Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12) Kaca 37 – 39

 

( Bab mukmin linuhung ingkang botên pêgat sêmbahyangipun )

Bab mukmin linuhung i.p. ingkang botên pêgat sêmbahyangipun, kalajêngakên bab têgêsipun Islam, solat, takdir, asalipun bumi, angin, toya; bab pêjah gêsang tuwin utamining gêsang.

Mas Cêbolang langkung lêga manahipun nampi wêjanganipun Sang Tapa, wêkasan lajêng nyuwun pangèstu badhe mantuk dhatêng Sokayasa.


Kaca 37 – 39


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 37

326 Gambuh

16.
Ya uripe puniku |
duk durung prapta di uripipun |
lawan êndi rupane damar puniki |
yèn mati (n)di (ng)gon sumurup |
labête gêni kang rawoh ||

17.
Sasmitaning nyawèku |
ênggih lawan jisimira iku |
iya êndi rupane nyawa lan jisim |
api êndi labêtipun |
kang sinung ling matur alon ||

18.
Têgêse Islam iku |
sampurnane êndi ingkang tinut |
sang pandhita aris dènnira nauri |
rokani rêke puniku |
kalbune mukmin kinaot ||

19.
Mukmin ingkang linuhung |
ingkang tan pêgat sêmbahyangipun |
dene padhanging tyas kang arsa matitis |
kang bisa matêkkên iku |
ing badan anggung winasoh ||

20.
Pasthi kalamun sinung |
padhanging tyas ya maring Hyang Agung |
kang liningan umatur sarya ngabêkti |
kawula malih umatur |
têgêse salat kinaot ||

21.
Mênggah ing têrtipipun |
adêge utawi yèn alungguh |
sang tapa ngling kang rukuk pan asal angin |
dene iya uripipun |
asal bumi kang alunggoh ||

22.
Dene takbir puniku |
makripate kang sampurna iku |
olèh banyu dene kang sarengat singgih |
kasuciyane puniku |
tan owah-gingsir ing ngênggon ||

23.
Lan tan woworan iku |
dènnira non marang ing Hyang Agung |
ing lungguhe kakekat lungguhe nênggih |
yun angrawit ing pandulu |
lan tan owah ing wiraos ||

327 Sinom

1.
Kang sinung ling matur nêmbah |
paran ingkang asal angin |
lawan kang asal pratala |
sang pandhita anauri |
adêg uripirèki |
sabda Allah tahyadipun |
pan iya iku Allah |
sabdèku rukuning singgih |
sujud Allah urip nêlahi buwana ||

2.
Pan lungguhe ingkang sabda |
sêmbahyange iku singgih |
tan pêgat ing takbirira |
rukun sadat sarengati |
kang tarekat puniki |
sêmbahyang rêke pamuwus |
asal angin punika |
kalawan toya sajati |
ayun awas babo ing paningalira ||

Jilid 5 - Kaca : 38

3.
Dene sipat têgêsira |
karêp-karêp kang puniki |
marang panggawe utama |
karêp kang mring rasa jati |
rasa kang idhêp maring |
Muhamad tuwin Hyang Agung |
asale bumi ika |
lungguhe kakekat singgih |
asal angin pan orang kêna ingêsat ||

4.
Asal bumi saking hawa |
banyu saking aksarèki |
alip kang mangke wêkasan |
kang liningan matur aris |
tuwan lajêngna malih |
pan mèh padhang manahulun |
gumujêng sang pandhita |
sarwi awêcana aris |
karêp lawan cahya pan ing têgêsira ||

5.
Madi têgêse Muhamad |
kahnaning nêpsu puniki |
kang asal angin punika |
dadi badan iku yêkti |
dhadha dadining warih |
êdad saking bumi iku |
ampêru saking brama |
banyu apan dadi ati |
banyu luhung seje ingkang dadi dhadha ||

6.
Angin apan dadi swara |
bumi luhung dadi budi |
êndi kang katur Pangeran |
iya ingkang anèng ngarsi |
dènwaspada sirèki |
bumi kang katur rumuhun |
paran ing aturira |
nur cahya ingkang sayêkti |
asal banyu nênggih sujude punika ||

7.
Nora katur ing Pangeran |
nur-mani yun kang nampèni |
asal bumi saking rasa |
ya rahman iku sayêkti |
ranne kang ngrungu nênggih |
de pangucap jroning kalbu |
iyèku abulolah |
lir cahya warninirèki |
jro sêgara uripe pan kadi rêtna ||

8.
Lungguh pucaking kang grana |
kang rukuk pan asal warih |
dènadhêpkên mring sirolah |
cahyaning lir lintang ngalih |
wruh ing jasad pribadi |
parêke lawan Hyang Agung |
nora sakuthu iya |
lan Pangeran rasa tunggil |
ing artine wus nora nana Pangeran ||

9.
Wus puji-pinuji dhawak |
angèl kang ujur puniki |
yèn kang tan sinung nugraha |
saratana mati-raga |
karêmêning Hyang Luwih |
manungsa kang tabri namun |
kang anggung mati-raga |
kang rumasa (ng)gènnya urip |
nora pisan ngaku uripe priyangga ||

Jilid 5 - Kaca : 39

10.
Ngrasa-a yèn badhe pêjah |
anèng donya iki kampir |
sumungkêm Kimas Cêbolang |
ing padanira sang tapi |
matur kang mugi-mugi |
angsala brêkah pukulun |
sagêd anglampahana |
ing wulange sang ayogi |
pan sinigêg samana wus byar raina ||

11.
Sadaya dènnya mumulang |
ing ngèlmu ingkang ginaib |
kang winulang tyasnya padhang |
samana tinundhung mulih |
sarta winêling-wêling |
tur sêmbah kimas dyan mundur |
mêdal saking jro guwa |
wus panggih lan rencang sami |
pan winartan sarèh kalanèng jro guwa ||

12.
Rencang papat samya bungah |
nêrka yèn kimas ing mangkin |
karêm marang kautaman |
yata lajêng mangkat sami |
(n)darung lampahirèki |
(ng)gènnira badhe umantuk |
daya-daya wikana |
nênggih dhatênging têtami |
kunêng ingkang nèng marga gantya winarna ||

13.
Kang nèng gunung Sokayasa |
Jayèngsari pan wus lami |
anèng ardi Sokayasa |
lan ari Kèn Rancangkapti |
anglir putra (ng)gèn-yogi |
sang tapa pangrêngkuhipun |
pan wus têlas sêdaya |
ngèlmu ingkang haib-haib |
kang ginêdhong kinandhut wutah sêdaya ||

14.
Dhasar manahe rahadyan |
pasang graitane lantip |
marma sang tapa sangsaya |
trêsna trusing lair batin |
dening asmarèng ngèlmi |
mèh supe putra kang nglangud |
nanging sang apandhita |
tan samar putra mèh prapti |
lawan sarta antuk nugrahaning Suksma ||

328 Asmaradana

1.
Samana sang tapèng lagi |
pinarak anèng ing langgar |
bakda Asar ing wayahe |
pan amulang ngèlmu rasa |
marang kang wau putra |
lan mulang rakiting laku |
kang bisa mati jro gêsang ||

2.
gêsang sajroning kapatin |
sêlamine mung punika |
kang dèrèng winulangake |
santrine ngadhêp nèng ngandhap |
nênêm ingkang sadaya |
nèng têgal adhangir kimpul |
otèk jagung lan kêtela ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 35 – 36
  • (13) Kaca 40 >