Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 33

Kontak Admin.

email-kidemang

 (17) Kaca 205 - 212

 

( Bab lampahing suhul kêdah kaangkah lobok lanyah )

6. Ing palêrêman Sèh Amongraga ngandika dhatêng ingkang garwa bab lampahing suhul kêdah kaangkah lobok lanyah. Lanyahipun saking: 1. sarengating wirid; 2. tarekating wirid; 3. hakekating wirid; tuwin 4. makripating wirid. Satunggal-satunggalipun katêrangakên kanthi wijang.

Lajêng kawêdharakên gaibing Allah ngantos sajatining kawula Gusti, punika namung sagêd kacakup dening para mukmin. Lampahipun botên kenging nalimpang, wêkasan sagêd mangêrtos dhatêng jatining Pangeran. Sadaya wêjangan damêl padhang tarawanganing manahipun Nikèn Tambangraras.


Kaca 205 - 212

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 205

368 Girisa

1.
Mangkana ta sang abrangta |
kang wuru dènnira pana |
apan wus sasontên mila |
dènnya suhul ing Hyang Suksma |
jênêg lagya kanikmatan |
sarira wus tanpa sesa |
saujur-ujure niba |
katri priyangga priyangga ||

2.
Mujur ngulon ngalor ngetan |
tan ana ingkang salaya |
sangating pana tan padha |
tinêtah ing satariyah |
jlalah barjah isbandiyah |
amrat gaibing Pangeran |
winêtara dangunira |
apan tigang èwu napas ||

3.
Sira Ki Sèh Amongraga |
uwus bakda wiritira |
asêgu lawan istigpar |
tan antara ingkang garwa |
Nikèn Tambangraras luwar |
dènnira wirit sampurna |
cèthi Cênthini tan beda |
samya bakda dènnya bengat ||

4.
Gya patakur ing Hyang Suksma |
nalangsa minta apura |
saking kiparat ing donya |
akèh kang dadya gigila |
taksis langiping kawula |
aral kang bangsa riyah |
kontrak karaosing driya |
lupute tan ana sêla ||

5.
Katêlu pisan mangkana |
ikraling nala nalangsa |
dadya samya mênggak waspa |
misêsêg napas dhucungan |
ting salênggruk kawistara |
karuna tanpa karana |
karanane brangtanira |
marang Hyang ingkang amurba ||

6.
Wus mangkana Sèh Mongraga |
tyasira lêjar wèntèhan |
aningali maring garwa |
kang mêntas luwaran padha |
sih mingsêg-mingsêg karuna |
lan Cênthini nora beda |
Sang Monêng alon ngandika |
sarta sung salam mring garwa ||

7.
Lan Cênthini sinalaman |
lingira Sèh Amongraga |
yayi sira karahmatan |
nugrahanira Hyang Suksma |
yèku aplalu ngagêsang |
pasêmon saking Hyang Suksma |
pupucukaning nugraha |
iku angrahmati sira ||

8.
Yata Nikèn Tambangraras |
umatur nalangsèng raka |
kawula darmi kewala |
amundhi brêkah paduka |
jiwangga tan paja muga |
lir sarah munggèng lautan |
ing karsa ngrèh tanpa sesa |
ing mangke praptèng wêkasan ||

9.
Kang raka arum ngandika |
yayi alkamdulilahi |
muga sira tinulusna |
santosaning tokitira |
nulya Ki Sèh Amongraga |
maring patirtan akadas |
Tambangraras tan kêna sah |
myang Cênthini samya kadas ||

10.
Wusnya toyastuti samya |
rambah malih tangatira |
sukril wuluki tahyatal |
-masjidi kalih rêkangat |
sawusira nulya ngangkat |
tahajud rolas rêkangat |
garwa cèthi makmum samya |
pan wus saeka ing tingkah ||

11.
Mangkat usali tangatan |
tahjudi rakangatèni |
lilahi tangala Allah |
-hu Akbar kabiran walkam |
-dulilahi kasiran pa |
subkanalahi bukratan |
wa asila nulya wajah |
-tu waji iya lajêngnya ||

Jilid 6 - Kaca : 206

12.
Lilahi patarasama |
-wati walarli kanipan |
wa musliman wa mahyaya |
wa mamati muslimina anulya |
[.
.
.
] |
ngalêsik maca Patekah |
surat Ikrak wêwacannya |
subêkana bikamdika ||

13.
Yèn nuju kalimahira |
waswud tarib anulya |
ing adêge sinujudan |
ing sabên-sabên mangkana |
gumulung rolas rêkangat |
wus antara tangatira |
nêm salam rêkangat akir |
tahyat sarta tumaninah ||

14.
Têrtib ing iptitahira |
nulya salam awal akir |
sawusira bakda tangat |
amapanakên ing bengat |
wus lobok nora rêkasa |
panarike wiritira |
aguyêng ngayêngi rasa |
rasa rasaning sarira ||

15.
Sarira kang tanpa sesa |
kumambang ing dhèwèkira |
pan wus jomblah kajumbuhan |
iya nyata nora nyata |
iya tanpa nora tanpa |
nora tanpa nyata tanpa |
tan pae kang wus tan kêna |
kinarsèng dening Hyang Suksma ||

16.
Wus dangu wuru worira |
mangkana Sèh Amongraga |
(n)dodonga nglindhung ing Suksma |
munkiri kiparat donya |
wus linuwar wiritira |
aris dènnira ngandika |
mring garwa Kèn Tambangraras |
yayi sira anuduha ||

17.
Marang iku cèthinira |
Cênthini konên pêpandam |
gupuh kang garwa kèn pasang |
pandam ni Cênthini sigra |
tan adangu nulya prapta |
patrangan sumaos ngarsa |
wau Nikèn Tambangraras |
umatur marang kang raka ||

18.
Punika rayinta prapta |
Rarasati saos dhahar |
Sèh Mongraga ris ngandika |
iya ing kene kewala |
Rarasati majêng ngarsa |
angladèni mring kang raka |
Cênthini nampa rampadan |
lancaran tinatèng ngarsa ||

19.
Tambangraras saos tirta |
anèng bokor pawijikan |
ngandika Sèh Amongraga |
payo yayi lan rinira |
kêmbul nadhah lan manira |
kang garwa ris aturira |
pukulun anuwun duka |
ajrih durakèng Hyang Suksma ||

Jilid 6 - Kaca : 207

20.
Namung ngalap bêrkah tuwan |
pakècèran tapak asta |
têdhan kang dadya lorodan |
Sèh Mongraga gya atirta |
adan lêkas dènnya nadhah |
pulukira sakêmlaka |
adangu pangêpêlira |
dhinahar tan pati ulam ||

21.
Amung paru kang dhinahar |
sakêdhik lawan lalaban |
têmu poh lawan lêmpuyang |
pikantuk dènnya adhahar |
pan angsal pitung pulukan |
atobe ping kawan-wêlas |
tan kawawa nutugêna |
nulya atêturuh asta ||

22.
Wus suci dènnya atirta |
rampadan ambêng linarad |
Cênthini uthi anata |
ingingsêd nèng ngarsanira |
garwa ri nadhah carikan |
tan pati piktuk nadhah |
wus nutug nulya luwaran |
sigra ingundurkên samya ||

23.
Cênthini nadhah lorodan |
sarêng parèstri warata |
samya tuwuk sadayannya |
luwaran kang samya nadhah |
lancaran tinatèng dhulang |
kang anampa wus samêkta |
Nikèn Rarasati nêmbah |
mundur saking ngarsèng raka ||

24.
Gya dhêdharan majêng ngarsa |
woh-wohan olah-olahan |
myang pateyan mêmanisan |
wus samêkta anèng ngarsa |
kang nampa mundur sadaya |
yata Ki Sèh Amongraga |
ngandika marang kang garwa |
yayi mungguhing agêsang ||

25.
Lah kawruhana dènnira |
mungguh lakune kang bengat |
kudu pinrih lobok lanyah |
lanyahe kudu anêtah |
saking patang prakaranya |
sarengat ing wiritira |
lawan tarekating wirit |
miwah kakekating wirit ||

26.
Tuwin makripat wiridan |
iku yayi wruhanira |
sarengating wirit ika |
nêbut sawiji kalimah |
pan la ilaha ilalah |
nut panjang wêtuning napas |
tanasubing mukaranah |
ngling ing ati sanubari ||

27.
Ya la ilaha ilalah |
pan ora nana Pangeran |
anging Allah ingkang Êsa |
kang andadèkkên sadaya |
kudu mangkono ciptanya |
tan kêna kasêlan basa |
ing dalêm sajroning cipta |
dene tarekating wirit ||

28.
Lapal ilalah ilalah |
nut napas kang manjing mêdal |
tanasubing mukaranah |
pamupusing ati puat |
anging Allah kang sunsêmbah |
pan mangkono tan kêna ra |
yayi ywa kanti kasêlan |
liyan osik kang kadyeka ||

Jilid 6 - Kaca : 208

29.
Dene kakekating wirit |
lapalira Allah Allah |
nut tanapas manjing mêdal |
tanasubing mukaranah |
unining ati maknawi |
angandêl nyataning Allah |
kudu mangkono kang cipta |
tan kêna kasêlan liyan ||

30.
Dene makripating wirit |
hu hu hu lapalira |
pan anut wêtuning nupus |
tanasubing mukaramah |
pamuwusing ati siri |
Allah pan uripe langgêng |
mangkono tan kêna nora |
ana dene napas ika ||

31.
Ingkang mêdal saking lesan |
anpas kang mêdal ing karna |
tanapas kang mêdal netra |
nupus kang mêdal ing grana |
dene wiriting sarengat |
apan wirit Satariyah |
apan kaji salatira |
ambuntu tigang prakara ||

32.
Karna netra grananira |
amêngakakên sajuga |
mung lesan apêngallulah |
dene wiriting tarekat |
iya wirit isbandiyah |
apan kusta salatira |
ambuntu tigang prakara |
grana netra lesannira ||

33.
Amêngakakên sajuga |
mung talingan asma-ullah |
dene wiriting hakekat |
apan iya wirit barjah |
iku daim salatira |
ambuntu tigang prakara |
lesan grana karnanira |
amêngakakên sajuga ||

34.
Mung paningal sipatulah |
dene wiriting makripat |
pan iya wirit jalalah |
ismungalim salatira |
ambuntu tigang prakara |
netra karna lêsannira |
amêngakakên sajuga |
mung gêrana êdatolah ||

35.
Iku yayi lanyahêna |
yèn uwis nora rêkasa |
ya ing dalêm bengatira |
sampurnaning pat prakara |
kang kaucap mau ika |
ingkang dhingin sampurnanya |
apêngalu tan rêkasa |
ping kalih sampurnanira ||

Jilid 6 - Kaca : 209

36.
Asma-ulah tan rêkasa |
lan kaping tri sampurnanya |
sipatulah tan rumangsa |
kaping pat sampurnanira |
datulah tan ana rasa |
iya yayi iku ingkang |
dènranni gaibing Allah |
tan kêna kinaya-ngapa ||

37.
Ora ana kang kalilan |
ambuka-a gaibing Hyang |
mung mukmin kang wus musliman |
ya kang santosa bengatnya |
maring Hyang kang Mahamulya |
karana ingkang wus bisa |
mujud mukal mung mukmin kas |
yayi iku kang kalilan ||

38.
Ambuka gaibing Allah |
janma kang wus wujud makal |
iku roroning ngatunggal |
pamoring Gusti kawula |
sanalikaning ing kana |
mulane ingaran tunggal |
sabab tunggal ing pinangka |
dene mungguhing Pangeran ||

39.
Dat sipat asma apêngal |
de ta mungguhing kawula |
wujud ngèlmu ênur suhud |
nyatane amor tan beda |
padha kênane ngaranan |
dat sipat asma apêngal |
wujud ngèlmu ênur suhud |
karone kêna ngaranan ||

40.
Gusti kalawan kawula |
tan pae pinae sama |
sira Nikèn Tambangraras |
manêmbah matur ing raka |
amba punapa kalilan |
umatur ing (n)Jêng paduka |
wau Ki Sèh Amongraga |
aris dènnira ngandika ||

41.
Iyèngsun lilani sira |
aturira Tambangraras |
bab dat sipat asma apngal |
lan wujud ngèlmu nur suhud |
nyatane ingkang sanyata |
kang mugi tuwan sung wulang |
marang gêbal padukamba |
kang brangta kawêlas-arsa ||

42.
Angga lir bantala bêlah |
mangkya kadhawahan jawah |
mèh rapêt bêlahing bumi |
(n)jêng tuwan nampunakêna |
tungtuming tyas kang anêla |
nuwun balêbahing wulang |
supaya bantala rahmat |
idayat wuwulang tuwan ||

43.
Sèh Mongraga ris ngandika |
ya yayi pariksakêna |
mungguh nyataning dat yayi |
Êdat iku pan sawiji |
tan kêna linoro tingal |
dene nyataning kang sipat |
sipat iku kaelokan |
tan kêna ingèmpêr-èmpêr ||

Jilid 6 - Kaca : 210

44.
De yayi nyataning asma |
asma iku apan langgêng |
nora kêna pinaido |
yayi nyataning apêngal |
ya apêngal iku pêsthi |
nora kêna sinikara |
iku yayi wruhanira |
dene wujud nyatanira ||

45.
Anane kita punika |
kalawan dating Hyang Suksma |
dene ngèlmu kang sanyata |
nyatane ngèlmu pan uni |
ya kalawan sipating Hyang |
dene nyataning kang ênur |
nyatane pan urip kita |
kalawan ya asmaning Hyang ||

46.
Dene nyatane kang suhud |
nyataning pan ajal kita |
kalawan apêngaling Hyang |
wujud kita ya dating Hyang |
ngèlmu kita sipating Hyang |
ênur kita asmaning Hyang |
suhud kita apngaling Hyang |
iku yayi ingaranan ||

47.
Wujud mokal jatinèka |
basa mokal iku yayi |
patêmon kawula Gusti |
iku mokal namanira |
datan Gusti tan kawula |
ya Gusti iya kawula |
Gusti kang sipat kawula |
kawula kang sipat Gusti ||

48.
Yayi iya iku mokal |
gaibing roroning tunggal |
nora tunggal nora pisah |
tan kêkalih tan sajuga |
nora ewuh nora gampang |
loro-loroning atunggal |
iya ewuh iya gampang |
ananing Hyang wujud kita ||

49.
Ikram kita wujuding Hyang |
iku wujud mokal rannya |
paguting kawula Gusti |
anèng jamaning akomplang |
plêng wêng-uwêng suwung gêmplung |
yèku mokal namanira |
sira yayi dènwaspada |
marang sajatining ora ||

50.
Yèn wus bisa lobok yayi |
yèku wujuding nugraha |
wus mokale dhèwèkira |
mokal tan kênaning rusak |
urip tan kênaning pati |
muni tan kênaning luput |
langgêng bae sêlamine |
lamine nora watêsan ||

51.
Yèku pok-pokane ing kak |
poma yayi ywa pêpeka |
tokitêna ing tyasira |
ingkang tan kalawan-lawan |
sira kang amokal mring sun |
sun mokal marang Pangeran |
Pangeran mokal ing sira |
sira kang rumangsa mokal ||

52.
Ywa rumangsa yèn tan mokal |
iku yayi mungguhing kak |
kang tan kêna winicara |
kajaba kang wus anunggal |
ubaya saeka kapti |
iku yayi pasênêtan |
rasa kang nèng jroning gaib |
yèn wus tumanêm ing sira ||

Jilid 6 - Kaca : 211

53.
Pêpêtên ywa kêwanguran |
ingkang agêmi akunci |
kang narima maring titah |
tutupên ing wêdi asih |
maring Hyang ingkang amurba |
angadili ing dumadi |
adiling Hyang rong prakara |
angganjar lawan aniksa ||

54.
Dene yayi kang ginanjar |
wong kang ngêgungakên ing Hyang |
de yayi ingkang siniksa |
wong kang angapêskên ing Hyang |
iku yayi kawruhana |
kang ngati-ati ing titah |
aywa takabur ing manah |
utawa yèn kawicara ||

55.
Iku ngapêskên Hyang Suksma |
ya kang mangkono têmahan |
ganjaran asalin siksa |
sabab dening kibirira |
ya mulane yayi sira |
kang wêdi asih apasrah |
kang kumambang wisesèng Hyang |
ywa pêgat sêmbah pujinta ||

56.
Marang Hyang kang Mahamulya |
poma yayi ywa nalimpang |
mring cipta ingkang maksiyat |
mangkana Ni Tambangraras |
nêratas tyasira padhang |
nêrawang nora sumêlang |
mêlêng wuwulanging raka |
kabuka kalbunira dyah ||

57.
Cipta wus cakup kacupan |
sakêcap tan ana ninang |
lir kaywaking rinancaka |
mèntèr-mèntèr antaranya |
umatur sayèsmu waspa |
tan sagêd kawula nabda |
sumanggèng karsa (n)jêng tuwan |
kawula darmi lumampah ||

58.
Dhumatênga lara pêjah |
tan sumêlang ngèstu pada |
kang raka aris ngandika |
ya yayi alkamdulilah |
kang muga sira lulusa |
sinung kanugrahaning Hyang |
sarwi niyung lungayannya |
ingusap srinatanira ||

59.
Pinêtêg larapanira |
astaning raka kangêtan |
maruntus riwe sang rêtna |
kêkêtêging githok sumyar |
mung ukur-ukur kewala |
wontên labête nêratab |
kang raka anamur sabda |
yayi mungguh kawasèng Hyang ||

60.
Andhêkêt nora gêpokan |
adohe nora wangênan |
kita lir ulam sagara |
sêgara upamaning Hyang |
anglimputi iwak kabèh |
jaba jro pari-polahnya |
si iwak saking sagara |
suprandene tan rumangsa ||

Jilid 6 - Kaca : 212

61.
Lamun puniku kapurba |
kawisesa ing sêgara |
mangkono manèh kawula |
tan uninga dhêkêtira |
bênêr ujare pralambang |
suluk kidung kitab Jawa |
kêmasan tan wruhing rukmi |
sarati tan wruhing gajah ||

62.
Panêgar tan wruhing kuda |
kawula tan wruhing Gusti |
mulane akèh kang wigar |
anggagar kawruhe bubar |
kaburu ing kibirira |
kaur ngèlmune kêsasar |
jubar ambêlabar nasar |
pangrasane wus ambabar ||

63.
Aywa maha sira rara |
nêrak kang wus linarangan |
upamane wong apasa |
owêl batale sapala |
sira wus sinung nugraha |
ginanjar ilham tyasira |
kang garwa nuwun turira |
tyasnya rapèh tan nêratap ||

64.
Pasang-surute wus kawrat |
cipta tan tuwuh winulang |
kalangkung ombèr tyasira |
wus papêsthèn titahing Hyang |
tinitah èstri utama |
anglangkungi kadang darma |
brangtine marang Pangeran |
bêgyantuk krama kasaman ||

65.
Kaidayating nugraha |
winantu surasèng ngèlmu |
sangsaya sênêning cahya |
angulati ing awirya |
yata wau nalikanya |
ing ratri wus waktu pajar |
wau ta ingkang trêbangan |
anduduk suwuk gêndhingnya ||

369 Mêgatruh

1.
Abubaran pra bagor sadayanipun |
nulya samya kinèn mulih |
miwah wong nonton akukut |
Jèngraga malbèng wismèki |
acucul dènnya mêrabot ||

2.
Sawusira lajêng mring patirtan adus |
Widiguna amidèni |
arta nèng bokor ingetung |
totomboke angsalnèki |
tigawêlas reyal bolong ||

3.
Arta tigawêlas pan pinara têlu |
saduman mring ringgit kalih |
saduman mring kang ambadhut |
saduman mring para santri |
pandume sami kemawon ||

4.
Ngawan reyal wolung uwang langkungipun |
wolung dhuwit dènnya (m)bagi |
wusnya sigra sami mantuk |
pra santri ambage malih |
kaduman kawan wang kang wong ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16c) Kaca 202 - 204
  • (18) Kaca 213 - 225 >