Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (25) Kaca 193 - 195

 

( Nikèn Tambangraras sakalangkung mêmêlas )

VII. Nikèn Tambangraras sakalangkung mêmêlas.

Ki Bayi Panurta nyarêngi barjamaah damêl kêndhuri, majêmukan, pêpak para kadang, putra, kami sêpuh, takèn wartosipun Sèh Amongraga. Sadaya ingkang kadangu bab purugipun Sèh Amongraga aturipun botên sami. Sadaya anggung ngudaraos kanthi sungkawa. Sasampunipun ndêdonga, lajêng bibaran. Wontên kabar bilih Sèh Amongraga katingal ing rêdi Mendhong.

Ki Bayi Panurta raosan kalihan garwanipun anggènipun kamiwêlasên dhatêng putra Kèn Tambangraras. Rama ibu anggung anglêlipur putra ingkang tansah karuna. Botên tega nilar putra, rama-ibu nênggani, lajêng kakuwu ing gandhok pungkur.


Kaca 193 - 195.

 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 193

392 Mêgatruh

33.
Kyai Bayi Panurta alon amuwus |
nora têlanjêr kang warti |
lah êndi kang bênêr iku |
mundhak sêmpêlah kang ngati |
priye Wirya sirèng kono ||

34.
Adatira kang sumbon lèh warta tuhu |
Kulawirya matur aris |
duka dalêm lêrêsipun |
angsal kawula pawarti |
putra tuwan kang lungandon ||

35.
Sèh Mongraga wartinya nèng Gunungkidul |
tiyang tan satunggil kalih |
ingkang warti anèng ngriku |
nging punika dugi-dugi |
sêbab kinintên kemawon ||

36.
Tiyang Pênggik ing Putat wastaning dhusun |
wontên tiyang amatrapi |
sapucaking ardi Kêlut |
mangke kang dipun-dhepoki |
pongol pucak ardi Mendhong ||

37.
Rencangipun kalih ngangge sarwa wulung |
kang martapi sarwa putih |
mila dinugi saèstu |
yèn putranta Sèh Mongragi |
kang kukuwu andhêdhepok ||

38.
Kyai Bayi myarsa atur manthuk-manthuk |
wusana wacana aris |
yata lah Wirya sirèku |
layak ya iku sayêkti |
pantês kabarmu amencok ||

39.
Amungayan têmên pawartamu iku |
kaya yèn iya sayêkti |
cêsse tyas manira milu |
nora maido ing warti |
lah padha rêmbugên kono ||

40.
Rèhning padha pinadhangakên ing ngèlmu |
prêsasat uga amurid |
marang Sèh Amongragèku |
kapindho wêlasa maring |
ingkang tinilar wirangrong ||

41.
Tambangraras kalangkung kawêlasayun |
priye enake kang bêcik |
susulên bae dèn-gupuh |
sira kulup Jayèngrêsmi |
mangsa bodhoa ing kono ||

42.
Ingkang putra kalih sandika turipun |
Kulawirya matur aris |
pan inggih sayêktosipun |
kula wus mawan pribadi |
mring ardi Kêlut upados ||

43.
Takèn mring wong dhusun kang cêlak ing ngriku |
ing Putat Kêpuh Wanasri |
agêmêt pitakèn-ulun |
inggih kang wau sayêkti |
anèng Kêlut ardi Mendhong ||

Jilid 7 - Kaca : 194

44.
Nanging sapuniki tan wontên kadulu |
kilap taksih botênèki |
dinugi wus kesah nglangut |
yèn tan makatên wus mati |
sirna nèng Kêlut kemawon ||

45.
Pan mêkotên caturipun tiyang dhusun |
pawukiran Kêndhit Pênggik |
judhêg patakèn-kula wus |
tita datan angsal kardi |
mantuk samêrgi angrempong ||

46.
Kyai Bayi Panurta langkung gêgêtun |
anjêngèk ngungun lingnya ris |
yèn mêngkono sira iku |
uwis lumaku pribadi |
kadèkne tan katon-katon ||

47.
E jawane lunga tirakat angruruh |
ya ta lah Wirya sirèki |
têtela lêpas jangkahmu |
prawira nglêgakkên ati |
Ki Kulawirya ambungkok ||

48.
Matur inggih bêrkah-paduka kasuwun |
mêngkana kang sami linggih |
sadaya kêlangkung ngungun |
mring ture Kulawiryèki |
tan nyana lamun mangkono ||

49.
Kyai Bayi Panurta malih amuwus |
ya wus sun-trima sirèki |
gus Wirya ing salakumu |
ing mêngko manèh pinikir |
mênawa olèh pawartos ||

50.
Andonga-a bae sêlamête laku |
wis payo bubaran mulih |
matur sandika sadarum |
Ki Bayi kunndur sing masjid |
putra ri santri gya bodhol ||

51.
Sowang-sowang mantuk marang wismanipun |
Ki Bayi praptèng wismèki |
ngandika mring garwanipun |
tanapi marang putrèstri |
Tambangraras kang gung wirong ||

52.
Kinabarkên lir ture kang rayi wau |
wit têkan wêkasanèki |
garwa putra arawat luh |
kadya winêjêg kang galih |
saking dahat tyas syuh kepon ||

53.
Tambangraras karuna sarwi umatur |
manawi parêng (n)Jêng Kyai |
kawula mit arsa nusul |
ing putranta Sèh Mongragi |
wus sêdya milalu luloh ||

54.
Kyai Bayi prêmbèh-prêmbèh nangis ngrangkul |
sarwi ngandika dhuh nini |
sarèhêna tyasirèki |
kêprimèn manira kari |
ibumu pêsthi anglamong ||

Jilid 7 - Kaca : 195

55.
Ni Malarsih karuna mêngkul ing sunu |
sarya ngling aywa lunga nis |
manira tan bisa kantun |
kaya mati tanpa budi |
sira wêlasa maring ngong ||

56.
Tambangraras rinapu ing rama ibu |
wontên lilihe sakêdhik |
nging tyas mêksih sangêt linglung |
kalangan dening sudarmi |
pêtêk tyas mangkêk kêpêngkok ||

57.
Myang Cênthini anangis nungkêmi suku |
antara dangu wus lilih |
lêga tyase rama ibu |
kukuwu anèng pawingking |
wisma sapungkure gandhok ||

393 Pangkur

1.
Wau Ki Bayi Panurta |
datan arsa kundur mring wismanèki |
tansah kang putra tinunggu |
kalamun sampun lêjar |
maksih asring dhinayohan siyang dalu |
mangkana datan winarna |
mangsuli kang kocap malih ||

2.
Sira Ki Sèh Amongraga |
ingkang lagya sênêt nèng pucak wukir |
Kêlut kidul-kilènnipun |
ardi Mendhong dènnira |
numpa pangabêktining Hyang Kang Maha Gung |
akarêm nèng jroning guwa |
laminira sèkêt ari ||

3.
Yata wau Sèh Mongraga |
karsanira linggar saking ing wukir |
ngandika mring santrinipun |
payo madal panjatan |
matur inggih sumangga nulya tumurun |
nuruti linggir gêntingan |
jurang pèrèng lêmah miring ||

4.
Manapis wana gêrotan |
pan kêpranggul wong dhêdhampalan sami |
mèt cokol godhonge umbut |
ngrampêt rambanan wana |
samya cingak ningali mring kang lêlaku |
anêrka yèn janma tama |
mêntas mahas wana wukir ||

5.
Mawan wana têrataban |
wontên puncuk wukir alit arêsik |
tan ana pêncu mênjutu |
amundri pucak papak |
atêtambi lilingiran suku gunung |
winastan ing gunung Padhang |
ingampiran tan asari ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (24) Kaca 186 - 192
  • (26) Kaca 196 - 200 >