Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01) Kaca 01 -13

 

( Ki Arisbaya nglajêngakên dongèngipun kadhaton Kabarehan )

1. Ki Arisbaya nglajêngakên dongèngipun kadhaton Kabarehan. Sèh Amongraga kairid manjing prênahing swantên anggêgirisi, gumuruh pating jalêrit kados lampahipun tiyang boyongan angili. Sèh Amongraga 4 dalu wontên ing ngriku manungku puja.

Lampahipun kalajêngakên, andarung nurut ardi Sakêthi (gunung Sèwu), ngambah rêdi Bungkak, Bau, Lèrèk, Kunci, Patak, Tekong lss. Dumugi ing guwa Kalak, kapanggih Ki Lokasraya. Ing ngriku lêrêm 21 dintên, adus ing patukan toya, lajêng tumurun dhatêng jêrambah badhe lumêbêt ing Song-putri. Arêpit rakiting guwa, pintu guwa kados ruji karang mêncorong. Manjing Song-putri sumêrap langêning song, sangkêp kadi raja kaputrèn endah, wontên ingkang kados pasareyan, sumbul lan pratula, kasur, bantal, guling, pêponcèn lan pêthi. Mangandhap katingal kados langêning kaputrèn amêpêksi.

Ki Lokasraya pratela bilih margi ing Song-putri rungsit sangêt, botên sagêd mlêbêt kajawi ingkang katarimah.


Kaca 01 - 13

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 1

 

 

SÊRAT CÊNTHINI VIII

404 Wirangrong

1.
Sèh Mongraga ngandika ris |
marang Ki Arisbaya lon |
yèn mangkono paman anira yun |
pan arsa udani |
têlênging Kabarèhan |
ayo paman Arisbaya ||

2.
Muga tuduhna wak-mami |
marang prênahê kêdhaton |
Risbaya turira sandika wus |
tumindak lumaris |
mring wana Kabarèhan |
tan kari Ki Jamal Jamil ||

3.
Mangalèr malipir wukir |
lêmpat-lêmpiting lêlêmpong |
prapta kayangan têlêngipun |
Kabarèhan wingit |
kèh têluh taragnyana |
sawulu-wuluning wana ||

4.
Pan dadi setan myang bêlis |
rumab sambang lêlês jorong |
tuwêg jajanggitan blêg-kêthêkur |
thong-thongsot pipindhir |
lêlêmbut jajalanat |
menje kêlunthung thèthèkan ||

5.
Bajangkêrèk olang-aling |
anja-anja lan bêbêthoh |
cicir myang kêmamang ilu-ilu |
kêblak banas-pati |
tulah gêladrang lekrang |
antu grêgês tulah-braja ||

6.
Mangkana Sèh Amongragi |
nèng paseban rawa rumpot |
lire pawêrangkan rawa rumbut |
nulya ngalèr malih |
wana ing kêrabyakan |
tambak calêrong bêbêgan ||

7.
Rawa Pakuwon awingit |
lêrês têlênging kêdhaton |
langkung wingitira lêbêtipun |
kêdhaton kang wus nis |
wontên saka satunggal |
agêng nèng têngahing rawa ||

8.
Kinubêng wit cangkring-cangkring |
myang druju gabus lan mendhong |
sobrah dukut rawa ganggêng tunjung |
biru putih kuning |
toyanya wêning maya |
-maya nyarong kadya kaca ||

Jilid 8 - Kaca : 2

9.
Sèh Mongraga kawan ratri |
nèng Kuwon têlêng kêdhaton |
wana Kêbarèhan lamun surup |
swara lir yaksa ngrik |
myang sima agêluran |
kadya surak mawurahan ||

10.
Umyung swara gora tri |
muring lêmut lawan jingklong |
golongan pêpanthan agrêgunuk |
salumbung gêngnèki |
lumampah awêwêngan |
jêjagowan kêkêbowan ||

11.
Kumêrab amyang tinggi |
pacêt lingsêng rês-êrêspoh |
bêlatung kêpinjal sêmut-latu |
caplak lalêr wilis |
mabyungan tanpa rungwang |
sawêr ulêr ting sêlasar ||

12.
Kêtonggèng myang kalajêngking |
kêlabang dan babak-salo |
tuma tumpa-tumpa uyêl timbun |
angrèp ngêsèt ngintip |
gumrêmêt pal-êmpalan |
wêl-wêlan sabodhag-bodhag ||

13.
Jamal Jamil kirig-kirig |
cêbrik sarwi atêtakon |
marang Arisbaya marmanipun |
kèh kang (ng)gêgilani |
dêdulon nora kaprah |
sukêr jênês jêjêmbêgan ||

14.
Arisbaya anauri |
sarwi bisik-bisik alon |
têlêng Kabarèhan (ng)gih puniku |
wus adat kadyèki |
kabèh pan brêkasakan |
rupa sawiyahing rupa ||

15.
Rawa ing Pakuwon nguni |
tilas kêdhaton ajêmblong |
sang ratu Mahraja Sasrabau |
katêlah samangkin |
malah angkêr kaliwat |
tan kenging kambah ing janma ||

16.
Yèn ta sampuna wong èdi |
bêndara-(n)dika nèng kono |
amêsthi yèn gagrag kari balung |
kewala ngalithik |
(n)dika mangsa suweya |
sakêdhap netranting sirna ||

17.
Gêtih dagingira gusis |
pinangan ing porang potho |
tan kari samêrang dalah sungsum |
balung kari aking |
kang sato nora pêjah |
jilma mara jilma pêjah ||

18.
Dhêlêg-dhêlêg Jamal Jamil |
anjonblong ulate cêlom |
karo pandirangan myarsa tutur |
tyasnya samya miris |
yata Sèh Amongraga |
nèng Pakuwon pakarêman ||

19.
Kèh swarane sabên ratri |
pating jlêrit kadya uwong |
jalwèstri nom tuwa sru gumuruh |
lir wong ngalih-alih |
usung-usung dandanan |
durung gambuh panggenannya ||

Jilid 8 - Kaca : 3

405 Gambuh

1.
Samya gègèr gumuruh |
setan mêmêdi lawan lêlêmbut |
kêblak anggas têluh tulah-braja cicir |
janggitan lan ilu-ilu |
thèthèkan thong-thongsot gonggo ||

2.
Bêbêthuh blêg-kêthuthur |
gidrah-gêladrah ludrêg kalunthung |
wèl-wèl lêthêg kulekah lêngkrah pipidhir |
budhur bênglêng lêngêr saput |
rumab anja-anja jorong ||

3.
Mangkana swaranipun |
payo kabèh padha lunga gupuh |
ngungsi paran awêdi têmên nèng ngriki |
ana tumbal kang linuhung |
lah payo gage ambolos ||

4.
Tan bêtah akukuwu |
anèng kene awak rêmak-rêmpu |
nora kuwat bêbalung lir dènlolosi |
ting jarêlih nguwuh-uwuh |
payo padha ngalih ênggon ||

5.
Gumêdêr swaranipun |
sawusira praptèng kawan dalu |
Sèh Mongraga nabda mring Arisbayèki |
êndi malih kang dinulu |
kang angkêr-angkêr ing kono ||

6.
Arisbaya umatur |
datan wontên malih mung puniku |
ing Pakuwon tilasing têlênging puri |
wingit pribadi kalangkung |
Sèh Mongraga lajêng menggok ||

7.
Mangetan marang gunung |
gunung Watulakar wastanipun |
punthuk alit anèng pipinggiring rawi |
praptèng nginggil wontên watu |
lir blandar lagya cinathok ||

8.
Sadalu anèng ngriku |
samya bubar-bubar dhêmitipun |
ingkang saking Pakuwon akesah malih |
samya jrih marang kang rawuh |
sadaya anglês alolos ||

9.
Sèh Mongraga amuwus |
payo paman Arisbaya mudhun |
lan kang êndi margane ingkang abêcik |
karsèngsun kewala laju |
dalane ingkang mangulon ||

10.
Mring guwa Kalak tèngsun |
Ki Arisbaya alon umatur |
inggih ardi Sèdhèng punika ing mangkin |
mangidul (n)jok ing Selakarung |
nuntên mangilèn kemawon ||

Jilid 8 - Kaca : 4

11.
Risbaya wusnya matur |
Sèh Mongraga anulya tumurun |
lèngsèr saking wana Kabarèhan nênggih |
ardi Sèdhèng menggok ngidul |
praptèng Selakarung ngaso ||

12.
Pan punthuk Selakarung |
apan guwa Sraboja ing riku |
Sèh Mongraga alon dènnya ngandika ris |
paman Arisbaya uwus |
wangsulèng-ngriku kemawon ||

13.
Paman manirarsa laju |
maring Kalak mung tuduhna tèngsun |
Arisbaya umatur sarwi nor-ragi |
lamun parêng sang abagus |
saparan tan nêdya adoh ||

14.
Sèh Mongraga amuwus |
ya wus bangêt paman tarimèngsun |
samya andum salamêt lunga kang kari |
Arisbaya lon umatur |
inggih kawula rumojong ||

15.
Nulya salaman gupuh |
Arisbaya anungkul (n)dhêkukul |
gantya asêsalaman Ki Jamal Jamil |
wus samya andum rahayu |
Arisbaya kantun ing (ng)gon ||

16.
Laju ing lampahipun |
saking Selakarung (n)jujur gunung |
lêlêmpitan jurang pèrèng lêmah miring |
nusup rêngkêding wanagung |
mangalèr anungsun sunglon ||

17.
Sungloning samodra gung |
ngêlojok sabêngawan gêngipun |
lir narmada tukung kêlangkung jronèki |
kadhang sinabrangan prau |
kadhang nut kewala menggok ||

18.
Ing klathak wastanipun |
ngalèr-ngilèn lampahe andarung |
tan ana dirgamèng wanadri kaèsthi |
anasak galagah rayung |
kang ruwêd ing wana bondhot ||

19.
Prapta ing ardi Puthut |
tanah wana Sidakêrsa nêngguh |
kalih ratri dènnya rêrêm anênêpi |
sawusnya nulyènjing laju |
lampahe anduduk-wuloh ||

406 Mêgatruh

1.
Sèh Mongraga andarung lampah lêstantun |
nut tirah ardi Sakêthi |
ardi Bungkak ardi Bau |
ardi Lèrèg ardi Kunci |
ardi Papak ardi Tekong ||

Jilid 8 - Kaca : 5

2.
Ardi Patra ardi Gita ardi Bêruk |
ardi Kèrèn ardi Cawik |
ardi Dhandhang ardi Srumpung |
ardi Lunjar ardi Dadi |
ardi Sanga ardi Terong ||

3.
Ardi Anggamaya ardi Karangulu |
ardi Bodhèh ardi Mrunggi |
mêrga nut ngidêri gunung |
prapta ing Kalak Mongragi |
tumamèng guwa amanggon ||

4.
Langkung sangêt karênan dènnya andulu |
pasang rakiting guwa sri |
lir paseban singupipun |
guwa Kalak tinon wingit |
majêng ngetan mujur ngalor ||

5.
Wiyaripun pangalore pêcak satus |
wiyare pangilènnèki |
apan pêcak pitungpuluh |
pinggir lir langse ngalêngkin |
angayu-apu wiwiron ||

6.
Langiting paseban pan inggilipun |
sangang dhêpa winatawis |
wiwarane wiyaripun |
pêcak kawandasa nênggih |
têngah kori watu togog ||

7.
Ing paseban rakite lir wong mêmantu |
lir gubah ngalèmbrèh asri |
tuwuhan pisang lan têbu |
cêngkir samya karangputih |
gatra tumèmplok anggêbyog ||

8.
Karang putih barêsih lir gulabatu |
pêthak sumilak gumrining |
sadaya rurupanipun |
kang lir ulam jrohan daging |
sangkêp saulaming kêbo ||

9.
Kang sumêlap kang cumanthèl myang gumantung |
warna-warna lir sayêkti |
ambêngan pênak bubucu |
panggang sumêlap atharik |
myang asahan lir sêsugoh ||

10.
Samya watu-karang pêthak sadayèku |
yata Ki Sèh Amongragi |
sakêlangkung sukèng kalbu |
ningali rekaning rakit |
rakit lir lagya mêmanton ||

11.
Nèng gigilang sela langking dènnya lungguh |
pinggir pisan lèr gyannèki |
ing dhampèng rong anyakêdhung |
wus rêrêm Sèh Amongragi |
nulya tumamèng marang jro ||

Jilid 8 - Kaca : 6

12.
Jroning guwa kèh kèsi-kèsi kadulu |
wiyaripun winatawis |
apan pêcak kawanatus |
kilèn sapêngetannèki |
godhange mujur mangulon ||

13.
Pangidule pêcak satus-pitungpuluh |
rolas dhêpa inggilnèki |
Prabadalêm wastanipun |
ingapit pagêr kakêlir |
kiwa têngên mujur ngalor ||

14.
Kang sagodhag kilèn pêtamanan agung |
kang godhag wetan Song-putri |
Prabadalêm têngahipun |
dene sakilèning kori |
jêmbangan carat mancorong ||

15.
Isi toya kêbak apan tundha têlu |
satundha jêmbangan katri |
nyalodhok ngubêngi lumbung |
kang satundha malih katri |
dadya pitu gêng sawiyos ||

16.
Sèh Mongragi siram nèng jêmbangan agung |
tan labêt têlêsing warih |
asêgêr sariranipun |
nging tan têlês dening warih |
srêp ayêm angganya raos ||

17.
Langkung rahmat raose sariranipun |
pirêna nikmating kapti |
Jamal Jamil datan adus |
awak kêbês dening warih |
têlês rambute kumocor ||

18.
Suprandene gêrah-uyang raosipun |
panas rungsang angganèki |
Mongraga mèsêm andulu |
mring wong roro Jamal Jamil |
ing sasmita wus karaos ||

19.
Nulya mring taman kilèn asri dinulu |
reka-rekane lir kitri |
samya jinêmbangan nglajur |
kang lir gagarmayang rakit |
ana kang kadya paidon ||

20.
Kang lir pendah kursi lawan payung-agung |
kang kadya gênthong kalênthing |
miwah kadya sumbul wakul |
ana lir kurungan paksi |
ana kang kadya garêbong ||

21.
Samya sela pêthak maya-maya mancur |
ingajêngan sadayèki |
sangkêp sining taman-santun |
gumilap pating parêlik |
samya ngrêrênyêp amompyor ||

22.
Miwah kang lir gangsa sarancakanipun |
kathah kang kadya tup saji |
tuwin lir palangkan payung |
nulya Ki Sèh Amongragi |
mucung lampahe mangulon ||

Jilid 8 - Kaca : 7

407 Pocung

1.
Yata wau nyabrang kali mili ngidul |
pan sapênggêlangan |
jrone kang lêlèpèn alit |
wiyarira apan amung salumpatan ||

2.
Nulya (n)dulu rakite wisma lir tajug |
ingapit balumbang |
alit pêsagi bot-rawi |
ingubêngan kakêmbangan jinêmbangan ||

3.
Pan ing ngayun wrana gapura palêngkung |
lir rinênggèng patra |
patrapan anut ing pinggir |
winastanan punika ing Pasanggaran ||

4.
Anèng ngriku Sèh Mongraga wolung dalu |
atangat palilah |
ing dalu tahjut lan têsbih |
amunajat salat mualat kiparat ||

5.
Pan sumungku kalangan dènnira sêkung |
anèng Pasanggaran |
tokit mansuh ing Hyang Widdhi |
anêlaskên suhulira mring Hyang Suksma ||

6.
Sawusipun anutug dènnya sumungku |
Ki Sèh Amongraga |
nulya angayêngi malih |
wontên ingkang kapyarsa lir muni gêntha ||

7.
Tinarutus ing lèr-wetan prênahipun |
nut têpi laleyan |
tigang tikung pan kêpanggih |
apan tètèsing tirta kang tibèng toya ||

8.
Saking luhur tumètès clêrènging ranu |
cumêngkling lir gêntha |
mèsêm Ki Sèh Amongraga |
Jamal Jamil ngucap jawane ngumandhang ||

9.
Tètèsipun kang muni lir gêntha tuhu |
Ki Sèh Amongraga |
anapis taman tulya sri |
kang sêngkêran kabèh mancorong lir gêdhah ||

10.
Nulya wangsul mring têngah jarambahipun |
wontên karang saka |
kadya tambining kang wringin |
agêngira cinakêpan gangsal dhêpa ||

11.
Kang (m)bing kidul karang gêng-agêng kadulu |
ingkang kadya kothak |
gêrobog kêmbu myang pêthi |
ting janggêlêg mèpèt ing pinggir atata ||

12.
Nginggilipun kamar agêng tilam arum |
apan inggilira |
saking jêrambah watawis |
kawan dhêpa yèn minggah mêdal ing andha ||

13.
Andhapipun agilig kadya galugu |
sendhe pojok wêtah |
tar mawi tataran kêdhik |
lus kewala mompyor lir galugu gêdhah ||

14.
Duk andulu Mongraga ciptaning kalbu |
kalangkung sukèng tyas |
dangu tumênga manginggil |
iku paran baya panggonanning apa ||

Jilid 8 - Kaca : 8

15.
Lawang luhur ingapit lir payung-agung |
mancur amarkata |
rênyêp lir gêdhah sinuji |
têka ngêndi margane bisa amunggah ||

16.
Baya iku kang sumendhe lir galugu |
nèng pojok ing wetan |
dene tan tutug mênginggil |
kadung kurang sadêdêg têka ing lawang ||

17.
Yata wau Sèh Mongraga karsanipun |
amanjat ing andha |
wus puput ing andha nginggil |
kadung kirang inggilipun salunjakan ||

18.
Astanipun gagap-gagap kang mêndhukul |
myang kêrowok ingkang |
kinarya gondhèlan nginggil |
nulya antuk cêlowokan ingayatan ||

19.
Kang mêndhukul ginujêngan mancad gupuh |
Mongraga wus munggah |
praptèng satêpining kori |
myang rakiting anjurudêmung tyasira ||

408 Jurudêmung

1.
Yata wau Sèh Mongraga |
karênan dènnya andulu |
guwa nginggil lir tilam-rum |
tumamèng jro patilaman |
rêngggane kumêndhung-kêdhung |
lir pinajang lèk murwèndah |
samya gumêbyar umancur ||

2.
Ingapit ing gagar-mayang |
kalangkung asri dinulu |
karang mancorong lir murub |
awor gêbyaring sêsaka |
sangkêp rêngganing jinêm rum |
sumbul kang kêndhi pratula |
kasur guguling krang ulu ||

3.
Lêlangitan ingkang têngah |
tulyèndah lir payung-agung |
wiwiron tundha tri luhung |
myang kang anèng kering kanan |
kêndhaga lante tutunggul |
sangkêp ingkang upacara |
samya gumêbyar sadarum ||

4.
Mangilèn ujuring kamar |
jêrambah kang pinggir kidul |
karang mundri kadya gênuk |
drês katètèsan ing toya |
saking nginggil tuking ranu |
kêbês rêmbês umês toya |
katandha ilining ranu ||

5.
Ambêlik anèng jêrambah |
Sèh Mongraga sukèng kalbu |
cipta jênak anèng ngriku |
tumingal langêning kamar |
ngunandika jroning kalbu |
baya ingkang karya tilam |
sujanma ingkang linuhung ||

Jilid 8 - Kaca : 9

6.
Punjul sêsamining guwa |
guwa tan ana kadyèku |
karya langêning pandulu |
wau Ki Sèh Amongraga |
nèng kamar dènnya sumungku |
priyangga ngêningkên tingal |
tan kacambor ing pandulu ||

7.
Anungge maring Hyang Suksma |
anjamak kasraning wêktu |
dadya neka wêktu-wêktu |
ing dalêm sêlikur dina |
mupid wiridira mansuh |
tanjèhing wêktu ijabah |
wus tan aroro pandulu ||

8.
Layap cêngêng kalêngêngan |
kang cipta rasa wus luyut |
wilayat gaibul guyub |
kumplang plêng tan kumalêndhang |
mulyèng wang-wang wung-uwung |
tan wawêngkon datan tuwang |
judhêg cunthêl thok-thêl munthu ||

9.
Tan kêjêp liyêp tan kêdhap |
ewuh murading asuhul |
tan kêna dinugèng kalbu |
yèku jaman ing kahnêngan |
mênêng sakalir tan mujud |
tan sirna tan kawistara |
mung Hyang Suksma kang Maha Gung ||

10.
Anèng jaman kaelokan |
kewala pribadinipun |
wus langgêng nora sakuthu |
mangkana Sèh Amongraga |
jênêk dènnira manêkung |
lepya wus tan kawêranan |
angga lir kayu katunu ||

11.
Santri ro Ki Jamal Jamil Jamal |
tan sagêd minggah mandhuwur |
anèng sor kewala mupus |
pan sasuka-sukanira |
kalamun karasa lêsu |
mêdal mring jawi ngupaya |
wohwohan katela gantung ||

12.
Tan pati ana nyamikan |
ing Gunung Kalak pan suwung |
mung pring pirang-pirang dhapur |
tan ana lyaning wit-witan |
namung sawiji pring apus |
ardi ingkang kering kanan |
akathah nyamikanipun ||

13.
Ardi Lawa ardi Buntal |
ardi Kêmbang ardi Pagut |
ardi Wire ardi Brayut |
ardi Bunar ardi Pada |
ardi Sanggar ardi Têruh |
ardi Wênang ardi Simbar |
ardi Candha ardi Puguh ||

14.
Anjajah Ki Jamil Jamal |
tulatèn angundhuh-unduh |
nangka kuwèni kêlayu |
nanas bendha pisang kidang |
suwêg uwi gadhung walur |
gowok kêtos lan widara |
lo wilada têbu sawur ||

15.
Apan kongsi patang dina |
angubêngi gunung-gunung |
ngambil wowohan ingundhuh |
kang matêng-matêng pinangan |
karone suka ing kalbu |
tan eling tunggu bêndara |
Ki Jamal alon amuwus ||

Jilid 8 - Kaca : 10

16.
Jamil payo maring guwa |
lamun bêndara andulu |
ring manira lan sirèku |
manawa winastan minggat |
sumaur ya payo wangsul |
mring guwa ngadhêp bêndara |
kang mirongrong amung kayun ||

409 Wirangrong

1.
Yata wau sang Mongragi |
nèng guwa Kalak amanggon |
wus salikur dina anèng ngriku |
luwaran Mongragi |
asiram nèng patukan |
sêgêr angga mari lupa ||

2.
Sawusnya siram anuli |
Mongraga tumurun alon |
prapta ing jêrambah karsanipun |
malbèng ing Songputri |
gogodhag ingkang wetan |
mêdal saking lor marginya ||

3.
Ngandika mring Jamal Jamil |
lah payo malbèng marono |
samya tur sandika sigra laju |
marang ing Songputri |
tumama ing wiwara |
arêpit rakiting guwa ||

4.
Lawang ing guwa lir ruji |
ruji karang amêncorong |
tan sêdhêng dinuga langkung ciut |
korining Song-putri |
mangkana Sèh Mongraga |
umangsuk sêdhêng kewala ||

5.
Ki Jamal Jamil tan kenging |
masuk samya sêsak karo |
tan kêna pinêksa dadya kantun |
wong roro nèng (n)jawi |
pan anganti kewala |
yata Ki Sèh Amongraga ||

6.
Myat langênipun guwa putri |
sangkêp saliring perabot |
raja kaputrèndah rekanipun |
kang kadya tilam mrik |
angapit kêmbar-mayang |
sumbul kawalan pratala ||

7.
Parsikan kasur-guguling |
reka gatrane lir yêktos |
kêndhaga kêkawal karangulu |
poponjèn lan pêthi |
nginggil têngahing tilam |
lir sagung agung sajuga ||

8.
Sumilak putih nêlahi |
kabèh mancorong sri tinon |
sira Sèh Mongraga nulyandulu |
wontên kori malih |
malang lawanging guwa |
patute kadya salêpa ||

9.
Nulya linêbêtan aglis |
sumusup sarwi angesot |
pan kalih landheyan têbihipun |
butule kang kori |
apan anjog mangandhap |
wiyar godhaging gêdhongan ||

10.
Tan pae ingkang kaèksi |
rakiting tilam kinaot |
sangsaya murwèndah kaputrèn mêpêki |
nulya na malih lawang |
arêpit pipit lêmpitan ||

Jilid 8 - Kaca : 11

11.
Kadya gubahan lêlêngkin |
sigra linêbêtan ing jro |
nut wironing karang siluk-siluk |
têkukaning margi |
anjok malih mangandhap |
wiyar godhaging jarambah ||

12.
Tan prabeda rakitnèki |
tilam sangsaya di kaot |
mubyaring parêngga sri dinulu |
lir maniking warih |
sabên sawiji tilam |
lir payung agung kêmbaran ||

13.
Wontên karang anaritis |
ing luhur pinggir kang kulon |
kumucur toyanya tètèsipun |
tibèng sor lir grimis |
kirih ngalèn lir talang |
cêlowok dadya bêbêngan ||

14.
Balumbang alit ambêlik |
Sèh Mongraga duk sira non |
tirta ing antara sukèng kalbu |
ngambil toyastuti |
salat nèng karang kamar |
ambengatkên tangatira ||

15.
Pan tigang ari tri ratri |
dènnya nênêpi ing kono |
tan na katingalan jroning nêkung |
ing sasmita tunggil |
tan ewah kadya saban |
têrate tuwuhing tawang ||

16.
Anungge langgêng tan gingsir |
ing sasmita wus anggathok |
ing cipta tan mamang trusing kalbu |
mangkana Mongragi |
sawusira tri dina |
luwar saking pajungkungan ||

17.
Asiram pêrês nèng bèji |
toya tilasing rêraos |
sawusnya siram karsanipun trus |
tumulya umijil |
cipta laju kewala |
tan giris andarung lampah ||

410 Girisa

1.
Yata Ki Sèh Amongraga |
wus mijil saking jro guwa |
prapta ing (n)jawi kêpanggya |
mring santri ro Jamil Jamal |
Mongraga alon ngandika |
lah payo laju kewala |
ngalor nut paraning karsa |
santri ro matur sandika ||

2.
Nulya wontên janma prapta |
satêngah kapara tuwa |
saking dhukuh Wanasêkar |
Sèh Mongraga lon ngandika |
ki sanak ngêndi wismanya |
lawan sapa arannira |
umatur ingkang liningan |
kawula pun Lokasraya ||

Jilid 8 - Kaca : 12

3.
Marêk kula ing paduka |
(n)tuk punapa anèng guwa |
alon dènnya angandika |
manira santri ngumbara |
moyang ing saparan-paran |
Jamal Jamil nambung sabda |
kula sojar ingandika |
(ng)gih wakane Lokasraya ||

4.
Apan wus salikur dina |
(ng)gubêk jroning guwa Kalak |
rèh pun adate ing Kalak |
pundi kang dadya mampangat |
Lokasraya naur sabda |
adate kang kalampahan |
sadaya dadi pratandha |
uwuk lan angsaling karya ||

5.
Yèn masuk sajroning guwa |
apadhang tan mawi pandam |
barang rurupan katingal |
tandha lamun kinalilan |
luwar tyase kang asusah |
yèn tiyang tan angsal karya |
guwa pêtênge kaliwat |
obor kadhang asring pêjah ||

6.
Dene kang angkêr priyangga |
pêpundhèn ing guwa Kalak |
apan sêkawan panggenan |
kang dhingin Jêmbangan carat |
ping kalih ing Pasanggaran |
ping tiga ing Kamar-dalêm |
ing Song-putri sêkawannya |
pan samya dadya ngalamat ||

7.
Yèn Jêmbangan gêng akêbak |
adus utawa kêramas |
barang kajate glis prapta |
lan malih ing Pasanggaran |
kucur balumbang bak toya |
kaline mili bantaran |
tamtu enggal kang sinêdya |
yèn tan manggih bêgja asat ||

8.
Pucêt sakèhing rurupan |
lan malih ing Kamar-dalêm |
yèn tiyang kang bisa munggah |
yêkti gêng nugrahanira |
kèh tiba lajêng pralaya |
ingkang tan sinungan bêgja |
dene ing Êsong-putri ka |
kang sêdhêng utawa longgar ||

9.
Lujêng sasêdyane têka |
yèn tiyang datan kalilan |
pêsthi sêsak sariranya |
lêngêne mangsa sêdhênga |
de lampah (n)dika punika |
kalangkung angsal nugraha |
Mongraga mèsêm ngandika |
paman donga pakênira ||

10.
Manira iki supaya |
olèh sawabing sasmita |
wus paman rika kariya |
andum waluya kewala |
manirarsa alêlana |
nuruti paranning karsa |
tan wruh wêkasaning lampah |
umatur ingkang liningan ||

Jilid 8 - Kaca : 13

11.
Lamun parêng ingkang karsa |
ngong-aturi mring wismamba |
kawula atur sugata |
angling ya wis sun-tarima |
gya pinaring sêsalaman |
myang Jamal Jamil salaman |
Lokasraya myat Mongraga |
lir mas tumimbaling toya ||

411 Maskumambang

1.
Gya umangkat wau Ki Sèh Amongragi |
pan angalor-ngetan |
nut awan ardi Sakêthi |
Lokasraya tuduh marga ||

2.
Tigang èdhèng dènnira atuduh margi |
nèng ardi Salumbat |
rarywan Mongraga lingnya ris |
wus paman rika baliya ||

3.
Anèng kene kewala pan wus utami |
rika tuduh marga |
Lokasraya matur aris |
inggih kang margi punika ||

4.
Lamun wontên margi sisimpangan ngarsi |
nyidhat ngilèn ngiwa |
sampun paduka margèni |
kang têngên kewala ngetan ||

5.
Anjog ardi Bêlah ngêncêng ngalèr mangkin |
margi gêng kang kambah |
tiyang papasaran sami |
Sèh Mongraga angandika ||

6.
Bangêt trimèngsun mring pakênirèki |
saksana umangkat |
lan santri ro Jamal Jamil |
kapungkur ingkang tinilar ||

7.
Sèh Mongraga mahawan ing wana wukir |
nabrang kali Kêrta |
nut tirah-tirahing wukir |
jujurang sêngkan sinêngkan ||

8.
Ardi Curak ardi Purak ardi Mangir |
ardi Surawana |
ardi Jaya ardi Lusi |
ardi Burat ardi Dara ||

9.
Ardi Singgat ardi Putat ardi Kili |
ardi Watukapa |
ardi Susur ardi Putri |
ardi Bêrèk ardi Setra ||

10.
Ardi Rapang ardi Borang ardi Cicil |
ardi Sukadana |
ardi Kamal ardi Jubris |
ardi Kawat ardi Sarang ||

11.
Pan andarung lampahe Sèh Amongragi |
pan samarga-marga |
guwardi kèh dènampiri |
guwa Prècèt guwa Wawal ||

12.
Guwa Karas guwa Kakar guwa Riris |
myang guwa Saroja |
guwa Gonjak guwa Têlik |
guwa Tasik guwa Sulang ||

13.
Guwa Kolor guwa Sumbêr guwa Titis |
guwa Padhangbulan |
guwa Tèlèng guwa Kingkin |
guwa Traya guwa Gatra ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 08
  • (02) Kaca 14 - 15 >