Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12b) Kaca 108 - 116

 

( Pahargyan pêngantèn ing griyanipun para krabat )

IV. Pahargyan pêngantèn ing griyanipun para krabat

1. Pêngantèn sakalihan kaboyong dhatêng griyanipun Jayèngwèsthi kairing sanak kulawarga. Pinahargya kanthi sêsingiran tuwin kêndhuri.

Sèh Amongraga dhatêng langgar, solat sukril wulu lan sanès-sanèsipun. Lajêng dhikir mawantu-wantu. Ing tilam-sari mêjang garwanipun bab salat pêrlu lan sawarnining salat dumugi lampahipun para nabi tuwin wali lan sipat kalih dasa Sèh Amongraga kapranan ing kasêtyanipun Cênthini, wasana badhe kawucal Têpsir.


Kaca 108 - 116

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 108

362 Asmaradana

34.
Kaworan maksiyat yayi |
maksiyat iku minangka |
dadya raganing setan mor |
yèn pinarêngkên Pangeran |
sira kalawan ingwang |
yèn wus krana Lah ing kalbu |
tyas wantah tan kawoworan ||

35.
Kang pitaya ngawal akir |
sun iki wus wajibira |
sirèku wus wajibingong |
samangsa mangsaning sangat |
tan ana antaranya |
parlu talabul ing ngèlmu |
mrih utamaning kasidan ||

36.
Kang rayi marêm tyasnèki |
manêmbah matur ing raka |
inggih kawula wiyose |
namung jrih sarèhne datan |
tate cêlak ing priya |
ing jaman dèrèng sumurup |
lan dèrèng wontên tyas amba ||

37.
Tan liyan kawula kapti |
namung sih nugrahaning Hyang |
bodho tumamèng ahline |
kang mijil wuwulang tuwan |
angêntas durakamba |
kawula sêdya anglêbur |
lan tapak dlamakan tuwan ||

38.
Sèh Mongraga ngandika ris |
ya yayi Alkamdulilah |
muga palal de Hyang Manon |
mring sira kalawan ilham |
wiwinih kahidayat |
kang rayi nêmbah umatur |
mugyantuka bêrkah tuwan ||

39.
Kang raka ngandika aris |
yayi mungguhing ngagêsang |
wajib mukmin lanang wadon |
dèn-patitis salatira |
aywa pot sabên dina |
lan sabên wêngi kang prêlu |
bangsa ati lesan badan ||

40.
Parlu tri iku dènapik |
kasdu takrul takyinira |
aywa (m)buru cukup wae |
kasdu kang bangsa ing badan |
kang takrul bangsa lesan |
[...] |
kalbu mukaranatuha ||

41.
Yakin wruh prabedanèki |
rêkangate luhur ngarsa |
Mahrib Ngisa lan Subuhe |
rong rêkangat tri rêkangat |
[...] |
takrul lesan kir'atipun |
wawacan ingkang pasekat ||

42.
Dawa cêndhak kandêl tipis |
agêng aliting aksara |
parlu kang cêtha wacane |
Patekah prêluning salat |
dèntêntu wayahira |
Luhur Ngasar Mahribipun |
Ngisa Subuh wêktunira ||

43.
Ywa Luhur yèn durung manjing |
ywa Luhur yèn pot wayahnya |
ing wayah ana watêse |
Lohor pêcak ro ing siyang |
kang Ngasar pêcak sanga |
Mahrib suruping suryèku |
pote sorote kang abang ||

Jilid 6 - Kaca : 109

44.
Yèn wus (n)tèk sorot kang abrit |
yeka manjing wêktu Ngisa |
prapta ing têngah wêngine |
wêktu Subuh antaranya |
pajar gidib sorot bang |
kasdu badan sujud rukuk |
kang tatela ing antara ||

45.
Sujud loro lèrèn linggih |
iktidalira kang nyata |
ngadêg lir ngadêg maune |
ywa katimpah ing pratingkah |
kaworan obah-obah |
obahe sajabanipun |
ing salat batal badannya ||

46.
Mung obah salat pribadi |
tan kêna liyane obah |
lan malih tapakmu karo |
ywa singsal kang kukuh napak |
patinên jêmpolira |
ywa mingsêd saking (ng)gènnipun |
cêngêngêna badanira ||

47.
Poma yayi ingkang suci |
sucèkêna badanira |
iya iku pratandhane |
kalbu mukminin bitolah |
ya wong kang êkas salat |
ngêgungakên ing Hyang Agung |
sadinane sawênginya ||

48.
Lire mukaranah yayi |
kang rêncang têgêsing lapal |
kang barêng aja têlangke |
kang lapal Alkamdulilah |
têgêse sakèhing kang |
puji kaduwe Hyang Agung |
kang murba wisesèng jagad ||

49.
Lan lapal rabil ngalamin |
tanjèhna tyas têgêsira |
Pangeran ing ngalam kabèh |
rohman rahkim têgêse |
kang amurah ing donya |
kang asih akeratipun |
kalawan malih ing ngarsa ||

50.
Malikiyao-midini |
têgêse ratuning dina |
kiyamat basa ing têmbe |
sakèhing lapal kang awal |
karya panggunggunging Hyang |
wajib mukmin èstri jalu |
ngunjukkên puji sêmbahnya ||

51.
Ing sadina ing sawêngi |
iyakanakbudu lirnya |
amba nêmbah Tuwan mangke |
langip ing badan kawula |
wêdi amba ing Tuwan |
wa iyakanastanginu |
têgêse nênuwun amba ||

52.
Pitulung Tuwan kang mugi |
anguwatna agamamba |
myang kang agama sakèhe |
lapal ihdinasiratal |
têgêse mugi Tuwan |
tuduhna iman lan ngèlmu |
nuli lapal mustakimma ||

53.
Têgêse kang lêrês ugi |
sarta Tuwan anuduhna |
sadaya ing ngèlmu salèh |
lapal siratal-ladina |
an-ngamta ngalèhim-nya |
mugi Tuwan sung pitulung |
mulyane ilat kawula ||

54.
Ngalèhim têgêsirèki |
ing Tuwan anuduhêna |
imaning pra Nabi kabèh |
lan para wali sêdaya |
kang asih maring Tuwan |
Tuwan kasihi sadarum |
asiha Tuwan mring amba ||

Jilid 6 - Kaca : 110

55.
Tuduhna marganing Nabi |
sadaya para ambiya |
lapal gèril-maklubi-ne |
têgêse mugi dinohna |
ing cipta ingkang liya |
lir wong kapir Yahudi yun |
kang sami tampi dêduka ||

56.
Kang amungsuh Kangjêng Nabi |
Musa kapir Yahudiya |
amaido ing kitabe |
ing kitab Torèt punika |
wong maido ing kitab |
kapir sasat kapir nêngguh |
ing kitab satus sêkawan ||

57.
Lapal ngalèhim walalin |
atas kang sinung kamulyan |
lyan kang sami sasar kabèh |
anungsung (n)Jêng Nabi Ngisa |
maido lawan kitab |
Injil kapir Nasraniku |
kapir ing kitab sadaya ||

58.
Sapa kang maido maring |
Nabi sawiji prasasat |
kapir mring pra Nabi kabèh |
wajibe mukmin sadaya |
iktidal mring Pangeran |
mugi Gusti ingkang Agung |
angapura ing atobat ||

59.
Mangkono yayi dèn-eling |
yèn sira mulya ing salat |
yêkti mulya wêkasane |
wajibing mukmin sadaya |
Patekah mring Hyang Suksma |
sadintên lawan sadalu |
mali pitulas Patekah ||

60.
Arukuk marang Hyang Widi |
sarta tumaninahira |
sadina lan sawêngine |
samya mali pituwêlas |
wajib iktidal ing Hyang |
lawan tumaninahipun |
samya wali pituwêlas ||

61.
Wajib sujud ing Hyang Widi |
sarta lawan tumaninah |
sadina lan sawêngine |
mali tridasa-sêkawan |
sêlaning sujudira |
yayi wajibing alungguh |
pitulas dalu lan siyang ||

62.
Wajib tahyat mring Hyang Widi |
lawan tumaninahira |
ping sanga rina wêngine |
wajib salam mring Hyang Suksma |
sawêngi lan sadina |
mali ping lima puniku |
de parluning salat kèhnya ||

63.
Sadina lawan sawêngi |
kalih-atus kawandasa |
punjul sêkawan kathahe |
salat Subuh tigangdasa |
langkung kalih dene kang |
Luhur sèkêtnêm winuwus |
Ngasar sèkêtnêm kathahnya ||

Jilid 6 - Kaca : 111

64.
Patang puluhpat Mahêrib |
lan malih ingkang winulang |
sèkêtnèm Ngisa lan malèh |
wajib mukmin tur ruruba |
ing dalu lawan siyang |
mring Pangeran ingkang Agung |
têgêse tahyat akirnya ||

65.
Kaping lima wajibnèki |
alungguh lawan sahadad |
kalimah kalih salame |
rina wêngi kaping lima |
lawan donga salawat |
rahmad Nabi Muhammadun |
raina wêngi ping lima ||

66.
Nuwun sêlamêt dunyèki |
akerat lan ingkang muga |
mukmin agamislam kabèh |
muga Tuwan ngapura-a |
ing mukmin sadayanya |
iku yayi kang kacukup |
mukaranahing asalat ||

67.
Yèn ta durung angawruhi |
ing sidiking mukaranah |
salate mung èstri bae |
wa mangkana papangkatan |
kèh-kèhe makluming Hyang |
têlung prakara liripun |
bangsa ngam êkas lan kawas ||

68.
Kang muga sinungan yayi |
palal ilhame Hyang Suksma |
kawase tyasira mangke |
yèn sira santosèng salat |
hidayat sinung rahmat |
yèku wêwaton linuhung |
manut kang luhung waunya ||

69.
Midak tapake kang dhingin |
ing wuwuri kang wus tama |
lire amidak tapake |
tapake wong ahli swarga |
tapake nèng jilidan |
jilid kang kawuwus wau |
satus-sakawan kang kitab ||

70.
De yayi sorahing Kadis |
sing sapa bêndu wong ika |
mring wong alim sawijine |
aprasasat bêndu marang |
(n)Jêng Nabi Rasullolah |
sing sapa bêndu mring Rasul |
sasat bêndu marang Allah ||

71.
Sing sapa bêndu ing Widi |
(ng)gonne pêsthi nèng naraka |
sing sapa ngujung maring wong |
alim sawiji prasasat |
ngujung (n)Jêng Rasullolah |
sing sapa ngujung mring Rasul |
sasat ngujung marang Allah ||

72.
Sing sapa nêmbah ing Widi |
(ng)gonne pasthi nèng suwarga |
kang muslim rasa tokite |
sapa asih mring wong Islam |
sasat sih raganira |
kang sêngit mring wong Islam wus |
sêngit ragane priyangga ||

73.
Yèn wong asih ing sêsami |
asih ragane priyangga |
kang sêngit mring wong Islame |
sasat sêngit raganira |
kocap kitab Adkiya |
Ulumodin juwahirru |
kinèn atut asêsanak ||

Jilid 6 - Kaca : 112

74.
Pakolih solate da-im |
salat da-im iku apan |
ya yayi trape mangkene |
kang tan kèndêl dhikirira |
panjing wêtune napas |
wêtune napas lapal hu |
manjing napas lapal Allah ||

75.
Tan kandhêg raina wêngi |
nadyan yayi sira nendra |
aywa pêgat duk layape |
lan satanginira nendra |
sambunge kang hu-Allah |
ing napas kang manjing mêtu |
prihên lantih kalbunira ||

76.
Lan amaca Kur'an adi |
asalata andonga-a |
sanadyan rarasan dene |
mring mukmin myang sama-sama |
pon yayi aywa pêgat |
da-immira mring Hyang Agung |
yèku tekat kang kas kawas ||

77.
Para Nabi para Wali |
ya mangkono lakunira |
tuladan kang wus minule |
laku kang luwih utama |
tandhane kinasihan |
Kadis Juwahir pitutur |
sing sapa mukmin kang kêras ||

78.
Sapocapan ing Hyang Widi |
amaca-a Kur'an uga |
kang bisa lohad murade |
iya iku aprasasat |
pocapan lan Hyang Suksma |
kitab Insankamil wuwus |
Kur'an akadiyat uga ||

79.
Dene kitab sadayèki |
Purkan wasta huluhiyat |
basa huluhiyat lire |
wahdad wakidiyat ika |
satus-sêkawan kitab |
iku Purkan namanipun |
Kadise para anbiya ||

80.
Denèng witing kang dumadi |
yèku saking Nur Murmuhamad |
apan kathah jujuluke |
kang nama êgar Muhamad |
ingkang rumiyin akyan |
-sabitah jujulukipun |
dene kaping kalihira ||

81.
Ajujuluk ngadam-mukmin |
[.
.
.
] |
roh-ilapi kaping pate |
iman-mubin kaping lima |
kakul-hasya ênêmnya |
kanjul-kapi kaping pitu |
badrul-ngalimu wolunya ||

82.
Adam awal sanganèki |
kalam kang kaping sadasa |
dene kaping sawêlase |
ajujuluk Rasullolah |
roh-ramani pingrolas |
nglam sahir têlulasipun |
ngalam-kabir kawanwêlas ||

Jilid 6 - Kaca : 113

83.
Jangkêp jujulukirèki |
kitab Adkiya asorah |
sapa kang tan wruh juluke |
ing (n)Jêng Nabi Rasullolah |
Islame ora êsah |
ing kitab Markum pitutur |
mungguh bangêting sarengat ||

84.
Salam limang wêktu nênggih |
asal saking Nur Muhammad |
johar-awal wiwinihe |
roh-ilapi ingkang nyata |
(n)Jêng Nabi Rasullolah |
asale puniku nênggih |
saking sipat jalal jamal ||

85.
Ya iradat karsèng Widi |
wong mukmin kang wus ngulama |
ngalap kusus ing murade |
ing kitab Durat kalawan |
kitab Talmisan ika |
lan kitab Asanusiku |
kitab Matakul-mubina ||

86.
Kususing murad kang rasih |
muktamat sidik ing nyawa |
(n)Jêng Nabi Rasullolahe |
ngalèhisalam kang nyawa |
tan mêdal saking sipat |
jalal jamal kalihipun |
dene wêdale kang nyawa ||

87.
Saking sipat kahar nênggih |
lawan iptikar punika |
sababe wus nunggal dene |
ing maklukira Hyang Suksma |
dene yayi kang sikap |
manjing ing iptikar iku |
lan kang manjing sikap kahar ||

88.
Sipat kodrat iradati |
ngilmu kayat lan kadiran |
muridan lan ngaliman-e |
kayan lawan wahdaniyat |
sipat sanga punika |
wajib mungguhing Hyang Agung |
sipat kêkalih kang wênang ||

89.
Nganyaring alam sêkalir |
nora sung anyaring alam |
kocaping dalil Kur'an-e |
muni ing surat Anbiya |
Ibrahim kalamolah |
tatkalanira tinunu |
lawan wong kapir samana ||

90.
Tan tumama sarirèki |
wulu salamba tan owah |
iya itu pratandhane |
kang alam tan angsung anyar |
dene yayi kang sipat |
manjing istigna puniku |
kasugihaning Hyang Suksma ||

91.
Sabab dening andarbèni |
sipat kathahe sawêlas |
kang wênang mung sipat roro |
sipat istikar istigna |
mungguh asmaning Allah |
karya ngalam sadayèku |
nora wajib nora mokal ||

92.
Kewala mung wênang ugi |
mungguh Hyang Agung akarya |
ing alam kabèh marmane |
nama sugih Hu Tangala |
tan kêna kinaya-pa |
karya sampêt ing sawêgung |
pan ora ngalap manpangat ||

Jilid 6 - Kaca : 114

93.
Beda lan makluk puniki |
yèn kasap ngalap manpangat |
sabab ngambong sariyahe |
ana dene ingkang sipat |
manjing maring istigna |
sawêlas wajib Hyang Agung |
sipat wujud kidam baka ||

94.
Mukalapal lil kawadis |
wal kyamu binapsi-ika |
lan samak basar kalame |
samingan lawan basiran |
jangkêp mutakaliman |
pan sawêlas ingkang masuk |
marang ing sipat istigna ||

95.
Nama Johar-awal nênggih |
apan kinarya pratandha |
kanyataaning Hyang Manon |
kalamun Allah kawasa |
pan ora ana ingkang |
kinarya dadi rumuhun |
pan namung Ênur Muhamad ||

96.
Nyawa Rasul dènaranni |
gêdhong latip pasimpênan |
mung Allah kang murba dhewe |
animpêni ing asya-a |
kinèn sujud sakala |
johar awal nora sujud |
ngaku dadining priyangga ||

97.
Johar-awal kinèn kardi |
ngalam kabèh nora bisa |
wus angrasa ing apêse |
nulya sujud johar-awal |
mring Allahu Tangala |
kaping lima sujudipun |
sasampunira mangkana ||

98.
Kinarya dewa Hyang Widi |
ingkang roh lawan sarira |
wusnya balèg ing ruhyate |
kinarya mukki kabiban |
jumênêng Nabiyullah |
Muhamad Rasullolahu |
salalahu ngalèhisalam ||

99.
Mulane yayi awajib |
kita punika asalat |
limang wêktu ing wajibe |
ya bênêr yèn ana ucap |
asalat karsa Allah |
[...] |
kapir ya karsaning Allah ||

100.
bênêr dadi luput yayi |
sêbab durung wruhing kak kas |
kudusi Kadis imrate |
wangkote ing johar-awal |
têtêp pratandha êngam |
wêkasan nuli asujud |
marang ing kêlaratullah ||

101.
Saèstu dalil kang akir |
kang dadya tulad utama |
kêrana johar-awale |
sawuse sujud Hyang Suksma |
ginanjar gya kinarya |
kabibu Rasullolahu |
nabi panutup wêkasan ||

102.
Mangkono kang wus wruhing lid |
yayi sira wus ahli bab |
sabobote wanodya nom |
ing sapantaran tan ana |
èstri kang kaya sira |
kinalilan ambukak buk |
jilidan gêdhe wus palal ||

Jilid 6 - Kaca : 115

103.
Tapsir Kur'an pan wus ramping |
jamanira wus utama |
nanging ta yayi dènwêroh |
walêr sangkêre agama |
tan kêna ginagampang |
yèn kaprècèt dadi lacut |
pêcat imane cat-catan ||

104.
Kringga ganjaran donya kir |
yayi dènwaspadèng tekad |
kang wajib lawan mokale |
mung kadasing Rasullolah |
kang wus rasèh muktamad |
minangka gagawaripun |
wajibe Rasul titiga ||

105.
Kang sidik amanat haglig |
yèku wajib sinantosan |
iya têtêlu mokale |
kang gidib kianat kitman |
kang iku sininggahan |
karana wong sugih ngèlmu |
upamane kayu gurda ||

106.
Rubuh dening ani-ani |
wong kang wus kèh kawruhira |
apês dening têkabure |
poma yayi dènkawangwang |
wajibing Rasullolah |
yèku têtalining ngèlmu |
kang rukuh aywa pepeka ||

107.
Kang rayi sumungku ajrih |
nêmbah sarya ngraup pada |
alon mlas-asih ature |
mring raka angêmu waspa |
saking jrih sukurira |
inggih kawula pukulun |
saking barkah (n)Jêng paduka ||

108.
Angsung ladhang ing ngarungsid |
angsung panggih ing ngaical |
lan asung gampiling ewoh |
pêtêng tyas amba ing mangkya |
sinung padhang nêrawang |
têkabul amba ing wau |
dèrèng uning ing wêkasan ||

109.
Ing mangkya tuwan minihi |
angoyod durakèng badan |
suruping mirat logate |
kang tartamtu ing kasidan |
ing mangkya tyas kawula |
rantas rêrêngkêding kawruh |
tan sumêlang ing watêsan ||

110.
Amba tan nêdya miyarsi |
liyaning wuwulang tuwan |
sanadyan dalil Kadise |
yèn dèrèng dados karsanta |
kalangkung jrih kawula |
sumanggèng karsa sakayun |
ngong kumambang ing wisesa ||

111.
Angga kawula sadarmi |
ing donya praptèng ngakerat |
datan rumaos adarbe |
darmi kawula tumindak |
amba nut karsa tuwan |
datan sumêlang salugud |
punapa rèhing (n)Jêng tuwan ||

Jilid 6 - Kaca : 116

112.
Kang raka ngandika aris |
ya yayi Alkamdulilah |
muga lulusa ikrare |
sinung ilham ing Hyang Suksma |
lan sarta kinuwatna |
yayi ibadahirèku |
lan têtêpe imanira ||

113.
Kang rayi konjêm ngabêkti |
ing raka sukur ing Suksma |
alon matur ing kakunge |
inggih mugi nastijaba |
sabda tuwan ing amba |
kawula kalangkung nuwun |
narima amba ing tuwan ||

114.
Yata ni cèthi Cênthini |
sadangunira miyarsa |
arêrasan bêndarane |
manahe nora nalimpang |
tinungge pangrungunya |
mèh tan pae lan sang ayu |
olih manpangat padhang tyas ||

115.
Sèh Mongraga ngandika ris |
yayi iku cèthinira |
si Cênthini sasuwene |
tan lunga-lunga nèng dagan |
nora myat salawatan |
sira tan anuduh-nuduh |
bêtah angadhêp ing sira ||

116.
Kang rayi matur ngabêkti |
pan inggih rumiyin mila |
pun Cênthini subrangtane |
ing ngèlmi kang kinarêman |
pan sampun tap-untapan |
lawan kawula puniku |
ngaos Kur'an miwah kitab ||

117.
Wus tumindak ngaos Têpsir |
sakêdhik maksih kuciwa |
dèrèng parigêl murade |
myarsakkên paduka mulang |
mila punika anak |
pan mindhak sumêrêpipun |
kathah ingkang kacathêtan ||

118.
Yèn mangkono iku yayi |
ing sabên sira ngong wulang |
konên angaji Têpsire |
manira kang angsung murad |
marang sira supaya |
dhèwèke milu sumurup |
sasat sira kang wèh wulang ||

119.
Kang rayi umatur inggih |
ngandika mring cèthinira |
lan Cênthini sira mangke |
kinarsan ngaji nèng ngarsa |
ya sira pira-pira |
pan katrima pandongamu |
antuk idayat winulang ||

120.
Cênthini matur ngabêkti |
saking sajawining gubah |
inggih bêndara ing sihe |
kang dhumawah gêbal tuwan |
nugraha kinalilan |
kang abdi kalangkung nuwun |
punapamba walêsêna ||

121.
Sih bêndara maring dasih |
tan sagêd amangsulêna |
sarwi anundha sêmbahe |
tan cinatur sadangunya |
yata kang anèng pêndhapa |
ingkang trêbangan gumuruh |
santri samyèmprak arahab ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12a) Kaca 90 - 107
  • (13) Kaca 117 – 122 >