Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14b) Kaca 145 - 164

 

( Wêkdal Subuh ing Wanamarta sakalangkung rame )

3. Wêkdal Subuh ing Wanamarta sakalangkung rame, adan sêsauran binarung ungêling pêksi tuwin iwèn lan lare alit sinau ngaos. Bakda Subuh ing Jayèngragan rame tiyang nyambut damêl warni-warni badhe ngadani ngundhuh pêngantèn. Ing pandhapi katabuh gamêlan Alun-jaladri sakêlangkung ulêm nganyut-anyut swantênipun. Nanging ila-ilanipun gamêlan wau bilih kaangge mahargya palakrami, pêngantènipun ing wêkasan pêgat-mati Jayèngraga ngundhuh pêngantèn, sadaya mangangge anèh-anèh anggumujêngakên.

Rawuhing pangantèn laju dhatêng ing pajangan, lajêng dhahar kêmbul.

Dalunipun sabibaripun salat sêsarêngan kawontênakên pahargyan.


Kaca 146 - 164


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 146

364 Sinom

37.
Sêmbagi lurik cêlêpan |
wus lênggah anèng pêndhapi |
nulya Panamar kang prapta |
sarèrèhanira ngiring |
kampuh limar kêtangi |
acêlana cindhe kupu |
èpèke renda pêthak |
ngumbar konca kadhung siti |
akris ladrang sinêmi pêndhok suwasa ||

38.
Rasukan sêmbagi jênar |
corèke kêmbang pinêthik |
jubah landhung kotang pêthak |
kancing kotang mirah abrit |
srêban seta tulya sri |
rinenda tap-tapan bagus |
kuluk mantalsêtop bang |
têsbèhnya akik sinampir |
para tandha kang ngiring rèrèhanira ||

39.
Samya srêban bêbasahan |
mawarna bathik sêmbagi |
sutra kêling sasênêngnya |
wus lênggah anèng pêndhapi |
tinub rèrèhanèki |
nulya ingkang sami rawuh |
para jadhug sudagar |
sarênti praptane (ng)gili |
jor-jinoran panganggone murub mumpyar ||

40.
Ing sacara-caranira |
kêdah ngangah angungkuli |
bêbêd myang kulambinira |
sabuk lan ikêtirèki |
pan ungkul ingungkuli |
kêris kang curiga têlu |
êmase tuwa-tuwa |
wong tuwa nom limrah sami |
ting prêngangah pêndhoke mas munggah ganja ||

41.
Ngalêmpak sami sudagar |
Pak Rajiyah ingkang prapti |
angêtog pênganggenira |
dènnira ngangge mênèhi |
sobanlah nyampingnèki |
sabuk mas tinali datu |
klambi jubah rante mas |
ngunir bosok masirèki |
arangkêpan kotang sikêpan mur pêthak ||

42.
Akancing êrus barleyan |
asrêban pêthak ginodhi |
pinalipit ing rante mas |
anyothe golok rinukmi |
tinarètès hèrgêni |
barleyan pinasang batu |
cêripu balongsong mas |
cingak kang samya ningali |
kang alungguh angingsêri pak Rajiyah ||

Jilid 6 - Kaca : 147

43.
Kang ragi têbah (ng)gènnira |
Ki Murtala abibisik |
lan rowang kiwa têngênnya |
eram samya (ng)gêguyoni |
nora jamak kiyai |
angêtog pênganggenipun |
beda wingining ika |
saiki lagi nêmêni |
nora kaprah pênganggone wong sadesa ||

44.
Anulya wau kang prapta |
para bagor sadayèki |
Crêmasana Widiguna |
samya rapèk kunca kalih |
polèng sutra sêmbagi |
limar pêlangi myang pêlung |
lancingan panja-panja |
gêlang kêlatbau anting |
anting sumping jamang samya têtêkêsan ||

45.
Sabêbadhong sungsun tiga |
kris pêndhok landheyan rukmi |
kang miskin jamang sumpingnya |
walulang pinrada apik |
anulya ingkang prapti |
panêgar busananipun |
bêbadan bêborèhan |
sumping krang mêlok mêlathi |
ikêt rendan jêplakan samya giligan ||

46.
Panganggene warna-warna |
bathik lurik miwah kêling |
kathah kang nganggo cêrapang |
punika rèrèhanèki |
panêgar dhalang gêndhing |
niyaga kumpulanipun |
tunggil rèrèhanira |
karèh maring Jayèngragi |
pan wus pêpak sadaya anèng pêndhapa ||

47.
Anuju wontên kang prapta |
satunggil santri Nuripin |
kampuh pêlung podhang-podhang |
anyuriga cêrapang tri |
kalung kalawan kêrbin |
drêbos anyangkêlit pistul |
pêdhang suduk inganggar |
pêdhang kra loke ngajrihi |
mawi wêdhung gandhewa anggendhong panah ||

48.
Arit bapang sinêngkêlang |
golok pangot sinangkêlit |
tamèng towok landheyannya |
warêgu winênggik abrit |
kêthu koncèrirèki |
ngêlèwèr lir umbul-umbul |
panjang kasrahing lêmah |
pupur kuning borèh kuning |
brêngos wulu lutung panjange satêbah ||

49.
Wus prapta anèng paningrat |
kagyat kang samya ningali |
Nuripin pênganggonira |
Kulawirya animbali |
mareneya Nuripin |
sadhela sun arsa wêruh |
Nuripin sigra mara |
krengkangan tan bisa dhiri |
pan kakèhan pêrabot abot kaliwat ||

Jilid 6 - Kaca : 148

50.
Ngadêg-adêg nora bisa |
kangèlan solahirèki |
ginaguyu ing wong kathah |
jalwèstri suka ningali |
Kulawirya angling nuding |
sarwi kêpingkêl gumuyu |
wong ro glis tulungana |
mèn bisa ngadêg Nuripin |
tinulungan wong roro (n)jagani sama ||

51.
Gya prapta ing ngarsanira |
Kulawirya gumujêng ngling |
dene ambarêngkut sira |
kaya canthèlan sirèki |
dene sarwa mêpêki |
kaya wong dodolan dudu |
jêg kaya wong nyênyêlang |
jêg kaya wong dèn-titipi |
matur raosipun lir dipun-pilara ||

52.
Karsane putra paduka |
ajêng mopo kawula jrih |
(ng)gih pintên-pintên kinarsan |
pinaring sih kawula lit |
Kulawirya nganthuki |
kapriye manèh sirèku |
lan aku titip pêdhang |
Jêpan gawanên Nuripin |
Ki Nuripin anêbut astapirulah ||

53.
Dospundi dènnya ambêkta |
kawratên tan sagêd osik |
Kulawirya latah-latah |
sangkêlitên wae bêcik |
matur sampun tan kênging |
langkung kêncêng lambungipun |
ah ora sêdhêng pisan |
mêngko ngong-bênakke ugi |
sinêngkêlangakên Nuripin braokan ||

54.
Akêncêng sêrêt pinêksa |
Nuripin ajêlih-jêlih |
kasingsêtan wêtêngira |
nyongat pêdhang sinêngkêlit |
cègèh mlêthêt (m)bathithit |
ambêgane kêmpas-kêmpus |
Kulawirya lingira |
sisan cèrètku Nuripin |
gawakêna ngling Nuripin alah tobat ||

55.
Gêr ginuyu ing wong kathah |
(ng)guyu wêlas mring Nuripin |
ngling malih wis maronoa |
nèng paningrat (ng)gonmu malih |
matur tan sagêt inggih |
ingriki kemawon sampun |
sampun tan sagêd obah |
yèn obah lir dèn-gendholi |
samya suka sakèh kang anèng pandhapa ||

56.
Miwah parèstri kang prapta |
tuwa nom myang rare cilik |
sarwendah busananira |
samya mrih amêncil bêcik |
jor-jinor sor duk wingi |
mangka mubru abra murub |
jalu èstri sadaya |
pêpak tan ana kang kari |
ingkang samya badhe amapag pêngantyan ||

Jilid 6 - Kaca : 149

57.
Anulya Ki Jayèngraga |
mijil sing dalêmirèki |
ingiring Sênu gus Surat |
ngampil pawohan sês wangi |
lir hyang-hyang mungging tulis |
ingapit pêpatahipun |
obah kang nèng pêndhapa |
mingsêt trêpsila alinggih |
Jayèngraga lênggah têngahing jèjèran ||

58.
Wus tata dènnira lênggah |
Jèngraga umatur aris |
mring kang paman sadayannya |
punapa sampun kang prapti |
kang pra paman nauri |
layake bae iya wus |
dene tan manèh prapta |
kang putra nauri inggih |
nulya angandika marang Sênu Surat ||

59.
Wadonan konên umangkat |
sadaya ywa ana kèri |
kang liningan sigra mentar |
malbèng dalêm andhawuhi |
mring Nikèn Rarasati |
parèstri kinèn rumuhun |
anulya ingancaran |
sadaya umatur inggih |
nulya bodhol gumrudug ing lampahira ||

60.
Sawuse para wadonan |
Jayèngraga ngancarani |
sumangga paman umangkat |
nulya bodhol sadayèki |
sagolonganirèki |
tan ana salyèng laku |
sakèhe kang lumampah |
tan ana kusud sawiji |
lir sinuntak donyane wong Wanamarta ||

61.
Parèstri kang anèng ngarsa |
prapta dalême Jèngwèsthi |
kang wingking lagya umangkat |
srining busana sarwa di |
sanak kang aningali |
sadhusun myang prapatipun |
jalwèstri abusêkan |
nèng pêlatar mangu pipit |
langkung suka ningali para busana ||

62.
Kasorotan ing suryandhap |
ting pancorong ngujwalani |
miwah mompyoring panganggya |
lir sêkar sêtaman asri |
mangkana Jayèngwèsthi |
lênggah ing pêndhapanipun |
lakampuh latar pêthak |
sawat lar sêmèn taritis |
rasukan bêludru ijêm kotang pêthak ||

63.
Akancing jaja tajugan |
calana baludru langking |
rinenda mas rurujitan |
paningsêt kêlengkam kuning |
dhuwung tinatur rênggi |
akuluk pêthak sumunu |
kang wus nèng ngarsanira |
Ki Jumêna lan Sêmbagi |
Ki Pangulu Basarodin sakêtibnya ||

64.
Ki Nursukidin kalawan |
Talabodin murid Jaki |
lan mêrabot Pranahita |
pra sudagar magêrsari |
lan para lurah santri |
golong sarèrèhanipun |
samya mrabot sêdaya |
wau ta kang para èstri |
ingkang samya amapag prapta sêdaya ||

Jilid 6 - Kaca : 150

65.
Anulya kang rayi prapta |
sarèrèhanira sami |
kang raka mèsêm ngandika |
dimrene yayi alinggih |
sadarum ingkang prapti |
ingancaranan alungguh |
tata têpung akapang |
sagêgolonganirèki |
wusnya tata sinugata ing pawohan ||

66.
Amadasra Amaddiman |
katêlu si santri Luci |
angatag sinomanira |
mring pawon ngusung kêndhuri |
sêkul nèng panjang giri |
sarta lan rampadanipun |
miwah ancak saratan |
langkung wrat gotong-pat sami |
lawan kêndhi myang karoso tapakdara ||

67.
Pan pae sajroning wisma |
warata dènnya ngladèni |
ambêng pan samya rinampad |
wus cinarakakên sami |
nulya sami wêwanting |
ingkang tuturuh wiwisuh |
wênèh angumbah tangan |
kang ngloroni amapati |
kang moloni ngrolasi sa-ambêngira ||

68.
Nyêlawèni saambêngnya |
kumpul samya santri alit |
adan lêkas samya nadhah |
rame swarane kang bukti |
samya pikantuknèki |
antaranira wus dangu |
nutug dènnya anadhah |
wus lorod ambêng cinarik |
pan binage warata dènnyandum brêkat ||

69.
Sinarangan tapak-dara |
santri Luci anênggani |
mring santri alit sadaya |
ywa na rusuh Luci angling |
bocah dêlêngên iki |
sarwi ngagagi gêgêbug |
sapa marahi gêdrah |
rusuh pêsthi sun-gêbugi |
iku ana sing rada gêdhe si Saja ||

70.
Si Jênal Conal si Sawa |
nadyan tindhihe rarywalit |
lo aja na rurusuhan |
mêsthi makan pukul iki |
adat rusuh si Joprit |
lah wis dumên barêkatmu |
sing gêdhe ku anduma |
sarta dèn-ungkuli gitik |
santri tuwa mèsêm myat Luci tingkahnya ||

71.
Santri cilik andum brêkat |
bocah papat kang nuwani |
andum brêkat padha bocah |
kiwa têngêne wak uwik |
amèk iwak pribadi |
ana kang ngling aku durung |
rare ora saranta |
iri mèt iwak pribadi |
ting sarewot tan asuwe rêrêbutan ||

Jilid 6 - Kaca : 151

72.
Sêrakah cêngkah-cinêngkah |
kacawuk cangkême jêmpling |
pisuh-pinisuh tabokan |
pyukan sêga srundèng ragi |
ki Luci jêlah-jêlih |
gêbuge pijêr anggantung |
apa ta jêrku apa |
wis adat têmên yèn juris |
hus hus (ng)ko dakrangkèt kongsi modar-modar ||

73.
Tan dèn-prêduli ing kathah |
agêdrah pating jalêrit |
akapyukan sêkul ulam |
gêlaprut Ki santri Luci |
lunga sarwi misuhi |
kênèng tulah edan taun |
ginuyu santri kathah |
jèh salah gawe si Luci |
dhèwèke ya anglakoni dadi bocah ||

74.
Ing pêndhapa wis luwaran |
ing wisma kang lagya bukti |
Mongraga lan ingkang garwa |
Turida lan Rarasati |
kêmbul sarêng abukti |
myang pra wadonan sêdarum |
samya anadhah eca |
Mongraga tanpatuk bukti |
yèn cêlakan lan èstri tan pati rêna ||

75.
Wus nutug dènnira nadhah |
sadaya luwaran bukti |
cinarikan andum brêkat |
binage sampun waradin |
brêkat sinung pêmburi |
wus rêrêp sêdayanipun |
wau Ni Rarasatya |
umatur ing raka aris |
kang punika bokayu lampah kawula ||

76.
Anuwun sang pinangantyan |
pangundhuh kawula mugi |
ing karsa linggar mangetan |
bêkti kawula ngurmati |
Ni Turida nauri |
ya yayi manira matur |
marang sang pinangantyan |
nulya nêmbah matur aris |
pan punika aturipun ri paduka ||

77.
Nuwun ing sang sêkaliyan |
pangundhuhipun ngurmati |
wilujêngipun paduka |
sira Ki Sèh Amongragi |
nauri rum amanis |
inggih punapa sakayun |
nulya kang rayi prapta |
Jayèngwèsthi angaturi |
mring kang raka umangkat têdhak mangetan ||

78.
Sèh Mongraga lon lingira |
pan inggih sumangga yayi |
nulya pra èstri sêdaya |
bodhol sing wisma umijil |
sira Sèh Amongragi |
jumênêng lan garwanipun |
maksih busananira |
tan ewah kadya duk panggih |
gya umangkat sang ro akêkanthèn asta ||

Jilid 6 - Kaca : 152

79.
Miranti pacaranira |
songsong jajaran wus rakit |
santri ingkang salawatan |
kalimah kalih trêbang tri |
sadaya kang umiring |
ngrahabi sauranipun |
gumuruh rêmpêg tiga |
la ilaha ilalahi |
Mukammaddun Rasullolah Allah Allah ||

80.
Ingkang narêbang titiga |
Jamal Jamil Jalalodin |
sarwi singir ing gambyongan |
santri salawe prah singir |
kapyarsa langkung asri |
lêlagone Sêkar-gadhung |
wit badatlana pi rab |
bingit ngatil arkamari |
sinauran ing lailaha illalah ||

81.
Mukamaddun Rasullolah |
Allah Allah sadayèki |
kalangkung sêmuwanira |
miwah kang samya ningali |
jibêg jêjêl apipit |
prapat manca-limanipun |
wus ngêrti wartinira |
yèn pangantyaning (n)Jêng Kyai |
putra ari angundhuh mantu sadaya ||

82.
Dadya ngarak sabên dina |
mangkana pangrungunèki |
milamba nononton samya |
jalwèstri myang rare alit |
samya suka ningali |
mring kang samya mubra-mubru |
miwah kang para wirya |
tuwin ningali pangantin |
cahyanira sumilak kadi sasangka ||

83.
Wau ta ing lampahira |
Jayèngraga ambagusi |
lumampah anèng ing têngah |
dèn-iring pra bagor sigid |
lir pendah wayang klithik |
aborèh kuning sumunu |
sondhèr kunca kanginan |
miwir kadya bêksa rangin |
lampahira anggambuh nèng Jayèngragan ||

Jilid 6 - Kaca : 153

365 Gambuh

1.
Tan dangu nulya rawuh |
ingkang ngiring kèndêl anèng tarub |
apan maksih adhêkêt jèjèr apipit |
têpung gêlang sarwi ngantu |
salawatan salin lagon ||

2.
Asrakal sajakipun |
ya Nabi salamngalèk ya Rasul |
salam ngalaeka ya habib salami |
ngalaêka salawatu |
lahi ngalaeka mangkono ||

3.
Ganti sauranipun |
apan laila lailalahu |
Mukammad Rasullolah asrakal-badri |
ngalêna pakhtapat minhul |
buduru misla hulnêko ||

4.
Mara ilana katu |
ya wajha sururi anta samsu |
anta badru anta nuru pokanuri |
anta iksiru wa ghalu |
anta misbahusuduro ||

5.
Wau ta ingkang rawuh |
lajêng tumamèng jro wismanipun |
lênggah têngah pajangan kang sinèta di |
kadi duk papanggihipun |
patêmbayaning patêmon ||

6.
Jalwèstri sadayèku |
wus tata dènnira sami lungguh |
miwah ingkang salawatan para santri |
asrakalira gya suwuk |
sadaya wus sami lunggoh ||

7.
Anèng pandhapa têpung |
jèjèr dhêdhêkêtan adu dhêngkul |
Kyai êmban Kêrtiraga anjêjagi |
ngatak kasinomanipun |
ngladèni pawohan rokok ||

8.
Sinaoskên ing ngayun |
èpok gembol wêr tapsirihipun |
bokor panjang-ilang winungkus waradin |
sadaya wus nginang udud |
ting kalêmpor wênèh nocoh ||

9.
Sarwa wedang wus cukup |
nulya sugata kêndhuri mêtu |
pangajêng ambêng sêkul nèng panjang giri |
sarta lan rampadanipun |
nulya ancak kang digotong ||

10.
Gotong-pat angêndhukur |
rolas ambêng pinasang (m)barêngkut |
jabèng jro wus waradin lêladènèki |
Jèngraga nanjakkên wuwus |
suwawi sami tuturoh ||

11.
Nulya sami wiwisuh |
wijik wanting ngumbah tanganipun |
adan lêkas sadaya sami abukti |
ulam ingkang wutuh-wutuh |
bêkakak wêdhus lan opor ||

12.
Bêsngèk pitik bêtutu |
sabên ambêng ulame kang wutuh |
kang ngalihi mapati kang nyapuluhi |
wradin jangan bècèk wêdhus |
samya jang takir gadêbog ||

13.
Kang nadhah sami thêkul |
andêngèngèk kudhi kongsi wungkuk |
nora ketang saking kilèn mêntas bukti |
tur sami anutug tuwuk |
prandene maksih asèrob ||

Jilid 6 - Kaca : 154

14.
Mangkana pan wus dangu |
dènnira sami nadhah anutug |
aluwaran sadaya kang sami bukti |
kêndhuri gya kinèn ngêdum |
wus warata kinaroso ||

15.
Santri raryalit kumpul |
wus dèn-kêlumuhi sring sok rusuh |
pinisah lan santri tuwa sakêndhuri |
anèng sajabaring tarub |
rusuhe nora kêpagol ||

16.
Luwaran sadaya wus |
ing jro dalêm sira sang linuhung |
ingaturan têturuh mring Rarasati |
kapat samya nadhah kêmbul |
sadaya nulya wiwisoh ||

17.
Dan lêkas bukti wau |
sakathahe parèstri sadarum |
pan pakantuk dènnira sami abukti |
Amongraga tan pakantuk |
tyasira tansah arikoh ||

18.
Cêcêlakan pra arum |
sajroning galih tan mawi sukur |
yèn ta sampun kapopohan pinangantin |
tan bêtah saêncèk lungguh |
saking kal dènnya wus lunggoh ||

19.
Namung nimbangi tanduk |
sarat ngecani sêsaminipun |
angsal limang kêpêl atobe (n)drêwili |
daya gêdheya kang puluk |
kêpêle sajaha tepos ||

20.
Sawarni ulamipun |
nanging tan ana ingkang dinumuk |
namung paru kang ginigit sacuwil thil |
adangu angantu-antu |
pra ri lungiting pasêmon ||

21.
Rarasati agupuh |
maring raka ngaturi tuturuh |
Sèh Mongraga sigra dènnira wêwanting |
kang garwa nuruhi kakung |
sadaya kang para wadon ||

22.
Nulya sami wiwisuh |
ambêng cinarik binagi gupuh |
binrêkatan waradin kang para èstri |
sinungkên ing rencangipun |
sadaya samya (ng)gêgendhong ||

23.
Linorod ambêngipun |
panjang piring rampadan ingundur |
saji dhêdharan sumaji anèng ngarsi |
sarta lan pateyanipun |
mêmanisane nèng tenong ||

24.
Wusnya mangkana wau |
Jayèngraga nèng pêndhapanipun |
angandika sadaya mring para santri |
prayoga bubar karuhun |
rêbut ngabêkti Hyang Manon ||

Jilid 6 - Kaca : 155

25.
Mahrib aywa kasusu |
yèn wus bakda Ngisa wae wangsul |
kang liningan sadaya kang para santri |
sudagar lan magêrsantun |
tur sandika nulya bodhol ||

26.
(n)Jabèng jro èstri jalu |
sasarêngan sowang-sowang mantuk |
raka lawan para paman datan mulih |
kalawan kyai pangulu |
kalawan kang para bagor ||

27.
Jèngraga malih muwus |
Jamal Jamil dèn-kêparêng ngayun |
kang sinung ngling gupuh marêk anèng ngarsi |
Jèngraga bibisik muwus |
sun jaluk gunamu roro ||

28.
Wurukên Surat Sênu |
Widiguna Crêmasana iku |
ngèlmu pêngeraman mangunah ripangi |
warahana kang sumurup |
mangsa bodhoa wong roro ||

29.
Mrih gawok wong kang (n)dulu |
apa kang dadi adi-adimu |
iya wurukêna mring wong papat iki |
sira sun-dadak gunamu |
kanggo sêlawatan mêngko ||

30.
Jamal Jamil umatur |
botên sagêd kawula wong busuk |
kaping kalih ajrih rakanta mênawi |
dados ing dudukanipun |
mring kula kawula wêdos ||

31.
Jèngraga naur wuwus |
aja susah ya mêngko ngong munjuk |
mring bêndaranira kangmas Amongragi |
pan iku karêpku prêlu |
mrih suka sanak tuwa nom ||

32.
Sun ngalap brêkahipun |
mring kakangmas Mongraga kang luhung |
sira kang minangka wawakil sayêkti |
Jamal Jamil lon umatur |
yèn mêkatên (ng)gih kemawon ||

33.
Sandika ing sakayun |
Jèngraga ngling hèh ya Surat Sênu |
Widiguna Crêmasana aywa kari |
angguguwa sirèku |
marang Jamal Jamil kono ||

34.
Kang sinung ngling umatur |
nuwun sandika kalangkung sukur |
angling malih wis mênyanga wismanèki |
Widiguna bae kumpul |
anutug lèhmu jêjandhon ||

35.
Ki Jamal Jamil sampun |
samya mundur mring ing wismanipun |
Widiguna mangkana surya wis nitih |
ing ancala manjing surup |
nulya sakèhing para wong ||

Jilid 6 - Kaca : 156

36.
Ge-age dènnya wêktu |
mring patirtan ngambil toya wulu |
ting karapyuk ngumbah tangan wisuh sikil |
kang kêkêmu lagya raup |
swarane pating salêmprot ||

37.
Jèngraga wusnya cucul |
siram suci angiras wuwulu |
ngrasuk pêsalatan anggampar mring masjid |
masjide piyambakipun |
nulya santri adan gupoh ||

38.
Sadaya tan acucul |
lajêng kewala lajêng awêktu |
Jayèngwèsthi wau ingkang angimami |
kang rayi pra paman makmun |
myang santri samoting suro ||

39.
Yata Kyai Pangulu |
nèng pêndhapa dènnira awêktu |
sarèrèhanira kang sami makmumi |
sasisih kilèn (ng)gènnipun |
sasisih wetan pra bagor ||

40.
Jayèngwèsthi dènnya pêrlu |
sawusing Patekah suratipun |
Kulya-ayu dene rêkangat kang ngakir |
sawusing Patekahipun |
Ida ja-a kang winaos ||

41.
Tan pae lan pangulu |
wêwacane surat Kulya-ayu |
lawan Ida ja-a wêwacan yèn Mahrib |
Sèh Mongraga dènnya wêktu |
angimami para wadon ||

42.
Gandhok kilèn (ng)gènnipun |
langkung pasekat wêwacanipun |
dhasar swaranira êmpuk rum amanis |
sêdhêng sajake anganyut |
kang makmum samya sumêdhot ||

43.
Sami wêwacanipun |
sawusing Patekah Kulya-ayu |
Ida ja-a wusing Patekah kang akir |
praptèng tahyat akiripun |
iptitahira wis manggon ||

44.
Nulya salam bakda wus |
pupujian lêlagon swara rum |
binarungan parèstri angasih-asih |
lir rêbab suling calêmpung |
gambang tan mawi kêndhang gong ||

45.
Amelog rarasipun |
langkung rahab sadaya kang makmum |
lêlagone swara èstri langkung asri |
sarwa lagon dhikiripun |
wusnya dhikir (n)dodonga lon ||

Jilid 6 - Kaca : 157

46.
Wus (n)donga limang wêktu |
iman ngijab asalam ngalekum |
angabuli ngalèkum salam pra èstri |
samya sunat bakdanipun |
wusing sunat sami ngaos ||

47.
Muhadam sarêng guyub |
ting carêngkling swarèstri anganyut |
Tambangraras Turida lan Rarasati |
datan tumut ngaji amung |
sunat wabin kang kinaot ||

48.
Mongraga dènnya kasud |
sunat wabin nêm rêkangatipun |
tigang salam sawusing bakda anuli |
tangat kiparat tawajuh |
kalih salam bakda manggon ||

49.
Amapanakên junun |
pasang wirid isbaddiyahipun |
satariyah jalalah barjah amupit |
pratingkahe timpuh wiyung |
tyas napas kêncêng tan dhompo ||

50.
Nulya cul dhikiripun |
lapal la mujuda ilalahu |
kang pinusthi datu wajibul-wujudi |
winih napi isbatipun |
pinatut tyas wus anggathok ||

51.
Angguyêr kêpala nut |
ubêding napi lan isbatipun |
derah ing lam kang akir wit pusêrnèki |
tinarik ngering mandhuwur |
lapal ilaha angengo ||

52.
Nganan pundhak kang luhur |
anglêrêsi lapal ila nêngguh |
pênjajahe kang driya mring napi gaib |
ilalah isbat gaibu |
ing susu kiwa kang ngisor ||

53.
Nakirake wis brukut |
lapal lailaha ilalahu |
winot sèkêt kalimah sanapas nênggih |
sanapas malih motipun |
ilalah triatus manggon ||

54.
Anulya lapal tuhu |
sanapas landhung winotan sèwu |
pêmancate tyas lêpas lantaran dhikir |
kewala mung wrananipun |
muni wus tan ana raos ||

55.
Wus wênang sadayèku |
nadyan aa êê ii uu |
sapadhane sadhengah-dhengah kang uni |
unine puniku suwung |
sami lawan orong-orong ||

Jilid 6 - Kaca : 158

56.
Ing sanalika ngriku |
coploking satu lan rimbagipun |
dhewe-dhewe badan budine tan tunggil |
nis mikrat suhul panakul |
badan kantun lir gêlodhog ||

57.
Tinilar lagya kalbu |
yêktine napi puniku suwung |
komplang nyênyêt jamaning mutêlak gaib |
wus tan ana dharat laut |
padhang pêtêng wus kawiyos ||

58.
Pan namung ingkang wujud |
wahya jatmika jroning gaibu |
pan ing kono suhule dènnira mupid |
tan pae-pinae jumbuh |
nora siji nora roro ||

59.
Wus tarki gya tanajul |
mudhun sing wahya jatmika ngriku |
aningali tan lawan netranirèki |
dating Hyang kang Mahaluhur |
patang prakara ing kono ||

60.
Sipat jalalgaibu |
jamal-kamal-kahar gaibipun |
wusnya mijil saking gaib dènnya mupid |
wiwit beda jinisipun |
Gusti lan kawula rêko ||

61.
Dating Gusti puniku |
jalal-kamal jalal-kahar nêngguh |
sipating kawula pan akadiyati |
wahdat wakidiyatipun |
alam arwah adsan mêngko ||

62.
Misal insan kamilu |
bêdaning Gusti lan kawulèku |
yêkti beda ingriku lawan ingriki |
kêjaba kang wus linuhung |
pratamèng kawruh kang wus wroh ||

63.
Sawusira aluyut |
lir antigan tumiba ing watu |
pan kumêprah tyasira kagyat tan sipi |
tumitah ing jamanipun |
araling kula katongton ||

64.
Luwaran dènnya suhul |
angaringakên sanapas landhung |
mot saklimah la ilaha ilalahi |
nulya andêdonga sukur |
sawusnya gya adan gupoh ||

65.
Panjinging Ngisa wêktu |
wusnya parèstri sunat sêdarum |
nuli kamat Mongraga prêlu ngimami |
wusing Patekah suratun |
Inna anjalna winaos ||

Jilid 6 - Kaca : 159

66.
Watini akiripun |
praptèng tahyat awal akiripun |
nulya salam awal akir bakda nuli |
pupujian kadya wau |
adhikir (n)donga Hyang Manon ||

67.
Sawusnya gya para rum |
sunat bakdiyatan sadaya wus |
sunat minal-witri rakangatal-witri |
wus pêragat sunatipun |
sasalaman samya wadon ||

68.
Anulya sami mundur |
saking gandhok maring dalêm agung |
kantun Nikèn Tambangraras lan Mongragi |
anjênakkên dènnya kasud |
sami mupidira karo ||

69.
Kang salat anèng tajug |
bakda lagya pêpujiyanipun |
kang sêmbahyang nèng pêndhapa lagya dhikir |
sauran kang anèng tajug |
samya rahabe bêbyanton ||

70.
Myang kiwa têngênipun |
ing jawi lèr kilèn wetanipun |
ingkang cêlak ragi têbah pan kapyarsi |
arame swaranya umyung |
mêwahi srining parungon ||

71.
Wanci Ngisa bakda wus |
Jayèngwèsthi Jayèngraga mudhun |
saking salat sami pinarak pêndhapi |
tan ewah lênggah lir wau |
myang Pangulu tata lunggoh ||

72.
Jayèngraga angrasuk |
busana kadya duk siyangipun |
namung salin kuluk kanigara brêji |
asusumping cundhuk mêntul |
tumanggal tarètès abyor ||

73.
Lênggah pandhapanipun |
wetane kang raka dènnya lungguh |
tan adangu kang winêling samya prapti |
sudagar jalwèstrinipun |
santri magêrsari mring jro ||

74.
Kêdhik ingkang tan rawuh |
kathah kang sami prapta malêbu |
sabab wus samya myarsa warta ing mangkin |
Jayèngraga karsanipun |
kasukan-sukan ing mêngko ||

75.
Andhèr pandhapa têpung |
tan kêliru gyaning urutipun |
wus miranti sagogolonganirèki |
wus pêpak sadayanipun |
Jèngraga ngandika alon ||

76.
Hèh Nuripin sirèku |
si Surat Sênu wèhna si biyung |
bocah roro iku konên mêmaèsi |
kêmbarên pêrabotipun |
ingkang sarwa di kinaot ||

Jilid 6 - Kaca : 160

77.
Sarta lan sajènnipun |
lan malih mundhuta trêbang wolu |
sanga lan têrbangku pundhutên dèn aglis |
kêndhang loro angklung pitu |
kang liningan mentar gupoh ||

78.
Angirit Surat Sênu |
wus sinungkên ni Cerong kang biyung |
dhinawuhan karsane ki Jayèngragi |
Nyai Cerong wus sumurup |
ngaturi Ni Daya gupoh ||

79.
Nuripin mundur mêtu |
mundhut trêbang kêndhang lawan angklung |
tan adangu kang pinundhut katur ngarsi |
myang têrbang pribadinipun |
agême si macan garong ||

80.
Datan antara wau |
nJêng Kyai Bayi Panurta rawuh |
lawan ingkang garwa sakucumbinèki |
êting gêlas agêng ngayun |
santri Luci sisinggah wong ||

81.
Byak mire samya takut |
kang lênggah sadaya sarêng mudhun |
Ki Pangulu repot tan rikat ngudhuni |
(n)Jêng Kyai ngling wis ywa mudhun |
krengkangan têmên arikoh ||

82.
Kablêndêrên wêtêngmu |
dene kanti sêngguran napasmu |
wis linggiha bae sira Basarodin |
kang myarsa sami gumuyu |
mring Pangulu repot rikoh ||

83.
lajêng kewala masuk |
mring dalêm yun apanggih lan mantu |
Sèh Mongraga lan garwa mêthuk nèng ngarsi |
nulya samya tata lungguh |
mingsêr mire kang pra wadon ||

84.
Sèh Amongraga gupuh |
atur salam mring (n)Jêng Kyai wau |
Kyai Bayi agêpah salamirèki |
Nikèn Tambangraras ngujung |
mring rama ibu wot sinom ||

85.
Ni Malarsih andulu |
mring kang putra tuwin ingkang mantu |
sakamantyanira ring putra lir mami |
pandugining tyas kang ibu |
kadya wus asmaraning don ||

Jilid 6 - Kaca : 161

366 Asmaradana

1.
Sadaya kang para èstri |
pan samya gawok tumingal |
marang sang ro pinangantèn |
cahyanya apindha wulan |
sunarira tumeja |
awingit jatmika ruruh |
tajêm sêmune uliya ||

2.
Ki Bayi ngandika aris |
anakmas Sèh Amongraga |
punapa karsa-a mangke |
ningali dhikir singiran |
kang putra lon turira |
kewala kawula kantun |
ningali saking jro wisma ||

3.
Paduka prayogi mijil |
ningali ripangi Karang |
pun Jamal Jamil ing mangke |
mêdalkên pangunahira |
ingkang kalawan sunat |
pan kathah pigunanipun |
sakarsanta tan kacuwan ||

4.
Ki Bayi gumujêng ngikik |
kula mung myarsa pawarta |
pun santri Luci kang omong |
yèn pun Jamal Jamil sarwa |
sagêd rêrekan guna |
gabusan ripanginipun |
anggawokakên wong kathah ||

5.
Kang putra umatur inggih |
sayêktos sagêd pun Jamal |
Jamil duk maksih nèng kilèn |
pangapuntên sapunika |
manawi salong ical |
kang rama gumujêng muwus |
kintêne mangsa icala ||

6.
Yèn mêkatên kula mijil |
mring pandhapa yun uninga |
pun Jamal Jamil rekane |
kang putra matur sumangga |
ngandika mring kang garwa |
yayi sira yèn yun (n)dulu |
umiringa ibu rama ||

7.
Ningali si Jamal Jamil |
ripangi anèng pêndhapa |
kang ramèbu lon dêlinge |
payo rara Tambangraras |
sirèku kinalilan |
sang ayu tyasnya kapencut |
myat wong ripangi angojrat ||

8.
Dhasar linilan ing laki |
wêwah kinarsan bu rama |
kalangkung dhangan karsane |
lagya mingsêt padanira |
karsa andhèrèk rama |
sakala tyase sumênut |
rumaos kapurbèng priya ||

9.
Sang rêtna osiking galih |
ya talah karêping hawa |
ngarat kaluputaning wong |
angrusak sangkribing kênya |
anganyag wong jêlanah |
dastu ngong ngwang tanpa urun |
amêdhot talêring nalar ||

Jilid 6 - Kaca : 162

10.
Mudadah sabil anggalih |
ya Allah astagpirolah |
sanalika lêjar tyase |
angêkêr netya kang timpang |
tan labêt kawistara |
pulih liringe lir wau |
alon umatur ing rama ||

11.
Ramèbu kawula naming |
ningali ngriki kewala |
kang rama mèsêm liringe |
anyathêt jroning wardaya |
ningali mring kang putra |
ngandika lah ya wis sukur |
ngong priyangga lan bunira ||

12.
Ki Bayi anulya mijil |
kalawan kang garwa putra |
Turida Rarasatine |
(n)Jêng Kyai praptèng pêndhapa |
mingsêr sêdayanira |
lênggah nèng kalasa batu |
garwa putra nèng wurinya ||

13.
Ing pandhapa wus miranti |
dupa sasajèn mawarna |
pêpak sadaya bon-abon |
Kiyai Bayi Panurta |
ingayap santri kathah |
nyamping kêling limar biru |
paningsête jingga mangsa ||

14.
Rasukan jobah sêmbagi |
dadu corak kayu anyang |
kotang putih rus kancinge |
golok balongsong suwasa |
pan têsbèhira mêrjan |
dhêsthar bathik Arab alus |
kuluk bathokan pèncèngan ||

15.
Ki Bayi ngandika aris |
marang putra kalihira |
apa wus pêpak sajène |
yèn uwis padha samêkta |
prayogane lêkasa |
pan manira arsa wêruh |
ripangine Jamil Jamal ||

16.
Putra kalih matur aris |
pan inggih sampun sadaya |
tan wontên kang dipunantos |
lah ya wis mara bismillah |
Jèngwèsthi Jayèngraga |
ngatag lurah santri gupuh |
kang samya nyandhak tarêbang ||

17.
Jayèngwèsthi Jayèngragi |
gus Arpani Amadasra |
gus Jamjani lan Jalalèn |
gus Dawud Nurjani Nurya |
kalawan gus Murtaja |
kang ngangklung santri pêpitu |
kang angêndhang Tunjangkara ||

18.
Lan Gandasana anuli |
santri kang bawa narêbang |
lêkas maca salawate |
bawa singir sajak Jawa |
lêlagon sêkar Lêmpang |
anglik wong sasanga barung |
swara mor gêng alit raras ||

Jilid 6 - Kaca : 163

19.
La ilaha ilalahi |
Muhamadun Rasulolah |
nulya sinauran ing kèh |
gumuruh sru swara rêmpak |
trêbang sanga jêngguran |
sarta kêndhange angguguk |
sêsêg anduduk ing kêndhang ||

20.
Pangroking angklung (ng)gêtêri |
anggobyok trêbang sasanga |
wor swara rug santri kabèh |
têrbange kêmpyang akipyah |
lah kêndhang atampèlan |
imbal bêm gêdhug asêguk |
angklung sêngkrak bêbagenan ||

21.
Plak blang plak blang pong ping pong bring |
bêm pung pung pêk dhêng dhung dhung gyag |
tung plêk tung plêk pyak klur klur thèr |
thur klung klung krak crir cir pyang pyang |
kloklir byêng dhrêng thur thur brang |
brang pêp pêp bah gur bah gur |
tong ting tong grug byêng grung grung brang ||

22.
Gênturan gumuruh atri |
kontrak wong sadesa pisan |
kumêrut bêbantu nonton |
mring prapat manca limanya |
jalwèstri kèh kang prapta |
jêjêl ing tarub supênuh |
kang ningali rêbut papan ||

23.
Rarywalit pating jalêrit |
kapipit uyêl-uyêlan |
dhêsêg-dhinêsêg rêbut (ng)gon |
ingarah-arah wus tata |
brêkate samya dènnya |
mangkana dènnira talu |
wus dangu antaranira ||

24.
Nulya suwuk ingkang singir |
maca salawat wong kathah |
kaping tiga samya rèrèn |
gupuh Ki (m)ban Kêrtiraga |
angatak noman |
Nuripin Jalalodin wus |
angirit laladènira ||

25.
Pateyan tenongan ngarsi |
pawingking tlam myang dhudhulang |
wus pinrênah saurute |
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
piyambak sinaosan |
Malarsih lan putra mantu |
wus sinaosan pateyan ||

26.
Waradin sadayanèki |
ngalihi nigani miwah |
kang mapati sakathahe |
nulya dhêdharan mangarsa |
tan pae petangira |
rampung lêladosanipun |
Ki Bayi alon ngandika ||

27.
Lah payo nak putu-mami |
bismilah padha krana-Lah |
tamba kasatan sakèhe |
sasênêngira priyangga |
sadaya tur sandika |
samya dhadharan myang nginum |
suka rêna ting kêcupah ||

28.
Kang nèng wisma Sèh Mongragi |
lan kang garwa Tambangraras |
linadèn sêsaosane |
di-adi dharan mawarna |
Cênthini tansèng ngarsa |
Sèh Mongraga ris amuwus |
ya yayi sira kantuna ||

Jilid 6 - Kaca : 164

29.
Manirarsa manjing masjid |
panêpèn tajug pungkuran |
Tambangraras ris ature |
kawula lamun kalilan |
mung tumutur paduka |
kang raka mèsêm lingnya rum |
ya sukur alkamdulilah ||

30.
Nulya kang rayi kinanthi |
cèthi Cênthini tan têbah |
nèng wuri angampil rukoh |
sang ro wus praptèng ing langgar |
anjujug ing patirtan |
Tambangraras Cênthini wus |
ngalap toyastuti samya ||

31.
Sawusira asusuci |
sira Ki Sèh Amongraga |
masuk ing langgar panêpèn |
wus sunat wulu tahyatal |
-masjidi nulya tangat |
tasbih rolas rêkangatu |
nêm salam usalinira ||

32.
Pinarêng niyat lan têkbir |
wiwit usali tangatan |
têsbihi rakangatine |
lilahi tangala Allah |
-hu-akbar kabiran wal |
kamdulilahi kasirun |
wa sub-kanallah bukratan ||

33.
wa asilan nulya malih |
inni wajahtu wajhial |
liladi pataras rêke |
samawati wala arla |
hanipan wa musliman |
wa mahyaya wa mamatu |
ana minal musrikina ||

34.
Sawusing wajah kang lirih |
maca tasbih ping limalas |
sadèrènging Patekahe |
lapaling tasbih punika |
awale ping limalas |
subkanalahi wal kamdu |
lilahi wa lailaha ||

35.
Ilalahu Allah nênggih |
hu-akbar lakolawala |
kuata illa bilahèl |
ngaliyil ngalim anulya |
lirih maca Patekah |
sawusing patekahipun |
tasbèh malih ping sadasa ||

36.
Arukuk sawusing têkbir |
maca tasbih ping sêdasa |
nulya iktidal adêge |
sami alahu kuliman |
kang midahu rabana |
tasbih malih ping sapuluh |
gya sujud wusing takbirnya ||

37.
Ping sadasa maca tasbih |
satangine sujudira |
lungguh sawusing takbire |
maca tasbih ping sadasa |
sujud malih sadasa |
ngandhêg wusing têkbiripun |
maca tasbih ping limalas ||

38.
Sawusing Patekah malih |
maca tasbih ping sadasa |
rukuk ping sadasa malih |
iktidal malih sadasa |
sujud tasbih sadasa |
lungguh tasbih ping sapuluh |
sujud malih ping sadasa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14a) Kaca 123 - 144
  • (15) Kaca 165 >