Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05) Kaca 36 -40

 

( Pêngantèn putri mangangge miturut tatacaranipun tiyang kacêkapan )

5. Pangantèn panggih: Pêngantèn putri mangangge miturut tatacaranipun tiyang kacêkapan: sinjang alus gênis pêthak bathikan sêmèn parangtritis, sabuk singsêt, ngajêng pinalipit rêmit, sêsupe jamrut mirah, sêngkang panunggul intên bumi lan sadayanipun sarwi èdi endah anambahi sulistyaning warni sumorot mawa cahya. Ni Cênthini dipundandosi ugi sarwi endah tambah katingal ayunipun.

Pangantèn kakung dipunarak sarta dipuniring mawi têtabuhan salawatan singir, rame ginarubyug dening sanak sadhèrèk. Sèh Amongraga tansah dhikir, katingal sakalangkung wingit. Samargi-margi kathah sangêt tiyang ingkang ningali, jêjêl uyêl-uyêlan. Dumugi sangajênging pandhapa kèndêl, ngêntosi iringan pêngantèn putri mêdal saking griya wingking. Nikèn Tambangraras kaapit dening ingkang ibu tuwin Cênthini. Ing wingkingipun, Ni Turida lan Ni Rarasati.

Sèh Amongraga kaapit dening Ki Bayi Panurta ing kiwa lan ing têngênipun Jayèngraga tuwin Jayèngwèsthi.

Panggihipun pêngantèn ing têngahing kontên, pêngantèn kakung lan putri balang-balangan gantal. Tigan kaêkum ing bokor toya sêtaman, tigan kapêcah, toya kasiramakên saha katètèsakên ing êmbun-êmbunipun pêngantèn sakalihan kaping tiga.

Pengantèn putri lajêng mêndhak nyêmbah pêngantèn kakung. Wasana pêngantèn sakalihan dipunkanthi lumampah tumuju palênggahan sangajênging krobongan.

Ki Bayi Panurta lênggah ing têngah. Ni Cênthini botên têbih saking lênggahipun pêngantèn putri saengga kathah ingkang rêraosan prasasat Cênthini ugi dados pêngantèn.


Kaca 36 – 40

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 36

357 Mijil

363.
Sinèmbongan seta pinêrmasi |
adining paraos |
sawat jalêngut sibak cawine |
citraning sêmèn parang taritis |
dinrênjêman rêmit |
gigiyon winêngku ||

364.
Pipiyakan sarong ing pêngasih |
caconthoking wangkong |
talibane ing ngarsa amèpèt |
ngawêng ing walikat pan pinirit |
aturut maripit |
têpung adu mancung ||

365.
Pasingsêtan pamêkak ing ngarsi |
sinumpêt anyonthong |
udhèt seta pinarada adèn |
pan rineka sorot tutumpaling |
kang mandhala giri |
pan kinayu-apu ||

366.
Sungsun katri tinata rininggit |
taptaping wiwiron |
lêre mèpèt pan winiru têpèn |
inyêpuh kur-ukur mêdhok kêdhik |
angêmbang undha sri |
alandhung linuhung ||

367.
Buntal seta argulo inganggit |
puspa mara dalon |
anggrèk wulan samboja mênure |
mayang wingitan lan mandhakaki |
sikatan saruni |
sêmbulihanipun ||

368.
Muwêr pinasang ngawêng ing wuri |
anangga cêcanthok |
buntaring buntal kanan keringe |
dadya uncal gumantung arakit |
wida jênar aming |
tungtung rêmu-rêmu ||

369.
Kalpika jumêrut mirah abrit |
hèrlaut sumorot |
sêngkang panunggul intên bumine |
cundhuk mêntul hèrthathit nêlahi |
tasik ngima nipis |
sumilak sumunu ||

370.
Wusira binusanan rêspati |
tan ana winaon |
Ni Malarsih tyas sangêt ngungune |
myating putra tanpa samèng jalmi |
ya talah si bibi |
bisa gawe rungrum ||

371.
Nulya Cênthini dènbusanani |
sinjang cindhe ijo |
sinêmbongan gadhung mêlathine |
pinarada kinumudawati |
las-alasan asri |
buntal sêtaman rum ||

372.
Ingudhêtan ing mêndhala giri |
tumpal pinaraos |
winidan jênar gêbêgan adèn |
kalpika tajug mirah lilintring |
sêngkangira adi |
sêkar sêtaman byur ||

373.
Langkung pelag Cênthini yu luwih |
lir pangantyan yêktos |
wusnya binusanan Cênthini nèng |
wurinira Tambangraras sang lir |
wintang anyêlaki |
ing wulan sumunu ||

Jilid 6 - Kaca : 37

374.
Tunggil teja kaot agêng alit |
Cênthini katongton |
pan angêpak wong sadesa yune |
sawusira sang ro busana di |
yata Ni Malarsih |
malih rum amuwus ||

375.
Lamun sampun wayah (n)dika bibi |
kula bêkta mring (ng)gon |
anèng dalêm wis akir sangate |
Nyai Daya wuwusira inggih |
sumanggèng karsèki |
pan punika sampun ||

376.
Nulya binêkta mring dalêm ngarsi |
Tambangraras tinon |
pan asukup tuwa nom myang rare |
miwah kang anèng pawon ningali |
samya tilar kardi |
lumayu andulu ||

377.
Sami praptèng dalêm amiranti |
nèng jrambahing kobong |
kalasa lus sungsun tri sinrêbèt |
mamrih sinêbaran sarwa sari |
nulya Luci prapti |
tanya sampunipun ||

378.
Ni Malarsih anauri aris |
iya wus mirantos |
santri Luci wangsul age-age |
atur marang ing Kiyai Bayi |
Panurta ngling aris |
mring Mongraga wau ||

379.
Tuwin mring kang sêpuh-sêpuh sami |
sadaya rumojong |
nulya nuduh mring santri Luci-ne |
kinèn (m)budhalêna para santri |
ingundhangan aglis |
umangkat sadarum ||

380.
Tinata jèjèr saurutnèki |
sadaya wus bodhol |
aprayoga ing lampah tatane |
ulur ngurung-ngurung kanan kering |
miwah kang ngêtêbi |
(ng)garêbêg ing pungkur ||

381.
Miwah ingkang jalma niningali |
gumêrah punang wong |
jalu èstri mèpèt arêbat (ng)gèn |
ingkang (ng)gendhong anak ting jalêrit |
yêl-uyêlan sami |
tan na rowang umung ||

382.
Jêjêl nunjêl jujul papan pipit |
kang jongkong-jinongkong |
sawêrnine pagêr (n)jêro bêthèk |
rubuh ingabyak wong niningali |
lêbur katrinèki |
dènilês lir rumput ||

383.
Miwah wisma kang cêlaking margi |
akèh omah dhoyong |
kang ringkih rubuh êmpyak èmpere |
nora kêna wong akèh sinapih |
wong dodol ting jêrlih |
wutah mawut-mawut ||

Jilid 6 - Kaca : 38

384.
Yata ingkang lumampah ingiring |
sinaroja ing wong |
ingkang anèng ngarsane pangantèn |
Jamal Jamil wong ro anrêbangi |
pong pêg tong ting tong grung |
dhung dhung bêng pung pung brung ||

385.
Santri nênêm ngêlik ngalik-alik |
arum aruntut wor |
sinauran ing wong sadayane |
pan arêmpêg satitahe muni |
mung kalimah kalih |
lon lêlah alandhung ||

386.
Amongraga lampahe awingit |
cahyane mancorong |
anêlahi pasamuwan kabèh |
amiyarsa lêlagone singir |
suhuling tyas dhikir |
sangsaya anganyut ||

387.
Tan rumangsa nèng jaman donyèki |
mung akerat manggon |
apan wus nora kabere-bere |
anumusi tyas kang niningali |
kathah (m)brêbêsmili |
kapênêdên (n)dulu ||

388.
Myat miyarsa solah-bawanèki |
tyase kang mêrongkol |
ngarak pangantèn kaya kêpatèn |
ting salênggruk wong kari ningali |
saking tyas kapengin |
sangêt (m)barêbêl luh ||

389.
Saking bungah-bungahe ningali |
bêcik kang tinonton |
Amongraga kinanthi astane |
mring Ki Buyut Wanahita nênggih |
lampahira ririh |
kêthuyuk-kêthuyuk ||

390.
Jayèngraga ambancèr nèng ngarsi |
baguse katongton |
kang tan wruh dènarani pêngantèn |
anèh dhewe sigit anjêlanthir |
wong kang nom-nom èstri |
kathah kang kêpoyuh ||

391.
Samya ngucap sru pating kalikik |
darapon kadulon |
kang liniring runtuh ting garègèl |
salendhange wudhar gêlungnèki |
kêmbên tan ngopèni |
kêndho tapihipun ||

392.
Datan ana mingkêm lathinèki |
kèh nyêngoh mêngongoh |
ana ngathungi kinang iribe |
raracikan kinang suruh êmprit |
ngêgar-gar dariji |
ngêblongkên gumuyu ||

393.
Amung Jayèngraga kang pinindir |
rinêbut panonton |
sabab bagus dhewe sigit dhewe |
kanthèt dhewe (n)bancèr andhèwèki |
wokaning pawèstri |
(n)dhêrudhus angilu ||

394.
Kulawirya solahe kinardi |
lumaku tinonton |
ginaguyu dene lir pênamèng |
malah nosot thithik jroning ati |
tan madhani ênthik |
thik ana wong bagus ||

Jilid 6 - Kaca : 39

395.
Tan wus ucapkên kang niningali |
tan adangu rawoh |
santri pangarsa kèndêl praptane |
jibèg ngadêg ngêpung angubêngi |
têpung gêlang pipit |
nganti ingkang rawuh ||

396.
Pêngantyannya lagya praptèng kori |
singir salin lagon |
asrakal badrun ngala enane |
pan gumuruh swaraning asingir |
mêksih ngandhêg sami |
asrakal anutug ||

397.
Prapta kèndêl satêngah pêndhapi |
pan amangu ngantos |
ing jro wisma nulya mapagake |
Bok Cênthini kinanthi nèng kori |
nora kêna têbih |
lan Nikèn Tambangrum ||

398.
Kanan ingkang ibu Ni Malarsih |
wuri mantu karo |
Nikèn Turida Rarasati-ne |
namung nênêmipun Bok Sumbaling |
kang tumut njênêngi |
kang sadaya lungguh ||

399.
Sèh Mongraga kang kering Ki Bayi |
kananira munggoh |
muri Jayèngraga Jèngwèsthi-ne |
kanan Ki Pangulu Basarodin |
kang sadaya maksih |
ngadêg soring tarub ||

400.
Langkung tata tetela kaèksi |
kang nonton tan rusoh |
plalah mêndhêt andha angadêmpèl |
andha têpung parik turut pinggir |
mung katon rêrai |
cukup andêdulu ||

401.
Sangsaya sru gumêrah swaraning |
asrakal dèn-êtog |
samya erak pinêksa swarane |
miwah kang nonton cilik jalwèstri |
sami tumut singir |
sangsayèmbuh umung ||

402.
Samya majêng lampahira ririh |
gathuking patêmon |
satêngahing kori gêng panggihe |
antarane anèng jro lan jawi |
gêgantalan gênti |
ila-ilanipun ||

403.
Toyèng bokor sêkar-sêtaman sri |
pan kinuman êndhog |
tinibakkên kumêprug pêcahe |
wus siniram toyèng bokor nuli |
tinètès toya tis |
ing êmbun ping têlu ||

404.
Nulya kinèn nêmbah padèng laki |
Tambangraras gupoh |
mêndhak nêmbah sumungkêm sukune |
sarwi ngaras dalamakan iring |
tuwin kanan kering |
sawusnya alungguh ||

Jilid 6 - Kaca : 40

405.
Nulya tinarik astanirèki |
mring kang ibu alon |
sigra kinanthi wau astane |
wus praptèng (ng)gon tata sami linggih |
Ki Buyut nêngahi |
kang sadaya mêtu ||

406.
Ingkang kantun amung Jayèngragi |
kinèn lungguh kulon |
cêlak mring kang raka pinangangtèn |
jajar lênggah kilèn Jayèngragi |
nuntên Amongragi |
nuntên Kyai Buyut ||

407.
Nuntên Nikèn Tambangraras nuli |
Cênthini tan adoh |
jèjèr wayang mangkana patute |
ingkang ibu nèng ngarsa kapering |
Turida Rasati |
ro samya nèng ayun ||

408.
Miwah pra bibi uwa lan nini |
anèng wetan kulon |
samya rêrasan pating kathuwil |
iya talah bêgja Bok Cênthini |
tinunggil alinggih |
binusanan murub ||

409.
Dadi pêngantène Bok Cênthini |
pamaesan kaot |
gêlung gambyong thinèrèkan jêne |
apêpêtha lêlatha pipidih |
caconthok acênthing |
cicithak cêcênthung ||

410.
Durung ngêrti ngong pangantèn iki |
iku apa mêngko |
têmu marang Jèngraga bakale |
Jayèngraga dene anjêkithit |
samya (ng)guyu ririh |
dhuh mokal yèn têmu ||

411.
Ukur dèn-gawe ngasrèn-asrèni |
patah lanang wadon |
pan mangkana pangucape kabèh |
nuli lêladèn wedang nèng ngarsi |
pra santri kang singir |
asrakal wus suwuk ||

412.
Kantun santri nênêm Jamal Jamil |
lilirihan lagon |
arang bême ngapinjal kêmpyange |
panêrbange myang singire ririh |
kataman nabiyi |
ya Rasullulahu ||

413.
Katam Muhammadun ngajan Ngarbi |
sauran mangkono |
nulya bawane pakam lahumèn |
ayatin mashuratin nasili |
tabu biha gadin |
mashura puniku ||

414.
Swaranira pan angasih-asih |
êmpuk mêntul alon |
ngombak-ombak arampak sajake |
panrêbangira ngapipir ririh |
pong ping ping pêk ping ping |
tong ting tong brêng pong brung ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04) Kaca 35
  • (06) Kaca 41 -47 >