Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02) Kaca 19 – 26

 

( Bab riba warni tiga: 1. riba badan, 2. riba lesan, lan 3. riba manah )

2. Ing pandhapa sami dhahar sarapan, sinambi rêmbagan bab riba warni tiga: 1. riba badan, 2. riba lesan, lan 3. riba manah.

Dalunipun Sèh Amongraga mulang garwa bab ngamaling agêsang 4 prakawis inggih punika:

1. ngamaling sarengat, iman mrih bêkti;

2. ngamaling tarekat, iman amuji ing Pangeran;

3. ngamaling hakekat iman suhul ing Hyang Widhi; 4. ngamaling makripat angujlat maring Pangeran.


Kaca 19 - 26.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 19

376 Dhandhanggula

57.
Ingkang dadi kabungahan ati |
suka samya nglawatakên dara |
sinawangan ngang-ngang ngèng-ngèng |
wus adat sabên esuk |
myang wong tuwa samya ngêploki |
samya toh gêgêthikan |
ingkang bêblês muluk |
kang bêtah anglawat mênang |
kang glis mudhun darane kalah ginêthik |
samya atêtandhingan ||

58.
Sabên esuk kumruwuk ngêploki |
jalu èstri miwah lare samya |
samya ngêploki darane |
kêplok-kêplok kumruwuk |
barung bendrong kothèkan atri |
kêkênthong agêjagan |
kang mêntas anutu |
kang mutêr sru agêritan |
karya lênga angathok myang kang amipit |
wor ramening asurak ||

59.
Ki Suharja angandika aris |
èh gus Menot daraku si Tawang |
apa wus kok lawatake |
gus Menot matur sampun |
ilon nglawat kalih pun Kanji |
pan ibêripun ewah |
tan pati amuluk |
Ki Suharja mudhun nglatar |
angêploki darane uningèng wangsit |
andêdêl ing ngawiyat ||

60.
Yata wau ingkang raka prapti |
Kyai Bayi Panurta lan putra |
Jèngwèsthi Jayèngragane |
saha sagarwanipun |
samya (m)bêkta dhadharan enjing |
Ki Bayi lon ngandika |
apa sira iku |
lagi angêploki dara |
Ki Suharja kagyat gêpah aningali |
yèn ingkang raka prapta ||

61.
Lan putra Jèngwèsthi lan Jèngragi |
nulya ngaturan lênggah pandhapa |
klasa lampit pinêrantèn |
Sèh Mongraga andulu |
yèn kang rama lan ibu prapti |
gupuh mijil umarak |
lan kang garwa wau |
praptèng ngarsa sêsalaman |
nulya Nyai Suharja gupuh nyaosi |
dhêdharan jing-enjingan ||

62.
Ni Cênthini ingkang nglêladèni |
wêwah dhêdharan babêktanira |
lajêng tinatèng ngarsane |
wus aglar anèng ngayun |
nulya Ki Pangulu kang prapti |
ingiring modinira |
nèng pandhapa lungguh |
lajêng atur sêsalaman |
nulya Ki Panukma Panamar kang prapti |
lawan Ki Kulawirya ||

63.
Sagarwa bêkta dhadharan sami |
praptèng pandhapa lajêng salaman |
dhêdharan tinata age |
kêlangkung rukunipun |
among-winong dènnya samya sih |
sajêg tan ana rêngat |
rakiting sadulur |
tulus dènnira kakadang |
nadyan maring santana kulawargèki |
tan ana kang kuciwa ||

Jilid 7 - Kaca : 20

64.
Sadaya wong ing Wanamartèki |
tan ana rêbut kastori congkrah |
lulus pangupajiwane |
sarta ngibadahipun |
wus mangkono ahlinirèki |
samya olah kamuktyan |
rahayuning kalbu |
pan saking mangunahira |
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurta kang mawi |
numusi harjèng desa ||

65.
Yata wau kang anèng pandhapi |
jalu èstri royom lalênggahan |
Ki Bayi lon ngandikane |
marang sadayanipun |
payo padha sèmèkan enjing |
kang liningan agêpah |
samya nadhah kêmbul |
jalu èstri karoyokan |
nutug dènnya anadhah ing wanci enjing |
kinèn andum barêkat ||

66.
Jalu èstri tan prabeda sami |
barêkatan wus samya luwaran |
kang adhahar sadayane |
Ki Bayi ngandika rum |
èh Pangulu Ki Basarodin |
mungguh rêrasanira |
êndi bakunipun |
Ki Pangulu aturira |
mangsa borong paduka kula umiring |
nulya ngling mring kang putra ||

67.
Inggih anakmas Sèh Amongragi |
kados punapa lampahing riba |
kang putra alon ature |
wondene bakunipun |
rapal riba punika nunggil |
babaganipun karam |
sami cêgahipun |
pan inggih tigang prakara |
kang rumiyin karam bangsa badan nênggih |
lan karam bangsa lesan ||

68.
Kaping tiga karam bangsa ati |
dene karam ingkang bangsa badan |
lamun kathah maksiyate |
purun nganggeya tiru |
tiru panganggene wong kapir |
sasolah panganggenya |
kapir kang tiniru |
punika ribaning badan |
kaping kalih asring karsa ngalap bukti |
kang mêkruh miwah karam ||

69.
Têgêg tunggal mangan lan wong kapir |
sêpta aniru olah-olahan |
tuwin ngèmpêr agamane |
pangupajiwanipun |
angundhakkên artanirèki |
undhake lan bicara |
tanpa dol tinuku |
nadyan tuku yèn babagan |
ingkang bêras tinumbas kalawan pari |
sêkul tinumbas ing bras ||

70.
Apan riba punika samining |
ribaning lesan ingkang kadyèka |
kaping tiganipun malih |
ribaning tyas puniku |
tyas kêsusu kêdah glis-aglis |
amêsthèkkên bicara |
ingkang dèrèng mojud |
dènnya ngambil kauntungan |
pinrih mêtu saking bicaraning jangji |
pamèting tyas pitênah ||

Jilid 7 - Kaca : 21

71.
Dènnya mèt untung amêlarati |
tuwin kang maha atilar wawrat |
nêrak kang wawrat jangjine |
totohan saminipun |
dènnya ngambil kasil tan misil |
apan rusak-rinusak |
papa têmahipun |
amêsthèkkên untungira |
ingkang dèrèng kantênan kinarya mêsthi |
melik ing kauntungan ||

72.
Amèt papan tan satitahnèki |
tan nêdya yu ing sasama-sama |
riba tyas dening murkane |
wa-makatên punika |
pêpangkatan kalih prêkawis |
ahli dalil akerat |
lan ahli donyèku |
ye kang ahli donya wênang |
anglampahkên tingkah riba ing pakarti |
kuwatir ing kapêsan ||

73.
Ingkang ahli dalil akerati |
riba cêgah malah têkèng karam |
tan kenging riba kasabe |
duraka ing Hyang Agung |
datan antuk ganjaran akir |
tan bisa ahli swarga |
ngulamane wurung |
malah ginantungan siksa |
yèn wong karêm mangan riba ing donyèki |
pan dede palalira ||

74.
Ratu pandhita wus bagi-bagi |
ahli donya lan ahli akerat |
tingkah pae paekane |
pan sanès dalilipun |
ratu murba pandhita sidik |
punika pan sumangga |
mênggah kukusipun |
Ki Bayi alon ngandika |
yèn mangkono riba iku Basarodin |
pasal manut ing titah ||

75.
Mungguh titah sira lawan mami |
nora kêna katèmpèlan riba |
murungakên ing kêdadèn |
beda lan maksiyat wus |
titah donya melik donyèki |
titah kerat melika |
ing akeratipun |
jawane saking wutanya |
e ya Allah astagapirulah halngalim |
kumêmbêng waspanira ||

76.
Saking kêpasuk kêrasèng galih |
dadya angumpah nutuh sarira |
saiprêt kacipratane |
riba rèmèh kur-ukur |
kaplêtikan sukêr sathithik |
pinapas tyas wus kipa |
-kipa nora gêtun |
katèmpèl satêngu riba |
pan ingangkah pangati-atining ngarsi |
kang durung kalampahan ||

Jilid 7 - Kaca : 22

77.
Sadayanya ningali Ki Bayi |
gumun ngungun nglulu ulatnya |
Ki Basarodin andomble |
kraos kèh kuthuhipun |
kèh mangane riba pinanggih |
nabda Ki Kulawirya |
kang Pêngulu niku |
rayat (n)dika bakyu têngah |
kèn marèni angsale preyalan mêrgi |
sok amakêm wilangan ||

78.
Ngong angrungu wong kang adol anggris |
wus lumrahe pan nêmlikur uwang |
punjul patang dhuwit kèhe |
winilang wongsal-wangsul |
pan wus ganêp rêganing anggris |
samangsa tutug ngomah |
jêbul kurang ditung |
kurang krotèng kurang suwang |
ra-orane pêsthi kurang pitung dhuwit |
pêmakême bok Basar ||

79.
Basarodin anauri aris |
dede kula ingkang gadhah pokal |
apan tiyang èstri dhewe |
(ng)gih niku (n)dika wuruk |
narik marang riba binukti |
Ki Suharja lon mojar |
mring Sèh Mongragèku |
mênggah sucining pa-jiwa |
ingkang pundi kasab kang tan mutawatir |
kang mampangati nêdha ||

80.
Sèh Mongraga aturira aris |
inggih wontên mapan ingkang wênang |
linampahan utamine |
tandha barang tinuku |
manut mangsa mirah lan awis |
rêgi (m)bêkta piyambak |
sabab mangsanipun |
kados titiyang anguyang |
pantun samêt punapa mupakatnèki |
rêgane tigas gagang ||

81.
Tinandho prapta ing mangsa winih |
dinol salimrahipun ing rêga |
wontên piyambak rêgine |
anèng mangsa ing ngriku |
dados botên adamêl rêgi |
ngruba gini gunika |
ribaning pamuwus |
wuwus yèn kèh ribanira |
anumusi kang sinandhang kang binukti |
dadya riba sadaya ||

82.
Kang myarsakkên padhang tyasnya mami |
angsal murat sucining akasab |
utama linampahake |
Ki Bayi manthuk-manthuk |
kaluhuran sabdaning siwi |
rinasa pan utama |
lampahing tumuwuh |
rèhning ngupaya pa-jiwa |
Kyai Bayi Panurta ngandika aris |
mring pra ari sêdaya ||

Jilid 7 - Kaca : 23

83.
Miwah maring putranira kalih |
Jayèngwèsthi lawan Jayèngraga |
iku prayogane kabèh |
lakonana murat iku |
wong sadesa Wanamartèki |
kabèh parentahana |
sarèh-rèhanamu |
aywa na kasab kang riba |
ingkang padha suci lèhe nambut-kardi |
aja na dora-cara ||

84.
Sadaya matur sandika sami |
katujoning manah sarjunira |
ngumum ing wong desa kabèh |
Ki Bayi malih muwus |
payo padha bubaran mulih |
anulya sêsalaman |
sadaya wus mundur |
samya mantuk sowang-sowang |
tan cinatur yata kang amangun kardi |
wau Ki Wiradhustha ||

85.
Amêmajang wisma wus miranti |
ambêladhah tarub tutuwuhan |
rinayap sarèh-rèhane |
kabèh kang buka warung |
samya tugur anambut kardi |
rumat ing tigang dina |
karya ngundhuh mantu |
siyang dalu abusêkan |
kèh kang numbang sami ngangge-angge adi |
adi-adining desa ||

86.
Sadalu mawi midadarèni |
samya jagongan langkung sêmoa |
tan ana kuciwèng gawe |
yata ing siyangipun |
jalu èstri kang samya prapti |
mêrabot sadayanya |
kang badhe amêthuk |
ing pangantyan ngandhap Ngasar |
wusnya pêpak sadaya kang jalu èstri |
bodhol mapag pangantyan ||

87.
Ing Suharjan tamu wus miranti |
Jayèngwèsthi Jèngraga sagarwa |
Pangulu Kulawiryane |
prapta kang samya mêthuk |
Panukma Panamar pangarsi |
wus tata ing pandhapa |
kabèh wus sinuguh |
kêndhuri samya kondangan |
wus luwaran kêndhuri nulya binagi |
wrata samya ambêrkat ||

88.
Nulya Ki Panukma matur aris |
amitêmbung rèhipun dinuta |
nuwun sang ro pinangantèn |
wusnya mangkana wau |
sigra bodhol ngarak pêngantin |
ngarsa santri slawatan |
lampah sri dinulu |
suka sakèh wong nêningal |
jêjêl uyêl tan antara anèng margi |
praptèng Kawiradhusthan ||

Jilid 7 - Kaca : 24

89.
Nèng pandhapa wus tata alinggih |
sinuguhan miwah kêndhurinya |
rinumatan sadayane |
jaba jro datan kantun |
ramya eca samya abukti |
nutug tuwuk kondangan |
luwar nulya dinum |
kabèh samya ambarêkat |
sawusira sami pamit pan sinêling |
wangsul ing bakda Ngisa ||

90.
Budhal sadaya jalu lan èstri |
rêbat wêktu ing Mahrib asalat |
mungêl bêdhug dhêng Mahribe |
santri sadaya wêktu |
samya adan ramya sarênti |
kanan kering araras |
adat sabên wêktu |
praptèng wanci bakda Ngisa |
ingkang samya ingancaran sami prapti |
santri badhe Muludan ||

91.
Nutug dènnya salawatan dhikir |
Kyai Bayi Panurta pinarak |
tan cinatur sadangune |
ramening dhikir Mulud |
tuwin ingkang gênging kêndhuri |
sawusnya samya nadhah |
bubaran sadarum |
yata Ki Sèh Amongraga |
sawusira bakda layap tangatnèki |
têsbèh tahayudira ||

92.
Kundur marang ing wisma jinêmrik |
lan kang garwa Nikèn Tambangraras |
Cênthini nèng jawi langse |
tumangkêp samiripun |
ni bok Wiradhustha wus mijil |
wor nendra lan kang raka |
nèng pandhapanipun |
dinuga sang pinangantyan |
anèng tilam sacarêm karsikan ring tis |
kang cêlak ginusahan ||

93.
Namung kantun sawiji Cênthini |
kori jêrambah wus tinutupan |
maklum sasmitèng pangantèn |
kang anèng tilam arum |
Tambangraras lan Amongragi |
datan adat anendra |
dèrèng wêktunipun |
kang raka aris ngandika |
pyarsakêna mungguh ngamale ngaurip |
apan patang prakara ||

94.
Patang prakara puniku mijil |
iya ing dalêm sawiji iman |
kawruhana satuhune |
wal ngamal karijatun |
wabil sarengati imani |
yayi karya-a sira |
ngamale kang parlu |
ngamal sarengating iman |
ing lakune salat sujud rukuk yayi |
jakate pan sidhêkah ||

95.
Tapane sarengat iku yayi |
pan puasa ing wulan Ramêlan |
dene yayi kapindhone |
kang lapal wal ngamalu |
karijatun bil tarekati |
imani akarya-a |
ngamal kang wajibu |
ngamal tarekat ing iman |
ing lakune amuji maring Hyang Widi |
jakate jrih ing Allah ||

Jilid 7 - Kaca : 25

96.
Tapane tarekat iku yayi |
pan têpakur ing dalu lan siyang |
de yayi kaping têlune |
wal ngamal karijatun |
wabil hakekati imani |
yayi karya-angamal |
kang utamèng tuwuh |
ngamal hakekating iman |
lakunipun asih suhul ing Hyang Widi |
jakate tan pepeka ||

97.
Tapane hakekat nora milih |
ping pat wal ngamalu karijatun |
bil makripati imane |
akarya-a sirèku |
ngamal ingkang sampurnèng ngurip |
ngamal makripat iman |
dene lampahipun |
angujilat maring Pangeran |
kajatipun pan sokur maring Hyang Widi |
tapa tan ngroro tingal ||

98.
Yèku yayi ngamale kang silih |
karanane yèku kêkandhangan |
ing waliolah makame |
poma kang titis kalbu |
aywa mamang sirèng pangaksi |
yèn tyasira wus nyungap |
kang sarèh ywa susu |
supaya yayi wahyunta |
lan panglawêdira marang rasa jati |
jatining kanyataan ||

99.
Ingkang garwa wus pratamèng tampi |
anampèni sasmitaning raka |
tan cawêngah saciptane |
lir galêpung jinuruh |
pan ingolah ngalamat manis |
mung kurang sadungkapan |
pan dèrèng kinukus |
matêng lawan ginênènan |
Tambangraras rarase wus ngrêspatèni |
tinunggu gama mulya ||

100.
Wus mêrtêlu wayahe kang wêngi |
pêksi sikatan munya susitan |
sabawèng bêkisar kate |
tutuhu ngantu-antu |
asauran lan pêksi kolik |
sêmune lir anggugah |
tangiya wis bangun |
padha ngabêktiya ing Hyang |
barung munya pêksingon lir angrêmbugi |
panggugahing sêmbahyang ||

101.
Tumulya na sabawaning santri |
ragi têbih adan lamat-lamat |
landhung lir suling swarane |
anganyut nganyut-anyut |
wontên malih adan nauri |
siji loro anulya tri |
lir sawung kaluruk |
wus adat ing Wanamarta |
sabên wêktu Mahrib Subuh ting karêlik |
dadya srining desarja ||

102.
Tan wus ucapên wêktuning santri |
pajar gidib gya pajar sidik byar |
bakdane Subuh sakèhe |
pan kathah langênipun |
adat enjing kamuktènèki |
sira Sèh Amongraga |
tangatira kasud |
sawusira bakda Luka |
pan wus linggar saking langgar lan garwèki |
kundur malbèng ing wisma ||

Jilid 7 - Kaca : 26

103.
Wiradhustha lênggah nèng pêndhapi |
wus miranti saos palinggihan |
uningèng sabên rakite |
miwah saosanipun |
papateyan myang wedang kopi |
dhêdharan (n)jing-enjingan |
acêcadhang tamu |
nulya ingkang rayi prapta |
Ki Panukma Panamar Kulawiryèki |
sagarwa bêkta dharan ||

104.
Nulya Ki Pangulu Basarodin |
sarêng prapta lawan Ki Suharja |
sarayat ngirit dhulange |
praptèng pandhapa lingguh |
ni-bok Wiradhustha nampèni |
lajêng tinatèng ngarsa |
aglar mawarna wus |
tan dangu Kyai prapta |
garwa putra Jayèngwèsthi Jayèngragi |
samya (m)bêktèng dhulangan ||

105.
Mudhun sadaya ingkang alinggih |
Amongraga mijil lan kang garwa |
marêk ing rama praptane |
wus kinèn sami lungguh |
gupruk ingkang kinèn alinggih |
samya asasalaman |
sadaya tap ngayun |
Ki Bayi alon ngandika |
payo padha bêbacutan bae bukti |
abancakan kewala ||

106.
Kaya sabên barêng jalu èstri |
Cênthini lan Sumbaling wasisan |
kabèh kono lan bok-ipe |
bêcik padha akêmbul |
kowe sisan pra lurah santri |
Luci Nuripin sira |
ing kono kang têpung |
têpunge lan Jamil Jamal |
pan aenak padha krana Lah abukti |
payo lêkas Bismilah ||

107.
Kang liningan gupuh samya wanting |
adan lêkas sasarêngan nadhah |
royom samya pakolihe |
parèstri sukèng kalbu |
nêmbe wor lan jalu abukti |
kalangkung amirasa |
pan sami pikantuk |
anutug dènnira nadhah |
samya buruh ngumbah tangan awêwanting |
ambêng kinèn dum bêrkat ||

108.
Wus waradin didum jalu èstri |
nulya dhêdharan lumadyèng ngarsa |
pamangsêg sapikantuke |
anyênyamikan tuwuk |
wusnya nutug kinèn ambagi |
pan waradin sadaya |
sami pandumipun |
Ki Bayi alon ngandika |
(m)buh kang mawa wong tuwa baya iki |
esuk kudu amangan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Kaca 01 – 18
  • (03) Kaca 27 -30 >