Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (07) Kaca 42 - 46

 

( Bab sajatining Pangeran lan maknanipun Sipat – 20 )

7. Pangantèn kaboyong dhatêng griyanipun Ki Pangulu Basarodin, botên kirang ing pamiwahanipun.

Ing dalu Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab sajatining Pangeran lan maknanipun Sipat - 20, sarta kandhunganipun salat 5 wêkdal, sunat minal witri saha tal-witri.


Kaca 42 – 46.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 42

376 Dhandhanggula

205.
Wus antara luwaran kang bukti |
kêndhuri sêkul ulam panganan |
cinarikan dinum age |
wêradin èstri jalu |
miwah lurah rèh-rèhanèki |
tuwin santri panuwa |
kang anèng ing ngayun |
kang nèng sor wus winêratan |
Ki Baywa ngling payo wus bubaran mulih |
nulya samya bubaran ||

206.
Tan cinatur gantya kang winarni |
Ki Pangulu Basarodin ingkang |
lagya mêmajang wismane |
dènyarsa ngundhuh mantu |
pan rinowa kurmating kardi |
rinaja tinuguran |
sarèh-rèhanipun |
sakèhing wong Pakauman |
miwah santri magêrsari kang kêdaging |
kang binubuhan karya ||

207.
Gêng-agêngan dènnya nambut-kardi |
anêrêg tarup tutuwuhannya |
pan wus uning lêlajone |
kang para ngundhuh mantu |
pan rumaos Ki Basarodin |
kawula kawêraga |
wus binalung-sungsum |
rahmat pinaringan nikah |
Ki Pangulu sêbobotipun ing cilik |
muktya nèng Wanamarta ||

208.
Gêng bawahe ngungkuli para ri |
saking sihe Ki Bayi Panurta |
kacumbu alit milane |
kikinthil datan kantun |
kinêrêngan sangêt tan gingsir |
mila gêng trêsnanira |
Ki Bayi mring Bawuk |
kaetang mung puguhira |
lami-lami wus balèg dèn-tarimani |
angsal santana misan ||

209.
Pinaringan nama Basarodin |
dadya Pangulu ing Wanamarta |
wus cukup sandhang-pangane |
ing mangke Ki Pangulu |
manahira anglir punagi |
dènnira mangku karya |
ing dalêm tri dalu |
anonjok murwat pinatah |
pan asêlur myang dènnya ngulêm-ulêmi |
ing prapat mancalima ||

210.
Kathah prapta kang numbang anggili |
jalu èstri wong ing Wanamarta |
sangang dintên panumbange |
myang dènnya mubra-mubru |
ngangge-angge adia-dining |
desa datan rêkasa |
namung bungahipun |
Ki Pangulu karsanira |
kalih dalu dènnira midadarèni |
pênuh ingkang jagongan ||

211.
Dènnya nambut-damêl tigang ari |
mragat maesa têlas limalas |
kajawi bèbèk ayame |
pan agung tamunipun |
pan sadintên kang numbang mintir |
lajêng sami ngalêmpak |
jalu èstrinipun |
ing wanci wus bakda Ngasar |
kinèn mapag kang badhe mapag pangantin |
lan (m)bêkta kêmbar-mayang ||

Jilid 7 - Kaca : 43

212.
Ki Pangulu piyambak angirit |
lan rayate Ni Pangulu tuwa |
kang ngirit pra wadonane |
lumampah sadaya wus |
praptèng Kulawiryan miranti |
têpang tatèng pandhapa |
supênuh asukup |
nulya samya sinugatan |
pawohan lan paleyan sampun waradin |
nulya kêndhurinira ||

213.
Wus pininta saambêngirèki |
ingancaran kang samya kondangan |
nulya samya nadhah kabèh |
sadaya pan pikantuk |
nutug dènnya sami abukti |
luwaran cinarikan |
kêndhuri wus dinum |
wêradin miwah wong rucah |
wusnya nulya Ki Pangulu Basarodin |
nabda mring Kulawirya ||

214.
Gati prapta kawula ing ngarsi |
nuwun sang ro Pinangantyan tama |
mugi parênga samangke |
panuwun kula ngundhuh |
mantu dalêm ing wisma mami |
Kulawirya lingira |
(ng)gih sumanggèng kayun |
tan beda pitêmbungira |
Ki Pangulu wuwuse marang kang èstri |
nêmbung nuwun pangantyan ||

215.
Wusnya parêng gya budhal parèstri |
pra priya anèng pandhapa mangkat |
wus miranti sadayane |
santri slawatan umyung |
sinauran kang sadayèki |
dadya dudulwèng marga |
kang nonton atimbul |
tan antara nulya prapta |
Pakauman Ki Pangulu Basarodin |
rumiyin lan rayinta ||

216.
Lumayu ingkang Ki Basarodin |
arsa parentah wus ginêlaran |
klasa prapta ing korine |
dhatêng jêrambahipun |
sinawuran ing bungah ramping |
gêlaran rinangkêpan |
srêbèt putih alus |
Ki Pangulu nèng pandhapa |
amiranti dènnya amanggihi têmantin |
nulya pangantyan prapta ||

217.
lajêng tumamèng jro wismanèki |
kang ngarak wus tata samya lênggah |
kêpung akapang pipite |
nulya pawohanipun |
myang patèyan sampun waradin |
nulya kêndhuri mêdal |
wus pininta cukup |
jaba jro miwah urakan |
datan ana ingkang kaliwatan siji |
ngajêng ngancaran nadhah ||

Jilid 7 - Kaca : 44

218.
Langkung samoa ambêngirèki |
opor bêtutu bêsngèk bêkakak |
ulam-ulaman sarwa kèh |
nulya kabèh tuturuh |
ramya pating karêpyêk bukti |
antara cinarikan |
binarêkatan wus |
sawisira abubaran |
jalu èstri sadaya wus samya mulih |
pan sampun winêlingan ||

219.
Samya rêbat wêktunira Mahrib |
sawusira wanci bakda Ngisa |
samya wangsul sadayane |
apan tiyang sadhusun |
sêdagaran lan magêrsari |
miwah pêrapat desa |
kang winêling wangsul |
sami tata nèng pandhapa |
tan kaliru sagolong-golongirèki |
banjêng têpung akapang ||

220.
Pêpak sadaya tan ana kari |
tuwin Kiyai Bayi Panurta |
rawuh lawan pra arine |
pêpakan anèng ngriku |
miwah ingkang putra kakalih |
Jèngwèsthi Jayèngraga |
myang santri sadarum |
wus tata anèng pandhapa |
sinugatan pawohan patèyan sami |
adan lêkas sêlawat ||

221.
Langkung ramya sêlawatan dhikir |
tan ana ingkang nganggur satunggal |
samya muni sadayane |
anutug singiripun |
turun-turun sajakirèki |
tan wun ucap ramenya |
dènnya dhikir Mulud |
praptèng dhikir katam ramya |
Ki Pangulu andonga kataman dhikir |
santri anasib ramya ||

222.
Bakda dhikir kêndhuri sumaji |
agêng samoa sarta akathah |
Ki Pangulu sidhêkahe |
wus dinongan Rasul |
nulya samya eca abukti |
nutug sasukanira |
wus antara dangu |
luwaran gya cinarikan |
apan dinum barêkat sampun waradin |
sêsalaman bubaran ||

223.
Tan cinatur ingkang samya mulih |
yata kang bakda tangat palilah |
tasbèh tahajud sawuse |
Ki Sèh Mongraga nêngguh |
kundur saking panêpènèki |
laju tumamèng wisma |
lan garwa kucumbu |
wus jênêk anèng jro tilam |
kang parèstri sadaya sami sumingkir |
ringga cêlaking tilam ||

224.
Ingkang lênggah nèng jro jinêm amrik |
sira Ki Sèh Mongraga ngandika |
yayi kawruhana kiye |
mungguh sajatinipun |
sipating Hyang ingkang sajati |
kang purna anèng kita |
tanpa wangênipun |
Tambangraras aturira |
inggih ingkang mugi aparinga dêling |
kang raka angandika ||

Jilid 7 - Kaca : 45

225.
Iya yayi myarsakna sayêkti |
sipat rongpuluh sajatinira |
kang nèng lapal kalipahe |
muptandhane ing ngriku |
la illaha illalah nênggih |
kang manjing lapal êla |
lalima kèhipun |
wujud kidam lawan baka |
miwah mukalapatullil kawadisi |
kyamu binapsi ika ||

226.
Ingkang manjing illala puniki |
apan nênêm samak basar kalam |
samingan basiran rêke |
mutakaliman-ipun |
ingkang manjing nèng illa nênggih |
sipating Hyang sakawan |
kodrat iradatu |
ngèlmi kayat jangkêpira |
kang nèng lapal Allah lilima sayêkti |
kadiran lan muridan ||

227.
Ngaliman kayan wahdaniati |
dene kayat kayun têgêsira |
jasad jijimira dhewe |
rupa kalawan makluk |
ingaranan ya angarani |
lah malih ingkang sipat |
ngèlmu lan ngalimun |
iku ati lan kalbunta |
apan cipta cinipta rêrasan ati |
rêrasan lan Pangeran ||

228.
Sipat kodrat kadiran puniki |
têgêse tangan karo lungguhnya |
obah osik tan talangke |
kalawan Hyang Maha Gung |
de iradat muridan yayi |
yèku nyawa lan suksma |
parèng karsanipun |
karêpe ingkang kinarsan |
ingkang sipat samak samingan lirnèki |
talingan lan pamyarsa ||

229.
Sipat basar lan basirun nênggih |
têgêsipun netra lan paningal |
dulu-dinulu tan pae |
kalam mutakalimun |
têgêsipun ilat lan uni |
pangucap lan suwara |
pan uwus winuwus |
kumpul nèng sipat sakawan |
ingkang dhingin sipat salbiyah mangani |
kalawan maknawiyah ||

230.
Lawan yayi kawruhana malih |
mungguh salat wêktu Subuh uga |
tuduhe rehulah rêke |
(m)bun-bunan wêdalipun |
warna abang lintange ugi |
kamare kang minangka |
turuning wahyeku |
salating kêkêtêk dhadha |
Nabi Adam rêkangat kalih puniki |
witing kumpul roh jasad ||

Jilid 7 - Kaca : 46

231.
Ing wêktu Luhur tuduhe nênggih |
pan ing utêg wêdaling talingan |
akuning ika rupane |
pan johar lintangipun |
Nabi Brahim ingkang (n)darbèni |
salatipun punika |
kêtêge atimu |
rêkangat papat punika |
nyatanipun nèng makripat kalih iki |
lawan talingan uga ||

232.
Wêktu Ngasar pan tuduhe ugi |
ing lilimpa wêdale kang grana |
aputih ika rupane |
pan lintangipun Samsu |
Nabi Yunus ingkang (n)darbèni |
salatipun punika |
kêtêg pusêripun |
rêkangat papat punika |
nyatanipun ing dhadha kalawan gigir |
lambung kiwa têngênnya ||

233.
Ing wêktu Mahrib tuduhe nênggih |
pan ing nyawa wêdaling punika |
têgêse ing awak kabèh |
pan ijo warnanipun |
apan lagi asipat urip |
lintange Mutakarab |
salate puniku |
ing kêtêg gulu puniku |
Nabi Ngisa rêkangat têtêlu yayi |
nyatèng tutuk lan grana ||

234.
Ingkang wêktu Ngisa tuduhnèki |
ngula-ula wêdale punika |
saking ora dadyanane |
pan irêng warnanipun |
lintangipun Juhra ta yayi |
nyatane anèng kiyal |
salate puniku |
anèng kêkêtêg lêlatha |
Nabi Musa rêkangat papat puniki |
tangat ro lan sukunya ||

235.
Minalwitri pan kêkalih yayi |
rêkangate tuduhe punika |
ananing kula Gustine |
lintangipun puniku |
johar awal punika yayi |
nabine Nabi kita |
Muhamad (n)Jêng Rasul |
ulah ngalèhi wasalam |
kang (n)darbèni rêkangat kalih puniki |
anèng dubur lan dakar ||

236.
Rakangatal apan iku yayi |
rêkangate sêsalam punika |
tuduhe tan ana manèh |
anging Allah kang Agung |
kang misesa raina wêngi |
salatipun punika |
ing kêkêtêg wimbuh |
nyata ing gigithok uga |
yèku yayi ywa kêlêmpit sêmbah puji |
dèn-awas ing panêmbah ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06) Kaca 40 -41
  • (08) Kaca 47 -51 >