Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20) Kaca 148 - 166

 

( Lampahipun Sèh Amongraga sakanthinipun dumugi ing guwa Sirupan )

2. Lampahipun Sèh Amongraga sakanthinipun dumugi ing guwa Sirupan, cêlak dhusun Cadhuk, jajahan Prabalingga, panggih jurukuncinipun nama Ki Nitipala; mojar bilih sawênèh tiyang ingkang pêjah nênêpi ing guwa wau. Ing sakiwa-têngênipun kathah partapan wana wêrit. Lampahipun lajêng sumêngka dumugi rêdi Gêndhing, manêkung kawandasa dintên amrih babaring kajatèn. Lajêng tumurun nglangkungi têlaga sirahing lèpèn Gandhu, bêngawan tanah Bêsuki. Ing ngriku siyam pitung dintên.

Lampahipun kalajêngakên urut sukuning rêdi Sêmèru, arga Songsong ingkang têmbingipun jêmbar amot tiyang sèwu, dipun-aubi dening sela. Ngubêngi njajah wilayah Sêmèru sawulan tigang dintên; lajêng ngambah wukir Bunagin, wukir Rèntèng, wukir Selamanik lan talaga Muncar. Lampahipun kalajêngakên dumugi Panarukan, mahas wanadri amênggêl rêdi Putri, pèrèngipun rumpil aparung, lêlingiran sela pêthak, dumugi guwa Kawidadarèn, sakalangkung wingit, pucakipun bolong amadhangi. Salêbêting guwa wontên toya balumbang botrawi. Sang lêlana sêdasa dintên nênêpi ing ngriku.

Lampahipun anglangut mangetan lêrês ngantos pantog pasisir nyungap sawangan samodra. Laju mangetan, Sèh Amongraga sumêngka ardi Sêdana, ndêdêr, wontên ngriku pitung ratri.

Lajêng mandhap sumêdya dhatêng ardi Liridhuk, pitung dintên wontên ing Wotruyung. Lajêng mangidul nyabrang lèpèn Banyuwangi sadintên, têrus mangilèn dumugi sirahipun lèpèn ingkang wontên ing wana Sandi. Wontên ing ngriku sadalu. Lajêng mangidul nyabrang lèpèn Blambangan, nglojok tanah Jêmbêr. Dumugi ing têpining sagantên, numpak gèthèk dhatêng pulo Nusabarong, suwung botên kaambah tiyang, namung palakirna pêpak lan wontên candhinipun sela agêng ingukir. Wontên ing ngriku Sèh Amongraga manêgês karsaning Suksma.


Kaca 148 - 166.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 148

386 Kinanthi

19.
Lir prajurit prang kapupu |
sèmpèr katibanan bindi |
bêngkong lêmbu andaka |
kadya sambating akanin |
jêjawi rambon andhapan |
kidang manjangan lan kancil ||

20.
Garêdhêging mesa danu |
anglir pambêrêging jurit |
swabawaning singa nabda |
krura krah anggo ngajrihi |
buron wana kabêrasat |
bêsot lumayu anggêndring ||

21.
Cênguk lutung rêbut dhucung |
kikik ajag wawran wiwrin |
uwa-uwa wêrangutan |
bangkokan kapêngkok kontit |
kapalang asalang-tunjang |
kang nêrancag mènèk mêncit ||

22.
Mesa-lawung (m)bêkos gedrug |
samya pasang singat lungit |
myang andaga agabrêsan |
kênthus mathênthêng amathis |
lir magoli kang sasaran |
andanu kadya nglajêri ||

23.
Anggabag samya (m)bêg purun |
êmonge ngalewa ering |
anggêrêng cakra kêrukan |
muringis mikrisnya ngisis |
amuwus ilu nêracas |
nilap kumlepat kuncati ||

24.
Laju lampahe sang Mong kung |
lan santrine Jamal Jamil |
buron wana èsthanira |
basaning sato apênging |
aja na wani nukarta |
mring sang Adi lêlana nis ||

25.
Sang monêng manêngkung wêtu |
nèng pinggiring talaga di |
munggèng sela sumayana |
rêjasa gung kang ngayomi |
bakda Lohor gya mahawan |
awanting ing jurang curi ||

26.
Margi rumpil papal pupul |
pipil sêluk siluk sungil |
asingub mangêb sumahab |
dhukut srêsèwèhan warih |
tibèng parang rong grènjèngan |
mabun tampuning kang warih ||

27.
Linut kandhas ing atrêjung |
rêjangan parang tumawing |
nut irahing toya rancah |
lumut tinawatan limit |
praptèng kakarasing jurang |
myat guwa nguwêng awingit ||

28.
Lir rinakit rekanipun |
apipilar sela langking |
tinus ing pakis dhêdhêkan |
wisa marta lir susumping |
bilung bêlong lan wilada |
walêdan êlo luluwing ||

Jilid 7 - Kaca : 149

29.
Pilang pule pulasantun |
santên sengon wungu mangir |
ngapit nganan ngering guwa |
patukan sirahing kali |
kang mili mring Pasuruhan |
bêngawan nyungab jaladri ||

30.
Sèh Mongraga tyas kumênyut |
myat singubing guwa wingit |
wastaning guwa Sirupan |
palayapaning dhêdhêmit |
êjin pêri pêrayangan |
kayang nèng Sirupan wingit ||

31.
Yata wau sang among kung |
nèng pangol sela alinggih |
wanci surya wus ngancala |
sira Ki Sèh Amongragi |
tumurun marang patirtan |
santri kakalih tan kèri ||

32.
Samya ngambil toya wulu |
sawusira asusuci |
sang brangta tumamèng guwa |
wontên lata gêng mêthalit |
ambêlanthit lir sêsalang |
nam-naman kadya kinardi ||

33.
Taru-gêblèg namanipun |
sêlampit kadi warnèki |
pasalataning uliya |
nèng guwa Sirupan nênggih |
anulya Ki Jamil Jamal |
angadani wêktu Mahrib ||

34.
Anutug dènnira wêktu |
praptèng Isa bakda witir |
Sèh Mongraga kajênêkan |
nèng Taru-gêblèg amupit |
swarèng ratri kèh karênga |
thor thor thot rong-orong cacing ||

35.
Kaciting riris poh êlur |
babak-salu lan rêrêngi |
timbêlong luwing lan jongkang |
jangkrik gangsir ngêrik ngênthir |
thilêng dhawang bêring upa |
kêkècèk lan walangsangit ||

36.
Myang pêksi kang munyèng dalu |
kokolik tuhu kêdhasih |
kup-angkupan atilêpan |
bubut bintit lan barênggi |
sribombok têkak lan cabak |
wiwirog landhak angêsir ||

37.
Wau ta ingkang anêkung |
nèng Taru-gêblèg tan mijil |
jênak anèng jroning guwa |
iktikapira ngantêpi |
karsa mêdal lamun kadas |
sumungku dènnya nênêpi ||

38.
Antara wus pitung dalu |
Sèh Mongraga dènnya mupid |
anèng ing guwa Sirupan |
ngandika mring Jamal Jamil |
payo mahawan lon-lonan |
nuruti paraning budi ||

39.
Nulya umijil sang mong kung |
nut têmbinging sela tumawing |
wus linggar saking jro guwa |
bakda Subuh pajar sidik |
Hyang Haruma kang sumirat |
amrabani wana wukir ||

Jilid 7 - Kaca : 150

40.
Wurahan swaraning manuk |
tiyupan sriti dhêdhali |
srèpèt mèh nêrapat angga |
èsthanira lir ngaturi |
kang lunga-nis kèn wangsula |
owêl sêpên panêpèn tis ||

41.
Ana lir tuduh dêlanggung |
dhêdhali abola-bali |
punika marga tan pringga |
wontên èmpèhe sakêdhik |
gawar walêring wêlahar |
aradin glis praptèng nginggil ||

42.
Jamal nèng ngarsa nut manuk |
dhêdhali mangsiting margi |
tinut satêngah onjotan |
ngêncêng pèrèng lêmah miring |
supana bana bêbanar |
anon palêstrèn têtêgil ||

43.
Sêmangka kêrai timun |
kacang kara lan kêcipir |
lombok terong jêwawutan |
jagung ontong canthèl jali |
nêdhêng andhêndhêng kang gêdhang |
gumadhing turut pêpinggir ||

44.
Pagêr rajêg walikukun |
atêngah gubugnya inggil |
wit jati pat ngiras cagak |
rinambat kara kêcipir |
gubug kampung gêng irasan |
pawon pêturon sasisih ||

45.
Kang tunggu gubug akukuk |
ngoraki pêksi prit pêking |
ayêm sami gêgambangan |
kêndhangan gambang mêlingi |
kamuktèning wong gunungan |
sona jugug lir nyindhèni ||

46.
Namaning dhukuh ing Cadhuk |
pagriyaning jurukunci |
anama Ki Nitinala |
samana lagi andhangir |
têgale pèpèrèng jurang |
Nitinala duk ningali ||

47.
Wong lumaku aruruntung |
nut pèrènging jurang têgil |
nêrka yèn dudu wong ala |
Nitinala têtanya ris |
gus dalêm kèndêl sakêdhap |
kula takèn mring gus katri ||

48.
Yata ingandhêgan wau |
alon lênggah Sèh Mongragi |
anèng soring sidawayah |
matur wau saking pundi |
sang monêng alon turira |
sing guwa sirahing kali ||

49.
Nênêpi mung pitung dalu |
nèng oyod gêng ambêndhalit |
gêgêtun Ki Nitinala |
matur suwawi mring panti |
Sèh Mongraga datan arsi |
karsa laju lêlana ris ||

Jilid 7 - Kaca : 151

50.
Ki Nitinala agupuh |
matur dalêm kèndêl ngriki |
aglis mulih maring wisma |
nak bojone kan angrukti |
susuguh sa-ananira |
tan dangu dènnya cacawis ||

51.
Ngatag pawong baturipun |
kinèn (m)bêkta dhulang aglis |
wangsul prapta ing (ng)gwannira |
dhêdharan sumaos ngarsi |
pala godhongan bakaran |
jagung tela wi gêmbili ||

52.
Nitinala lon umatur |
sumangga katur puniki |
sawontêne sumapala |
supaya jampi tyas pêrih |
sang monêng mèsêm ngandika |
(ng)gih bangêt tarima mami ||

53.
(m)Bok sampun susah sêsusuguh |
nulya dhinahar kang uwi |
sacuwil wusnya dhinahar |
linorodkên Jamal Jamil |
uwi gêmbili sapanjang |
jagung lan kêtela abis ||

54.
Sêmunira durung tuwuk |
dhasar mêntas pati-gêni |
Sèh Mongraga angandika |
(n)dika punapa pêtinggi |
matur kawula punika |
won awon pan jurukunci ||

55.
Guwa ing Sirup puniku |
ingkang kawula tênggani |
yèn wontên tiyang tirakat |
sabarang kang dadya kingkin |
kêkirangan sandhang pangan |
myang arsa dadya priyayi ||

56.
Asring kula kang jinujug |
têrkadhang sring angsal kardi |
luwar tyase kang sungkawa |
sakadar ngulih-ulihi |
dene kang guwa Sirupan |
punika kalangkung wingit ||

57.
Liya kula kang mariku |
tan kêna sinêngka prapti |
asring kabujêng taksaka |
pun Taru gêblèg kang mawi |
katingal sawêr lêkêran |
mangap naut mring kang prapti ||

58.
Puniku kêramatipun |
ing waliyulah sinêkti |
kangjêng Sang Sèh Mahalaya |
nèng riku amatiragi |
mila angkêre kaliwat |
tan ana wani kang prapti ||

59.
Rumiyin wontên wong mriku |
nènèman sutaning santri |
nèng Taru-gêblèg anendra |
pitêkur lajêng ngêmasi |
agawat sangêt kang guwa |
tan kenging kambah ing janmi ||

60.
Paduka kuwawa mriku |
kongsi sipêng pitung ari |
inggih anglangkungi bêgja |
têmtu yèn punjul sasami |
Sèh Mongraga lon nglingira |
lah (ng)gih paman jurukunci ||

Jilid 7 - Kaca : 152

61.
Asuguh sarta pitutur |
wus bangêt tarima mami |
kula laju nut saparan |
muga brêkata kang kari |
lulusa padhukunira |
angingoni anak rabi ||

62.
Ki Tinala (n)dhêku-dhêku |
sumanggèng karsa lumaris |
Jamal Jamil wus pamitan |
mahawan Sèh Amongragi |
ngaler-ngetan lampahira |
nut jurang trêbis wanadri ||

63.
Angambah talatahipun |
ing Prabalingga wana writ |
kathah papaning patapan |
lêbak punthuk sêndhang bêlik |
palêrêpaning iktikap |
nèng riku bêkti Hyang Widi ||

64.
Kèndêl lampah lamun wêktu |
wus bakda salat lumaris |
mahas ing wana wulusan |
tan kewran (ng)gyan nendra mantri |
têrkadhang lalu lumampah |
pupunthuk kang singit-singit ||

65.
Pan siyang dalu alaju |
sumêngka ardi gêng inggil |
anênggêl arga inancab |
pupucaking ardi Gêndhing |
praptèng pucak kajênêkan |
asimpar banar nrang kapti ||

66.
Nèng sela sumayana lus |
ingapit ing guwa guling |
pêpangol angêtuk toya |
arêmbês sarta awêning |
kinubêng wit manisrêja |
lan paponan asasêling ||

67.
Tan ana liyaning taru |
tuwuhan puncaking ardi |
manisrêja lan paponan |
nêdhêng wohira andadi |
abungah Ki Jamil Jamal |
kang thêng-ithêng dèn-undhuhi ||

68.
Katur ing bêndaranipun |
sang brangta dhahar sakêdhik |
pinaringkên Jamil Jamal |
anêmên lir mangan nangsi |
wus têlas nulya ngupaya |
wohing manisrêja malih ||

69.
Dènnira nèng uwitipun |
niyungkên pang amilihi |
kang ithêng-ithêng kewala |
tuwuk tan kalirên bukti |
mangan wohing manisrêja |
arêna Ki Jamal Jamil ||

70.
Yata wau kang manêngkung |
nèng pucaking rêdi Gêndhing |
pan wus kawandasa dina |
sira Ki Sèh Amongragi |
minggu tan kêna ngandika |
lyan angling ing puji dhikir ||

Jilid 7 - Kaca : 153

71.
Dènnira kasut ambuntu |
amrih babaring kajatin |
pinulang pêlênging driya |
datan nadhah tan aguling |
gugulunging kalênglêngan |
minta luwar ing alangip ||

72.
Karsaning Sang Kang Maha Gung |
durung panggut ing pangèksi |
maksih lilabaning mangsa |
musêng dènnira anganti |
sêmining jati gêlinggang |
langgênging marang kêjatin ||

73.
Ki Sèh Mongraga amuwus |
payo tumurun sing ardi |
santri ro matur sandika |
nulya tumêdhak sang pêkik |
sila sulak aluk-lukan |
lukak-lukik sêngkil-sungil ||

74.
Tumurun ing jurang trêjung |
buntu kêcuthêlan margi |
marga têlasing jujurang |
jurange kêlangkung bangbing |
bangbinge angrong angungang |
nguwêng-uwêng sêmu wingit ||

75.
Nulya non oyot susulur |
silar ngêlun ing walulin |
walan wêlon lir wèh dalan |
gandhu kadya angandhani |
kang arsa mudhun ing jurang |
trêbis tan kambah ing janmi ||

76.
Kang andon lampah tumanduk |
mêdhun nut oyot walulin |
gendholan sobrah mêrambat |
gênteyongan ngontang-anting |
praptèng karasing jujurang |
nyêkodhong ngêdhung angêndhil ||

77.
Angêluwêng mangêb singub |
kracahan rêmbês anritis |
angrèwès ingadal-adal |
tumètès kadi garimis |
tibèng tirta pakêdhungan |
têlaga sirahing kali ||

78.
Kali Gêntung sirahipun |
bêngawan tanah Bêsuki |
anyungap marang samodra |
tuking kali ardi Gêndhing |
guwa Cerong aranira |
tan lêbêt kambah ing janmi ||

79.
Kêlangkung sirung asêrung |
cêbrik cêrabakan warih |
umès tan ana kang dhahas |
nglulumut kabèh tan aking |
kèbêkan ampu kêkajar |
pakis galar nut pêpinggir ||

80.
Sèh Mongraga ragi ngungun |
ngubêngi gampèng guwa writ |
tan ana padhas kang dhadas |
sadaya kacakan warih |
sang monêng sokur tyasira |
pangunandikaning galih ||

Jilid 7 - Kaca : 154

81.
Kang guwa upaminipun |
wanudya pêrawan sunthi |
tan nate pinotha-potha |
ing priya pinolahing sih |
ing mangkya lagya tinêkan |
janma di minangka krami ||

82.
Lire dede pancènipun |
kang guwa kambah ing janmi |
krana kèh kang dadya bahya |
ulêr lingsêng ula uling |
latêng kêmadhuh adhakan |
Sèh Mongraga angubêngi ||

83.
Sajêmbaring guwa singub |
dangu dènnira kuliling |
ngambah jêrambah tan asat |
myang pinggir tan ana aking |
wanci Lohor arsa salat |
rikuh ngupaya kang aking ||

84.
Sakala nulya andulu |
jêrambah kang têlês garing |
salampit kasah kang salat |
lulumut garing arêsik |
kandêl êmpuk lir kasuran |
Mongraga sokur ing Widi ||

85.
Sèstu palaling Hyang Agung |
pinaring papan ngabêkti |
nulya samya Lohor salat |
ajênêk Sèh Amongragi |
antara ing pêndhak dina |
nèng Calerong Sèh Mongragi ||

86.
Yata wanci bakda Luhur |
saking Calerong umijil |
Jamil Jamal tan kêna sah |
lumampah nèng ngarsa wuri |
lon-lonan tindak tan kongang |
tan bukti ing pitung ari ||

87.
Anêrang jurang aparung |
pêparang pèrèng arumpil |
anêtêr praptèng bêbanar |
agiran sukuning ardi |
mungguh tumurun sêparan |
laju nênggêl ardi malih ||

88.
Apan maksih têpang suku |
Sêmèru lan ardi Gêndhing |
Sêmèru kang êlèr-wetan |
gêng ngungkuli ardi Gêndhing |
kêlangkung angantak-antak |
Mongraga dènnya ngunggahi ||

89.
Pêpêncu pating panjutu |
kathah wawêkaning ardi |
Ki Sèh Mongraga ararjwan |
kêdalon anèng ing kêndhit |
arga Songsong pasipêngan |
ing papan langkung miranti ||

90.
Balumbang watu angêtuk |
toyanya kalangkung wêning |
dhampènging sela awirya |
mot janma sèwu ngênggoni |
sela blêg datan lilapan |
nyakêdhung sela ngaubi ||

91.
Ataman tinon maha rum |
sangkêp sasêkaran asri |
anggrèk wulan argulo-bang |
landêp noja wora-wari |
pêlasa patra-mênggala |
cilung sikatan bang putih ||

Jilid 7 - Kaca : 155

92.
Mambak sri sarinya ruru |
brêmana kèh angrêrêpih |
ngrurah mring maduning sêkar |
winigar anyar ing siti |
sela lus lir pinayasan |
panjrah ing puspita amrik ||

93.
Pudhak sisili gandanduk |
mulêg ambêlêg ing angin |
Mongraga têpakur ing Hyang |
kêlangkung sokur ing Widi |
dènnya karya kaelokan |
ngandika mring Jamal Jamil ||

94.
Makluking Hyang Kang Maha Gung |
janma kang tinitah urip |
wong ana sajroning praja |
durung sokur ing Hyang Widi |
beda wong kang anèng arga |
yèn ora anèng jaladri ||

95.
Wruh salir kelokanipun |
kwasaning Kang Maha Sukci |
kaya ta kiye panggenan |
kang watu angêtuk warih |
majade tan ana toya |
lan sangkêping sari-sari ||

96.
Kadya gêng rumasanipun |
myat kelokan kang kaèksi |
tuduh yèn Allah Tangala |
luwih kawasa pribadi |
dadyèngsun ngarsi kapurba |
drêma pinolah ing kêlir ||

97.
Jamal Jamil matur nuwun |
mangkana Sèh Amongragi |
antara ing têlung dina |
nèng sela Songsong amupid |
ing bakda Subuh anulya |
manjad nginggil pucak wukir ||

98.
Kathah pêpangol sela gung |
sagajah-gajah tumawing |
sagênthong-gênthong nyêrakal |
kitrine ingkang ngêbêki |
manisrêja lan paponan |
sidawayah jêgod rêsi ||

99.
Kang dhukut sulanjana rum |
gandapura rum awangi |
gandarêsmi rêsmijiwa |
juwatan lan sumantali |
muntri pakis wisamarta |
kèncor kajar pujêr jori ||

100.
Manjat malih sing selagung |
watês pupucaking ardi |
palêstha wêdhi kewala |
tan kenging tinampêk sikil |
kêrikil luntur laradan |
pakewuh Ki Jamal Jamil ||

101.
Tan bisa mancad mandhuwur |
dening luhuring kang wêdhi |
malinthas apucak pisan |
tan ana lyan kitri malih |
mung pandhan-rang karang-arang |
lan dhukuk gulung galindhing ||

Jilid 7 - Kaca : 156

102.
Kang sukêt gulung-gumulung |
gêlundhung kêtiyup angin |
sèh Mongraga kewran ing tyas |
samya tan bisa manginggil |
nulya na watu sablungkang |
kèsisan wêdhi mandhêlis ||

103.
Sèh Mongraga napak watu |
sablungkang narithik nginggil |
pinancad kêkah tan obah |
kang watu lir angandhani |
lêga tyasira amancad |
anulya prapta ing nginggil ||

104.
Pucaking ardi Sêmèru |
namung sadina sawêngi |
kêpotan wuluning salat |
mung toya mum lêbu suci |
ing tyas tan pati pitaya |
nulya mundhun Sèh Mongragi ||

105.
Laju jiarah ing gunung |
Sêmèru dipun-ubêngi |
wêkane satunggal-tunggal |
lèring arga Songsong wukir |
aran arga Telamaya |
kang lèr wetanipun malih ||

106.
Ardi Bugangin rannipun |
kidul wetanipun malih |
ardi Rèntèng pêlawangan |
ngapit wukir sela manik |
ing lambung têlaga Muncar |
mandrawas gêbyoging wukir ||

107.
Rèjènging jurang atrêjung |
mungkara(?) sirahing kali |
narmada nyungap samodra |
bêngawan kèh anêmpuri |
jong tanahing Pênarukan |
maro sungaping jaladri ||

108.
Antaranya laminipun |
nèng Sêmèru Sèh Mongragi |
sawulan langkung tri siyang |
turun sing Sêmèru wukir |
laju maring Pênarukan |
angayam alas wanadri ||

109.
Tan ana drêgama ketung |
trêkadhang kêpapag janmi |
kang mrêjurit myang wong dagang |
sumimpang nêlasak margi |
tan arsa yèn tinakènan |
lamun kêpagutan titik ||

110.
Têmah mêwahi papa gung |
mangkana ingkang sêdya nis |
umahas wana wulusan |
anglangut lampahira ris |
jujurang sêngkan linakyan |
anênggêl ing ardi Putri ||

111.
Parange rumpil aparung |
lilingiran watu putih |
cucuri kêrakal pêthak |
tan ana kitri ngagêngi |
pandhan rangkang lan kucila |
jêlapa parijatha sri ||

Jilid 7 - Kaca : 157

112.
Wali-kadhêp lan tri-kancu |
kancuh cukilan kacumpit |
utit tale lan widara |
papas têpus lan kulampis |
sira Ki Sèh Amongraga |
praptèng kêndhit têngah ardi ||

113.
Myat lawang guwa aciyut |
sapipisan wiyarnèki |
satêkên inggiling lawang |
karungkupan dhukut grinting |
lamuran mrak katêmbagan |
simbar kajar pakis wiring ||

114.
Katutupan sela gênuk |
gêng sagajah watu putih |
kanan kering kori guwa |
pan wau sumbul angapit |
rong prangkul ananjung pêthak |
Jamal Jamil angrêsiki ||

115.
Sukêt kang nasabi pintu |
sumilak katon arêsik |
Sèh Mongraga gya tumama |
mring guwaning ardi Putri |
guwa Kawidarèn rannya |
kalangkung dènnira wingit ||

116.
Bênêre pupucakipun |
bolong wiyar amadhangi |
dadya tan pati limutan |
saisining guwa kèksi |
sajroning guwa matirta |
karang kang lumbang botrawi ||

117.
Patuking tirta sing luhur |
tumètèsing kang ngrêmbêsi |
wontên rakite lir tilam |
sela sumayana putih |
gigilang lir watu lintang |
pêsalatan ingabrangti ||

118.
Sang monêng ing kung sumungku |
kukuwu kulinèng sêpi |
antara sadasa dina |
dènnira dadalon nêpi |
èngêt lamun angêlana |
jiarah ing ardi-ardi ||

119.
Ngandika mring santrinipun |
payo mêtu Jamal Jamil |
nulya mijil saking guwa |
mangetan bênêr lumaris |
glagah pêngalang-alangan |
bobondhot bandhil ri sisir ||

120.
Tanjungmaja kulampis pung |
kêmarung kèngkèng ngor cangkring |
pring ori gadhung ri-wana |
rigulo pandhan pênjalin |
suruda rêjêg rèndhètan |
Jamal Jamil dimik-dimik ||

121.
Anabrang bêngawan agung |
kali Glawèng wus kawingking |
ngambah wana têrataban |
têtêgil dhusun Pêminggir |
kadhang kèn mampir tan karsa |
milalu laju mêgatsih ||

Jilid 7 - Kaca : 158

387 Mêgatruh

1.
Ngetan bênêr lampahe saya anglangut |
apan turut ing pasisir |
wana tratab kêtêl sampun |
gabus dhaon lan pi-api |
rayung gêlagah gêlonggong ||

2.
Sabên-sabên akêpapag wong lêlaku |
sang Mong-kung namur nimpangi |
manawa asalang wuwus |
mêmanguri dènnira nis |
sinamun lamun kêbrojol ||

3.
Pan lêstari rahayu ing lampahipun |
nulya nabrang kali malih |
nyungap sawanganing laut |
kali Bêlorong rannèki |
wus liwat saking Bêlorong ||

4.
Langkung wana pan pêpanas anglêlangut |
kêdhik kitri saliyaning |
mung lanas lan pandhan rungkut |
sawêr liwêran gung alit |
Jamal Jamil grigah-grigoh ||

5.
Kidih-kidih samarga sring kagyat (n)jumbul |
tlosoring sawêr ngawêri |
warni-warni kang kadulu |
dumung gadhung wêlang wêling |
bondhotan lan ula koros ||

6.
Kayu buhu dhiwêl dhudhak jangan banyu |
rare-angon kalipicis |
cabe lêpe kadut luwuk |
macan sapi sawa konyit |
samarga pating sêlosor ||

7.
Nulya nabrang kali manggalang aciyut |
nanging nyungap ing jaladri |
tapêl-watês tanahipun |
Panrukan lan pasitèning |
ing Bêlambangan ing kana ||

8.
Apan kali panggalang wakidanipun |
kali tan ana nêmpuri |
sirah saking ardi Ruyung |
Ruyung sirah kali kalih |
kalihe kali Bêlorong ||

9.
Laju ngetan Sèh Mongraga lampahipun |
jurang sêngkan jro wanadri |
ingkang kasêdyèng ing kalbu |
ardi Sêdana kang pinrih |
tanah Blambangan pinggir lor ||

10.
Ing ka-upus trêmbuku ujunging gunung |
pêpongol munggal jêladri |
Sèh Mongraga praptèng suku |
ing ardi Sêdana nênggih |
nulya manjat nênggêl lakon ||

Jilid 7 - Kaca : 159

11.
Tan patya gêng andêdêr panjadanipun |
sinêngka panuntungnèki |
Jamal Jamil ngangsur-angsur |
rêkasa dènnya ngunggahi |
satindak rong tindak aso ||

12.
Akesotan wong ro samya kêmpus-kêmpus |
sira Ki Sèh Amongragi |
anyêngka manjad mandhuwur |
wlas miyat mring Jamal Jamil |
arêmbên rambatan oyod ||

13.
Dangu-dangu nulya praptèng pucak gunung |
lênggah tambining kusambi |
pêlatar banar amunggul |
lêrêsing laut kaèksi |
baita cêlak doh katon ||

14.
Dadya pulas pêpaèse samudra gung |
wau Ki Sèh Amongragi |
sakala tyasira lipur |
myat kèhe jong ting saliri |
tan kaèngêtan yèn wirong ||

15.
Sèh Mongraga anèng sapucaking gunung |
antara pan pitung ratri |
papaning pucak acukup |
pala kang kêna binukti |
kêtela gantung nêdhêng woh ||

16.
Bêndha lawan sarangan jambu kaluthuk |
kang binukti Jamal Jamil |
siyang dalu urub-urub |
bêbênêm kang dadi bukti |
lan wontên toya anyarong ||

17.
Nèng calowoking padhas atas angêtuk |
sangandhaping sela aling |
sandhing sela langking alus |
gigilang nistha pêsagi |
papan pêsalatan manggon ||

18.
Sawusira iktikap sadasa dalu |
yata Ki Sèh Amongragi |
ngling mring santri payo mudhun |
sêndika Ki Jamal Jamil |
tumurun lampahira lon ||

19.
Praptèng suku agiran aluran tejur(?) |
anut bang-binging atrêbis |
ngidul nut sukuning gunung |
anusup wana pringga writ |
anjujur ing jurang jêro ||

20.
Kang sinêdya ing ardi Janrili-ridhug |
timpah samya suku ardi |
kang kilèn ardi Wot-ruyung |
inggil Liri-ridhug wukir |
gêng arga Wot-ruyung kulon ||

21.
Sèh Mongraga nèng ardi Janrili-ridhug |
nahan tri ari tri ratri |
laju mring wukir Wot-ruyung |
antara ing pitung ari |
Sèh Mongraga dènnya manggon ||

Jilid 7 - Kaca : 160

22.
Wusnyèng riku nulya laju malih ngidul |
nabrang lèpèn Toyawangi |
bêngawan nyungap ing laut |
tinurut sirahing kali |
sadintên dènnya mangulon ||

23.
Pan kêpangguh sirahe kali Toyarum |
rêrawi wiyar nglangkungi |
ing wana Sandi rannipun |
kêkayon tan liya cangkring |
toyanya kêlangkung nyarong ||

24.
Sapandêlêng wiyaring rawa anyamut |
-nyamut lirap-lirap wêning |
Toyawangi sirahipun |
rawa gung ing wana Sandi |
namung sadalu nèng kono ||

25.
Bakda Subuh laju lumampah mangidul |
lêpas lampahe sang brangti |
tan ana ardi kadulu |
tan etang durgamèng margi |
kèh sato-wana kapêrgok ||

26.
Singandaka jêjawi maesandanu |
mênjangan kidang lan kancil |
andhapan sona-jak lutung |
landhak luwak lan trênggiling |
kêthèk wauwa mêlangkrong ||

27.
Angathingkring madal wang wrangutan lutung |
lir gêtun anjêtung kingkin |
marang ingkang andon wuyung |
wênèh kadya nêmbramani |
wangsitan samining sato ||

28.
Aywa na kang wani-wani nukarta dur |
ngandhêg kang sêdya lêstari |
kaya dudu wong kur-ukur |
wani ngambah wana Sandi |
sèstu yèn wong wus winongwong ||

29.
Anrêng adrêng andarung tan anut lurung |
sining wana kèsi-kèsi |
saonjodan kaywa taun |
sadêdêl wuluh rampal pring |
kadhang sadhèng edhèng bonjot ||

30.
Sadungkapan têrataban glagah ruyung |
sapandhêngêt pala kitri |
nangka kuwèni kêpundhung |
rambutan pijêtan manggis |
klayu bêndha gowok kêtos ||

31.
Kêpêl pakèl duryan lan kêtela gantung |
kêmlaka carême wuni |
kamal kêmlandhingan sêntul |
pace kêluwak kêmiri |
pêtêt pête lawan jengkol ||

32.
Karoya prèh waringin bulu lan nyamplung |
gumrah swaraning kang pêksi |
joan bèthèt lan pêlatuk |
slindhit kêdhawa kêdhasih |
cêkaklak lan gogik rangkok ||

Jilid 7 - Kaca : 161

33.
Kulilinga luhung tèngkèk sunggi lêsung |
sêpahan busit prit gantil |
kêpodhang barênggi bubut |
êmprit pêking lan gulathik |
cocak colak-calik mencok ||

34.
Jalak bêngkak bango buthak nèng kaywa gung |
atat jaka-tuwa nori |
kuthilang putêr drêkuku |
pênthèt kèkèt lan srigunting |
darès bêluk bidho manol ||

35.
Duksa kakap kokok-bêluk jaka-wuru |
sandhanglawe cangak bintit |
cucak munyèng pang ambarung |
cicithu tutuwu kolik |
sata-wana mrak nyêngungong ||

36.
Tanpa rungwan swaraning pêksi gumrumung |
kadya ngaturkên pêmbagi |
marang kang rarywan awêktu |
samya marma angaturi |
rêrêba ingkang kalêson ||

37.
Sèh Mongraga sèndhèn tambining gurda gung |
myarsa swaraning kang pêksi |
prêkutut manggung angungkung |
cumêngklung ngumandhang bêning |
tanduke ajêg nêropong ||

38.
Sasauran manggung lan tanduk kang ngungkung |
kumênyut tyase Mongragi |
kêgagas duk waunipun |
muktyèn nèng Sukaraja di |
tuwin nèng Wanamartènggon ||

39.
Sakêdhap pan èngêt ing garwa ramèbu |
myang mring Jèngrêsmi Jèngragi |
tuwa nom samya sumungku |
sadesa mring Amongragi |
kang garwa nandhang lara bot ||

40.
Angrês ing tyas kêrasèng garwa kawlas hyun |
tinawêkêlan ing kapti |
sabil ing nala têwakub |
tinunjêmakên ing ngèlmi |
sakala nir tyasnya kepon ||

41.
Bakda Luhur wusnya rêrêm dènnya rawuh |
nulya umangkat tan sari |
samargi tan na potipun |
daimira mring Hyang Widi |
saparan angonjot-onjot ||

42.
Sapandêlêng pêjatèn kewala ngayun |
sagrêngan wana tuwa writ |
sagethak bubulak nglangut |
saêgrêgan bana êri |
lêstari lampahira lon ||

43.
Nabrang lèpèn kali Lêntang bênawi gung |
kèh narmada kang nêmpuri |
anyungap ing samudra gung |
kêdhung jro tan pati mili |
kathah bajule manthongol ||

Jilid 7 - Kaca : 162

44.
Aliwêran kang dhedhe ngambang mancungul |
kang lagya abyangan warih |
jumêgur ambyur ing puthuk |
kadya wrêdu anèng warih |
anggigilani yèn tinon ||

45.
Tuking kali Bêngawan Lêntang puniku |
ing têlar sisirahnèki |
alas bana kumbat nêngguh |
tapêl-watês tanahnèki |
ing dhukuh Blambangan kono ||

46.
Ngidul bênêr lampahe kalangkung darung |
kêdalon tansèng wana-dri |
bakda Subuh byar lumaku |
sadintên tan na liyaning |
namung kêmiri kang ngradon ||

47.
Ngambah wana-wasa ing kabanan agung |
wana lampahan saari |
tan ana liyaning wuluh |
lawan pring mawarni-warni |
pêtung wulung gêndhan ijo ||

48.
Rampal ampèl apus tutul ori ganjur |
bonjor dêling gadhinglêgi |
lêpas lampahe mangidul |
nulya nabrang kali malih |
sih tanah Blambangan kono ||

49.
Sirahipun Kula-papang ing wana gung |
nglojok tanah Jêmbêr nagri |
apan tapêl-watêsipun |
wêlahar wiyar saari |
ing Gambiran ranne rêko ||

50.
Sèh Mongraga tansah nusup ing wana gung |
ing wana saran awingit |
wêrit ruwêt bondhotipun |
taru malata mulêti |
kêkayon carub-carub wor ||

51.
Tapêl-watêsing wana kisma Nojajung |
nulya mangetan sang brangti |
wana Grojogan rannipun |
Ingkilkan sirahing kali |
kali Prawa kang kinaot ||

52.
Saking sêndhang Ingkilkan bot-rawi watu |
toyanya kêlangkung wêning |
wana sri kèh palanipun |
kirna kang kêna binukti |
kayu buratan angrêdon ||

53.
Kêpuh gunung tinja cêndhana lan garu |
sidawayah myang mêsoyi |
kêningar sintog sêprantu |
pulasari kayu-manis |
majakan kacêngkèh ayom ||

Jilid 7 - Kaca : 163

54.
Pala jênggi ganthi têgari lan pucuk |
purwa rêrawis tumangir |
adas kêtumbar tapèn rum |
aruman lan jaha kêling |
widasari winong waron ||

55.
Kapulaga cabe mêrica kêmukus |
jongrahab mungsi sêsawi |
kulabêt puli sigunggu |
randhu jênar lan kêmuning |
myang jangkêping êmpon-êmpon ||

56.
Wusnya nabrang ing kali Prawa mangidul |
pan ing tanah Jalamanik |
wana tan na liyanipun |
tiris kêlapa mawarni |
limrah gêng-agêng kang tabon ||

57.
Tanah Bêlambangan kang pasisir kidul |
pathuk gêbyogan jaladri |
sang brangta osiking kalbu |
tan antuk papan panêpin |
nulya lampahira menggok ||

58.
Wangsul ngalèr nut pasisir lampahipun |
nabrang kali Prawa malih |
ing Jalamanik kapungkur |
mangilèn angambah curi |
nèng ngriku lamun kêdalon ||

59.
Sèkêt waktu salat sadintên sadalu |
tangat sunat dèn-antêpi |
sarta tan pot dhikiripun |
daimira mring Hyang Widi |
pamawasing tyas wus manoh ||

60.
Karungrungan anut parang-curi sêrung |
kacaryan dènnya ningali |
gêbyaging alun jumêgur |
muncrat sumirat nyoroti |
mabun malêdug tatampon ||

61.
Ngulon bênêr nut têpining samodra gung |
anulya nabrang bênawi |
kali Sabrang wastanipun |
nyungab sawangan jaladri |
tanah ing Jajungkis manong ||

62.
Pan winongwong ing Sukma lampah lêstantun |
tan ana durgamèng margi |
gya nabrang lèpèn Bêdhadhung |
tapêl-watês tanahnèki |
Lumajang lampahnya menggok ||

63.
Ngidul ngilèn nut karang kajang parlidhu |
pêpathuk pongol jaladri |
Sèh Mongraga lèrèn ngriku |
ngandika mring Jamal Jamil |
priye karêpira mêngko ||

64.
Manirarsa mring pulo ingkang kadulu |
paran kaisèn ing janmi |
lan sêpine sun arsa wruh |
pikirira kadipundi |
tan ana baita katon ||

Jilid 7 - Kaca : 164

65.
Jamal Jamil wau alon aturipun |
yèn paduka anuwèni |
anggêbyur gèthèk nut alun |
manawi punika kenging |
Sèh Mongraga lingira lon ||

66.
Iya bênêr lah mara ngambila kayu |
gèthèk balok tinambir pring |
Ki Jamal Jamil agupuh |
dhasar gêng-agêng kang êpring |
tan susah mawi gêlondhong ||

67.
Êpring limang lonjor kewala pan rampung |
wus anêgori pring ori |
arit bapang adan rampung |
kinili tinalènan wis |
ingêrut ginodhi kukoh ||

68.
Wusnya katur gèthèk ginêbyurkên laut |
nitih gèthèk sang Mongragi |
wus samêkta wong têtêlu |
samya mêlahi pribadi |
manjur kang gèthèk pitados ||

69.
Maju mundur kang gèthèk kabêkta alun |
mèh prapta gya wangsul malih |
gèthèk kabuncang ing alun |
alun agêng anglangkungi |
tatanggor ing karang pongol ||

70.
Sru jumêgur magora gèthèknya sumyur |
ambyur malêsat gèthèk pring |
wong tri kagêbyur ing alun |
kumocak ing jalanidhi |
wawalikan samodra rob ||

71.
Sèh Mongraga kêpapa kêbayèng laut |
winasuh syuh ing jaladri |
ingulêng alun angêlun |
alin-alin tan kalilin |
lalu laraning kalêson ||

72.
Lila lena angganira Sèh Mong-wuyung |
wiyong kawayanging Widi |
wadining wadaka sinung |
saniskaraning pangèksi |
pucuk babaring cêcalon ||

73.
Acancalan cêla cilaka kacêluk |
calak kacêluk ing ngèlmi |
ngulama lami ngalimut |
ngalamat maot ing lair |
luhur akerate manggon ||

74.
Langkung papa sèh Mongraga kawlasayun |
dadya sarah ing jaladri |
tumimbul kumbul ing laut |
ting karêmpul Jamal Jamil |
nèng lautan Nusabarong ||

75.
Barêng pancabaya lan bêndaranipun |
Jamal Jamil tansah dhikir |
dulagêpan misih junun |
sira Ki Sèh Amongragi |
tuwakup marang Hyang Manon ||

Jilid 7 - Kaca : 165

76.
Wus mangkana mulya tinênggêl ing alun |
binuncang tumibèng tasik |
ing lêsta têbih sing laut |
ngalumpruk tan bisa osik |
anèng pawêdhèn andheprok ||

77.
Wus antara sêsangat dènnira kantu |
Sèh Mongraga tyasnya tis-tis |
kadya gêlagah tinunu |
brêsihing driya mawêrdi |
wus aso dènnya andhoko ||

78.
Sèh Mongraga alon dènnira amuwus |
hèh Jamal Jamil sirèki |
dangdana manèh dèn-gupuh |
gèthèk pring yumana malih |
nabrang maring Nusabarong ||

79.
Jamal Jamil sigra karya gèthèk bambu |
sinunduk kêlawan tali |
cinancang anèng pêpathuk |
sarèh karsane sang brangti |
sarèhning wêktu kêdalon ||

80.
Pan iktikap sêdalu nèng karang plêdhu |
pêpangol munggul jaladri |
nêlaskên tangating dalu |
nimpah mring kang among wingit |
sasmitèng tyas wus cumêplong ||

81.
Bakda Subuh Sèh Mongraga nulya mudhun |
nitih gèthèk mring jaladri |
bènèh lune lan kang wau |
gèthèk lampahe lêstari |
praptèng pulo Nusabarong ||

82.
Sukuring tyas narimèng sihing Hyang Agung |
rakiting pulo rêspati |
kèh pêpangol sela munggul |
nut pinggir saengga ardi |
kitri mawarna nêdhêng woh ||

83.
Angayangan tirisan kêlapa puyuh |
lêgi wilis rêkta gadhing |
kumlingking mepung mapuguh |
miwah payoming gayamprit |
cok barat bobot kumalot ||

84.
Dhêmpul lèlèt dhuwhêt gamêt pêpêt umbut |
bondhot kêmaron pring ori |
timaha wanitan garu |
egang wrêgu gora agring |
cêndhana tinja mêntaos ||

85.
Dhadhap kakap cacap kêcapi kuciput |
myang pala kêna binukti |
cipta kêna anèng ngriku |
kitri asri samya sêmi |
kamal prêdapaniranom ||

Jilid 7 - Kaca : 166

388 Sinom

1.
Sira Ki Sèh Amongraga |
nèng Nusabarong pulo lit |
suwung tan kambah ing janma |
mung kirna kang amêpêki |
anêdhêng woh andadi |
anggêlasah samya runtuh |
tan ana kang amangsa |
liya sato lawan pêksi |
puspita-rum ruru sarinya mêngambak ||

2.
wontên ingkang katingalan |
candhi gêng sela ingukir |
wontên kucur tirtantara |
saking wukir sela alit |
jog bêlumbang botrawi |
trap kosok pinatar gêmpur |
talundhag lus pinasah |
togog sela sumbul ngapit |
êkong sela itêm alus bêlimbingan ||

3.
Undhakan saking paheran |
mêrgèng natar sela ringgit |
maring langgar pamidikan |
pêsagi batur sungsun tri |
watu bang trap jinobin |
pracabakaning manguntur |
pagênthan pakêlèngan |
ing riku pamrikanèki |
sanggar tajug pêsagi candhèn nêsthasta ||

4.
Dhanyang sanga janggud praba |
ingukir patra angrawit |
kadya rêmêg ginarayang |
binintulu tinulya sri |
wus kalumutên wilis |
simbar mênjangan angrêmbuyung |
simbar song-song sumangsang |
ing saka kadya cêlumpring |
Sèh Mongraga mulat lulut kawilêtan ||

5.
Lumalat marang langgatan |
tabêt labêting budasri |
amêmaha ing pauman |
amèpèt dènnira mupit |
nèng pamêlêngan candhi |
candhi Cêndhana rannipun |
sira Sèh Amongraga |
mirungga rêngganing candhi |
acêcadhang nêgês karsaning Hyang Suksma ||

6.
Miwah santri Jamal Jamil |
karênan kèh kang binukti |
tan watir lalurat pangan |
pala gumantung mêpêki |
sang adi Sèh Mongragi |
kajênêkan anèng ngriku |
tanah Nusa-kambangan |
tan kocap gantya winarni |
yata ingkang kantun anèng Wanamarta ||

7.
Sira Ki Bayi Panurta |
nuju ing dina sawiji |
tinarap nak putunira |
kajad sidhêkah kêndhuri |
mumule para nabi |
lan slamêta anak putu |
sadesa Wanamarta |
sawusnya nadhah kêndhuri |
barêkate kang ngulihkên baturira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (19) Kaca 138 – 147
  • (21) Kaca 167 - 176 >