados |
dadya têmah sasênêng-sênênge |
samya amrih kautamèng pati |
pati kang patitis |
tatasing pangawruh ||

42.
wontên pandhita tuwan atapi |
sataun angalong |
tapa ngèli sataun lamine |
pan sataun angon surya nênggih |
parandene mati |
anitis ing kuwuk ||

Jilid 4 - Kaca : 153

43.
Kang makatên paran kadipundi |
sangêt salah ênggon |
daya lamun sarassa kuwuke |
kuwuk pilêg gudhig tuwin mêngi |
mung kang dènadhêpi |
pitik duk tumurun ||

44.
Arsa nubruk kawênangan nuli |
ginêbug ing lodhong |
kalèsèdan putung bêboyoke |
dadi rubungane rare alit |
pandhita niwasi |
punika pukulun ||

45.
Paran kamurahan bathara di |
punapa tan yêktos |
gêng abranta makatên wêlase |
warti barang titih bathara di |
barang ingkang pinrih |
yèn têmên tinêmu ||

46.
Narendra Rama ngandika aris |
yayi kang mangkono |
durung (ng)guguru iku yêktine |
durung duwe panganggêp kang yêkti |
kasusu sumuci |
bingung kadalurung ||

47.
Mila datan kêna ginagampil |
waluyaning layon |
iku mau kêsiku sêmune |
bangêting tapa kinibir yêkti |
marmane kuwalik |
(n)dadak dadi kuwuk ||

48.
Tur kuwuke pilêg sarta mêngi |
tiwase kalakon |
dènnya mêsthi tan mawi sumendhe |
barang karya yayi niniwasi |
poma dipuneling |
rèhnya madêg prabu ||

49.
Wusnya kèndêl panêmbang Pamijil |
aturira alon |
kadiparan pukulun bèntêne |
manitis manukma myang majalmi |
tuwin manglimputi |
Brahmana lingnya rum ||

50.
Panêmuku ingaran manitis |
anunggal sayêktos |
ing kaanan sarana pêjahe |
iya iku ing panduk pandoning |
sêdya ingkang maring |
kaanan puniku ||

51.
Kang pinasthi manthênging pangèsthi |
jroning ayun layon |
duk amancat asmaralayane |
de manuksma têgêse manunggil |
kaanan ananging |
tan sarana lampus ||

52.
Dene manjalma wêrdi pan sami |
nunggal kaanan pon |
nanging alus marang ing wadhage |
lah ngalimput wêrdi samar tuwin |
ngalingi alus mring |
kaalusanipun ||

53.
Mung samono gaduking tyasmami |
kulup mangsaborong |
mungguh ing panêmunira jêbèng |
Mas Cêbolang matur wus nyondhongi |
Brahmana ngling malih |
ing agêsang kulup ||

Jilid 4 - Kaca : 154

54.
Kudu wêruh kukum watêknèki |
ing kanisthan adoh |
pamicara punika yêktine |
mawèh rêsêp kang sami miyarsi |
tatakrama mêsthi |
ngêdohkên panyêndhu ||

55.
Pan kagunan kinarya ngupadi |
boga anistha sor |
kalakuwan bêcik saèstune |
wèh rahayu ing angganirèki |
nunggil-misah kari |
lan kang wus winuwus ||

56.
Patrap budi ayu miwah ngèlmi |
yèn bisa ywa ngantos |
akasupèn jroning urip kiye |
iku èstu parabot pêrmati |
yèn tinggal sawiji |
kirang jangkêpipun ||

57.
Tan widada utamaning urip |
patrap iku manggon |
pasihane Hyang kang murbèng rèh |
budi iku madhangake kalmi |
(m)bêg ayu dumadi |
karaharjanipun ||

58.
Ing ngaurip praptanira lalis |
de ngèlmu sayêktos |
anyawabi santosaning tyase |
rinampingkên muhung awas eling |
riningkêskên malih |
eling gadugipun ||

59.
Kabèh iku wus winêngku eling |
poma diwaspaos |
Mas Cêbolang ngunandikèng tyase |
nyata alim sang Brahmana iki |
kiwa têngên ramping |
sanyata pinunjul ||

60.
Mangênjali aturira aris |
sabda kang dhumawoh |
ulun pundhi salami-lamine |
èstu dadya geyongan ngaurip |
sampun anyêkapi |
wirangronging kawruh ||

290 Wirangrong

1.
Kaecan imbalan angling |
injang têkan lingsir kulon |
tanpa ngraos lupa sadayèku |
Brahmana lingnya ris |
iki nganti kalepyan |
minum nyamik myang nadhah ||

2.
Èh bocah ladèkna aglis |
saanane sangu kono |
(m)bèn-ombèn panganan sêga gandum |
kêlêman maya nis |
dasih tanggap tinata |
nèng ngarsa sampat mirantya ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17) Kaca 150 – 151
  • (19) Kaca 155 – 165 >