Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

(18) Kaca 131 - 137

 

( Bab: 1. Utamaning gêsang; 2. Jatining gêsang lan jatining pati; 3. Pamusthining sêmbah puji; 4. Pangrusaking kajatèn sêkawan prakawis; 5. Suhuling asmaragama )

5. Ing wanci dalu Sèh Amongraga lagya kulinèng paprêman, Tambangraras winêjang bab: 1. Utamaning gêsang; 2. Jatining gêsang lan jatining pati; 3. Pamusthining sêmbah puji; 4. Pangrusaking kajatèn sêkawan prakawis; 5. Suhuling asmaragama gangsal prakawis.

Sèh Amongraga nandhang sêdhih, nanging èwêd ambabarakên raosing manah.


Kaca 131-137.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 131

384 Mijil

2.
Kêtadhahan sawêjanging laki |
marang sang lir sinom |
mila sang dyah kêlangkung sungkême |
rinêngkuh guru pangeran yêkti |
nadyan pati urip |
kasrah marang kakung ||

3.
Lamine sinung wisma pribadi |
tan pisah anèng jro |
ingkang rama tan tega yêktine |
kapering lèr-wetan wismanèki |
nging ladosan maksih |
saking ibunipun ||

4.
Langkung sinungga-sungga sru dening |
sihing ibu among |
lir suwita kang ibu ambêge |
dening mantu ambêge tyas êning |
nor anjayèng kapti |
ing ngèlmu wus putus ||

5.
Pan sêdaya wong Wanamartèki |
asih mring sang anom |
uwa paman miwah para ipe |
pan sadaya ngalap kawruh jati |
mring Sèh Amongragi |
binabaran kawruh ||

6.
Ingkang lagya karênèng tilamrik |
akarongron raos |
Tambangraras aris ing ngature |
mring kang raka Ki Sèh Amongragi |
masalahing ngèlmi |
tur sêmbah sumungku ||

7.
Ya tuwanku sang utamèng lir ning |
kang tulus sih among |
kang punêndi marga sajatine |
mêngke nguni panggawe kang luwih |
aywa tanpa gati |
amba nuwun sinung ||

8.
Tuduhêna ingkang asayêkti |
ring pangulahing (n)don |
supaya tan kongsi tanpa gawe |
lampah ingkang utamèng ngaurip |
kranaipun êndi |
sampurna ing tuwuh ||

9.
Dan lingira Ki Sèh Mongraga ris |
yèn sira yun mêngko |
uninga ing marga sajatine |
patèkêna sariranirèki |
yaktya manggih urip |
lamun bisa lampus ||

10.
De kang aran pati iku yayi |
anor ing Hyang Manon |
anor ingkang samêkta samine |
kang nor bukti kang nor maring juti |
kang nor ing sasami |
kang nor nginum turu ||

11.
Kang nor maring rajah tamah tuwin |
nor ing luba mumoh |
yèku mati jroning urip rêke |
badan budi mring hawa dèn-lali |
muhung Hyang Suksma di |
dinulu linuru ||

12.
Dudu luru midêr anguliling |
aminta sihing wong |
yèn antuk dèn-rêraga polahe |
yèn tan olih mangke amuriring |
ing panggawe dèn-sih |
sanggonne kadulu ||

Jilid 7 - Kaca : 132

13.
Mapan rêke ingaranan pati |
pan dudu mêngkono |
de kang aran pati sajatine |
angawruhi ing sarira tèki |
dèn-têkèng ayêkti |
wruh ing marga ruhur ||

14.
Kang wus nyatèng sajatining dhiri |
panggawe kang kaot |
marga iku apa pandungkape |
wau mentar wus têkèng nagari |
durung aningali |
sang ratu katêmu ||

15.
Anging iku pan pênggawe luwih |
kang têka ing kono |
anirnakkên saliring panggawe |
kang aran sarira kang wus taki |
aywa tan kalingling |
punika marga yu ||

16.
Iya iku kang ingaran pati |
patine wong kaot |
kang wus awas tan uwas anggane |
yèku pati patitising urip |
wus prasanak pati |
uripe linuhung ||

17.
Yogya tata kinèn kang sayêkti |
aywa amirangrong |
nyata kêna sapa lêlêngkane |
mapan sarira iki kêkalih |
karo dèn kalingling |
aja na kang kantun ||

18.
Roh lan jasad iku tunggal dhiri |
dhirining Hyang Manon |
pan jumênêng kalawan dhèwèke |
ananira ênêng ingkang êning |
rampunge pangèksi |
pamêksaning laku ||

19.
Laku lakon ana tèki-tèki |
kêlanggêngan jumboh |
wus tan ana kakange adhine |
langgêng Maha Sucinirèng Widi |
tan kêcampur dening |
karsa ingkang huru ||

20.
Namung karsa kewala pribadi |
pandulu dinulon |
lir andulu paesane crêmèn |
apan tan lyan kang tumingal sami |
mung dhawakirèki |
tan sêlayèng kayun ||

21.
(m)Bukak larangan kang wus rinêmpit |
pingitan ginêdhong |
kang kinunci ing ngèlmu papake |
mung datira sajatining sêksi |
apan anêksèni |
ing pribadinipun ||

22.
Pribadine panunggaling puji |
puji kang sajatos |
jatining Hyang iku panunggale |
tunggal ajal tunggal abadnèki |
wusing sêsasiki |
tan ana sêsiku ||

Jilid 7 - Kaca : 133

23.
Têgêse ajal puniku wiwit |
wiwitan kawaos |
tanpa krana mungguh ing anane |
lire abad tan ana ngarèni |
tan witan mêkasi |
ananira iku ||

24.
Samya tan ana ingkang (n)dhingini |
tanna ngarèni pon |
anging ananira juga dhewe |
tunggal ka-ananira Hyang Widi |
mulyèng sadat jati |
-ning Hyang kang Maha Gung ||

25.
Ingkang sêksi kalawan pribadi |
tan ana wujud ro |
nanging ananira purba dhewe |
angarani anane pribadi |
purba arannèki |
purba wujudipun ||

26.
Purba rupa purba ing pakarti |
purba ajal rêko |
purba abad purba kajatène |
purba tunggal purbaning sih jati |
jatining wus siji |
mung angga kitèku ||

27.
Angganira iku sadat sati |
jatine tan anon |
jatining sêksi rupanta kuwe |
anêksèni anane pribadi |
basa jênêng yayi |
dating Hyang Maha Gung ||

28.
Kang tan kantha warnambu-raswèki |
tan arah tan ênggon |
datan kêna dinuga wujude |
kinarya pa jroning tekang ati |
sabab iku napi |
tan kêna winujud ||

29.
Dene isbate Hyang iki yayi |
kang dat sipat rêko |
lan apêngal iku têlu lire |
êdating Hyang ananira tèki |
sipating Hyang Widi |
ahlinirèng ilmu ||

30.
Apêngaling Hyang uripirèki |
samya isbat manggon |
iku ingkang pêsthi ing anane |
asmaning Hyang jênênging kang latip |
mulane kitèki |
ingakên Hyang Agung ||

31.
Sabab kita amrat isbat napi |
ing patêmon jumboh |
paekane tan ana paene |
asmaning Hyang napi ingkang pêsthi |
hakira ing Widi |
mungguh ing Hyang Agung ||

32.
Aran kita iki napi jinis |
parbedaning roro |
napi jinis mungguh kita kiye |
napi nakirah mungguling Widi |
yèku tan sarênti |
suhuning Hyang Agung ||

Jilid 7 - Kaca : 134

33.
Ingkang guwa-garba wêwah wêning |
tan samar sumrowong |
ngèlminira akathah unggahe |
saha sêmbah matur maring laki |
nuwun kang punêndi |
ing kakekatipun ||

34.
Kakekating dunya kang utami |
kang raka lingnya lon |
kakekating dunya iku Nikèn |
apan patang prakara kang dhihin |
pamuwus kang manis |
aywa kongsi saru ||

35.
Kapindhone nêtêpi agami |
Islam lanang wadon |
kaping têlu kang bangêt wêdine |
marang Allah kang Amaha Sukci |
kaping pat kang bêcik |
ngamale kang sukur ||

36.
Ngamal puwasaning badan yayi |
acêgah wiraos |
pangucap kang siya-siya kuwe |
lan puwasaning nêptu dèn-kèsthi |
cêgah sumngah kibir |
myang suka gumuyu ||

37.
Cêgah warêg turu nginum bukti |
de puwasaning roh |
cêgah cipta kang ala nêlèmpèng |
lawan malih puwasaning budi |
cêgah nêpsu sirik |
bangsa kewanipun ||

38.
Bangsa setan jajil lan eblis |
cêgah kang mêngkono |
dene puwasaning rahsa Nikèn |
pan acêgah tingal kang anilip |
kang tan patut kèksi |
sirik lawan suwung ||

39.
Tambangraras tyasira mawêrdi |
anut ing sapakon |
tan kumêlap salilab kalbune |
matur mugi tuwan lajêngnèki |
têpangipun nguni |
wuwulang kang wau ||

40.
Sèh Mongraga angandika aris |
kawruhana ing ko |
pamusthining sêmbah puji rêke |
panunggale lan Nabiullahi |
tunggal dat sipati |
asma apngalipun ||

41.
Ananira rupanira iki |
ananira rêko |
panggawenira obah osike |
apan Nabi Allah kang hakiki |
muntalèking Widi |
sêmbah pujinipun ||

42.
Yèku pamusthining kang sajati |
aywa doh kang manon |
paningalira ingkang sawèntèh |
sira lan kang murba misesa ki |
tan na antarèki |
panunggaling wujud ||

Jilid 7 - Kaca : 135

43.
Tunggal solahbawa muna-muni |
apan wis mangkono |
kang tan wêruh adoh pangidhêpe |
saking kadohan kewala wingwrin |
kawêran ing eblis |
anduduga dudu ||

44.
Tan wruh yèn Suksma ana ing dhiri |
-nira kang wong winong |
Hyang ngaluhur tan kêna wiyange |
karsaning roroning asiji |
sajatining puji |
muji dhawakipun ||

45.
Basa dhawakira iku jati |
jatining Hyang Manon |
cipta kang tan kasêlan ciptane |
ripta kang tan kasêlan ing budi |
budi tan kaslan ing |
angên-angênipun ||

46.
Angên-angên tan kaslan ciptèki |
pat iku wus jumboh |
suhul têtêp tinêtêpan kangsèn |
kang mangkono pawore sajati |
tan dumèh wus bangkit |
akèh ngèlmunipun ||

47.
Tan dumèh wus tapa wus angaji |
sêmbahyang linakon |
tapa-a dèn-kongsi kaya gosèk |
ngaji dèn-kadi jalak gulathik |
sêmbahyang dèn-kongsi |
bênjud bathukipun ||

48.
Lamun tapa pangolahing tokit |
tan têkèng sajatos |
lir cicitho saparan-paranne |
mubêng kèngêl muwuhi panyakit |
tan mencok ing titis |
ibêre baliwur ||

49.
Ti-atinên yayi ing kajatin |
kang murung lêlakon |
pangrusaking kêjatèn ya Nikèn |
patang prakara iku dèn-eling |
ingkang dhingin kibir |
sumngah jubriyèku ||

50.
Kaping kalih tan ngandêl ing dalil |
kadis pinaido |
ping tri ambukak larangan gèbrèh |
kang wus linarangan dalil kadis |
jêmak kiyas-nèki |
tan akunci kalbu ||

51.
Ping pat goroh palacidra nilib |
ywa pepeka kono |
ingkang garwa anuwun ature |
amituhu pituturing laki |
linakon anggusti |
pamusthining kalbu ||

52.
Bakda dènnya panggusthining ilmi |
minulyèng karongron |
satêngahe sanggamèng gatine |
pan winulang ngilmi rasa jati |
tibaning purbèng sih |
tan pêcat lan ngèlmu ||

53.
Suhul ing asmaragama nênggih |
limang prakarèng (ng)gon |
ingkang dhihin asmarayoga-ne |
pangalaping panggawe raswèki |
saking tulang sulbi |
Adam ing sakayun ||

Jilid 7 - Kaca : 136

54.
Ping kalih asmaranala nênggih |
pangalaping raos |
saking tyas kang suci pawiyose |
kaping tri asmaratantra nênggih |
pangalaping raswèki |
saking rupaning hyun ||

55.
Ping catur asmarajuwita di |
pangalaping raos |
saking sadayanipun asline |
kaping lima asmaratura di |
pangalapirèki |
saking roh raswèku ||

56.
Patêmone Hyang Kang Maha Sukci |
raswane roh kono |
dadya Rasullolah kèh juluke |
patêmone rasul maring sulbi |
patêmoning sulbi |
apan maring sungsum ||

57.
Patêmoning sungsum apan maring |
balung maring otot |
patêmoning otot maring gêtèh |
patêmoning gêtèh maring daging |
patêmoning daging |
wujud ngilmu Ênur ||

58.
Suhul Muhamadiyah ayani |
sabitah têtêp jro |
anèng ing dalêm lokilmakpule |
wus winêdhar surasaning ngèlmi |
rampung sakaliring |
ngèlmune akasut ||

59.
Kawarna-a kang tansah mongrêsmi |
pinarak karongron |
anèng tilamsari lan garwane |
sabakdane salat Ngisa sami |
Ki Sèh Amongragi |
(ng)gagas cipta bangun ||

60.
Sanityasa umandêg rasaning |
Suksma sadya kepon |
mèh lali ya ing toh jiwanggane |
miwah ayuning garwa tan kèksi |
mêhêng mangrênggêpi |
sang dibya mangung kung ||

61.
Kawistara dènnya amalatsih |
de mêhêng wirangsong |
sampun kawandasa ri lamine |
tan milalu tadhah lawan guling |
tan kaur papanggih |
lawan rama ibu ||

62.
Kadang warga wangwang mring Mongragi |
kang lagyasmu wirong |
samya maklum ing pahêman mêne |
namung garwa kang mupid ing laki |
rèhning wus aliring |
tumpêking pamuruk ||

63.
Dadya tan pati juwêd ingkang ling |
panjating tyas kepon |
yèn ta kadya pangantèn jamake |
sêdhêng mangulah langêning sari |
mamrês ing ngarêsmi |
anêlaskên kayun ||

Jilid 7 - Kaca : 137

64.
Suprandene sang ayu tan wingwrin |
ing tyas tan kêmêjot |
saking dening subrangtèng ngèlmine |
tinataskên patitising Widi |
tan lêledhèng kapti |
sangêt gênging sukur ||

65.
Tan kêna sah mèt sakarsèng laki |
sabên tan kêna doh |
siyang dalu sapari-polahe |
cèthinira Cênthini tan kari |
sasaosan mêksih |
kadya sabênnipun ||

66.
Ing nalika yata Sèh Mongragi |
kang nandhang onêng bot |
sapta ri sapta dalu lamine |
kapti kapêtêg ngantan mawingit |
pananira lêsning |
lênglut anèng tajug ||

67.
Amancad dalan catur prakawis |
tingalira jumboh |
sipat jamal jalal lan jamale |
sipat kahar ingkang anglimputi |
pambuntuning budi |
komplang suwung gêmplung ||

68.
Nir tan ana pancabaya kapti |
lêngêng ing Hyang Manon |
wus tan ana majad ing jêrone |
dadya ling linglit tyasirèng kamil |
kagyat duk miyat ing |
wau ing dyah ayu ||

69.
Tumingal ing raka swuh kang galih |
sumungkêm ing pangkon |
pan mangkana sang dyah panêrkane |
paran ingkang dadya luput mami |
sangêt dosèng laki |
tan wande papa gung ||

70.
Rèhning dèrèng kawêdhar kang wingit |
tanggap katêlangso |
Nikèn Tambangraras graitane |
baya kaduwung akramèng mami |
dene darbe dasih |
ya maring katèngsun ||

71.
Èsmu merang sang dyah langkung ajrih |
ngingsêr saking ngênggon |
saha sêmbah tangi ing pangkone |
tan atêbih tumungkul awingit |
tan arsa mulat ing |
pasuryaning kakung ||

72.
Yata pitung dina dènnya wingit |
wite wêktu Suboh |
tanpa wêktu laminya tan mèngèng |
dadya tan kêcap sêgu tan osik |
lir kamanungsaning |
tanalyèng tanajul ||

73.
Wêktu Subuh Luhur lan Ngasar-i |
Mahrib Ngisa towong |
pan wus koyup ing kala panane |
dadya angluwari purba jati |
angandika aris |
marang garwanipun ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17) Kaca 121 - 130
  • (19) Kaca 138 – 147 >