Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (33) Kaca 162 – 165

 

( Bab curiga manjing rangka; rangka manjing curiga )

Sasampunipun sami solat lan dhahar kêmbul, Ki Bayi Panurta rêraosan bab ngèlmu kalihan Sèh Amongraga. Bab curiga manjing rangka; rangka manjing curiga; wardinipun malaekat, nabi, wali, mukmin kas, cahya, mukjijat mangunah, kramat sadaya wontên ing badan.

Ki Bayi Panurta kawêjang dening Sèh Amongraga bab gaibipun Gusti Allah saengga padhang tarawangan manahipun, paham sawarnining alam: kamil, misal, ajêsan, alam arwah. Ki Bayi Panurta rumaos kaluhuran dening Sèh Amongraga saengga nangis sêsênggukan. Sadaya wêjangan botên kenging tumrap Nyi Malarsih, semahipun Ki Bayi. Nikèn Tambangraras tuwin ibunipun sarta cèthi abdinipun wasta Cênthini sami nginjên, mila sumêrap sadaya lampah-lampahing wêjangan.


Kaca 162 – 165


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 162

355 Sinom

32.
Yata glis angrangkul madya |
sarya ngling dhuh anakmami |
ya pagene sira nyawa |
wus nyêkêl ngèlmu prêmati |
kongsi prapta ing ngriki |
adoh-adoh para jujug |
sayêktine manira |
mung iku buntêlan mami |
arinira karone durung ngongwarah |

33.
Ngongwèhi basa punika |
mirah kang para bupati |
kang samya ngangsu maring wang |
sunwèhi ngisore têbih |
têmah tibèng sirèki |
mèh ta ana karyanipun |
ing Karang pan jêlanah |
wartanira iku kaki |
yèn ing kene ngèlmu iku gêgêdhongan |

34.
Aywa ingkang mungguh kaya |
kang sira ucapkên inggih |
yèn pun bapa sumurupa |
lagya ku buntêlan mami |
parandene tyasmami |
bolong saiki katèngsun |
Amongraga turira |
basa kang punika inggih |
sayêktine kawula sampun uninga |

35.
Marma gêpah amba marak |
ing tuwan punapa sami |
murade lawan kawula |
nênggih basa kang piningit |
wusana tuwan sêpi |
Ki Bayi malih angrangkul |
dhuh bêndara sutèngwang |
pan pun bapa wus ambalik |
wakmanira sira (ng)gèr kang madhangêna |

36.
Nênggah basa kang punika |
umatur Sèh Amongragi |
inggih tan kenging yaktinya |
yèn tan ajrih jiwa ragi |
lan malih botên kenging |
yèn kajarwa ing lyannipun |
kêjawi kang wus padha |
angalap punika kenging |
Ki Panurta andhêku ing wuwusira |

37.
Pan sarya asrah prasêtya |
kathah-kathah Kyai Bayi |
lingira mring Amongraga |
yata mangkana anuli |
anyimpar maring jawi |
mulya mijil saking tajug |
kilènne pangimanan |
anèng sasoring kumuning |
Kyai Bayi Panurta madhêp ing keblat |

38.
Sèh Amongraga atangat |
sarêkangat salam nuli |
têpakur ngêningkên tingal |
ing gaibira Hyang Widi |
amancat ing tarèki |
mikrat lêpas ing pandulu |
plêng komplang sanalika |
ing jaman sapta tinarik |
alam kamil alam misal alam ajsam |

Jilid 5 - Kaca : 163

39.
Ping sakawan alam arwah |
kapitu gaibe katri |
wakidiyat lawan wahdat |
akadiyat sami gaib |
jisim sajroning gaib |
ing riku dènnira suhul |
êning tan kacamboran |
pinalal pana ing takdir |
tan kalêmpit ing tingal tan kumalêndhang |

40.
Wruh papancèning asya-a |
myang ganjaraning kamrêki |
siksa ganjaraning dabah |
mangkana dènnira mupid |
tan pae anjumbuhi |
tarèk kinira tanajul |
akadiyat wahêdat |
wakidiyat gaib akir |
alam arwah alam ajsam alam misal |

41.
Alam insal-kamil luwar |
wus bakda tanajul tarki |
wus mulyèng jaman wèntèhan |
mangkana Sèh Amongragi |
ningali kang nèng wuri |
Ki Bayi taksih tumungkul |
sêsangat antaranya |
(n)dhêkukul konjêm ing siti |
Ki Sèh Amongraga alon wuwusira |

42.
Lah wus tuwan tumênga-a |
prayogi sami alinggih |
sira Ki Bayi Panurta |
gupuh dènnira atangi |
tingkahe ingamisik |
timpuh wiyung ngabên dhêngkul |
mathis tan ana obah |
jangjine angalap jangji |
jangji sêtya tuhu ing donya akerat |

43.
Ki Bayi asrah prasêtya |
kasanggêman yata nuli |
winisik basa sampurna |
sarêng miyarsa Ki Bayi |
sênggruk-sênggruk anangis |
tangis cumêplong ing kalbu |
manah padhang nêrawang |
ngraos tuwuk tanpa budi |
pangraose wus ana sangisor aras |

44.
Ambalik sami sakala |
kramane mring Amongragi |
mèh-mèh kaya ngabêktiya |
saking tan nyipta kêkalih |
mung mangsud guru yêkti |
Ki Bayi aris turipun |
rayi dalêm kalihnya |
sumangga ing karsamami |
ingkang mugi wontêna sih wulang tuwan |

45.
Inggih kang basa punika |
Mongraga umatur aris |
(ng)gih putranta sakaliyan |
sampun kawulawêjangi |
ing ratri kala wingi |
kalihe wus sami suhud |
matur Alkamdulilah |
kawula dados wuragil |
sakalangkung panrimakula satitah |

Jilid 5 - Kaca : 164

46.
Amongraga pan wus wikan |
ing dalêm pêpancènnèki |
Ki Bayi lan putranira |
Jayèngwèsthi Jayèngragi |
beda ganjarannèki |
Ki Bayi ganjarannipun |
sih kamulyan ing donya |
kang putra ganjarannèki |
pan cêcalon ganjaran mulyèng akerat |

47.
Kawawa ngèlmi makripat |
de Ki Bayi Panurtèki |
kahidayat ngèlmu sarak |
sarengat utamèng urip |
Mongraga matur aris |
paduka ingkang akasud |
têpakur maring Allah |
lan tangat kalaning wêngi |
lawan ngagêngêna salat pêrlu kala |

48.
Ywa pêgat adarus mulang |
ing kitab Kur'an amêrdi |
ing janma pêkir kasihan |
Ki Bayi nor-raga ajrih |
ing wulang Amongragi |
Mongraga malih umatur |
sumangga maring langgar |
Ki Bayi anèng ing wingking |
anèng langgar mingsêr kang rayi kalihnya |

49.
Wus tata dènnira lênggah |
Ki Bayi langkung nor-ragi |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
mulat mring Sèh Amongragi |
cahyane anguladi |
sênênning guwaya mancur |
cacangkoking ngawirya |
ngusuma sêmune wingit |
pan katara pasang tejaning oliya |

50.
Kang putra kalih tyasira |
bungah amêrwata siwi |
aningali mring kang rama |
antuk nugraha jinatin |
ingga sampurna nunggil |
samyangsal wêjangan guru |
Ki Bayi lon ngandika |
marang putranira kalih |
sira padha wus sinuci ing paningal |

51.
Kang putra aris turira |
mring rama gumuyu sami |
paduka andangu marang |
kawula lawan pun adhi |
inggih sampun pinaring |
marang ing putranta nêngguh |
basa ingkang punika |
paduka kita sisani |
ingkang rama mèsêm lêga ing tyasira |

52.
Ngling malih mring Amongraga |
ibunta punapa kenging |
mirsa basa kang punika |
Amongraga matur aris |
punika botên kenging |
èstri ripak wadhahipun |
botên kadi ni Dhara |
Murtasiyah garwèng Arip |
inggih mindhak amêwahi kang duraka |

Jilid 5 - Kaca : 165

53.
Susah-susah makatêna |
jangji sok têmêna ugi |
(ng)gènnya palakramèng tuwan |
pêsthi ing têmbe pinanggih |
yata (m)bok sori Bayi |
dènnira ngintip wus dangu |
anèng kajang jêjêdan |
pinalêthèk mrih udani |
lawan ingkang putra Nikèn Tambangraras |

54.
Apan wus sasontên mila |
Tambangraras lan (m)bok sori |
cèthi Cênthini tan têbah |
dènnira sami angintip |
katon sasolahnèki |
kang samya rêrasan ngèlmu |
kyaine duk winêjang |
wong roro sarêng umijil |
sapraptane Ki Bayi sangêt nor-raga |

55.
Ni sori lan Tambangraras |
tyas sukur bungah kapati |
Tambangraras sadangunya |
myarsakkên rêrasan ngèlmi |
gêtun dene ngêplêki |
ing ngèlmu osiking kalbu |
kabèh raosing driya |
ing murat basaning têpis |
nora gothang kang liningkên Amongraga |

56.
Tuwin dènnira umiyat |
Tambangraras mring Mongragi |
sapraptaning pamisikan |
cahyanira angênjali |
kilah-kilah mawingit |
ing sênênnira sumunu |
wênês manis sumilak |
tumeja amêrbawani |
pan sangsaya mêdhar kabagusanira |

57.
Nikèn Tambangraras rantas |
tyasira tumpês kêtawis |
kêdaut dahat karantan |
runtuh tyasira mawêrdi |
tanpa awêr rêdatin |
katêmbèn dènnira wuyung |
wiyung nguyang ing driya |
andrawaya waspa mijil |
manah bêbêg jujur kajala ing priya |

58.
Priya ingkang lagya prapta |
pratamèng ngèlmi kajatin |
Tambangraras ling ing driya |
ki dalêm bisa karya gring |
paran bisa wakmami |
lumadèng pada angèstu |
mring ki dalêm kang memba |
nyudama purnama sidhi |
dhuh ki dalêm dalêma ing Wanamarta |

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (32) Kaca 146 – 161
  • (34) Kaca 166 – 167 >