Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

(31) Kaca 138 – 145

 

( Sèh Amongraga ngimani solat Subuh )

Sèh Amongraga ngimani solat Subuh, solatipun sakalangkung têrtib pantês dados têtuladan, pasugatan tansah lumintu, ucal-ucalan mawarni-warni, nanging dhaharipun Sèh Amongraga namung sakêlangkung sakêdhik.


Kaca 138 - 145


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 138

352 Kinanthi

48.
Kang rayi tansah rinungrum |
kinuswa-kuswa samargi |
wus prapta ing dalêmira |
lajêng tumamèng jinêmrik |
ing dalu tan winursita |
mangkana wus gagat enjing ||

49.
Tinabuh bêdhug dhêng Subuh |
Jamal Jamil Jalalodin |
Nuripin atoya kadas |
nulya adan ngalik-alik |
sadaya sami sunatan |
myang santri lir maring masjid ||

50.
Araras pujiyanipun |
Amongraga asusuci |
sawusnya siram akadas |
nêlaskên sunat têrêtip |
Jayèngwèsthi prapta kadas |
wusnya ngambil toyastuti ||

51.
Sunat kalih rêkangat wus |
anêthêk kinèn ngamati |
Nuripin sigra akamat |
Amongraga angimami |
nulya ngangkat pêrlunira |
takbirira amatitis ||

52.
Pasêkat Patekahipun |
êmat kasar tan kalêmpit |
myang sakathahing Patekah |
pipitu kang dènkawruhi |
sawuse maca Patekah |
surat Sujada walnèki ||

53.
Surat Kasar akiripun |
bêrukut kêlawan têrtib |
tumanêm kang tumaninah |
suci ing tigang prakawis |
suci badan suci lesan |
kaping tiga suci ati ||

54.
Kang suci badan liripun |
salate Sèh Amongragi |
lamun ngadêg sukunira |
bênggange kang sêdhêng kucing |
adêge kêncêng tan owah |
kang kadya adêging alip ||

55.
Ana rungon tan rinungu |
ana tingal tan ningali |
ana swara tan dènucap |
anèng ganda tan ngambêti |
ana rasa tan rinasa |
kang tumèmpèl angganèki ||

56.
Kang gumrêmêt kumalulur |
kang agatêl cumalêkit |
kabèh tan ana rinasa |
ekraming badan tan osik |
nuju ing lapal Sujadah |
sunating imam nujudi ||

57.
Wusing ngadêg nuli rukuk |
tungkuling kang bathuk sami |
sipat dhêngkul lêrêsira |
palêngkuking rukuk nênggih |
kadya êlam ingkang awal |
iktidal adêgirèki ||

Jilid 5 - Kaca : 139

58.
Abênêr la-ulanipun |
lan adêge lêngên kalih |
tangan mêgar marêp keblat |
mulya sujud sèlèh rai |
tangan papak lawan sirah |
kadi êlam ingkang akir ||

59.
Alungguh suku tumimpuh |
tangan tumumpang ing wêntis |
kadya eke lungguhira |
antaraning sujud kalih |
adêge kunut apêngal |
sucining lesan matitis ||

60.
Cêtha ing wêwacanipun |
utama swarane bêcik |
sucining ati kalawan |
mukaranahira wêning |
mêngkono salat nugraha |
kawase Sèh Amongragi ||

61.
(ng)Gènnira asalat Subuh |
andungkap tahyat kang akir |
trêtib samya tumaninah |
tan kasêlan-sêlan dening |
tingkah sajabaning salat |
nulya salam nganan ngering ||

62.
Bakda salat lajêngipun |
pupujiyan langkung asri |
adhikir rêmpêg arahab |
wus dhikir andonga Sukril |
tinumpa-tumpa utama |
mrih manpangat ingkang muslim ||

63.
Sawusnya pandonganipun |
salawat salaman sami |
uyêl samya ngalap bêrkah |
marang Ki Sèh Amongragi |
santri sadaya wus bubar |
samya mudhun saking masjid ||

64.
Sang wirya kalih kang kantun |
têpakur suhul ing dhikir |
tanjèh ing panaulpana |
tan kalingan wus kalingling |
linglung pagut kêjumbuhan |
loro-loroning ngatunggal ||

65.
Tan pae paesanipun |
kawula kalawan Gusti |
nèng sajroning kaênêngan |
ênênge onêng kang êning |
paworing tunggal kaanan |
ana-ananing pribadi ||

66.
Dènnira suhul bakda wus |
pajar byar Hyang Arka mijil |
lajêng wêktu tangat Loka |
akasut ing pangabêkti |
Loka ing rolas rêkangat |
nêm salam sampun barêsih ||

67.
Mangkana sabakdanipun |
sasalaman lan kang rayi |
Jayèngwèsthi aturira |
kados sadalu tan guling |
Amongraga lon lingira |
inggih pikantuk sakêdhik ||

Jilid 5 - Kaca : 140

68.
Pan alayap ing alungguh |
gumujêng Ki Jayèngwèsthi |
sarya ngling Nuripin sira |
timbalana Jayèngragi |
kang liningan sigra mentar |
nulya Ni Turida prapti ||

69.
Anampa dhadharan ngayun |
pateyan lan wedang kopi |
lèmpèng bang juwadah jênang |
puthu-mayang lan surabi |
ledre isèn palèrèt sat |
carabikang abang putih ||

70.
Lêmpêr lan sêmar-tinandhu |
bakaran pisang matêng-wit |
gêmblong ulam bêbakaran |
dhèndhèng gêpukan sinapit |
yata Jèyèngraga prapta |
atur salam angabêkti ||

71.
Nulya kang rayi tumutur |
angirid rampadan asri |
kang raka ngling iku apa |
(m)bok-ipe kang sirairid |
Nikèn Rarasati turnya |
saos dhahar mumpung enjing ||

72.
Kang raka gumujêng muwus |
lah ladèkna marang ngarsi |
Nikèn Turida agêpah |
sêkul ulame rinakit |
sinarêng laladènira |
sêkul jajanan mawarni ||

73.
Sinaosakên ing ngayun |
dhadharan pinire marik |
tinata kang sêkul ulam |
liwêt angêt sêkul-gurih |
lêmbaran lan pindhang tambra |
opor bèbèk bêsngèk pitik ||

74.
Myang pepesan tambra palung |
bothok jambal lawan masin |
pal puk abon susujènan |
dhèndhèng age srundèng ragi |
sambêl lethok lan lalaban |
lombok kêncêng lawan pêtis ||

75.
Cêrubuk kêrupuk-têrung |
wus tata dènnya sêsaji |
matur sampun mring kang raka |
Jèngwèsthi ngaturi wijik |
kêmbul ngawirya titiga |
wus sira tuturuh wijik ||

76.
Wus lêkas nadhah têtêlu |
sami pakantuk ngabukti |
Jayèngraga kokoh nadhah |
kang raka anggung anglirik |
sinamun dhahar ulam |
panadhahe Amongragi ||

77.
Asêngkut ragi pikantuk |
lawan sabêne kèh iki |
kêpêlipun sawidara |
pinidih kongsi angintip |
sarwi tamban dènnya nadhah |
pêmamahira aririh ||

78.
Karsa mêratani lawuh |
nyapisan ukur nyasuwir |
yèn ulam tan mawi sêga |
yèn sêkul tan mawi daging |
sabên dhahar sapulukan |
gutuk pit atob kikinthil ||

Jilid 5 - Kaca : 141

79.
Kantun sakêpêl adangu |
kinêpêl kewala nganti |
nganti mring rayi kalihnya |
pikantuk dènnira bukti |
dhasar sadaya tan nendra |
Jangwèsthi micarèng ati ||

80.
Iku drêmba drêmbanipun |
dene gêlêm maratani |
angambil kang ulam-ulam |
nyajimpit lir wong icip-icip |
krowaking sêkul samana |
sabithining bocah bayi ||

81.
Atobe bae (n)dhêrudhut |
wit muluk atob ping kalih |
tyasira karaos lêpat |
duk kêmbul kalih kang èstri |
Ki Amongraga tan rêna |
mangkana osiking galih ||

82.
Wasana alon umatur |
sumangga ingkang dumugi |
Mongraga nauri sabda |
inggih yayi wus dumugi |
anulya samya wijikan |
ambêng linorod cinarik ||

83.
Sêkul lorodan wus dinum |
wêrata jalu lan èstri |
Jamal Jamil tinuwukan |
pan Nuripin Jalalodin |
dhêdharan tinata ngarsa |
wêtah pan dèrèng dinimik ||

84.
Jayèngwèsthi lon umatur |
sumangga punika manis |
Amongraga lon lingira |
atobe dadya pangarsi |
inggih sangêt ing panrima |
mung wedang satêngah cangkir ||

85.
Jayèngwèsthi mundhut timun |
watang mung sairis tipis |
lah ta payo Jayèngraga |
mara sunbadhe sirèki |
badhe kang abot kewala |
juwadah jênang surabi ||

86.
Kang rayi suka gumuyu |
inggih pan amung surabi |
kang raka ngling jarku apa |
kêna têmên dènaranni |
anutug dhahar nyamikan |
yata ingkang rayi kalih ||

87.
Jayèngwèsthi lon umatur |
mring raka Sèh Amongraga |
paran ing ngarsa paduka |
punapa nuntên apanggih |
inggih kalawan (n)jêng rama |
Amongraga mojar aris ||

88.
Kewala dhatêng anurut |
punapa kang karsa inggih |
yèn èstu pinanggihêna |
lan ramanta sunumiring |
yèn kinèn kèndêl sumangga |
ing rèhira sunturuti ||

89.
Jayèngwèsthi lon umatur |
inggih prayogi pinanggih |
dhumatêng kiyai bapa |
mila kang wau turmami |
yèn tuwan kasora mring wang |
pêsthi pun-andhêg nèng ngriki ||

Jilid 5 - Kaca : 142

90.
Lan (n)jêng rama yêktinipun |
mangke têmah awakmami |
kasor lan tuwan atêmah |
lajêng ganjar ngèlmu gaib |
dadya mangke raganingwang |
mring paduka wus ambalik ||

91.
Pambadhe kulangge sawung |
mênggah mring rama (n)jêng kyai |
gumuyu Sèh Amongraga |
tan anêdya awakmami |
mring (n)jêng kyai amungsuha |
nêdya (ng)guru yèn marêngi ||

92.
Kadarmanira kang wau |
marma nis prapta ing riki |
wus kasêdyèng puruita |
dhumatêng ramanta nênggih |
ngrasèhkên ngèlmu kang nyata |
gumujêng Ki Jayèngwèsthi ||

93.
Sarya ris dènnira matur |
katurna ngong atur uning |
inggih dhatêng kangjêng rama |
yatenggal dènnya lumaris |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
kêtiga santri Nuripin ||

94.
Sèh Amongraga kang kantun |
nahên ta ingkang lumaris |
kocapa kang anèng langgar |
kang lagya mumulang santri |
sira Ki Bayi Panutra |
duk lênggah nèng masjid alit ||

95.
Mumulang ing para putu |
miwah kaponakan sami |
tan wontên santri kang liyan |
dene santri anggung sami |
ngaji anèng masjid bêsar |
ingkang mulang para kêtib ||

96.
Tuwin santri agung-agung |
pra samya ngrasèhkên ngèlmi |
nênggih lawan kancanira |
nahên ta Kiyai Bayi |
lan kang garwa sami mulang |
Kur'an atanapi Têpsir ||

97.
Marang para anak putu |
tan wontên kang alyan santri |
Tambangraras tumut mulang |
sinjange cawèni putih |
kêmbêne gadhung walaka |
rasukan sêmbagi kuning ||

98.
Kalpikèng kalih amurub |
samya barleyan nèng jênthik |
asêngkang cêmêng kewala |
barleyan panunggul sami |
gumêbyar anèng wadana |
kadya mêthotêna galih ||

353 Mêgatruh

1.
Sêrawungan lan Kèn Raras cahyanipun |
nèng wadana ling sisiring |
lan sorote netra barung |
kuwung rêbut paran sami |
buburon aliru ênggon ||

Jilid 5 - Kaca : 143

2.
Tangèh lamun rinêngga kusuma ayu |
tuhu musthikaning bumi |
jatmika antêng aruruh |
graitèng sêmu awingit |
dhasar wus limpat ing kawroh ||

3.
Nanging têbih sang rêtna ningali kakung |
nênggih wit dènnira saking |
subrangta karêm ing ngèlmu |
ngupaya kakung prayogi |
ingkang wus putus ing kawroh ||

4.
Lan nêngênkên sang dyah wirasating kakung |
ing rapli lawan maknawi |
marma nguni akèh rawuh |
satriya para ngulami |
sang dyah myat tan wontên condhong ||

5.
Saking dening tan kalbèng wirasatipun |
kang kenging dipun-gondhèli |
ing awal lan akiripun |
sang dyah langkung apiknèki |
nging gawat tan ana wêroh ||

6.
Gawatira sajroning tyas karsanipun |
besuk ingsun karsa laki |
manawa wontên wong kakung |
gung kang ngèlmu sih ing èstri |
kang tan karêm mring wong wadon ||

7.
Nikèn rara yèn ningali mring wong kakung |
kadya ningali wong baring |
wa-ewa sukêr andulu |
pangraose kadya najis |
sêngit mring wong lanang dhayoh ||

8.
Lamun maring sêntana myang kang wus wawuh |
lir ningali rare bênthik |
tan mantra-mantra salêmut |
jroning sare nora ngimpi |
sajêge duk maksih beyong ||

9.
Kongsi mendra-mendra malah lungse sêpuh |
tan ana birainèki |
mung birai maring ngèlmu |
bantase mring Dalil Kadis |
paham ing Kur'an kinaot ||

10.
Pan wus inggil sang rara pangraosipun |
ngungkuli kang rayi kalih |
ngaji Têpsir agung-agung |
Têpsir Bahwi-baelawi |
Jalalèn murat wus awroh ||

11.
Lawan kitab gêng-agêng sampun kacukup |
tan ana bab kang kalêmpit |
ngungkuli kaum pangulu |
pambudining Dalil Kadis |
lapal makna murat raos ||

12.
Sabobote èstri pan sampun linuhung |
nanging tan kawêntar ahli |
sabab tan watak (n)dêdarus |
mring kaum myang santri-santri |
ukur mring kang rayi karo ||

Jilid 5 - Kaca : 144

13.
Asring kandhih kang rayi ing kawruhipun |
jomblahe madlul lan Dalil |
Ijêmak Kiyas wus putus |
nanging raosing kang galih |
tyasnya kadho dèrèng manggon ||

14.
Mung cêcandhang manawa na sin Hyang Agung |
pinaring guru kang yêkti |
ingumpêd datan kawuwus |
sangêt dènnira akunci |
mung pasrah marang Hyang Manon ||

15.
Nadyan ibu tuwin rama datan wêruh |
nênggih kang basa puniki |
ing karsane sang dyah ayu |
kalangkung dènnira wingit |
(ng)gyan nutupi tan mêrojol ||

16.
Marma ingkang rama kêlangkung angugung |
dhasar putrèstri sawiji |
wasis sabarang ing kawruh |
yata samana Ki Bayi |
kagyat wau dènnira non ||

17.
Duk praptaning kang putra kalih nèng ngayun |
Jayèngraga Jayèngwèsthi |
anulya sinapa gupuh |
ana karyanira kalih |
gati praptèng ngarsaningong ||

18.
Ingkang putra tur sêmbah alon umatur |
kawula atur udani |
ing jawi wontên têtamu |
arsa marak tuwan inggih |
dalu sipêng wismaningong ||

19.
Santri têbih saking Karang wismanipun |
taruna langkung apêkik |
jatmika wingit asêmu |
cahyanya amindha sasi |
ing pandugiulun kados ||

20.
Dede wijiling ngalit katarèng sêmu |
manis têmbunge matitis |
kawistarèng tindak tanduk |
mèsêm sira Kyai Bayi |
myarsa ture putra karo ||

21.
Yèn mangkana timbalana ngarsaningsun |
pan ingsun arsa udani |
warnane kang sira gunggung |
lan apa ing mau ratri |
wus kabrengkal ingkang kawroh ||

22.
Kothonge lan anane ing isènipun |
kang putra matur wot-sari |
sampun kaculik ing dalu |
lan amba taksih pradondi |
dèrèng wontên ingkang kawon ||

Jilid 5 - Kaca : 145

23.
Ulun lan ing ngrika taksih salang surup |
Ki Bayi gumuyu (m)bêlik |
apa tan ko(k)-culik iku |
iya bangsa ingkang iki |
pupungkasan kang saking ngong ||

24.
Ingkang putra nêmbah aris aturipun |
pan kawula bèbèr nanging |
ing ngrika pan botên ayun |
ingaran taksih atêbih |
winastan limbang kemawon ||

25.
Kang akarya punika pundi (ng)gènnipun |
lan malêbêt kang nèng langit |
inggih pintên cacahipun |
amba pan dèrèng udani |
tuwan dèrèng mulang ingong ||

26.
Mila amba tinakènan mingak-minguk |
kang rama gumuyu malih |
sarêng miyarsa turipun |
wusana ngandika aris |
basakêna sira karo ||

27.
Têka kêgawokan basa kang puniku |
sunduga dhayohirèki |
gêgamane iya namung |
kang binuntêl saking Kawis |
kinarya mêdèni cebong ||

28.
Ingkang putra kalih aris aturipun |
paduka dèn-ngati-ati |
mêmêdosi ingkang tamu |
yèn kasor ngisin-isini |
paduka pan sampun kalok ||

29.
Satêmahe kasor mring santri angunthul |
mindhak nawarkên kang wingking |
kang rama angling gumuyu |
tuturmu dhayohirèki |
sadurunge ingsun wêroh ||

30.
Êmbuh kasor ingong lawan unggulipun |
ing tyasingong lêgawa sih |
yèn unggul sun lila muruk |
lamun kasor ngong minta sih |
raosing tyas anêrontong ||

31.
Akèh tamu kang brêngga rowa ing kawruh |
tan nêdya ingsun praduli |
sêmuning dhayoh rumujuk |
payo timbalana aglis |
manira pan arsa wêroh ||

32.
Nikèn Rara Tambangraras nambung wuwus |
ngandika marang kang rayi |
thole dhayohira iku |
têkane marene yayi |
apa dhasar (m)barang obrol ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (30) Kaca 133 – 137
  • (32) Kaca 146 – 161 >