Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0411382
Hari ini     :Hari ini :19
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :2
Bulan ini   :Bulan ini :664
s/d hari ini   :s/d hari ini :411382
Kunjungan Tertinggi
01-11-2023 : 1383
Pengunjung Online : 3

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04) Kaca 12 – 13

 

( Jantra kasulap dados sima anggêro;
tiyang ningali sami lumajêng )
Jantra kasulap dados sima anggêro; tiyang ningali sami lumajêng sar-saran, nanging Mas Cêbolang mbêngoki bilih sima botên mbêbayani, wêkasan wangsul malih dados jantra.
Kaca 12 - 13

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 12

322 Pocung

21.
Alu wolu samya bendrong akumruwuk |
titir kokothèkan |
maju sarêng lêsung kalih |
muni dhewe ambendrong alu nêmbêlas ||

22.
Lêsung tumbuk ajêblès surung-sinurung |
alunya tan gigal |
saha sru bendrongan titir |
tung prang tung prong tung prêk thung thung prêk dhong dhong brag brag ||

23.
Kang andulu sadaya suka agumun |
lêsung tutumbukan |
alu titir tanpa janmi |
alu kalih ting balêbêr liru gyannya ||

24.
Saya cukup kang nonton uyêl atimbun |
kang sawênèh ana |
wong bêbedhangan wus lami |
pan katuju kapanggih ana tontonan ||

25.
Sukèng kalbu kalihe dhêkêt akumpul |
pan sami karsanya |
kasamur pipit-pinipit |
tutug ing sakarêpe agêgarapan ||

26.
Dangu-dangu katara ing solahipun |
ing kiwa têngênnya |
ginêtak uwal kang untir |
pan sinurak ginaguyu ing ngakathah ||

27.
Èstrinipun lumayu tan bisa mêtu |
dènuyêng ing kathah |
susune dèncucuwoli |
cak cêk mak mêk mal mol susu pipi branang ||

28.
Wusnya dangu dènnira angadu lêsung |
anulya rinucat |
alu ngalumpuk (ng)gènnèki |
lêsung kalih wus kinèn anggawa mêdal ||

29.
Suka ngangkat ki dipati ngatak gupuh |
manèh alêkasa |
mêtokna kagunan malih |
kang liningan sèndika santrine nulya ||

30.
Gya binanda tinalikung winayungyun |
suku antuk jangga |
ginayut gayut ginodhi |
sawusira linêbokakên kurungan ||

31.
Lawan mantra sarta kutuge kumêlun |
Mas Cêbolang ngatak |
mring panjak gêndhing Kinanthi |
Wiratruna dyan lêkas gumêr swaranya ||

32.
lajêng tandhak lan Kimas Cêbolang runtung |
ubêng nèng kurungan |
kaping pitu gèn-ngubêngi |
sawusira ngatak kimas panjakira ||

33.
Kinèn salin Kêbogiro gêndhingipun |
gumuruh swaranya |
sêsêg kang bawa gora tri |
pan tinitir gumuntur trêbang barungan ||

Jilid 5 - Kaca : 13

34.
Kang (n)dudulu tan bosên pênontonipun |
sangsaya kapranan |
wontên wong lonthe sawiji |
langkung landhêp ampuhe prasasat sarpa ||

35.
Lonthe iku warnane kalangkung ayu |
singa wong jinawat |
tan saranta nuli ngincih |
gya ginarap nèng têngah tontonan ||

36.
Dèrèng tutug kang anggarap krasa (n)jêpluk |
mundur mèkèh-mèkèh |
(n)dheprok nguyuh ngolang-ngoling |
wontên malih kang anggarap dêg-adêgan ||

37.
Lagya maju anglumba sakala abuh |
pan sasore mula |
olêh wong salawe luwih |
kabèh rêngkêng-rêngkêng gêrêng-gêrêng lara ||

38.
Ana banjur kulit lonyoh ting palêpuh |
pan padha sadhela |
andheprok tan bisa mulih |
akèh ngincim-incim sanake kang waras ||

39.
Mas Cêbolang ngungkabi kurunganipun |
panjak kang binanda |
wus ucul sami nunggangi |
marang sima gigibrah têngah kalangan ||

40.
Gêro-gêro sima ngajrihi dinulu |
kagum kabèh padha |
sagung wong niningali |
rêbut dhucung lumayu agêgolongan ||

41.
Lonthe wau katêmu tinêmu-kuwuk |
pan binalonjodan |
sandhangane sarwa bêcik |
sêngkang sinjang sadaya têmah têlanjang ||

42.
Dènkuk-êngkuk ngarêngkuk nulya tinubruk |
ingilês wong kathah |
lonthe nangis jêrit-jêrit |
gêmbuk-gêmbuk gêmboke dènidak-idak ||

43.
Pan dènêpuh ilune pan maksih ampuh |
singa kang angidak |
kumaramyasnya sumêngkring |
kitrang-kitrang kinukur saya warata ||

44.
Ting barêkuh kèh markotok sikilipun |
uyèb kêkêrogan |
sakèh wong mimisuh sami |
pan pinala kasêlak ajrih ing sima ||

45.
Sagung sêlir gila jrih samya lumayu |
malbèng dalêm samya |
tinilar sang adipati |
wong kang nonton samya sumingkir atêbah ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03) Kaca 11
  • (05) Kaca 14 >

Ki-demang.com : Centhini, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten - About - Privacy