Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 104 - 115

 

( Bakda salat Jumungah, Sèh Amongraga sêkalihan boyongan dhatêng griya enggal )

2. Siyangipun tata-tata boyongan. Bakda salat Jumungah, Sèh Amongraga sêkalihan boyongan dhatêng griya enggal kanthi upacara.

Upacara boyongan dhatêng ing wisma wetan:

1. Griya enggal dipun-tarubi. Sèh Amongraga ingarak kados pangantèn, mangangge sarwa sae. Boyongipun ing wanci bibar salat Jumuwahan; bakda kêndhuri apêm ing pêndhapi, arak-arakan boyongan bidhal, dados tontonan tiyang kathah. Kêmbar mayang mawi tarêbang wontên ngajêng, putra pangantèn kêkalih sinongsongan, prapta wisma anyar lênggah ing jrambah, para èstri lênggah jajar, para santri andhèr ing latar, lajêng kêndhuri, kajat mêmule, wêkasan dinonganan, kasusul sami salat Asar ing mêsjid enggal.

Nyi Malarsih lan parèstri lênggah ing griya enggal, andangu Nikèn Tambangraras punapa sampun kapagut ing sih dening Sèh Amongraga.

Wangsulanipun dèrèng sinambrama, malah têbih saking punika, kajawi winêjang sawarnining ngèlmu agami. Nyi Malarsih mirêng wangsulan makatên sakêlangkung prihatos, jalaran kuwatos panggodhaning eblis. Ni Daya ambêbolèhi, sampun kuwatos ing manah jalaran Sèh Amongraga mila janma linuhung. Mêmujiya kemawon murih widadaning jêjodhoan.


Kaca 104-115.

 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 104

383 Dhandhanggula

110.
Nulya sabên ing tajug pra santri |
santri sarênti kang tangi adan |
pating karêlik swarane |
apan wus adatipun |
sabên wêktu Subuh swabawi |
sri asrining desarja |
rum-ruming krajan gung |
Malarsih lan pra wadonan |
samya nglaras samya makmum mring Mongragi |
kalangkung rahabira ||

111.
Yata prapta bakda Subuh enjing |
Sèh Mongraga sakbadaning Luka |
samya mijil lan garwane |
marêk ing ramanipun |
Ki Bayi wus anèng pandhapi |
sasaosan samêkta |
andhèr anèng ngayun |
gya kang putra kalih prapta |
Jayèngwèsthi lan kang rayi Jèyèngragi |
Pangulu lan pra kadang ||

112.
Lan sêrayat kadya sabênnèki |
sadaya samya (m)bêkta punjungan |
lajêng tinata dharane |
wus tata anèng ngayun |
Kyai Bayi ngandika aris |
mêngko bakda Jumungah |
kabèh rèh-rèhanmu |
kon banjur angiringêna |
pangalihe kakangira Amongragi |
mangetan mring wisma nyar ||

113.
Samya matur sadayanya sami |
angling malih payo sêsèmèkan |
mumpung parêk rêjêkine |
kang liningan agupuh |
samya nyandhak wantingan wiwijik |
adan lêkas nadnah || aroyom pikantuk |
anutug sadayanira |
wus antara ambêngan kinèn anyarik |
sigra dinum barêkat ||

114.
Sêkul pêpanganan wus binagi |
wis padha mulih aparentaha |
rèrèhanmu dhewe-dhewe |
sandika nulya mundur |
Jayèngraga Kulawiryèku |
tan mundur mêksèng ngarsa |
Ki Bayi lon muwus |
sirèku tan milu mentar |
lah wis sira miluwa banjur ngrewangi |
bakyumu tata-tata ||

115.
Samya matur sandika para ri |
angling malih marang garwanira |
Rubiyah rakitên age |
gagawane anakmu |
mumpung esuk ruktinên nuli |
Luci Nuripin sira |
kabèh sakancamu |
ladènana nyainira |
gupuh Ni Malarsih mundur sarwi nuding |
Jèngraga Kulawirya ||

116.
Payo padha rewangana mami |
dangdan-dangdan sigra kang liningan |
samya malbèng dalêm gêdhe |
Ki Bayi tumut mangsuk |
Sèh Mongraga marang panêpin |
kalawan garwanira |
yata ingkang ibu |
kang lagya ngrukti babêktan |
lan Jèngraga Kulawirya jalu èstri |
samya numpa dangdanan ||

Jilid 7 - Kaca : 105

117.
Cênthini lan Sumbaling ngladèni |
ngalêmpakakên kagunganira |
Tambangraras papancène |
barang sadarbèkipun |
liya gawan saking bunèki |
kèh warnining dangdanan |
kabèh sarwa saput |
sabarang pan pinêpakan |
rowa ringkês samya rangkêp sadayèki |
kang langkung kathahira ||

118.
Nulya kinèn samya angusungi |
marang mangetan ing dalêm anyar |
santri Luci Nuripine |
jalu èstri abikut |
mikul (ng)gendhong ngindhit anyangking |
manggul wênèh andhabyang |
liwêran asêlur |
ingkang nata anèng wetan |
Jayèngraga Kulawirya jalu èstri |
tan dangu ingkang prapta ||

119.
Jayèngwèsthi lan garwanirèki |
sawusira mring kilèn mangetan |
samya adhokoh ing gawe |
pra jalu angkat junjung |
kang parèstri majang tilamrik |
Cênthini anggêgênah |
pan pinitaya wus |
(ng)gonning sakèhing kagungan |
sadayane manut tudinging Cênthini |
prênahe kang dangdanan ||

120.
Nèng gêdhongan kilèn wetan tuwin |
abrag-abrag miwah sisimpênan |
grobog pêthi kothak kêpèk |
sadaya wus dinunung |
kobong têngah sinarwa putih |
tan ewah lir waunya |
sarèrèkanipun |
sauyun seta sadaya |
kanan kiri pêtani seta ingapit |
kakobong garènjèngan ||

121.
Maksih saking kilèn pan ngewahi |
traping sadaya ing patilêman |
kêkawal myang gubah cindhe |
lir tan ngalih (ng)gènnipun |
namung kaot wiyarirèki |
ripak dalêm kang wetan |
Ni Malarsih wau |
mêngetan ing lampahira |
lan Ki Bayi alon dènnira lumaris |
ningali pasang reka ||

122.
Wus miranti gênah sadayèki |
malah saya mundhak pelagira |
tumrap nèng wisma nyar pae |
Malarsih lon amuwus |
pan wus rumat dènnira ngrukti |
pasang rakiting pajang |
myang dandananipun |
Nikèn Turida turira |
inggih sampun purnama sadaya sami |
Cênthini kang mêmatah ||

123.
Paran tudingipun (m)bok Cênthini |
punika kang sampun pinitaya |
ing putra paduka Nikèn |
kang ibu ngling ya sukur |
iya layak dèn-pitayani |
wong wus tyas tan sulaya |
kêcondhongan kalbu |
kaya wus karsaning Sukma |
Nikèn Tambangraras pinaringan kanthi |
Cênthini cèthinira ||

Jilid 7 - Kaca : 106

124.
Uwong mono êbèng sun titèni |
ing pêpancèn bêcik lawan ala |
kaya si Cênthini kuwe |
beda duk cilikipun |
langkung cengkre bêngis nênangis |
marang bokayunira |
tansah anjêjagur |
mêngko sungkême kalintang |
nanging thithik mambu sanake (n)Jêng Kyai |
inggih Kyai punika ||

125.
Pun Cênthini kaprênah punapi |
lan Ki Bayi alon wuwusira |
sanak mindho jêge bae |
putune kaki Sampur |
prênah tuwa lan eyang mami |
sutanta Tambangraras |
nguwa prênahipun |
mring Cênthini ngong angakang |
wus pinêsthi kang Cênthini dadi kanthi |
kanthine Tambangraras ||

126.
Iki apa ora wus miranti |
yèn ijèh ana kang kukurangan |
liyane duwèke dhewe |
Malarsih lon umatur |
inggih sampun saput piranti |
anjawi yèn wontêna |
ing panuwunipun |
amba tan rumaos gadhah |
anauri priye manèh wong sisiwi |
kèh kêthik maring anak ||

127.
Mundhak bêcik tilam anèng ngriki |
wisma kadya wus kanggonan lawas |
gumrining ing pandulune |
putra ri samya matur |
inggih lêrês mindhak prayogi |
J Jèngraga ling lirihan |
mring paman gumuyu |
(n)Jêng Kyai lingira apa |
dera gumuyu Kulawirya matur aris |
putranta Jayèngraga ||

128.
Rêraosan owêl yèn marèni |
rêbab mungêl suling lawan kêndhang |
papathêtan suluk gêndèr |
mendah ing patutipun |
tan kuciwa dhasar wus apik |
Ki Bayi angandika |
ah akalmu iku |
kang putra jrih sinasmitan |
angling malih lah wis dandana kang bêcik |
yèn bakda Jumungah ||

129.
Rèrèhanmu kabèh jalu èstri |
kaya sabênne padha ngaraka |
mring kakanta pangalihe |
nganggowa sarwa luhung |
apan kari sapisan iki |
ing laku panas padha |
anggowa payung |
kang putra matur sandika |
dene sira Malarsih aywa sirèku |
amijil barjumungah ||

Jilid 7 - Kaca : 107

130.
Ngruktènana karya akêndhuri |
apa samêktane ingkang rumat |
Luci nyêmbêlèha gudèl |
loro bae wus cukup |
Nuripin lan rèrèhanèki |
kabèh ywa Jumungahan |
nèng pawon bae wus |
ladènana nyainira |
latar tarubana watês latar nuli |
wèhana tutuwuhan ||

131.
Iya bênêr tuwuhanirèki |
wis kasusutan bisa andadak |
Ki Wirya matur wus akèn |
ing mangke bêdhug sampun |
lah ya sokur tujune kardi |
Luci Nuripin sigra |
mundur karya tarub |
rinayap wong padhukuhan |
maro karya anêmbêlèh dadèk gêni |
jalwèstri olah-olah ||

132.
Maksih anèng pawonne Ki Bayi |
ubêkan kang samya olah-olah |
têtarub adang gêgorèng |
Kulawirya acakut |
pêparentah kang nambutkardi |
watak tan têlatènan |
kang wigih dèn-krawus |
anyandhak sabarang karya |
balêdhog pring nyêblokkên cagak nalèni |
asêngkut sadayanya ||

133.
Pelag bêlandar cagak pring ori |
kang anam janur samya ginêlak |
kang wus ingunggahkên age |
samya tinutusan wus |
ingkang ngambil tuwuhan prapti |
lajêng sami pinasang |
nèng sakaning tarub |
santrine Ki Kulawirya |
prapta (m)bêkta kêmbar-mayang pan sêrakit |
sinungkên wus tinampan ||

134.
Tan antara têtarub wus dadi |
ginêbêran ginêlaran kasah |
wanci sapisan ing gawe |
rêngrêng sakala singub |
Jayèngraga sigra anuding |
Jalalodin dèn-enggal |
warahên sadarum |
jalwèstri wong Wanamarta |
mêngko bakda Jumungah banjura ngiring |
ngarak mring sang pangantyan ||

135.
Konên nganggo-anggo sarwa bêcik |
sakadare iya kang prayoga |
matur sandika gya lèngsèr |
Ki Bayi lon amuwus |
sêdhêng padha dandana mulih |
putra ri tur sandika |
samya mundur mantuk |
Malarsih matur ing raka |
lamun parêk kawula (n)dhèrèk samangkin |
mêdali barjumungah ||

136.
Ingkang kula pitadosi wingking |
inggih pun bibi Daya kewala |
tan sumêlang sadayane |
lah ya karêpirèku |
nulya kundur Kyai lan Nyai |
lajêng susuci siram |
ing wanci mèh bêdhug |
samya dangdan Jumungahan |
Ni Malarsih mring panêpèn amanggihi |
kang putra sakaliyan ||

Jilid 7 - Kaca : 108

137.
Samya kinèn busana sarwa di |
sarta sung busana nèng pênampan |
pinilila sakarsane |
kang putra matur nuwun |
gya pinêngkêr kang putra kalih |
kundur marang ing wisma |
angladèni kakung |
wau Ki Sèh Amongraga |
ngagêm sarwa seta tigas alus gênis |
srêban udhêng pasaja ||

138.
Miwah kang garwa tan pae putih |
sauyun seta lir panggihira |
Cênthini tansèng ngarsane |
nglêladèni abikut |
gêm-agêman myang burat-wangi |
sawusira mangkana |
sang ro marêk ngayun |
alênggah anèng pandhapa |
Kyai Bayi ningali kang putra kalih |
Mongraga Tambangraras ||

139.
Kyai Bayi gupuh dènnya mijil |
abusana pamèr Jumungahan |
lir jêjaka sawangane |
Malarsih anèng pungkur |
lan pra wadon kathah ingiring |
Ki Bayi lon ngandika |
marang Sèh Mong luhung |
suwawi pan sampun siyang |
apan sarêng lampahe èstri nèng wingking |
samya asêsong-songan ||

140.
Praptèng masjid agêng tan asari |
uluk salam sinauran kathah |
parètri nèng panggonanne |
asunat sukril wulu |
lan sunat tahyatal masjidi |
santri ngaji gumêrah |
maksih prapta kantuk |
panganggene warna-warna |
kang ngluwihi kang sêdhêng kang ukur rêsik |
sadaya apamèran ||

141.
Anêngahi bêncèt dèn-bêdhugi |
barung kang bêdhug adhêrandhangan |
wor santri kang darus rame |
antara bêdhugipun |
sinalahan suwukirèki |
cêp mênêng tan angucap |
sadaya aminggu |
nulya ngadêg para kadang |
Ki Suharja Wiradhustha lan Panukmi |
Panamar Kulawirya ||

142.
Yat-ayatan adan barung asri |
asru swara landhung rum arampak |
tan sarênti angkatane |
wus dènnya adan wau |
nulya sunat sadaya santri |
gupuh Ki Jayèngraga |
anyandhak cis sampun |
ingalang majêng mangetan |
mangkat mangasiral kang miyarsi wingwrin |
sêmbada swara santak ||

Jilid 7 - Kaca : 109

143.
Wusnya mangasiral andongani |
tinampanan ing amin sadaya |
gumêr swaraning santri kèh |
tamat pandonganipun |
Sèh Mongraga nampèni êcis |
luk salam minggah kutbah |
malbèng langse gupuh |
Jèngraga maca sêlawat |
kaping tiga nulya kang kutbah nauri |
salam kaping sapisan ||

144.
Nulya Jayèngwèsthi adan ririh |
gumarênggêng sawusira adan |
Mongraga maca kutbahe |
kutbah daka tinêmbung |
sajak Arab manis mlas-asih |
pasekat kir'atira |
panjang cêndhakipun |
patitis marang kalimah |
kang miyarsa rêmên tyase tan kadugi |
mikrate aksaranya ||

145.
Wus antara kutbah praptèng akir |
katam gya donga Lingindil Islam |
lajêng Tulak-bilaine |
santri sadayanipun |
tanggap santri barungan amin |
wus puput donganira |
Kulawirya gupuh |
maca sêlawat akamat |
nulya Kyai Bayi Panurta ngimami |
atak-biratul-ikram ||

146.
Nulya sadaya samya usali |
sarta mawi sawiji mubalah |
anggêmbor sêru takbire |
wusnya takbir sadarum |
cêp tan ana walang kang sisik |
imam maca Patekah |
swara muluh rêmuk |
tung-tung anggêrathul mêmbat |
nuju lapal walala landhung angapik |
lir pêksi bêr mêdal pang ||

147.
Wusing Patekah suratirèki |
Hal-ataka hadhi suga siyah |
wusing Patekah akire |
Sabikis suratipun |
nulya prapta tahyatira kir |
asalam bakda salat |
pupujian laju |
dhikire ambata-rêbah |
langkung rahab triatus sawusing dhikir |
anumpa donga tama ||

148.
Jayèngraga ngêtog dènnya nasib |
sarwa ngêlik untas angêmandhang |
tanpa tinampan agêntèn |
samya anasib urut |
para kyai-kyai nasibi |
sawusira mangkana |
sêlamêtan Rasul |
samya angadêg sadaya |
sêsalaman mubêng têmu gêlang sami |
ramya swaraning kathah ||

149.
Kumarubut dangu kêmputnèki |
sawusira warata salaman |
nulya atata lungguhe |
kêndhuri apêm maju |
rolas ambêng wus dèn-dongani |
sawuse ingaminan |
apêm nulya dinum |
winêratan lan sêlawat |
picis kênthang apêm lan apêm sawiji |
jalwèstri wus warata ||

Jilid 7 - Kaca : 110

150.
Sawusira mangan apêm sami |
samya miranti lir sabênnira |
tan kêliru ing prênahe |
Ki Bayi ngandika rum |
lah Bismilah mangkat tumuli |
kang liningan sadaya |
sandika turipun |
sigra bodhol sadayanya |
pra lèrèhan sudagar lan magêrsari |
ulur rumiyin ngarsa ||

151.
Kèh warnane panganggene santri |
murub muncar lir sêkar sêtaman |
ngangge saduwèk-duwèke |
jor-jinor rêbut luhung |
sawawrate jadhug desèki |
prapta ing tarub wetan |
kang lumampah ngayun |
anglulurung kering kanan |
magêrsari lir pagêr ngarêpkên margi |
sami ajèjèr wayang ||

152.
Tuwin jêjêl jalma aningali |
samya ngêrti yèn kari sapisan |
Tambangraras pangarake |
mila wong nonton timbun |
nora kêna winêngkang pipit |
uyêl arêbut papan |
mendah yèn aseup] |
panas prandene anjirap |
datan etang panas kaburu ningali |
abungah ing tongtonan ||

153.
Angrangkêpi kang jèjèr ing ngarsi |
wit saking masjid dumugèng wisma |
kang jèjèr nonton jêjêle |
sang pinangantyan luhung |
lagya mangkat saking ing masjid |
parèstri kang nèng ngarsa |
taksih mawi rukuh |
pêkêna sadayanira |
Tambangraras lan kang ibu Ni Malarsih |
pan samya sinongsongan ||

154.
Miwah Turida lan Rarasati |
lan pra ipe nyai-nyai samya |
pêpayungan sadayane |
kang ngiring gumarudug |
tuwa anom myang rare alit |
ngangge putrèn kaputran |
kabèh mubra-mubru |
ing ngarsa santri sêlawat |
kang narêbang Jamal Jamil Jalalodin |
kalimah dwi kewala ||

155.
Kêmbar-mayang ngapit anèng ngarsi |
ing wingking sang pinangantyan priya |
lan Ki Bayi Panurtane |
myang putra kalihipun |
sinongsongan miwah pra ari |
sadaya pêpayungan |
anggarêbêg pungkur |
mangkana ing lampahira |
para santri kang sêlawat wus aprapti |
nèng tarubing wisma nyar ||

156.
Kêpung kupêng sap-sapan jèjèr tri |
salin lagon slawatan asrakal |
sarwi anganti adêge |
tan dangu nulya rawuh |
prèstri kèndêl ing kori lêmpit |
dadya mêthuk ing raka |
tan antara tundhuk |
kinèn nêmbah ngaras pada |
toyèng bokor sinotyakên padèng laki |
gya Nikèn Tambangraras ||

Jilid 7 - Kaca : 111

157.
Akêkanthèn tumamèng wismèki |
lênggah nèng jêrambah ngarsèng tilam |
parèstri lênggah tatandhèr |
kang anèng tarub agung |
têpung gêlang kongsi apipit |
rangkêp tri dhêdhêsêkan |
lèbèr latar ngayun |
nèng sor kitri panta-panta |
santri Luci gupuh ngabani Nuripin |
mêdalakên sunggata ||

158.
Pawohan myang pateyan mangarsi |
waradin dalah kang pantha-pantha |
anèng palataran kilèn |
sawusing nginang nginum |
nulya mêdalakên kêndhuri |
rolas ambêng wrat-awrat |
kênêpung nèng tarub |
rolas ambêng malih marang |
kang pêpanthan wus ingetang sadayèki |
Ki Bayi lon ngandika ||

159.
Lah wis donganana Basarodin |
kajad manira mumule marang |
(n)Jêng para Nabi saprene |
lan mule ing luluhur |
saking jalêr lan saking èstri |
salamêting pangantyan |
lan sêlamêtipun |
nak putu ing wong sadesa |
Wanamarta sigra Pangulu (n)dongani |
rasul Majêmuk mulya ||

160.
Ingaminan sadayaning santri |
kumêrut rame ambata-rêbah |
antara dangu dongane |
sawusira Pangulu |
andongani Ki Bayi angling |
payo padha kêpungan |
mirani ambêngmu |
sag-sêg lah mara Bismillah |
kang liningan sadaya umatur inggih |
sami awiwijikan ||

161.
Adan lêkas nadhah santri-santri |
para lurah myang para sudagar |
kumaroyok kèh swarane |
kumrêpyêk krak kumriyuk |
aseropan pating karêcip |
sêp-sêp-sêp kêcap-kêcap |
prêg rambak karupuk |
barung balung srundèng kacang |
kumarapyag kadya gêdhèg dèn thèthèli |
gumrah bawaning kathah ||

162.
Nutug kaecan dènnira bukti |
luwaran nulya ambêngannira |
kinèn andum barêkate |
wêradin sadaya wus |
jalu èstri sarêng anyarik |
winadhahan ing ngancak |
sêkul ulam munjung |
barêkate langkung kathah |
mèh tan kêlar bote ginawa wong siji |
kabèh abungah-bungah ||

Jilid 7 - Kaca : 112

163.
Santri cilik rêbutan kêndhuri |
gêdrah kapyukan sêkul lan ulam |
gêlaprut upa raine |
klilipên matanipun |
kênèng duduh lombok anjêmpling |
samya sabêt sapitan |
sêlat sêlèt umyung |
kang gêtihên untunira |
kang mimisên anangis pating jalêrit |
samya ilês-ilêsan ||

164.
Mêmarahi mring kang dhêkêt santri |
santri tuwa rusuh kaya bocah |
rêbutan bêrkat pandume |
dadya sadaya sampun |
kang nèng latar kilèn sor kitri |
nêm pantha kêkêpungan |
kabèh milu rusuh |
gumêdêr udrêg barêngan |
ting barêngok tantangan pating jarêlih |
samya akêkêrêngan ||

165.
Susudukan sru bithi-binithi |
wênèh gêlut kang têndhang-tinêndhang |
sabêtan sapit abinge |
rusuh pisuh-pinisuh |
alon surak acêrik-cêrik |
samya lir prangan desa |
gora sru gumuruh |
(n)Jêng Kyai kagyat miyarsa |
ki ana apa banènne ting jarêlih |
kaya wong kêkêrêngan ||

166.
Sarwi tindak gupruh sadayèki |
aningali yèn santri kêrêngan |
angling e e priye kuwe |
Kulawirya aru muwus |
hoyah-hoyah hus-hus-hus santri |
Cêmplon Singgang Sayadan |
sapa gawe rusuh |
bubar kang samya kêrêngan |
aningali mring Ki Kulawirya ajrih |
pisah bo kadumêlan ||

167.
Kulawirya mêksih tudang-tuding |
de ku setan pak Kada wong gêrang |
sapa rewange babithèn |
matur kalih pak Sêtu |
wiwitipun santri rarywa lit |
nulya mlembak pak Kada |
nuntên mèh sadarum |
tan kongsi dinum rêbatan |
santri kathah jaguran rêbat kêndhuri |
kang sangêt mung pak Kada ||

168.
Dhasar edan pak Kada kêpadhil |
jêjêlên bugêl cangkême pisan |
tan dèn-marèni bandhole |
(n)Jêng Kyai ngandika rum |
lah wis aja sira srêngêni |
mêsakake mêningan |
padha rêbut puluk |
hèh Luci dêlêngên sapa |
kang tan olih barêkat wèhana nuli |
barêkat sapandumnya ||

169.
Luci gêpah wus samya sinungi |
Kulawirya mèsêm garunêngan |
adat têmên Kyai kuwe |
yèn wong srêngên mring batur |
nuli santri glis dèn-iloni |
Ki Bayi lon lingira |
payo bali lungguh |
nak-putu rèh-rèhanira |
padha sayah konên mulih sadayèki |
rada wus akir Ngasar ||

Jilid 7 - Kaca : 113

170.
Wus kinèn kabèh bubaran mulih |
nulya sarêng (n)dulur wêdalira |
sudagar magêrsarine |
lurah santri wus mêtu |
mulih sowang-sowangan sami |
kang lênggah nèng taruban |
putra ri nèng ngayun |
Ki Sêmbagi lan Jumêna |
Jêmpina lan Ki Pangulu Basarodin |
Ki Bayi lon ngandika ||

171.
Iki padha wus kêlakon sami |
luwar ing nadar sêkadarira |
mring pulunanira Nikèn |
bocah salaminipun |
nora kêna tinari laki |
awangkot wangkal sugal |
tan kêna rinapu |
mèh kasèp wayahing mangsa |
gawe susah sanak wong tuwa prihatin |
myat marang Tambangraras ||

172.
Mêngko wus olèh parmaning Widi |
pinaringan jodho priya tama |
saking pandongamu kabèh |
kalakon sadaya wus |
kurmat samya asih ing siwi |
wus sêdhêng aywa susah |
majêmukan esuk |
kêndhurèn madhang kêmbulan |
kapindhone sêmune Sèh Amongragi |
jêge tan pati rêna ||

173.
(n)Dulu kang wong kêrêp-kêrêp bukti |
yèn ta aja makluming wong tuwa |
nora bêtah suwe-suwe |
tan pati doyan sêkul |
namun doyan micara ngèlmi |
lungite maksih brangta |
kêlangkung wong wuyung |
kang liningan aturira |
inggih kados putranta mêksih gêng kingkin |
kêtarèng solah bawa ||

174.
Kyai Bayi angandika malih |
nanging nora pisan kas kewala |
sesuk ya padha kêndhurèn |
kêlawan anak putu |
para lurah bae kon prapti |
lawan kang tuwa-tuwa |
kamituwa ya wus |
sarupane bundhêl desa |
padha timbalana kang pêpakan enjing |
putra ri tur sandika ||

175.
Nulya ingkang putra Sèh Mongragi |
mijil sing wisma marêk ing rama |
samya amingsêr lênggahe |
Ki Bayi lon amuwus |
wawi sami Ngasar mèh akir |
Sèh Mongraga turira |
sumangga tumutur |
sadaya umiring salat |
maring masjid alit anganyari bêkti |
ngibadah wêktu Ngasar ||

176.
Ni Malarsih lan putra parèstri |
amakmum mring masjid alit anyar |
sarwa cèkli (ng)gèn parèstrèn |
wusnya samya awulu |
sami salat wêktu Ngasar-i |
sira Sèh Amongraga |
kinèn majêng ngayun |
ngimami Mongraga nulya |
ngangkat têkbir pêrlu sadaya usalli |
wus têrtib tumaninah ||

Jilid 7 - Kaca : 114

177.
Praptèng patang rêkangat kang akir |
tahyat sêlawat nulya asalam |
lajêng pupujian rirèh |
dhikir tan pati sêru |
dalah donganira kur muni |
bakda asêsalaman |
sêdayèstri mudhun |
samya malêbèng ing wisma |
Kyai Bayi mêksih lênggah anèng masjid |
lan putra arinira ||

178.
Ni Malarsih nèng wisma alinggih |
lan kang putra mantu kalihira |
Ni Daya lawan pra ipe |
Malarsih lon amuwus |
Tambangraras dèn-têtakèni |
dhuh Nikèn Tambangraras |
sun tanya satuhu |
sira walèha pasaja |
apa sira uwus bakda dukul nini |
katrêsan ing katrêsnan ||

179.
Nikèn Tambangraras matur aris |
ibu paduka tanyèng kawula |
kang kadyèbu wuwusake |
putranta Sang Mong luhung |
datan mulang ingkang kadyèki |
siyang ratri winulang |
suraosing ngèlmu |
patitising kawruh tama |
kalêpasan ing tyas mawas ing kajatin |
jatmikane panunggal ||

180.
Panuksmane ngèlmi ganal alit |
lukitane katha katanêman |
tinêmuwa kêdadène |
babare ing ngaluhung |
sampurnane ngèlmu donya kir |
waluyèng kuwaleyan |
pangarasing laku |
kawula suka pirêna |
langkung rahmat sinung wruh kawruh sajati |
tan tuwuh dinêrêsan ||

181.
Inggih kadya tuwuk tanpa bukti |
bungah tanpa langêning asandhang |
raosing tyas kadumugèn |
lan kaping kalih ibu |
pan kawula dèrèng mangêrti |
masalah ing pratingkah |
kang paduka wuwus |
ing manah datan kabuka |
raosipun tyas mantuk lir wingi uni |
myat priya tan punapa ||

182.
Langkung ngungun kang ibu ningali |
mring kang putra Nikèn Tambangraras |
tyasnya sangêt gêgêtune |
wusana ris amuwus |
kadipundi punika bibi |
inggih wayah andika |
dados dèrèng atut |
tatakramaning akrama |
ingkang mawa punapa punika bibi |
botên dhêngêr satuma ||

Jilid 7 - Kaca : 115

183.
Sangêt kawula sumêlang bibi |
wrate rèhning tiyang anak-anak |
inggih kadospundi malih |
kêwatos dèn-kabanjur |
lamun wontên godhaning eblis |
uga karone kêmba |
pisah durung atut |
sarwi kumêmbêng kang waspa |
mêksih angling kirang-kirang kang kadyèki |
kathah kang tundha-bema ||

184.
Nyai Daya wruh Malarsih kingkin |
anglêlêjar aris aturira |
kang botên-botên rinampe |
tan prayogi dinarus |
inggih lêrês tiyang sisiwi |
ningali datan majad |
ing salimrahipun |
pêngantèn wus kawandasa |
dina langkung tan carêm sacaraning sih |
têmtu kang tuwa susah ||

185.
Nanging botên putranta puniki |
yêkti tan kenging winor ing kathah |
têbih saking brèsèt bêrèt |
pan sujanma linuhung |
wus man maring nugrahan jati |
sajatining uliya |
tan kenging winuwus |
nyuda kurmat tan paedah |
kadipundi bok anak ing ngriku sami |
punapa tan kêrasa ||

186.
Aturkula mring Nyai Malarsih |
anauri pra ipe sadaya |
lêrês pun bibi ature |
Malarsih malih muwus |
langkung triman ambobolèhi |
bibi sami dodonga |
mring Kang Maha Agung |
kang mugi pinarêngêna |
ing carême atut runtute sakapti |
pun Nikèn Tambangraras ||

187.
Saur manuk sêdayanya sami |
inggih punika ingkang prayoga |
tiyang sêpuh pandongane |
tan wontên kêndhatipun |
mrih rahayu puji mring siwi |
muji kakèn-kakèna |
ninèn-ninèn rukun |
pra nyai sami turira |
pan mêngkana yata ing wanci Mahribi |
dangdan musêla salat ||

188.
Jamal Jamil adan ngalik-alik |
tuwin ing sabên ing wayahira |
santri samya dan sarêntèn |
ing wêktu manjing pêrlu |
Sèh Mongraga ingkang ngimami |
kang makmum sadayanya |
langkung rahabipun |
anutug wêktuning salat |
praptèng bakda Ngisa purna waktunèki |
Kyai Bayi Panurta ||

189.
Mudhun saking masjid lan putra ri |
maring ing dalêm anyar alênggah |
putra ri jalu èstrine |
tata samya nèng ngayun |
Ni Sumbaling lawan Cênthini |
naosakên dhaharan |
mawarna sadarum |
tumrap nèng piring lancaran |
lah-olahan wowohan kang manis-manis |
wus andhèr anèng ngarsa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13) Kaca 100 - 103
  • (15) Kaca 116 - 118 >