Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0427530
Hari ini     :Hari ini :7
Kemarin     :Kemarin :204
Minggu ini   :Minggu ini :143
Bulan ini   :Bulan ini :6607
s/d hari ini   :s/d hari ini :427530
Kunjungan Tertinggi
01-11-2023 : 1383
Pengunjung Online : 3

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20) Kaca 166 – 172

 

( Para warok sami pêrang tandhing rêbatan "jathil" )
8. Mas Cêbolang dalah santrinipun nglajêngakên lampah, nyabrang lèpèn sumêrêp sawatawis wanita sami gêgujêngan angujiwat. Dumugi dhusun Selaung kapanggih Patinggi Ki Nursubadya sarta lajêng sipêng ing griyanipun. Ingkang ngladosi tamu sadaya tiyang èstri jalaran ing Selaung tiyang jalêr sami ngumbara dados warok, rêmên gêgêmblakan, têbih dhatêng tiyang èstri, pangangge lan tingkahipun nelakakên sarwi sêsongaran, ngêndêlakên dhug-dhêngipun.
Mas Cêbolang lan Nurwitri kapapanakên dados satunggal griya; Kartipala, Palakarti lan Saloka dados satunggal griya sanès. Katungka dhatêngipun tiyang-tiyang èstri badhe bêbakulan dhatêng Panaraga nyuwun lêrêm ing griyanipun Ki Pêtinggi, trimah wontên ing èmpèr jalaran enjingipun badhe bidhal mruput. Tibakipun têtiyang èstri wau ingkang sami pinanggh Mas Cêbolang ing lèpèn sabrangan. Mila sami kapiluyu nututi lampahipun Mas Cêbolang, niyat andumugèkakên gandrungipun
Kaca 155 - 165

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 166

292 Balabak

38.
Nêlês rambut rèhning mêntas nganta-anta |
maune |
bok kalalèn ngimpi tunggalan asmara |
guyune |
Ki Saloka Palakarti Kartipala |
barênge ||

39.
Wusing ngambil toyastuti mring pandhapa |
kabèhe |
kyai wisma wus nèng pandhapa pupuja |
nulya ge |
Karti adan kèndêle anulya Sunat |
Subuhe ||

40.
Sampun Sunat Palakarti nulya kamat |
kèndêle |
ngangkat parlu Subêkti nulya pujian |
dhikire |
myang andonga matumpa-tumpa arampak |
amine ||

41.
Kèndêl (n)donga parentah nyai ladèkna |
wedange |
myang sarapan saanane mumpung enjang |
wancine |
tamunira arsa marang pasar Pucang |
kabèhe ||

42.
Wus lumadi sunggata enjing-enjingan |
sawuse |
nadhah nulya mangkat marang pasar Pucang |
kang kinèn |
ngatêrakên santri wêda Nursangkala |
praptane ||

43.
Pêkên Pucang rame pasar wancinira |
tan suwe |
miyat warok aran warok Kramaleya |
jathile |
anèng cêngêl suku kalih (n)japit jangga |
silane ||

44.
Lumaksana (m)bêkèr mandêlik kang netra |
larene |
amiturut parentahe jathilannya |
pêrlune |
amiminta jajanan miwah busana |
kang cècèg ||

45.
wontên malih warok gêgêg gêng sambada |
aranne |
Ngabdul Singanêbah (m)bêkta jathilannya |
sinèlèh |
pundhak kiwa rinangkul suku kalihnya |
anèrèng ||

46.
Tangan têngên mathênthêng amandhi sada |
arènne |
wacana sru sapa ingkang kêlar nangga |
bobote |
satus kati saking kakèk Wêrkudara |
karanne ||

47.
Rujak-utêg iki yèn dak uncalêna |
pasthine |
wong sapasar baya datanpa kukupan |
bathange |
daktibakna gunung sirna sagara sat |
banyune ||

Jilid 4 - Kaca : 167

48.
Kramaleya duk myarsa ngêsês lingira |
dhèk êmbèn |
aku nguyuh nèng têngahing ara-ara |
anjimpe |
dadi banjir desa akèh ingkang ilang |
uwonge ||

49.
Lawan rajakaya pitik iwèn samya |
lêlangèn |
mung sirahe jumbul-jumbul kawistara |
tujune |
mitraningong cacing kalung wlas tumingal |
banjure ||

50.
(m)Bêndung banyu têmah mambêg desa-desa |
wangsul (ng)gèn |
omah wrêksa tumancêp kadi waunya |
sawuse |
samya wangsul toya kinokop têmah sat |
anggêrèng ||

51.
Duk sliringan kaliye samya bramantya |
nulyage |
Kramaleya (m)brengkal sela sajêmbangan |
agênge |
kinêprukkên Singanêbah tangkis sada |
durmane ||

293 Durma

1.
Sela sumyur Kramaleya sru mangrêmpak |
sada cinandhak kêni |
rame drêg-udrêgan |
gantya dugang dinugang |
jêjêgan bithi-binithi |
jêngkang jinêngkang |
kuwat banting binanting ||

2.
Jathilane suka sami sêsêndhonan |
canthoka gung ing wukir |
kakang kawispita |
sarpa ponthang wisarda |
aja sumêlang yèn lalis |
ngandêla marang |
papasthèning ngaurip ||

3.
Jathilane Singanêbah gya manêmbang |
babo gêmblakan mami |
tirong lit dhompolan |
yèn nganti kasorana |
kadi paran solahmami |
lamun mangkana |
kambang-kambang (ng)gonmu sih ||

4.
Warok gêgêk kaliye dupi miyarsa |
panggasahe kang jathil |
asru mangkrak krura |
nêbih kang sami cêlak |
nanging tan ana ngromèsi |
ayêm sadeyan |
rukêt warok kakalih ||

5.
Sami pêdhot napase sarêng ambruknya |
(n)dhoko satêngah mati |
jathilan tan pisah |
èngêt Ki Kramaleya |
myat mungsuhe anggalinting |
alatah-latah |
cikrak-cikrak ngidêri ||

6.
Sumbar-sumbar sira wus modar têmênan |
mangsa uripa maning |
kok kira antaka |
dhèk mau raganingwang |
ngragasukma jatinèki |
nglarak nyawanta |
lan nyawane si jathil ||

Jilid 4 - Kaca : 168

7.
Wus dakêrut anèng kayu dhingdhing-jalal |
nadyan uripa maning |
nyawa sasiliyan |
Kramaleya wus kesah |
jêjogèdan sirik-sirik |
kasorot arka |
gêbyar-gêbyar (m)blêrêngi ||

8.
Singanêbah wus waluya malangkadhak |
angguguk (m)bêngok angling |
jidhèt Kramaleya |
sirna sabêbathangnya |
(ng)gonku pindha wong ngêmasi |
marak wak Brama |
myang marêk paman Angin ||

9.
Nyuwun gungan ngobong bathange si Leya |
awune paman Angin |
kang duwe bubuhan |
iki wus kalêksanan |
kacihna agasik rêsik |
gya lincak-lincak |
gela-gelo lumaris ||

10.
Mas Cêbolang miwah santrinya sakawan |
samya suka tan sipi |
nyêbut astagapirlah |
têka datan anyimpang |
kadi caritane kyai |
warok gêndhungan |
gêmblung dak êdir baring ||

11.
Sampun wangsul mring Sêlaung Mas Cêbolang |
lawan sarencangnèki |
(n)jujug pamondhokan |
sabên kalane wêkdal |
tanapi sunggatanèki |
wanci tan ewah |
kadi duk wingi uni ||

12.
Sabên Wage enjing marang pasar Mayang |
Nursangkala umiring |
praptanira pasar |
myat warok nêm abayak |
sami datan (m)bêkta jathil |
nulya kapapag |
warok gêgêk sawiji ||

13.
Aran Kasan Mesakrura nyangking berang |
têtêkênipun linggis |
gênge mèh sapucang |
(m)bêkta kalih jathilan |
pinundhak ing kanan kering |
binusanendah |
pinindha-pindha èstri ||

14.
Anyalêmong ya iki lananging jagad |
lawan tan kêna pati |
timbul têguh jaya |
mitrane malaikat |
sanja-sinanja ganti |
yèn ingong lungan |
kang (n)jangkung mas Ijrail ||

15.
Warok ingkang tanpa jathil duk miyarsa |
sawiji (n)jarag wani |
numbuk saking wuntat |
Maesakrura kagyat |
nolèh lajêng ngayat linggis |
tinangkis sirah |
narik lamêngirèki ||

16.
Gya linamêng linggis tugêl bêt kasingsal |
narik berangirèki |
wiyare sakilan |
panjang sadhêpa ngayang |
warok kang kalih ngindhik |
kalih jathilan |
wus binêkta malêncing ||

Jilid 4 - Kaca : 169

17.
Mesakrura tambuh jathil tambuh mêngsah |
cancut arsa nututi |
pan kinalang-kalang |
siniwo ngering nganan |
gaman tan ana nêdhasi |
lamêng kalewang |
linggis wus dènbucali ||

18.
Warok catur sarêng nyikêp Mesakrura |
linumahkên mring siti |
tanganne pinênthang |
suku kalih cinancang |
wus tan bisa mobah mosik |
gya tinindhihan |
watu sagajah gêring ||

19.
Ingurugan uwuh sapasar |
sinulêd agni (n)dadi |
pindha wisma kobar |
kang cakêt kagègèran |
warok sakawan wus anis |
ngruruh jathilan |
nanging datan kapanggih ||

20.
Mas Cêbolang sarowang wus wangsul marang |
ing Salaung lir nguni |
nahan Lêgi enjang |
marang pasar Jambeyan |
myat warok sakawan nami |
Dul Sarpakrura |
lan Kasan Banthèngkanin ||

21.
Katêlune aran Amat Kuwuknasak |
catur Mas Jayèngwarih |
lumaris sarêngan |
lamênge sinarempang |
nyangking klewang têkên linggis |
omong-omongan |
(ng)gonne ngupaya jathil ||

22.
Sarpakrura angling (ng)gonku angupaya |
ing arcapada tapis |
dhenok yèn kapanggya |
dakgawa (n)dhêlik marang |
têlênging kang jalanidhi |
titip si êmbah |
Baruna Sang Hyang Tasik ||

23.
Banthèngkanin nyalêmut (ng)gonku ngupaya |
marang jroning jaladri |
sêpi sêpên sêpa |
gonès lamun kapanggya |
dakgawa mring mêndhung putih |
titip Ki Gêlap |
dimèn ginêdhong wêsi ||

24.
Amat Kuwuknasak bêkuh-bêkuh lingnya |
(ng)goningwang angulati |
marang madyantara |
gadhug langit kasapta |
kabare kewala sêpi |
lamun pinanggiya |
dak titip Sang Hyang Api ||

25.
Amat Jayèngwarih mèncêp-mèncêp lingnya |
tobil (ng)gonku ngulati |
maring kawah-kawah |
ingkang mêdal dahana |
padha bae tan manggih |
lamun pinanggya |
daktitipkên ratu jim ||

Jilid 4 - Kaca : 170

26.
Warok catur uning Nurwitri Cêbolang |
samya kataman branti |
kathah solahira |
kang amrih kasatmata |
adol swara dhaham (m)bêkik |
wênèh jogèdan |
pamèr barana picis ||

27.
Mas Cêbolang lan Nurwitri wus (ng)graita |
masang kamayan mandi |
aji pangasihan |
tanapi pangèdhêpan |
warok catur darbe kingkin |
samya rumangsa |
sinênêngan wong kalih ||

28.
Asmararda nyujanani warok tiga |
angêmbat têkên linggis |
hèh kodhik minggata |
wong loro iku apan |
mung ingong kang mambu ati |
padha trima-a |
jêr sira tan pinilih ||

29.
Tan darana warok tiga sarêng mangkrak |
namakkên lamêng linggis |
Ki Dul Sarpakrura |
angga rêmpu wus tiba |
gantya Kasan Banthèngkanin |
ingkang linawan |
sangking ing ngarsa wuri ||

30.
Bokong ngarêp tinotog linggis wus niba |
Kuwuknasak Jêngwarih |
tandya lêlinggisan |
lajêng antêb-antêban |
rukêt abanting-binanting |
kaliye samya |
pêdhot napasirèki ||

31.
Ting gulimpang tan ana kang munasika |
Cêbolang lan Nurwitri |
lawan rencangira |
wus wangsul mring pondhokan |
nahên Kaliwonnya enjing |
Subêki awal |
paragating ngabêkti ||

32.
Wus sêsèmèk Subadya lan tamu mangkat |
ing marga tan winarni |
praptèng Têgalamba |
rarya kang tinêtakan |
ayun mangkat wus miranti |
tan dangu budhal |
reyog kang anèng ngarsi ||

33.
Kalihdasa wahana turangga kepang |
tiga jathilanèki |
lumampah ing têngah |
sarunèn mungging wuntat |
lima gêndruwon kang kalih |
anèng ing ngarsa |
amandhi sabêt arit ||

34.
Kalih mandhi lamêng rumêksa jathilan |
sawiji anèng buri |
mandhi wadung kapak |
budhal swara gumêrah |
srunèn slomprèt ngêlik-êlik |
kêndhange ngaplak |
kêmong kêmpul tinitir ||

35.
Angklung umyung (m)bêngingèh kang munggèng kapal |
jinantur srunèn ririh |
jathilan sindhènan |
sênggak kang numpak kapal |
sirig-sirig suku jinjit |
gulu oklèkan |
liyêp satêngah guling ||

Jilid 4 - Kaca : 171

36.
Praptèng bongan katungka arak-arakan |
saking ing Têgalsumpit |
kang wahana kuda |
mandhi jêbêng slawe prah |
jathilanira kakalih |
gêndruwo papat |
kakalih mungging ngarsi ||

37.
Kang sawiji ngamping-ampingi jathilan |
sawiji anèng wingking |
mandhi alugora |
wênèh mandhi prabatang |
myang mandhi barungkrah êpring |
amandhi wrêksa |
cangkring ri kêrêp lungit ||

38.
Uning lamun ana sarênganne ngarak |
gambira kiprah sami |
molahkên turangga |
(m)bêkèr anujah-nujah |
gêgêndruwon bêkih-bêkih |
unclang prabatang |
susumbar minta tandhing ||

39.
Praptèng bongan kèndêl sawijining dhadhah |
sisihan datan nunggil |
Cêbolang lingira |
maring Ki Nursadangsa |
sadaya gêndruwon iki |
kadi kang samya |
nèng pasar-pasar nguni ||

40.
Inggih bagus gêndruwon ing Têgalamba |
ingkang dados pangarsi |
Ngabdul Singanêbah |
Banthèngkanin kalawan |
Mas Jayèngwarih kakalih |
punika ingkang |
(m)bradhat jathilan kalih ||

41.
Namanipun Gadjahbihêr krudha-muntap |
kang ngarak Têgalsumpit |
Kasan Kramaleya |
Kasan Maesakrura |
Amat Kuwuknasak tuwin |
Dul Sarpakrura |
sasanga jadhug sami ||

42.
Nahên rare ingkang tinêtakkên pragat |
Têgalamba rumiyin |
patraping lumampah |
kadi duk angkatira |
arakan ing Têgalsumpit |
amangah-mangah |
lir buta mangsa daging ||

43.
Tan pantara budhal saking ing ngêbongan |
reyog ing Têgalsumpit |
tandhang nyimpang marga |
titindhih Jakalodra |
tandya nglambung saking kering |
arak-arakan |
ing Têgalamba uning ||

44.
Gêndruwon kang anèng ngarsa sung sasmita |
marang kang munggèng wajik |
turangga ginêbrag |
nyandêr ayun-ayunan |
wus campuh asilih ungkih |
jêbêng-jêbêngan |
rêmêk tan migunani ||

45.
Panataping kêmpul lir pêcah-pêcaha |
kêmong kêmung tinitir |
kêndhang dhung-dhung ngaplak |
angklung umyung kèh rêmak |
salomprèt acêrak-cêrik |
surak gumêrah |
wor pangriking turanggi ||

Jilid 4 - Kaca : 172

46.
Panjriting kang kanin ngadhuh sambat pêjah |
rukêt slênthik sinlênthik |
atujah-tinujah |
sepak-sinepak miwah |
brakot binrakot anggigit |
daging matimpal |
kuthah ludira mijil ||

47.
Turanggane maratah dumadya abang |
katuruhan ing gêtih |
krodha Singanêbah |
ngamuk punggung manêngah |
arit bapang ambabati |
turangga rusak |
ginarèthèlan arit ||

48.
Kramaleya uning lamun Singanêbah |
rumusak ing turanggi |
ngikal gada wrêksa |
cangkring êri mawrêddha |
Singanêbah anadhahi |
arite (m)bapang |
(ng)grèthèli êri cangkring ||

49.
Têmah alus gadane Si Kramaleya |
tumèmbèl angênani |
sirah Singanêbah |
malopor muncrat-muncrat |
Kramaleya wus dènarit |
kakêmpung babrak |
glogok jêrowan mijil ||

50.
Sakaliye gumalinting anèng kisma |
kèndêl kang andonjurit |
kang datan kabranan |
wangsul marang panggenan |
kang dènarak angêntosi |
sawusing tata |
ing lampah tan nalisir ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (19) Kaca 155 – 165
  • (21) Kaca 173 – 181 >

Ki-demang.com : Centhini, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten - About - Privacy