Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16b) Kaca 184 - 201

 

( Têtingalan ing pandhapi sakêlangkung ngedab-edabi )

5. Têtingalan ing pandhapi sakêlangkung ngedab-edabi, singir, emprak main obong-obongan sarta sulapipun Jamil Jamil damêl gawokipun ingkang sami ningali.

Wêkasan lajêng kêndhuri sarta dhahar kêmbul. Salêbêting dhahar, kasêling lêlagon bab wontêning sêkar Kakawin, Sêkar Agêng, Têngahan tuwin Macapat, kalajêngakên nyêkar Agêng, dadosa tuntunaning para dhalang.

Sasampunipun paripurna, taksih kasambêt singiran lan jêjogedan, ngibing mawi tombok arta, ngantos dumugi ndungkap Subuh.


Kaca 184 – 201

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


Jilid 6 - Kaca : 184

367 Kinanthi

89.
Lah ya mêngkono sing runtut |
kurang lawuh ngong imbuhi |
mung aja na rêrêbutan |
ya ya yèn rusuh sirèki |
dakcêmplungkên ing bêlumbang |
rasakna (ng)ko ngong-sothoni ||

90.
Santri alit mangan nutuk |
sawiji takire (ng)goling |
kasenggol kokohe utah |
amimisuh sarwi nangis |
lon-ingilon sami bocah |
cawuk-cinawuk samyanjrit ||

91.
Dadya têtukaran umyung |
mawut sêkul ulam ragi |
gêdrah udrêg kêkapyukan |
siratan jangan nèng takir |
Ki Luci mingkar akêbat |
karêpmu kono pribadi ||

92.
Ki Bayi suka gumuyu |
wus adate santri cilik |
sabên mangan rêrêbutan |
satêmêne mundhak asri |
aku dèk cilik kèlingan |
ya mêngkono nora pai ||

93.
Sapuluh wong urip iku |
lumintu tiru kang uwis |
aku biyèn kala bocah |
mêngko iki kaya kaki |
wus mêngkono tan kêna ra |
amênggilingan wong urip ||

94.
Sabanjure tan kadyèku |
mara yêktènana sami |
yèn wong asih maring anak |
utawa lyaning raryalit |
dinulur warêdèn anak |
kèh kêdhik tamtu basuki ||

95.
Yèn ana wong larang tuwuh |
iku labêting nora sih |
maring anak myang lare lyan |
utawa nora nganaki |
sihe maring bocah padha |
lan pawong mitranirèki ||

96.
Tan gumantung nrusing kalbu |
awèta dènnya mlas-asih |
ewa-sêmono ya ana |
mitra kang ngluwihi siwi |
kèh-kèhe kawulaning Hyang |
nanging arang wong kadyèki ||

97.
Nadyan ana-a puniku |
pêpancène kurang siwi |
beda lan kang gêng trêsnanya |
mring anak sêmpulur bêcik |
mulane aywa candhala |
bangêt-bangêt marang siwi ||

98.
Sadaya samya tumungkul |
Kulawirya matur aris |
inggih lêrês kang timbalan |
kawula matur mênawi |
wontên kang kêrêng mring anak |
pinêthès supaya bêcik ||

99.
Sinabêt pinrih miturut |
krêng punika kadospundi |
punapa tan trêsnèng anak |
kale wajib mêthès siwi |
utawi rare kang (n)dhugal |
purun tan wontên dènjrihi ||

Jilid 6 - Kaca : 185

100.
Ki Bayi alon amuwus |
basa kêrêng iku nanging |
ana kêrêng nora trêsna |
mring siwi kêrênge gêthing |
dèn akêrênge wong trêsna |
kur sasat mêdèni siwi ||

101.
Batine masih angugung |
sawadine dèn-turuti |
mangkono wong trêsnèng anak |
tansah tyas mung wêlasasih |
pan iku lanang wadona |
tan prabeda anglabêti ||

102.
Ki Bayi malih amuwus |
apa wis kang nglêladèni |
yèn ana kang durung ana |
umatur Luci Nuripin |
pan inggih sampun sadaya |
yèn wis payo padha wanting ||

103.
Samya matur sandika wus |
samya têturuh awijik |
kang kokobok ngumbah tangan |
adan lêkas samya bukti |
jangan pindhang padhamara |
bècèk lan êtim kêbiri ||

104.
Myang ulam kang wutuh-wutuh |
bêsêngèk bêkakak pitik |
opor lan bêtutu banyak |
sakèhe ulam mêpêki |
pêksi ulam loh lan kewan |
ingolah mawarni-warni ||

105.
Kang samya nadhah anutug |
rame kêcaping abukti |
pangrêmêking krupuk sora |
wor krêpyêking srundèng gêbing |
pêncok lan kêdhêle rambak |
balung nèm terong gêlathik ||

106.
Gumalêthuk ting kariyuk |
barung serop ting karêcip |
Ki Bayi alon ngandika |
aywa na kêsusu bukti |
kang tamban enak-enakan |
manira lagyantuk bukti ||

107.
Jare jaman kuna iku |
yèn mangan enak nyênyambi |
karo angidung srênggara |
lagon arum-arum manis |
enaking iwak winastan |
êndi ingkang dènsêptani ||

108.
Kabèh gêntèn padha ngidung |
mangkono jare dhèk dhingin |
iku apa nora cêgah |
sènggane ngidung rêrêpi |
samya amatur sêdaya |
sumanggèng karsa (n)Jêng Kyai ||

109.
Ki Kulawirya umatur |
ingkang punika mênawi |
wadhaganipun kewala |
pangraos kula prayogi |
anggêr botên sêsajêngan |
inggih sunat wênang mawi ||

110.
Amrih rahabing majêmuk |
lamun kagalih ing ngèlmi |
inggih saèstu yèn cêgah |
dalah rêrasan tan kenging |
ewa punika binanda |
ngundur angalangi ngèlmi ||

Jilid 6 - Kaca : 186

111.
Angyêktosakên pitutur |
Ki Bayi nauri aris |
ya enak kaolmu Wirya |
mung myat lêlahan sami |
lah mara Gus Jayèngraga |
ngidunga rum-arum manis ||

112.
Padha gêntèna angidung |
sapa kang bisa ngidungi |
kang putra matur sandika |
wusing nginum srêbat manis |
amapan dènnira lênggah |
nulya lêkas angrêrêpi ||

113.
Angêlik rum-rum mintarum |
kêcubung lara ngedani |
ana barat sing lor wetan |
mangulon paraning milir |
silir-silir mambu ganda |
gandaning wong anjêlanthir ||

114.
Tumrape ulam kang mungguh |
enake lêlawuh bukti |
sing angolah sunbadheya |
yèn iwaka iwak bancir |
yèn woh-wohan jruk pacitan |
yèn kêmbanga kêmbang gambir ||

115.
Ki Bayi suka gumuyu |
sadaya karênan myarsi |
sêmbada swara rum raras |
pra santri katêmbèn sami |
nulya malih angandika |
padha gêntèna mangrêpi ||

116.
Jèngwèsthi angidung arum |
tan pae lir Jayèngragi |
mung kaot mastani ulam |
mundhut sêptane pribadi |
sing angolah sunbadheya |
yèn iwak iwaka tagih ||

117.
Yèn kêmbanga kêmbang mênur |
yèn woh-wohan wohing manggis |
nulya gantya ingkang paman |
paman sadaya waradin |
mastani sasêptanira |
ana jambal miwah mrêsi ||

118.
Kêlalèn lele lan talung |
woh-wohan jambu jruk manis |
salak dhuku lawan duryan |
kêmbang kênanga mêlathi |
argulo kalak cêpaka |
(n)Jêng Kyai gumujêng angling ||

119.
Kari sirèku Pêngulu |
mara ngidunga kang bêcik |
Ki Pêngulu aturira |
botên sagêd angrêrêpi |
punapa kenging sadhengah |
ya sapintêrmu pribadi ||

120.
Nulya dhèhèm Ki Pêngulu |
swarane ngêlokor sêdhil |
anggêrok lir wêdhus dumba |
lir kêndhang (ng)gêbêbêr muni |
ting pakênêng gulunira |
angêlik sinom pêngrawit ||

Jilid 6 - Kaca : 187

121.
Anggalêrêg grawul-grawul |
pêngidunge Basarodin |
gêgêthingku cilik mula |
wong sidhêkah jênang baning |
sêthithik yèn kirim donga |
mangan enak nora micis ||

122.
Pindhangipun kêmplung-kêmplung |
alêga rasaning ati |
ulame sêmada kathah |
undhang-undhang mung sêthithik |
amung brêkate tan ana |
pêngaji sigar akêdhik ||

123.
Gêr ginuyu sadaya rum |
Kulawirya gumuywa ngling |
dingarèn swarane ala |
kang Pangulu Basarodin |
lir tarêbang tan sinêntak |
anggêbêbêr sabab sêdhil ||

124.
Kang myarsa sarêng gumuyu |
Ki Bayi gumujêng angling |
dhasar ala cilik mula |
kanti tuwa nora salin |
Jayèngraga angandika |
bêbisik mring Jamal Jamil ||

125.
Ki Jamal sandika manthuk |
(n)Jêng Kyai Bayi ngling malih |
payo sasêlote mangan |
sadaya kaecan bukti |
Ki Pangulu dènnya nadhah |
gumuyu kêkêl pribadi ||

126.
Tinanya kang sandhing lungguh |
wus uning pating guligik |
Ki Bayi mèsêm tatanya |
paran ingkang dèn-guyoni |
dene tan kobêr amangan |
(ng)guguyu mring Basarodin ||

127.
Ki Pangulu Basar matur |
punika (ng)gènkula bukti |
sadhengah kang kula tadhah |
botên kalong pulih malih |
nulya samya tininggalan |
kang cinuwil pulih malih ||

128.
Ki Bayi myat suka muwus |
priye kuwe Basarodin |
(ng)gih duka dalêm punika |
Kulawirya gumuywa ngling |
coba opore sinêmpal |
paran yêkti pulih malih ||

129.
Kèh (n)dêngongok samya (n)dulu |
mring Pangulu Basarodin |
gya pukang opor sinêmpal |
opor asru wak-wèk muni |
kagyat Ki Pangulu Basar |
sarwi angiling-ilingi ||

130.
Dèn-ngêr-ingêr sarwi muwus |
iki apane kang muni |
dene wis matêng aenak |
cocore pan wèk amuni |
Ki Baywa nging bok cinoba |
opor gadhonên kang ênting ||

Jilid 6 - Kaca : 188

131.
Ngrêmbagi sêdayanipun |
gya Pangulu Basarodin |
opor ginadho wus têlas |
kari balunge balindhis |
opor nèng jro wêtêngira |
sangsaya sru wak wèk muni ||

132.
Ki Pangulu gorèh bingung |
swaraning bèbèk mêlingi |
bênêr nèng jroning wêtêngan |
mingak-minguk Basarodin |
ginaguyu ing wong kathah |
Pangulu gumuyu isin ||

133.
Kulawirya majêng muwus |
puniki Ki Basarodin |
kula kurmat ingandika |
kang tan mawi kêlak-kêlik |
pindhang sakêda kang eca |
Ki Pangulu ananggapi ||

134.
Gya binuka tutupipun |
akilêng pindhang kabiri |
nulya pinêndhêt kang ulam |
kumanug mabur lumaris |
mancal kêthune Ki Basar |
sinampe tangan tan kenging ||

135.
Dadya pèncèng kêthunipun |
dadya pangguywan Ki Rodin |
Ki Bayi suka ngandika |
wis padha baginên aglis |
kêndhuri gya cinarikan |
ulam bêkakak binagi ||

136.
Sadaya kang wutuh-wutuh |
kang ngijèni angalihi |
molu mapati nyadasa |
sadaya sampun waradin |
sinarang ing tapak dara |
Ki Pangulu Basarodin ||

137.
Ngijèni bêkakak wêdhus |
pandumane Basarodin |
ikêt kinarya saptangan |
buntêl brêkat ambêthithil |
kacupe wus siningsêtan |
kumeyok brêkate muni ||

138.
Ki Pangulu bêkah-bêkuh |
biyang priye kiye iki |
Kyai dospundi punika |
sadaya ulame muni |
bêkakak êmbak-êmbèkan |
wak-wèk keyok bèbèk pitik ||

139.
Gumuruh samya gumuyu |
Ki Bayi gumuyu angling |
lo êmbuh tan surup ingwang |
manawa gus Jamal Jamil |
iku marèkna mêningan |
mêsakake Basarodin ||

140.
Sawusnya (n)Jêng Kyai muwus |
nulya cêp tan ana muni |
Pangulu sakala bingar |
wus tata brêkat miranti |
gya winêdalan pawohan |
myang rokok wangèn lininting ||

141.
Wus samya nginang audud |
Ki Bayi ngandika aris |
Jèngraga ing kene sapa |
kang bisa paramakawi |
apa ana kang wus nêlas |
ing têmbang têmbunge kawi ||

Jilid 6 - Kaca : 189

142.
Jayèngraga nêmbah matur |
ingriki wontên satunggil |
namung pun Kaki Lawatan |
saliyanipun tan uning |
ingkang asring kêdhatêngan |
sutèng priyayi nêgari ||

143.
Sami mêrdhatêng mariku |
kawula lan kangmas sami |
kêdhik-kêdhik pan winulang |
ki Baywa ngling tanya aris |
pundi lèh (ng)gêguru paman |
Lawatan matur Matawis ||

144.
(n)Jêng Kyai Kêlipa Buyut |
apan pujangga Matawis |
kula duk anèm pruwita |
manakawan mring (n)Jêng Kyai |
kabêgyan sinung sih wulang |
Ki Bayi mèsêm lingnya ris ||

145.
Pan mênggah sêkar puniku |
sadaya pintên kèhnèki |
Ki Lawatan aturira |
kathahipun sêkar kawi |
kang jêjêr mung kawanwêlas |
wiwit sawêlas winilis ||

146.
Lêbdajiwa wastanipun |
nuntên kalihwêlas malih |
wastane Sumawicitra |
nulya tigawêlas nami |
Sudiradraka kawêkas |
Basanta limalas nênggih ||

147.
Mênggalagita rannipun |
anuntên nêmbêlas malih |
namane sêkar Gurisa |
wusing nêmbêlas anuli |
pitulas kèhing aksara |
nênggih sapada-lingsèki ||

148.
Sikarini wastanipun |
anuntên wolulas nênggih |
nama sêkar Nagabanda |
anuntên sangalas malih |
ran Sardulawikridhita |
nuntên kalihdasanèki ||

149.
Sêkar Swandana rannipun |
nuntên salikur winilis |
Wisalya-arini rannya |
nuntên kalihlikurnèki |
Kilayunêdhêng wastanya |
nuntên tigalikur nênggih ||

150.
Wêgang Sulanjani nênggih |
nuntên sêlawe prah malih |
pan sêkar Gandakusuma |
punika kang ugêr sami |
nanging mawi gêhandhokan |
Lêbdajiwa kancuhnèki ||

151.
Brêmara-wilasita wus |
de Kusumawicitrèki |
kancuh Candrawilasita |
lan Wisati kandhêh nênggih |
Madurêtna jangkêpira |
de Sudiradraka nênggih ||

152.
Dhadhap kancuhipun |
lan Alat-alat jangkêp tri |
dene kang sêkar Basanta |
mung kalih lan Puspanjali |
kang sêkar Manggalagita |
kancuh Sastramanggalèki ||

Jilid 6 - Kaca : 190

153.
Lan Prana-alika uwus |
kang sêkar Gurisa nênggih |
kancuh Prawiralalita |
dene sêkar Sikarini |
akancuh Saprêtitala |
kalawan Têpikawuri ||

154.
Kawitana kalihipun |
Maesabayangan tuwin |
Bangsapatra jangkêpira |
sêkar Nagabanda tuwin |
mung kancuh Nagakusuma |
dene ingkang sêkar malih ||

155.
Sardulawikridhita mung |
tan wontên gandhokanèki |
dene kang sêkar Swandana |
pan akancuh Sulanjari |
lan Sasadara kawêkas |
de sêkar Wisalyarini ||

156.
Swaladara kancuhipun |
sêkar Kilayunêdhêng ming |
satunggil tanpa gandhokan |
sêkar Wêgang Sulanjari |
akancuh Kuswalalita |
Astakusala jangkêp tri ||

157.
Sêkar Gandakusumèku |
mung Wohingrat kancuhnèki |
punika ingkang kalampah |
wontên lajêngipun malih |
pitulikur Langênjiwa |
nuntên sêkar Dhêndha nênggih ||

158.
Tridasa-nêm lampahipun |
Dhêndha-jiwa wastanèki |
lampahipun sanga-sanga |
ping pat sapada-lingsèki |
wontên malih wolungdasa |
Dhêndhapracandha ranèki ||

159.
Gangsal-gangsal lampahipun |
wontên sêkar Dhêndha malih |
sangangdasa-nêm lampahnya |
ngalihwêlas salingsèki |
awasta Dhêndhabaswara |
wontên sêkar Dhêndha malih ||

160.
Satus-tigangdasa langkung |
nênêm sapadalingsèki |
lampahipun anyangalas |
Dhêndha-prangwara namèki |
wontên malih sêkar Dhêndha |
satus-pitungdasa naming ||

161.
Lampahipun ngalih-likur |
Dhêndhapralêbda namèki |
wontên malih sêkar Dhêndha |
satus sangangdasa kalih |
lampahipun nyalawe prah |
Ulab-sisimparanèki ||

162.
wontên malih kang ingetung |
pangkating sêkar Salisir |
kang lampah pitu namanya |
pan Citramêngêng Salisir |
kang lampah nênêm punika |
sêkar Swanita Salisir ||

Jilid 6 - Kaca : 191

163.
Kang lampah wolu rannipun |
Patralalita Salisir |
kang lampah samya wastanya |
pan Têbukasol Salisir |
kang lampah sadasa rannya |
Têbusauyun Salisir ||

164.
Gunggunging sêkar gêng nêngguh |
kawandasa-sanga naming |
kang tumraping Kawiswara |
kang sêkar Pramana-wingit |
èngêt kawula punika |
wa mênawi wontên malih ||

165.
Ki Bayi mèsêm amuwus |
puniku paman dospundi |
turene mawi wilangan |
Ki Lawatan matur aris |
inggih sèstu wiwicalan |
kang lampah sawêlas nênggih ||

166.
Mangkat sakawan gya pitu |
jangkêp sawêlas winilis |
ping sakawan praptèng pada |
ingkang kalihwêlas nênggih |
lampahipun tiga-tiga |
Sumawicitra (n)darbèni ||

167.
Candrawilasita nênggih |
papat-papat kaping katri |
jangkêp kalih-wêlasira |
Madurêtna lampahnèki |
sami lan Wisatikandha |
mangkat gangsal gya pitu wis ||

168.
Kang tigawêlas ingetung |
mangkat gangsal gya wolu wis |
ping sêkawan têkèng pada |
jangkêp sastra kang winilis |
ingkang lampah kawanwêlas |
angkat sêkawan ping kalih ||

169.
Anuntên nêm jangkêpipun |
ping pat praptèng padanèki |
ingkang lampah gangsalwêlas |
angkat wolu gya saptèki |
ping pat jangkêp sapadanya |
kang lampah nêmbêlas nênggih ||

170.
Angkatipun wolu-wolu |
ping pat jangkêp sapadèki |
ingkang lampah pitu-wêlas |
angkat nênêm kaping kalih |
nulya gangsal jangkêpira |
ping pat sapadanirèki ||

171.
Sikarini ingkang laku |
sami lan Têpikawuri |
de kang sêkar Kawitana |
lang Mesabayangan sami |
angkat gangsal gya nênêmnya |
ping pat jangkêp sapadèki ||

172.
Bangsapatra lampahipun |
lan Sapratitala sami |
angkating ngajêng sakawan |
nulya nêm gya pitu malih |
pitulas sapadalingsa |
ping pat jangkêp sapadèki ||

173.
Kang lampah wolulas nêngguh |
angkat gangsal gya nêm nuli |
pitu jangkêp salingsanya |
ping pat sapadanirèki |
ingkang sêkar Nagabanda |
lan Nagakusuma sami ||

Jilid 6 - Kaca : 192

174.
Kang lampah sangalas gupuh |
angkat nênêm kaping kalih |
gya pitu jangkêp salingsa |
ping pat sapadanirèki |
ingkang lampah kalihdasa |
Sasadra-kawêkas malih ||

175.
Swandana sasaminipun |
angkat pitu kaping kalih |
nulya nêm jangkêping etang |
ping pat sapadanirèki |
Sulanjari lampahira |
wolu gya nênêm ping kalih ||

176.
Ping pat jangkêp sapadèku |
sakalih-dasanirèki |
mung kaot angkat kewala |
nuntên lajêngipun malih |
ingkang lampah salikurnya |
angkat pitu-pitu ping tri ||

177.
Ping pat jangkêp padanipun |
lampah kalihlikur nênggih |
angkatipun gangsal nulya |
nêm ping kalih gangsal malih |
ping pat jangkêp sapadanya |
kang lampah trilikur nênggih ||

178.
Angkatipun gangsal ngayun |
nulya nênêm kaping katri |
kaping pat jangkêp sapada |
kang lampah salawe prah nênggih |
angkat nênêm ping sakawan |
jangkêp ping pat sêpadèki ||

179.
Ingkang sêkar pitulikur |
angkat nênêm kaping kalih |
nuntên wolu nulya sapta |
ping pat jangkêp sapadèki |
Ki Bayi alon ngandika |
lah paman punapa taksih ||

180.
Inggih liyane puniku |
Ki Lawatan matur aris |
wulange (n)Jêng Kyai kuna |
Kêlipa Buyut Matawis |
pangkating sêkar têngahan |
Gapuh kapisan kang dhingin ||

181.
Angkating sastra ing ngayun |
wolu dhawah wulu mêlik |
gya wolu dhawah tarungan |
gya pitu nglêgêna nuli |
sadaya dhawah nglêgêna |
sadasa nglêgêna malih ||

182.
Gya wolu nglêgêna sampun |
jangkêp sapadanirèki |
wontên malih kang winastan |
sêkar Gambuh kaping kalih |
Gambuh ping kalih winastan |
pan sêkar Kênya ping kalih ||

183.
Angkat rolas dhawah suku |
gya wolu dhawah wulu mlik |
gya rolas dhawah sukunya |
wolu dhawah suku malih |
gya wolu dhawah nglêgêna |
wolu malih wolu mêlik ||

184.
Nulya sanga dhawah suku |
gya wolu dhawah wulu mlik |
anulya wolu nglêgêna |
gya rolas nglêgêna nênggih |
padalingsane sadaya |
jangkêp sapadanirèki ||

Jilid 6 - Kaca : 193

185.
Dene Gambuh kaping têlu |
angkate wolu wulu mlik |
gya wolu dhawah tarungan |
gya pitu nglêgêna nênggih |
nulya pat dhawah sukunya |
gya nêm dhawah wulu mêlik ||

186.
Gya nêm dhawah taling-tarung |
nulya wolu nglêgêna wis |
apan mung nêm pada lingsa |
jangkêp sapadanirèki |
kang sêkar Gambuh kaping pat |
angkate ngajêng winilis ||

187.
Pitu dhawah suku mêndud |
gya sêdasa suku malih |
gya rolas dhawah wulunya |
wolu dhawah suku malih |
gya wolu dhawah tarungan |
jangkêp gangsal sapadèki ||

188.
Gambuh kaping lima nêngguh |
pan dadi Kêdhiri malih |
lampah angkatipun rolas |
dhawah suku mêndud nênggih |
nulya nêm dhawah nglêgêna |
gya wolu dhawah wulu mlik ||

189.
Nulya wolu dhawah suku |
wolu malih wulu mêlik |
gya wolu dhawah sukunya |
gya wolu tarungan nênggih |
namung pitung pada lingsa |
jangkêp sapadanirèki ||

190.
Lah malih kang sêkar Gambuh |
kaping nêm winastan nênggih |
sêkar Pamiwaltung rannya |
angkat wolu wulu mêlik |
gya wolu dhawah talingan |
gya wolu tarungan nênggih ||

191.
Sanga dhawah wulu sampun |
mung kawan padalingsèki |
pan jangkêp sapadanira |
Gambuh kaping pitu nênggih |
angkating sastra ingetang |
wolu dhawah suku nênggih ||

192.
Nulya pitu dhawah suku |
gya kalihwêlas wulu mlik |
gya wolu dhawah sukunya |
lan wolu tarungan nênggih |
namung gangsal pada-lingsa |
jangkêp sapadanirèki ||

193.
Ingkang sêkar Jurudêmung |
lampahing sastra pangarsi |
pan wolu dhawah nglêgêna |
lan wolu pan suku nênggih |
gya wolu dhawah sukunya |
lan wolu nglêgêna nuli ||

194.
Nulya wolu dhawah suku |
gya wolu nglêgêna malih |
lan wolu dhawah sukunya |
jangkêp sapadanirèki |
lan malih kang sêkar Lambang |
angkating ngarsa pan sami ||

Jilid 6 - Kaca : 194

195.
Wolu-wolu kaping wolu |
sami nglêgênanirèki |
dene sêkar Kuswaraga |
angkat wolu tarung nênggih |
lan wolu dhawah nglêgêna |
nulya wolu wulu mêlik ||

196.
Anulya nêm dhawah suku |
gya wolu nglêgêna nuli |
gya wolu dhawah wulunya |
nulya wolu wulu malih |
gya wolu dhawah nglêgêna |
wolu dhawah suku nênggih ||

197.
Wolung pada-lingsanipun |
jangkêp sapadanirèki |
wontên malih kang ingetang |
apan sêkar Kuswarini |
rolas dhawah suku nulya |
nêm dhawah nglêgêna nênggih ||

198.
Nulya wolu dhawah suku |
gya wolu nglêgêna malih |
gya wolu dhawah wulunya |
wolu dhawah suku malih |
gya wolu dhawah talingan |
jangkêp sapadanirèki ||

199.
Pitung pada-lingsa sampun |
kang Kuswa-wirangrong nênggih |
angkating sastra ingetang |
angkat wolu wulu mêlik |
gya wolu taling-tarungan |
nulya nêm nglêgêna nênggih ||

200.
Gya sêkawan dhawah suku |
gya nêm dhawah wulu mêlik |
lan pitu dhawah nglêgêna |
myang wolu nglêgêna malih |
wus jangkêp sapadanira |
mung pitung pada-lingsèki ||

201.
wontên malih ingkang ngetung |
sêkar Kuswa-rangsang nênggih |
wit rolas dhawah sukunya |
gya nêm dhawah suku malih |
anulya nênêm nglêgêna |
wolu dhawah suku malih ||

202.
Gya wolu nglêgêna nêngguh |
wolu dhawah wulu mêlik |
gya pitu dhawah wulunya |
wolu dhawah suku nênggih |
namung wolung pada-lingsa |
jangkêp sapadanirèki ||

203.
wontên malih ingkang ngetung |
kang sêkar Maesa-langit |
angkating sastra pangarsa |
kalihwêlas dhawah taling |
gya pitu dhawah sukunya |
nulya wolu wulu mêlik ||

204.
Wolu malih taling tarung |
wolu taling-tarung malih |
namung gangsal pada-lingsa |
jangkêp sapadanirèki |
de kang sêkar Palugangsa |
angkating ngarsa winilis ||

205.
Wolu dhawah taling-tarung |
nulya nêm nglêgêna nênggih |
gya wolu dhawah talingan |
rolas dhawah taling malih |
gya sanga dhawah sukunya |
nulya wolu wulu mêlik ||

Jilid 6 - Kaca : 195

206.
Nulya wolu dhawah wulu |
mung pitung pada-lingsèki |
wus jangkêp sapadanira |
de sêkar Palugon nênggih |
angkating sastra pangarsa |
wolu dhawah wulu mêlik ||

207.
Wolu malih taling-tarung |
wolu taling-tarung malih |
lan wolu dhawah nglêgêna |
wolu dhawah suku nênggih |
wolu dhawah wulu nulya |
wolu malih dhawah taling ||

208.
Wolu malih taling-tarung |
mung wolung pada lingsèki |
wus jangkêp sapadanira |
de sêkar Mêgatruh nênggih |
pan angkat rolas sukunya |
nulya wolu wulu mêlik ||

209.
Wolu malih dhawah suku |
wolu malih wulu mêlik |
lan wolu taling-tarungan |
mung gangsal pada-lingsèki |
wus jangkêp sapadanira |
sêkar Maskumambang nênggih ||

210.
Angkat rolas dhawah wulu |
nulya nêm nglêgêna nuli |
gya wolu dhawah wulunya |
lan wolu nglêgêna malih |
namung kawan pada-lingsa |
jangkêp sapadanirèki ||

211.
Dene ingkang sêkar Pocung |
angkat rolas suku nênggih |
nulya nêm dhawah nglêgêna |
gya wolu dhawah wulu mlik |
gya rolas dhawah nglêgêna |
pat pada-lingsa (n)jangkêpi ||

212.
Kang sêkar Bêlabak nêngguh |
angkat papat-papat ping tri |
gya tiga dhawah talingan |
mung tri pada-lingsa sami |
wus jangkêp sapadanira |
têlas sêkar têngahan nis ||

213.
Kathahipun sangalikur |
sêkar têngahan puniki |
kang sêkar kidung macapat |
kawit sêkar Dhandhanggêndhis |
sadasa dhawah wulunya |
sadasa nglêgêna nênggih ||

214.
Wolu dhawah talingipun |
nulya pitu suku nênggih |
gya sanga dhawah wulunya |
lan pitu nglêgêna nuli |
apan nêm dhawah sukunya |
gya wolu nglêgêna malih ||

215.
Nulya rolas dhawah wulu |
gya pitu nglêgêna nênggih |
pan sadasa pada-lingsa |
jangkêp sapadanirèki |
kang sêkar Asmaradana |
angkat wolu wulu mêlik ||

216.
Gya wolu nglêgêna nêngguh |
wolu dhawah mure taling |
anulya wolu nglêgêna |
myang pitu nglêgêna malih |
gya wolu dhawah sukunya |
myang wolu nglêgêna malih ||

Jilid 6 - Kaca : 196

217.
Mung pitung pada-lingsèku |
jangkêp sapada-lingsèki |
kang sêkar Pangkur ingetang |
pan wolu nglêgêna nuli |
sawêlas dhawah wulunya |
wolu dhawah suku nênggih ||

218.
Gya pitu nglêgêna nêngguh |
nulya rolas sukunèki |
anulya wolu nglêgêna |
wolu malih wulu mêlik |
namung pitung pada-lingsa |
jangkêp sapadanirèki ||

219.
Kang sêkar Sinom ingetung |
wit wolu nglêgêna nênggih |
gya wolu dhawah wulunya |
lan wolu nglêgêna nuli |
gya wolu dhawah wulunya |
nulya pitu wulu mêlik ||

220.
Nulya wolu dhawah suku |
lan pitu nglêgêna nênggih |
gya wolu dhawah wulunya |
gya rolas nglêgêna nênggih |
namung sangang pada-lingsa |
jangkêp sapadanirèki ||

221.
Kang sêkar Durma ingetung |
wit rolas nglêgêna nuli |
gya pitu dhawah wulunya |
nulya nêm nglêgêna nuli |
gya pitu dhawah nglêgêna |
wolu dhawah wulu mêlik ||

222.
Gya gangsal nglêgêna nêngguh |
gya pitu dhawah mulu mlik |
pitung pada-lingsanira |
jangkêp sapadanirèki |
kang sêkar Mijil ingetang |
wit sêdasa wulu mêlik ||

223.
Nulya nênêm taling-tarung |
gya sêdasa dhawah taling |
sadasa dhawah wulunya |
anulya nêm wulu malih |
nulya nêm dhawah sukunya |
amung nêm pada-lingsèki ||

224.
Wus jangkêp sapadanipun |
dene kang sêkar Kinanthi |
wit wolu dhawah sukunya |
nulya wolu wulu mêlik |
gya wolu dhawah nglêgêna |
wolu malih wulu mêlik ||

225.
Gya wolu nglêgêna gupuh |
wolu dhawah wulu mêlik |
wolung pada-lingsanira |
jangkêp sapadanirèki |
inggih punika lampahnya |
sêkar-sêkar sadayèki ||

226.
Têlas kang macapat kidung |
namung pitu kathahnèki |
gunggunge sadayanira |
Dhêndha kawi myang Salisir |
têngahan kidung macapat |
wolungdasa-gangsal nênggih ||

227.
Ki Bayi suka ing kalbu |
myarsa ing kidung kêkawin |
nahwune kang sastra Jawa |
têmbung lan têmbang ginati |
Ki Bayi Panurta suka |
mèsêm angandika aris ||

Jilid 6 - Kaca : 197

228.
Si paman Prênjana luhung |
nyata yèn wus alim Jawi |
suwawi paman Lawatan |
(n)dika nêmbang Sulanjari |
Ki Lawatan tur sandika |
ngalêsêd ngewahi linggih ||

229.
Dhèhèm watuk sêmu-sêmu |
mapanakên swaranèki |
mèsêm mathêt atrapsila |
tangane sidunwèng wêntis |
dumancunging dhêsthar tinrap |
nulya nêmbang Sulanjari ||

230.
Ulone landhung amuluh |
rêmêk gêng mêmbat rum manis |
gèdhèg lenggok gulunira |
mayog-mayog lambungnèki |
dariji gênah wilangan |
angkat wolu nêm ping kalih ||

231.
Sri Karna kasrêg inirup |
sinêp linêpasan nênggih |
warastra pinarêk dira |
ngadêg mamuling anuli |
ngawe ri laruting bala |
lara rêbah ngajêngnèki ||

232.
Bima ngêbak lêpas amuk |
tiningalanira nênggih |
mabat gajah rata bêntar |
trênyuh sing inarung nuli |
tinêmbungira ring gada |
kasulayah jangkêpnèki ||

233.
Ki Bayi suka gumuyu |
nora jamak paman iki |
swara sêdhêngan kêpenak |
wong wis tau nèng nêgari |
kaprigêlane abeda |
têmbang-têmbunge amathis ||

234.
Mandahne nom-nomanipun |
tuwa-tuwa maksih (n)dhandhing |
dhuh paman sapisan êngkas |
kula kasupèn sakêdhik |
sêkar Sasadra-kawêkas |
sami kalih-dasanèki ||

235.
Kadipundi kaotipun |
Sasadra lan Sulanjari |
Ki Lawatan nulya nêmbang |
swara wilête ginambi |
mèh raina sêmu bang Hyang |
Haruna kadi netraning ||

236.
Angga rapuh lajêngipun |
gya sabdani kokila ring |
kanigara lajêngira |
gya sakêtêrni kidung ning |
akung lwir wuwusing nulya |
wini panca papêtêking ||

237.
Ayam wana lajêngipun |
ring pagakan lajêng malih |
gya mrak anguhuh brêmara |
angrêbasa kusuma ring |
para haswana rum purna |
jangkêp sapadanirèki ||

238.
Mèsêm Ki Bayi amuwus |
enak Sasadaranèki |
jaman mangkono Lawatan wong nêmbang Kawi |
aja kaya Widiguna |
mung Gurisa pintêrnèki ||

Jilid 6 - Kaca : 198

239.
Padha mareneya cêblung |
pra dhalang kang pramèng ringgit |
sira padha (ng)gugurua |
mring paman Lawatan bêcik |
Crêmasana Widiguna |
Widilêksana Thrur Krucil ||

240.
Dhalang pan gupuh mangayun |
cêlaking Lawatan nênggih |
Ki Bayi tanya hèh Guna |
sirèku dhalang Matawis |
êndi asalmu padesan |
Widiguna matur aris ||

241.
Matawis dhusun ing Bantul |
nênggih Bantul Bantul Kawis |
sirèku apa ta dhasar |
nak putuning dhalang ringgit |
umatur Ki Widiguna |
won-awon inggih naluri ||

242.
Pan kêbanton marasêpuh |
sami dhalang purwa saking |
wiji ing Jodhog Lipura |
marasêpuh kula nguni |
turuning dhalang Dalêman |
Ki Lêbdapura kang nami ||

243.
Yèn mangkono sira iku |
tabon pêdhalangan yêkti |
kandêl dalilmu Kabudan |
apa kabèh padha luri |
kajaba si Crêmasana |
asli wong Wanamartèki ||

244.
Ki Widilêksana matur |
kawula saking Bahrawi |
yêktosipun asli Pajang |
pun bapa nama Ki Rêdi |
-tata turun Citralata |
dhalang bagor dalêm nguni ||

245.
Tinanya Ki Thur umatur |
kawula saking Kadhiri |
yêktose asli Blambangan |
mila turun dhalang krucil |
anama Êthur kewala |
katêlah dalasan mami ||

246.
Sadaya sami umatur |
sami asli saking têbih |
rèhning tiyang nistha dama |
pados têdhaning nak rabi |
sapikantuking pajiwa |
têmah katrêm anèng ngriki ||

247.
Kêraos sami pikantuk |
saking gêng bêrkah (n)Jêng Kyai |
dhangan ing sakedah-kedah |
sami kaangsalan bukti |
nêng Wanamarta tyas cipta |
kandhêm kèrêm anèng ngriki ||

248.
Ki Bayi ngling iya sokur |
sira kaolèhan budi |
puku paman Lawatan |
prayogi kawulang Kawin |
kang dhalang gêdhog nèh wulang |
Mênggalang Ditawatangi ||

Jilid 6 - Kaca : 199

249.
Lah paman wawi tinêmbung |
Mênggalangipun dospundi |
Ki Lawatan aturira |
Mênggalang punika Mijil |
inggih makatên ungêlnya |
nulya Ki Lawatan wiwit ||

250.
Swara rum mijil Sang Prabu |
saking jro puri anênggih |
lampahira alon nulya |
ginarêbêg lajêngnèki |
ing dyah abayak kèh endah |
wanodya lir widadari ||

251.
Sang Prabu ya lajêngipun |
pêkik lir Asmara nuli |
nuntên jangkêp sapadanya |
Ki Bayi ngandika aris |
wawi paman Ditawatang |
Ki Lawatan amiwiti ||

252.
Anggalêndêm swaranya rum |
Hyang Candra purnama murti |
pinangka Dipa anulya |
ning wêngi lajêngirèki |
lintang araras kumênyar |
jaladara dipaning sih ||

253.
Katrangan padyating nêngguh |
kilat thathit ajêngnèki |
anarnatèng limut nulya |
riris andulur lan nênggih |
lan imur rum ning mulat gya |
surat-sari jangkêpnèki ||

254.
Ki Bayi mèsêm lingnya rum |
mara lah tirunên iki |
iku (ng)gon-anggoning dhalang |
wajib (ng)guguru kang bêcik |
dhalang mono sing pralêbda |
dadi manira lèh bathi ||

255.
Padha pakolèhirèku |
wajib prêlu amrih bêcik |
mundhak kapintêranira |
anggunggung kang anitèni |
kuncara ing kana-kana |
dhalang Wanamarta bêcik ||

256.
Ingkang liningan tumungkul |
nêmbah umatur nuwun sih |
mangkana antaranira |
(n)Jêng Kyai ngandika malih |
lah payo padha bubaran |
arib siyang nambut-kardi ||

257.
Tur sandika sadaya wus |
kang jagongan mundur mulih |
Jèngwèsthi lan para paman |
bodhol sarèrèhanèki |
Ki Bayi malêbèng wisma |
lênggah tanya mring Malarsih ||

258.
Lah êndi iki putramu |
bagus pêngantèn Mongragi |
matur putra Ni Turida |
maksih sênêt nèng panêpin |
wau kala wêktu dhahar |
kawula ken nitik sêpi ||

259.
Tan wontên sabawanipun |
samya jrih ingkang ngaturi |
pan sinaosan kewala |
Ki Bayi ngandika aris |
lah ya wis akamdullilah |
payo mulih Ni Malarsih ||

Jilid 6 - Kaca : 200

260.
(n)Jêng Kyai anulya kondur |
lan garwa Nikèn Malarsih |
ingiring sarencangira |
santri Luci anèng ngarsi |
anggawa êtinge gêlas |
gumarudug magêrsari ||

261.
Tuwin Kiyai Pangulu |
luk salam sumimpang margi |
samya mulih sowang-sowang |
yata kang kantun pandhapi |
sira kimas Jayèngraga |
lan paman Kulawiryèki ||

262.
Jèngraga aris amuwus |
wawi paman talu malih |
awon nganggur piyambakan |
Ki Kulawirya nauri |
lah ya karo karêpira |
manira têka umiring ||

263.
Kang putra malih amuwus |
paman mênawi marêngi |
ngagêma têkês prayoga |
kang paman gumuyu nuli |
la ngagêm têkês cèplêsan |
angling maring santri-santri ||

264.
Padha lungguha kang têpung |
wus ombèr papane linggih |
bagor magêrsari mapan |
miwah para santri-santri |
kang nonton maksih akathah |
kêdhik ingkang sami mulih ||

265.
Sangsaya pakolèh (n)dulu |
Jayèngraga ngandika ris |
punapa gêndhinge paman |
suwawi bêksa lan mami |
Kulawirya lon ngandika |
Pêtung-wulung gya Ginonjing ||

266.
Ki Jayèngraga amuwus |
miwiti lêlagon singir |
ngêling ngunkung tumlawungan |
la ilaha illalahi |
Mukamadun Rasullolah |
nulya santri naurani ||

267.
Gumêr rêmpêk swara barung |
nganyut-anyut langkung asri |
nulya ngadêg Sênu Surat |
anyarimpi ronggèng kalih |
Jayèngraga trêbangira |
pinaringkên gus Arpani ||

268.
Nulya jumênêng sang bagus |
kalawan Kulawiryèki |
ambêksa rangin Mataram |
pra bagor kêplok mawanti |
amiwir sondhèr araras |
sèdhêt amacak rêspati ||

269.
Acandhang asta ngêrajung |
angikal ukêl titinggil |
jariji gêtêr kêjêran |
amanggêl tangjêg narisik |
ahebat sarpa kadhangan |
ambuncang kunca kumitir ||

270.
Angridhong grudha nêladhung |
amênthang mêthènthèng kadi |
sawung sawangan tarungan |
anyimpar mêrak kasimpir |
angigêl parigêl manggal |
lambung angula ngêlangi ||

Jilid 6 - Kaca : 201

271.
Sinêmbadèng Surat Sênu |
narimpi ringgit sarimbit |
rumakêting kawilêtan |
malulut umalat ing sih |
anglèngèk mungsêr nèng ngarsa |
sisirig ting-tingan ngênting ||

272.
Amêthêt kêclap sumêmprung |
mamprêng ngalêtêr ngidêri |
sumrêpêt nindur tilapan |
prêt-uprêtan prapta lari |
sang priya anglir mardangga |
sinambêr ing kèkèt kêsit ||

273.
Lumarap angudêr nindur |
tumèmplêk caplêk ngijèni |
Ki Jayèngraga gus Surat |
Sênu Ki Kulawiryèki |
amênthang asta andhêngklang |
nêngkah lambung lambang liring ||

274.
Amungsêr pagolan pupu |
mêmêtêk amathêt lathi |
isthanira lir amothah |
kathah ature kumanthil |
sang priya ro lir kalana |
ngalaga jayèng prang tandhing ||

275.
Tinanggalèng garwanipun |
manusul atawan tangis |
sumamar ing tyas sih marma |
eman manawa sor jurit |
mangkana raras èsthanya |
sindhèn anglik lir nangisi ||

276.
Priyanya kadya tan kengguh |
pêpagol malang ing wêntis |
tan watos tètèsing tiwas |
ngamêr-amêr ing garwa sih |
sêlahing jangga ling-lingan |
asangkut buburon liring ||

277.
Kumalepat sênthot mundur |
akalangan langên ngêlik |
ronggèng ro pêncar asimpar |
sindhèn saplak tan sarênti |
tuwin kêcaping parikan |
rêrekan wangsalan sami ||

278.
Dhuh kusuma apisadu |
cêlore dènwor lan liring |
srênging karsa pasugata |
lun-aluning saya dadi |
karêpe dènladènana |
sêmune kalangkung brangti ||

279.
Siti rêngka gayung sumur |
gêgêlang munggèng dariji |
katula nora lèh tamba |
lali uripe kinardi |
bayantaka linggar sana |
dening kênure undhagi ||

280.
Srat pêpacak kang ginadhuh |
sipating dhat nora mati |
kewala ngalih panggènan |
tirtamaya ya Ilahi |
supana loro parannya |
êningna tyas ywa nimpangi ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16a) Kaca 166 - 183
  • (16c) Kaca 202 - 204 >