Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (18) Kaca 278 – 284

 

( Nutip wangsul dhatêng karandhan )

4. Nutip wangsul dhatêng karandhan, kadangu ngaturakên bilih Jayèngrêsmi maklum dhatêng ingkang paman. Sasampunipun sami nêdha, cêpak-cêpak badhe salat Luhur. Ki Kutawirya adus jinabat ing blumbang, dumadakan dipun-susul nyi randha kalihan Kacêr, ginujêg pinêksa untir ing salêbêting toya, nanging botên sagêd damêl marêmipun nyi randha. Kulawirya sasampunipun wudu enggal dhatêng langgar badhe salat kalihan ingkang putra tuwin Nuripin. Sasampunipun salat lajêng lênggahan, wasana kasusul dening Kacêr kasuwun wangsul dhatêng wisma. Botên sanès namung supados ngladosi salulut kalihan nyi randha ngantos sarampungipun. Ki Kulawirya badhe dipun-caosi punapa ingkang dipun-pundhut, nanging kasumênèkakên. Ki Kulawirya wangsul dhatêng langgar pêrlu salat Ngasar, têka katingal têlês kêbês awit saking kasêsanipun, dados gêgujênganipun Jayèngraga lan Nuripin.


Kaca 278 - 284

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 278

502 Gambuh

5.
Ki pêngulu ngacêmut |
(ng)gih dhi Nuripin puniki sabuk |
gringsing wayang ngong milala ing nêgari |
wus masêm nging rada alus |
(n)dawêg ing riku nèh anggo ||

6.
Ki Nuripin agupuh |
anampani sabuk sarwi muwus |
dhuh lah-dalah nyata utami si kyai |
o pira-pira ing besuk |
ganjarane wuwah-wuwoh ||

7.
(ng)Gih sami-saminipun |
donga-dinongakkên akiripun |
Ki Nuripin pamit kinalilan aglis |
langkung ing latar nêrutus |
samêrgi cincing angrimong ||

8.
Tan dangu lampahipun |
mangetan mring kêrandhan prapta wus |
ing pandhapa nuju ngawirya kalih |
satêngah nadhah andulu |
Nuripin nganthukan gupoh ||

9.
Wus prapta anèng ngayun |
antara kang bukti samya nutug |
Jayèngraga Kulawirya sarêng wijik |
ambêng cinarikan dinum |
Nuripin myang wong pêngisor ||

10.
Ki Kulawirya muwus |
dene suwe anggotèk sirèku |
baya ana dukane Ki Jayèngrêsmi |
pêsthi sira adul-adul |
ngomong ing sapolahingong ||

11.
Kathik wuwuh jaritmu |
sapa kang awèh dene amênthung |
Ki Nuripin matur mèsêm-mèsêm ajrih |
inggih kawula dinangu |
kula pêsaja kemawon ||

12.
Tan dados dukanipun |
malah-malah sangêt maklumipun |
kados sampun kauningan klêthêknèki |
Ki Wirya mèsêm atutup |
lathi loro dhêngkul megos ||

13.
Sasmitèng putranipun |
angèsêmi ing pasêmonipun |
matur malih dene kang sinjang puniki |
(ng)gènnya nyukani pêngulu |
pêsalin (ng)gèn-kula ngêbrok ||

14.
Lajêng sinungkên ulun |
kados saking bungahe lir kaul |
sabab dipun-wulang mring putranta ngèlmi |
kêlangkung asugun-sugun |
lan wontên anake wadon ||

Jilid 8 - Kaca : 279

15.
Pêrawan ragi ayu |
mêsês sêdhêng mêpêk brainipun |
sêsolahe ginawe-gawe mranani |
kalebate sangêt wuyung |
marang putranta sang anom ||

16.
Nanging datan sininggun |
kalèncère angècèr kêmayu |
ayak-yakan lir dhêdhara amèmèti |
tan kepadhan dhêmênipun |
sang bagus tan rêna anon ||

17.
Jayèngraga gumuyu |
apa nyata tuturira iku |
bok manira bae tawakna Nuripin |
kirane apa ta payu |
Nuripin umatur kados ||

18.
Arame tandhingipun |
apan kêdhik ragi kawon sêpuh |
nging kasanggi mêmpêng sadhengah nèng nginggil |
Jayèngraga sru gumuyu |
dicêprat bisa ambanyol ||

19.
Lah wis mangana gupuh |
sigra Nuripin mapan asuguh |
sakathahing jangan winor dadi siji |
limang cowok dènnya imbuh |
akokoh mêncêp sacuwo ||

20.
Pamuluke a-ibut |
serap-serop nêsêp-nêsêp duduh |
cuwak mangan iwak mal-mol mêratani |
Ki Kulawirya amuwus |
jêk ngrungu ana wong ngêbrok ||

21.
Umatur sami nyamuk |
ênggih kula kang ngêbrok gèk wau |
ngiki bokêng pêngêg mawong sampun mayi |
Kulawirya ngling gumuyu |
cangkêm bak amblabak ngomong ||

503 Balabak

1.
Ki Nuripin saya sêngkut amangan |
puluke |
Kulawirya anggêguyu mring Nuripin |
tandhange ||

2.
Bok sing tamban bae pamulukirèki |
dilèngèng |
susu-susu kaya wong dèn-buru bajag |
polahe ||

3.
Iya-iya yèn kongsi ngêbrok sirèku |
mêngkone |
nora wurung ngong wudani babar pisan |
gêmbunge ||

Jilid 8 - Kaca : 280

4.
Ki Nuripin malêruk kêdhèp narithil |
ulate |
ah uwis thim yèn kêbrojolan têmênan |
têmahe ||

5.
Dadi gawe mundhak muwuhi prêkara |
têmahe |
mêngko bae tak mangan manèh kang warêg |
enake ||

6.
Tan dèn-êntèkakên pan kantun sakêdhik |
sisane |
Kulawirya ngling dingarèn nora êntèk |
sêgane ||

7.
Matur mèncêp ah botên sampun atuwuk |
wêtênge |
yèn têlasa tan wande angsal sêngkala |
adate ||

8.
Kulawirya gumuyu sarwi nudingi |
wuwuse |
landhêp têmên Nuripin wêruh sinêmon |
si Pothèt ||

9.
Kang liningan rèngkod mengo sarwi wisuh |
tangane |
gya sininggahakên ajange sêdaya |
piringe ||

10.
Wus luwaran kang samya mangan lorodan |
kabèhe |
Jayèngraga ngandika marang kang paman |
wuwuse ||

11.
Lah suwawi paman sami salat Lohor |
sêdhênge |
ingkang paman nauri lah iya sêdhêng |
wêktune ||

12.
Jayèngraga mèsêm-mèsêm mring kang paman |
wuwuse |
wawi bêdhèk kasupèn dèrèng jinabad |
yêktine ||

13.
Ki Wirya ngling anjumbul o o lah iya |
kêlalèn |
ya ngong adus sadhela mêngko ngong-nusul |
mêngkone ||

14.
Sigra gepak mring bêlumbang pambêbêngan |
iline |
sêrèwèhan saking dhawuhan sinidhat |
toyane ||

15.
Ingkang samya pinara-para tirtanya |
sêmrèwèh |
(n)jog ing blumbang pambêtêgane awiyar |
ombère ||

16.
Pan ing riku pa-adusane ni randha |
sabêne |
kasukane sring asring bèbèk-bèbèkan |
adate ||

17.
Asisiwo lan wong lanang nèng balumbang |
arame |
sabên adus wor-winor lanang lan wadon |
rusuhe ||

Jilid 8 - Kaca : 281

18.
Têlung dhèmpèl patang dhèmpèl limang dhèmpèl |
dhangkoke |
apan dadi kabungahane ni randha |
karêpe ||

19.
Kalawirya nulya dus anèng bêbêngan |
kungkume |
nyai randha nèng pawon gêrah arsa dus |
ge-age ||

20.
Dasar wontên kang tutur yèn kenthol adus |
samangke |
bungah-bungah nguwuh payo Cêr mreneya |
dèn-age ||

21.
Kang liningan gupuh nututi ni randha |
guyune |
kêlikikan dènyarsa adon asmara |
anèng we ||

504 Asmaradana

1.
Ki Kulawirya tan uning |
mring ni randha praptanira |
lan Biyang Kacêr ge-age |
cucul tapih sarêng wuda |
(m)balêjêd bubukungan |
karone barêngan ambyur |
ring toya Ki Wirya kagyat ||

2.
Sêdhadha jêrone warih |
ngabyag rêbatan anyandhak |
siji cêg guthul mêk konthol |
kenthol Kulawirya latah |
cinènèng ngering nganan |
rada (ng)guyu-(ng)guyu rêngu |
ing batine kami-gilan ||

3.
Namur guyu ngling jro ati |
o Allah iki wong apa |
kaya mangkono polahe |
wong padha dubilah setan |
jawane ngong kêsasar |
ing laku rada kêpaung |
kalurung kalbèng loropan ||

4.
Sêkala èngêt ing melik |
gampile ingkang tinêdha |
tyas binêtah-bêtahake |
ginujêg jinak gonjakan |
ni randha nyènèng ngarsa |
dinudut puthêr ngalelur |
sabab srêp kakum jro toya ||

5.
Ni randha andhêdhêkati |
dèn-pakak-pakakkên wokan |
ingusêlakên ngalèlèh |
kur dumuk-dumuk kewala |
kewuhan tan kêlawan |
Ni Kacêr ngrangkul nèng pungkur |
susu nyunyunge gêpokan ||

6.
Kanal-kanol anèng wuri |
Kulawirya tanganira |
mring wuri cêg nêkêm gêmbok |
(m)bêdêdêng tangi guthulnya |
ni randha bungah-bungah |
i kenthol guthule mulur |
wawi sablêsan kewala ||

Jilid 8 - Kaca : 282

7.
Dêg-adêgan nèng jro warih |
bokong boyoke Ki Wirya |
rinakêtan pêmapane |
ni randha ngrêngih turira |
sampun lêrês wawi ta |
nulya pinadal nêd blusuk |
kèpêrêdan dening toya ||

8.
Lagya nêm angkrêgan mari |
mungkrêd nglalêntroh lir lintah |
ngling ah êmpun mangke malèh |
misih slulub sibublungan |
ni randha langkung cuwa |
andadak wus dènnya adus |
ngasut nyamping sabuk dhêsthar ||

9.
Laju ngambil toyastuti |
nulya gupuh maring langgar |
kang putra ngangkat parlune |
kang paman laju sêmbahyang |
makmum marang kang putra |
wus paragat dènnya wêktu |
sêsalaman tata lênggah ||

10.
Jayèngraga mèsêm angling |
dene tan cancingan paman |
kawalêdan ngorod-orod |
punapa sababe paman |
Ki Kulawirya nabda |
sêpuluh wong wus kêbacut |
ya mangsa sasèn-sasèna ||

11.
Yèn rinasakkên wong iki |
kèh têmên durakanira |
yèn ta aja-a kapêngkok |
nora gêtun sêsandhingan |
marang wong kêsurupan |
durung tumon wong kadyèku |
ngangah-angah kênèng tulah ||

12.
Jèngraga gumuyu angling |
êng biyang puniku napa |
dangdanan sampun kêlakon |
inggih tinêmah kewala |
bok sampun samudana |
kang paman kluhuran wuwus |
mèsêm wêkasan alatah ||

13.
Ya satêmêne kadyèki |
nanging rasane tyasingwang |
tan kuwat rong dina manèh |
munga sawêngi kewala |
binêtahkên pinêksa |
sesuk byar bae gya mundur |
minggat ywa nganggo pamitan ||

14.
Kiye bakal mêngko bêngi |
jarene nganggo nayuban |
nêkak-nêkakên dhayoh |
manira tan pati rêna |
Jèngraga ris wuwusnya |
lah bok inggih kajêngipun |
kêdah-kêdahe piyambak ||

15.
Ki Kulawirya nauri |
yèn ngandikan ring rakanta |
winastan ambandhang berod |
Jayèngraga mèsêm paman |
[---] |
mindhak (m)bêdhandho ing kalbu |
têkading rèh kêtanggungan ||

16.
Tiyang sampun dèn-maklumi |
marang putranta kakangmas |
punapa ingkang rinaos |
Ki Kulawirya wus lêjar |
myarsa rêmbaging putra |
lah ya yèn mêngkono sokur |
yata kang anèng pandhapa ||

Jilid 8 - Kaca : 283

17.
Ni randha mêmatah kardi |
parentah ring kaumira |
èh Duljaya dèn-agupoh |
sakèhe wong lanang-lanang |
mangsa bodhowa sira |
wong kang sêsambatan kudur |
kon-tarub (m)bladhah pandhapa ||

18.
Nyuruhana pra pêtinggi |
umbul bundhêl miwah dêmang |
manira nayuban gêdhèn |
padha aturana têka |
mêrene pra pêrapat |
sagêdhugane atimu |
lah wis andadaka karya ||

19.
Kang liningan sigra rakit |
Duljaya pandheganira |
wong sêsambatan kumroyok |
têtarub (m)bladhah pêndhapa |
ngirat pring ngambil blarak |
karya cagak pelagipun |
miwah wong ingkang dinuta ||

20.
Tan dangu sêkala dadi |
bêrkat rinayap wong kathah |
agupruk lir wong mêmanton |
wong wadon kang olah-olah |
pan samya sêsambatan |
ni randha kawasanipun |
bisa andadak wong kathah ||

21.
Bêrkat-bêrkate wong sugih |
sabarang karêpe dadya |
tan gêbutuh gawening wong |
ni randha ngling mring Duljaya |
mêngko sira nuduha |
undangên ronggèng si Madu |
kang sring dadya wirangrongan ||

505 Wirangrong

1.
Duljaya ature inggih |
barang parentah linakon |
tan ana kuciwa sarwa rampung |
lir minangka patih |
pinitaya ing karya |
rinêngkuh wus kadya rayat ||

2.
Ni randha lingira aris |
lah biyang Kacêr dèn-gupoh |
maringa ing langgar konên kondur |
kentholmu dèn-aglis |
ni Kacêr sigra mentar |
praptèng langgar aturira ||

3.
Dhuh kenthol Kulawiryèki |
paduka ngaturan gupoh |
kang ngaturan mojar mring kang sunu |
lah payo dèn-aglis |
pinanggil marang wisma |
Jayèngraga mèsêm mojar ||

4.
Kewala kula nèng ngriki |
prayogi paman kemawon |
mangke bakda Ngasar kula nusul |
Ki Wirya gya kering |
prapta anèng pandhapa |
ni randha Sêmbada turnya ||

5.
Putra-(n)dika Jayèngragi |
punapa sagêd anggambyong |
Ki Wirya anabda e lah temtu |
sagêd napa malih |
rêmêne ambêksa |
(ng)gih mangke kantênanira ||

Jilid 8 - Kaca : 284

6.
Yèn kemase lêkas ngibing |
moh èstri bokonge kêproh |
wong sarwa sêmbada dhasar de-gus |
bêsus aprak-ati |
nèng krajan Wanamarta |
sakêrsane tan kêpalang ||

7.
Ni randha dèn-kêkandhani |
cas-cès ilêre narocos |
wahing agêbrèsan ngêlêd idu |
anyabe mrêkinding |
sisi angop klakêpan |
Ki Wirya gumuyu suka ||

8.
Wicarèng tyas baya iki |
uwong nanging dudu uwong |
ambakna doyanan nora nyêbut |
kêranjingan iblis |
wus gêrang kêna ngènjang |
lanate ginawa modar ||

9.
Tagihan lir wong madadi |
ngilêr brêbês-mili angop |
ni randha ris mojar kenthol bagus |
suwawi aguling |
kawula yèn tumingal |
mring kenthol tan betah towang ||

10.
Mumpung kenthol sudi mampir |
mangsa yèn kêrsa-a andon |
wawi ta wawi ta kula bagus |
mêjên sangêt dening |
anuwun kakangênan |
Ki Wirya mèsêm ngandika ||

11.
Dene wau la gèk uwis |
biyang bok darapon aso |
ni randha amêksa ngajak turu |
Ki Wirya anuruti |
gya masuk marang wisma |
tumamèng kobong kalihnya ||

12.
Tan kongsi tata alinggih |
samya wuda srewat-srewot |
ni randha cêg nyandhak guthulipun |
singok dèn-ambungi |
biyang Kacêr ingundang |
prapta lajêng winudanan ||

13.
Tumut nguwêl nguli-uli |
ginêrayang alon-alon |
griming mrih (b)bêngkayang dèn-ciciyum |
nêd (m)bêdêdêng tangi |
ni randha bungah-bungah |
gya mêlumah amêkakah ||

14.
Tiniyung kinèn ngakahi |
linantarakên ingothong |
Ki Wirya tyasira ragi sêngkut |
myat kang wuda sami |
manahira gambira |
tinamakakên blês ing wokan ||

15.
Angathak ngêpok tan kari |
mêncêp cêp-cêp adu cocor |
nêlas polah tingkah yèn ngêlegur |
amalembang maring |
Biyang Kacêr sinunggar |
anutuk sadhengah-dhengah ||

16.
Wus dangu dènnira untir |
eca nyèmplo dèn-kêrubut ro |
luwaran dènnira sami undhung |
Ki Kulawiryèki |
anggêledhag ngalèmprak |
lêsu tanpa bayu sayah ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17) Kaca 266 - 277
  • (19) Kaca 285 – 286 >