Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (07) Kaca 48 - 55

 

( Ki Bayi mêdal majêmukan ing pandhapi )

2. Ki Bayi mêdal majêmukan ing pandhapi. Kêndhuri dipun dongani kyai pêngulu, lajêng sami dhahar. Para sêpuh sami dipun ladosi. Sinambi dhahar Kyai Wanahita dhawuh bab kasiyatipun ulam kewan slira, landhak, lsp. Salêbêtipun dhahar sami gêgujêngan sarwi pakantuk.

Ing griya wingking Sèh Amongraga nyuwun dhatêng ingkang ibu marasêpuh, supados pasrèn Lara-bonyo lan sajèn-sajèn dipunbucali, amargi punika kalêbêt brahala dados alanganing ngèlmu. Wêkasan lajêng dhahar sêsarêngan. Sèh Amongraga dhaharipun sakêdhik sangêt, makatên ugi Nikèn Tambangraras.


Kaca 48 – 55


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 48

358 Gambuh

41.
Angadêg ing (ng)gyannipun |
marêp mangetan dènnya (n)donga sru |
donga Rasul mumule majêmuk tuwin |
Tulak Slamêt nulyèng Ngumur |
nulya mingêr sru swarèng wong ||

42.
Amin rêmpêg gumuruh |
ambal-ambalan ambata-rubuh |
Ki Pangulu anutug dènnya (n)dongani |
amin sadaya tumungkul |
asusuhun nuli lungguh ||

43.
Ki Bayi lingira rum |
marang Luci ki apa wus rampung |
Luci matur inggih sampun gênah sami |
ingkang (ng)gangsali angêpung |
ingkang nyêdasani golong ||

44.
Ngalihdasani ngêpung |
nigangdasani saambêngipun |
inggih botên wontên kang sumêlang kapti |
Ki Bayi nyarakkên wisuh |
payo (n)duduk sêkul wuloh ||

359 Mêgatruh

1.
Nulya sarêng yata samya awiwisuh |
Kyai Buyut dènturuhi |
Ki Bayi nulya kukucur |
Ki Pangulu awêwanting |
bilas tangan wênèh kobok ||

2.
Samyambanyu masuk tangan ting karucuk |
santri lit rêbut kêndhuri |
tangan tur têlês kasusu |
sarêngan tangan rarywa lit |
cinêlupakên mring gênthong ||

3.
Garêjêgan rêbut dening sami wisuh |
pinisuhan ting jarêlih |
pipitan sikut-sinikut |
rêrêjêngan lumuh kari |
bak tangan gênthonge ambrol ||

4.
Pêcah mak brol krèwèng wingka mêsat sumyur |
liyan bathuk irung santri |
toya (m)blabar ing wong lungguh |
santri tuwa kèh misuhi |
durung tutug didhêdhêplok ||

5.
Sanggon-gone kana kene gawe rusuh |
nora patut dèncêdhaki |
ambutuhake wong lungguh |
yèn linggih nêlêsi jarik |
têmah andhodhok mêthongkrong ||

6.
Santri cilik kêmrêcêk nauri asru |
prandene ngaruh-aruhi |
bocah dèn-aranni rusuh |
dhèwèke nora rêspati |
mangan mathongkrong lir bangkong ||

Jilid 6 - Kaca : 49

7.
Santri tuwa ana srêngên wênèh (ng)guyu |
tan wusên rusuhing cilik |
(n)dan anadhah kabèh cakut |
bêsêngèk pitik ngijènni |
miwah bêtutu lan opor ||

8.
Landhak banyak myang manuk kang wutuh-wutuh |
rangkêp-marangkêp mawarni |
myang jangan masungsun-sungsun |
rongpuluh wadhah ngijènni |
mangan kokoh dhokoh-dhokoh ||

9.
Kyai Buyut linadèn kang êmpuk-êmpuk |
Kyai Bayi matur aris |
mring Ki Wanahita Buyut |
punapa kang dènsaptani |
wontên sadaya sumaos ||

10.
Ulam kewan miwah pêksi myang ulam luh |
kang dènolah adi-adi |
sumangga sampeyan mundhut |
kula ingkang angladosi |
ngling ya bangêt tarimèng-ngong ||

11.
Sarwi nadhah Ki Bayi tansah umatur |
dene tan pati ngulami |
namung tim nyuwil kur-ukur |
tan liya kang dènkarsani |
mung dhadha-mênthok lan susoh ||

12.
Ingkang eca kyai kulit swiwi pupu |
abodho têmên si kyai |
êndhog kang êmpuk tan mundhut |
myang liyane anyir-anyir |
kabèh tan ana ginêpok ||

13.
Kyai Buyut nauri wacana arum |
ngong wus tuwa nora pati |
mangan ngarah-arah ayu |
wong tuwa cêrbaka bukti |
dadi paraboting repot ||

14.
Lah tutura wong tuwa kang mau-mau |
iwak êndhog kinèn nyirik |
suwiwi pupu bêrutu |
myang iwak jêrowan sami |
iku pakolèhe awon ||

15.
Kayata wong wus sêpta kulinanipun |
êndhog jrowan dèndoyani |
besuk tuwanya glis lampus |
gujih kaya bocah bayi |
kèh repot lara kuwayon ||

16.
Aku kiye suwe-suwe dadi tutur |
mring sira ya Buyut Bayi |
eyangmu canggah rumuhun |
kasiyate marang mami |
tutur bisik-bisik alon ||

Jilid 6 - Kaca : 50

17.
Kinèn mangan iwake sêlira pêrlu |
lan iwak landhak dènasring |
tuture paedahipun |
iwak sêlira binukti |
tuwin ngumure tan repot ||

18.
Dene iwak landhak iku pedahipun |
sugih anak jalu èstri |
lan santosa purusipun |
miwah balung kulit daging |
yèn waras oto tan repot ||

19.
Kyai Bayi manthuk matur nuwun-nuwun |
hêng hêng mêkatên kyai |
ulam sêlira puniku |
punapa tan karam ngèlmi |
yèn landhak kalal kemawon ||

20.
Kyai Buyut Wanahita lingira rum |
êmbuh kalal karamnèki |
lagi tuture puniku |
wong tuwa amêsiati |
têgêg ora anggon-anggon ||

21.
Kyai Bayi kaluhuran sabda sêpuh |
andhêku kalangkung ajrih |
kojah paedah ginugu |
Kyai Bayi Panurtèki |
matur mring Ki Buyut alon ||

22.
Kula nuwun apuntên sampeyan maklum |
kula sarat angecani |
ingkang pra wayah sadarum |
supaya rahab abukti |
dumugi kang raos-raos ||

23.
Ngling Ki Buyut yèku pêrlu tur aplalu |
mring sukane ing sêsami |
mupung kêndhurèn akumpul |
Ki Buyut gya ngancarani |
payo putu-putuningong ||

24.
Kang atutug sasukanira akêmbul |
aja ering wigih-wigih |
sun mupung misih andulu |
sira mangsa sabên ari |
mêmangan kang raos-raos ||

25.
Kang liningan sêdaya umatur nuwun |
bêrkah sampeyan kiyai |
Ki Buyut maca Alkamdu |
-lilahi rabilngalamin |
Ki Bayi nundha wiraos ||

26.
Lah (ng)gih dawêg sawarnining kang nèm sêpuh |
kang dumugi kêmbul bukti |
satêngah sun kaya kaul |
akèh pakolèhing ati |
mring anak myang sanak royom ||

27.
Kang kêndhurèn samya lêga manahipun |
tan ana tinaèng galih |
mangan samya thêkul-thêkul |
sabab ulam nandhing milih |
kang kokoh jangan aserop ||

Jilid 6 - Kaca : 51

28.
Ki Pangulu pêmangane dudu-dudu |
puluke sabithi-bithi |
angêpêl rada kêsusu |
tan têlatèn angêpêli |
tangane ukur nyakodhong ||

29.
Sakèh ulam jangan cinarup winorsuh |
sèrap-sêrop kêsusu glis |
kêsêrêtên lêngguk-lêngguk |
ambêgêgêg ngêpêl bithi |
hak-huk lir anantang mungsoh ||

30.
Dhêlêg-dhêlêg clêguk plêlêng lêd-lêd mrêngut |
gupuh kang samya ningali |
kiwa têngêne atulung |
Suharja wruh adatnèki |
pêngulu gulu dhinodhog ||

31.
Mak talêthok cocor opor banyak mêtu |
lêgêndêr byar (m)brêbês-mili |
wus ludhang nêbut (n)dharudhut |
astagpirollah halngalim |
nulya tanduk mêksih kokoh ||

32.
Ki Pangulu singa kang nawani ayun |
tan ana ingkang tinampik |
sabên dèntawani manthuk |
tampi lajêng dènwadhahi |
dalah lalaban anggêmos ||

33.
Para santri akèh samya cucul sabuk |
suka nutug dènnya bukti |
sadaya angaji pupung |
ana ngegoh lêmpèngnèki |
enak wêtêng pinrih kothong ||

34.
Kulawirya arosa pamanganipun |
kuwarêgên anjêngginik |
karingêtira akumyus |
mèwèk ngunjal mêgap wahing |
mak jêthut cathoke pêdhot ||

35.
Talêthik bênik dhadha nêm ingkang runtuh |
kotang mrêbènyèng rong nyari |
manthêlèt kulite mêtu |
ginaguyu para santri |
wênèh mangan sarwa ngonjod ||

36.
Lunga ngising yèn wus nulya wangsul muluk |
anêmên lir wong angêlih |
kèh mêngkono tingkahipun |
ana kang kêsusu ngising |
mlayu moncrot medang-medong ||

37.
Andêlèwèr turut cingklok tungkakipun |
kasusu dènnya bêbrêsih |
kang niprat ing jaritipun |
nora kongsi dènkuconi |
ge-age wangsul ing ênggon ||

38.
Thang-thêng mambu rowange pating barêkus |
dènsingkang-singkang alinggih |
mêksa ngungsêl-ungsêl muluk |
kuwatir yèn tan dèndumi |
barêkat mila (n)drêwolo ||

Jilid 6 - Kaca : 52

39.
Wênèh santri kasêlak-sêlak sru watuk |
ting salêmprot upa mijil |
mamahane ting kalêpyur |
kancane samya nyrêngêni |
wênèh kuwarêgên mukok ||

40.
Apa ingkang kêmlêkêrên lêngur-lêngur |
wêtêngipun dènirusi |
kabèh dhènèh lèhe lungguh |
wênèh kêlêlêgên kikil |
mêcoco mata mêndêlo ||

41.
Niba bêlêng pandêlikan hak-huk hak-huk |
kancane nora praduli |
pan wus akèh kang kadyèku |
bêgja-bêgjane pribadi |
ana atêtawa gêntos ||

42.
Lah puniku ulam kang eca bêtutu |
myang ulam kang adi-adi |
lung-linungkên samya rukun |
ênting sukane abukti |
angêpah mung ngêsêp dudoh ||

43.
Kulawirya amangan sarwi amuwus |
lah mareneya Nuripin |
sun angganjar pêmalêsku |
sih pamule mring sirèki |
margane padha aroyom ||

44.
Saking sira jalare Mongraga rawuh |
nèng ngriki sasat sirèki |
ing gawe dadi mêmantu |
amarêgi para santri |
kiye ombènên duduh thok ||

45.
Dènaranni duduh jangan campur bawur |
miwah iwak sawarnining |
kabèh ngong pêrês mrih duduh |
wus campur dadi sawiji |
sakêda ombènên kono ||

46.
Saking gêdhe-gêdhening pasihanaku |
ukur sakêda mêlêp thil |
êntèkna kabèh dènatus |
aja kongsi nora ênting |
Nuripin mulat mêlongo ||

47.
Kadipundi karsa sampeyan puniku |
wus mênthêng-mênthêng puniki |
paduka kèn nguyup duduh |
wêtêng sampun mincip-mincip |
pinêksa manawi ambrol ||

48.
Kulawirya amêksa sarwi gumuyu |
nora ilok anampik sih |
cinangarkên kinèn nguyup |
panggêngên napasmu thithik |
mithêsa irung dènalon ||

Jilid 6 - Kaca : 53

49.
Wus pinaksa Nuripin duduh dènuyup |
lagya limang cêgok nuli |
Kulawirya nêkêm gulu |
tan kêna ngampah Nuripin |
kagyat huwèk mutah sak-sok ||

50.
Ting salêmprot macothot mamahan mêtu |
lir nêmbur nyiprat rêrai |
Ki Kulawirya kêlamut |
kithêr-kithêr maratani |
klambi kêthu ting dalêmok ||

51.
Angêlèprèt nèng klasa angalur-alur |
cècèk-bècèk gêcok mijil |
kang mangan kèh samya kagug |
kagugu gigu kawigih |
mungkag-mungkug milu umor ||

52.
Cungir-cungir ngucap priye iku mau |
lagi samyeca abukti |
(n)dadak bulaeran rusuh |
nulya wetanipun pinggir |
samya alok santri ngêbrok ||

53.
Jinaguran mring kancane ting garêblug |
ambêng tan kongsi binagi |
cok-cinocok rêbut dhucung |
santri cilik nulya bêngkrik |
rêrusuhan rêbut kokoh ||

54.
Kalih ênggèn kang rusuh jagur-jinagur |
têndhangan bithi-binithi |
gumuruh pisuh-pinisuh |
rare nangis ting jarêlih |
tabokan popok-pinopok ||

55.
Kang sadaya kêndhuri dinum kêsusu |
prandene rusuh sakêdhik |
rêbut kacèk samya njumput |
ibut bikut bali linggih |
brêkat talêning talênong ||

56.
Ana kurang wênèh sêdhêng kang (m)barêngkut |
tan nganti dènkêbayani |
kasusu santri kang rusuh |
agêdrah rêbut kêndhuri |
kèh brêkat wutah ambrobol ||

57.
Sami udrêg lêdrug sêkul ulam ajur |
anggadibêli kang sikil |
akèh wong caripu sêkul |
tan winuwus solahnèki |
luwaran nadhah sakèh wong ||

58.
Nulya winêdalan tap-sirih lan udud |
watara kang santri-santri |
panjang-ilang myang winungkus |
samya nginang sadayèki |
wênèh udud anyêroto ||

59.
Udud nipah myang kang wangèn rokok wiru |
kang sêpta kêlobot linting |
sata lènyèt mênyan arum |
kêlukuk myang anglantari |
papahing katela gamblok ||

Jilid 6 - Kaca : 54

60.
Ting pramomong lir ampak-ampak kang kukus |
ngêmpor-êmpor mêmêlêki |
ting karêrês ngakêp udud |
nutug raosing kamuktin |
warêg mangsêg mêndêm rokok ||

61.
Kyai Bayi Panurta ngandika arum |
kabèh nora sunwangêni |
sawuse suka akêmbul |
padha bubaran kariyin |
kabèh nak putu tuwa nom ||

62.
Ingkang banjur mulih lan kang sêdya wangsul |
sasukanira pribadi |
kajaba ingkang katêmpuh |
aja tan ora abali |
lèk-lèkan dhewe samêngko ||

63.
Kang liningan sadaya wus samya mundur |
ingkang maksih anèng ngarsi |
kang rayi sadayanipun |
lan Ki Dêmang Purasani |
salong lurah santri golong ||

64.
Santri Luci angirid sinomanipun |
ngrêsiki kalasa lampit |
ngundur panjang piringipun |
kang ical pêcah tinitik |
myang bokor tap sirih gembol ||

65.
Wus mangkana barêsih dènnya kêkêbut |
yata kang anèng wisma di |
kang lagya ingendah luhung |
Sèh Amongraga kang wingit |
lênggah ingayap pra wadon ||

66.
Ingkang ibu lênggahnya kapara ngayun |
Turida lan Rarasati |
lan pra nini pinisêpuh |
kulawarga parèng èstri |
samya karênan pandulon ||

67.
Ni Malarsih nuduh mundhut dhahar gupuh |
kang liningan Bok Sumbaling |
sigra sinaoskên ngayun |
Sumbaling lawan Cênthini |
samya nglaladèni karo ||

68.
Sêkul ulam mawarni pêpak sadarum |
ingolah kang adi-adi |
tinata atap nèng ngayun |
tan ana piring kang alit |
sadaya lancaran jêgong ||

69.
Wus sumaos lêladèn dhahar nèng ngayun |
Sèh Mongraga matur aris |
yèn parêng punika ibu |
prayogi dipunbucali |
loro bonyo botên ilok ||

Jilid 6 - Kaca : 55

70.
Pan brahala puniku cêgahing ngèlmu |
Malarsih mèsêm èsmu jrih |
inggih anak sang abagus |
saking pikir kirang ngèlmi |
mung ilok-ilok kemawon ||

71.
Sigra kinèn ambucali sadaya wus |
nulya ngling angancarani |
suwawi wanting sang bagus |
sigra Tambangraras aglis |
anuruhi mring raka lon ||

72.
Ki Sèh Amongraga lon matur mring ibu |
punika ibu manawi |
utami sadayanipun |
sami akêmbulan bukti |
kêrana Allah kemawon ||

73.
Nulya samya amapan kêpang nèng ngayun |
Tambangraras kinèn bukti |
tan arsa ature nuhun |
adan lêkas samya bukti |
ana cicik ana dhokoh ||

74.
Sèh Mongraga ngecani sarwi sidhêku |
puluke mung sakêmiri |
ginalintir tos lir watu |
tan dhahar ulam sacuwil |
namung sarêm lan têmu poh ||

75.
Dadya wigih sadaya pupulukipun |
wus nutug sadaya sami |
linorodkên maring ngayun |
-nira Tambangraras bukti |
tapak asta ukur dhêsok ||

76.
Tambangraras pamuluke mung satunjung |
tigang pulukan nulya wis |
sadaya wus samya turuh |
cinarikan mring pamburi |
tuwuk sadaya punang wong ||

77.
Wus linorod rampadan luwaran sampun |
nulya dhadharan sumaji |
kang dadi palagumantung |
palakasimpar mêpêki |
lah-olahan ingkang raos ||

78.
Gugurihan manis-manis sadaya wus |
sumaos anèng ing ngarsi |
yata ing wanci wus dalu |
Sèh Mongraga matur aris |
mring sang ibu sarwi anor ||

79.
Lamun parêng kawula nunuwun maklum |
iktikap tangat ing masjid |
punika mèh wêktu sakur |
sêdhêng toyastuti trêtip |
kuwatos kalamun êpot ||

80.
Ni Malarsih nauri wuwusira rum |
inggih sumangga ing kapti |
munajad maring Hyang Agung |
kula ajrih anggondhèli |
yèn wus mung bakda kemawon ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06) Kaca 41 -47
  • (08) Kaca 56 - 58 >