Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 16

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09b) Kaca 109 - 124

 

( Jayèngrêsmi dalah kanthinipun ngadhêp Ki Sèh Sidalaku )

09

III. Jayèngrêsmi dalah kanthinipun ngadhêp Ki Sèh Sidalaku ing rêdi Padhangeyan, katêdahakên guwa Sêntor pasênêtanipun Nyai Agêng Jênangan (Dèwi Kilisuci). Lajêng sami kawêjang bab kawruh warni-warni kalêbêt isinipun Sêrat Panitisastra.

1. Saking watu towok, Jayèngrêsmi sakanthinipun nglajêngakên lampah kadhèrèkakên Ki Wanalela. Wanci sêrap surya dumugi ing padhepokanipun Ki Sèh Sidalaku inggih Ki Wargasastra ugi mitranipun Ki Bayi Panurta.

Jayèngrêsmi ngaturakên wigatosing lampah ngupadi Sèh Amongraga. Ngandikanipun Ki Sèh Sidalaku, Sèh Amongraga taksih nglajêngakên tekadipun, ing wêkasan badhe kababar ing Tunjungbang, prasasat nyawiji kalihan Sultan Agung. Dalunipun nêdhêng wulan purnama, Ki Sèh Sidalaku kadhèrèkakên Jayèngrêsmi sakanthinipun pêrlu nitik pêrtapan. Mangalèr dumugi ing guwa Sêntor, ing salêbêtipun wontên sela-sela mawarni-warni. Punika têrusanipun guwa Pedhali. Mêdal saking ngriku anjajah sakiwa-têngênipun. Katêrangakên bilih guwa Sêntor punika patilasanipun Nyi Agêng Jênêngan (Dèwi Kilusici  paramparanipun para rayi-nata ing Kêdhiri lss. Kasambêt cariyosipun Panji mênang pêrang mêngsah Bali. Jayaning prang wau awit saking anggènipun sami têtèki ing Padhangeyan, mila ing laladan ngriku kathah patilasaning pêrtapan. Nadyan jaya ing jurit, Panji Asmarabangun tansah manungku puja mrih widadaning wêkasan. Lampahipun anut kabudan.

Ki Sidalaku nêrangakên dhaupipun lampah kabudan kalihan saraking agami Islam, kasambêt bab ajaran (pitêdah) mawarni-warni, bab kawicaksanan lair batos ngantos bab utamining kawêkasan kasbut ing Sêrat Panitisastra, kasambêt bab Sandisastra lan Sandi-kirana i.p. gêgêbênganipun aksara Jawi ingkang mêngku pralambang lan pitêdah warni-warni.


Kaca 109 - 124.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 109

546 Mijil

7.
Dadya rusak sêkarone sami |
lirnya kudon-kudon |
alaning wong bangkolan karone |
ing ngagêsang kêdah andarbèni |
sarya kang utami |
pawong-mitra tuhu ||

8.
Ingkang katon kaluwihanèki |
kang tanggon katêmpoh |
ati rowa duk sang naga gêdhe |
binuru mring sang garudha pêksi |
naga pinalêcit |
dumadak katêmu ||

9.
Lan Bathara Sramba lingira aris |
èh naga sirèko |
kapiyandêm lumayu marang ke |
matur kularsa minangsa dening |
sang akagapati |
marmamba pukulun ||

10.
Ulun lumajêng langkung dahat jrih |
mring garudha anon |
yang Bathara Sramba lon dêlinge |
sirèku ta paran arsa urip |
ingsun kang nulungi |
sang naga umatur ||

11.
Inggih amba minta tulung mamrih |
gêsang karahayon |
ngling Bathara Sramba lah sira ge |
kumalunga jangga-ulun iki |
naga gya mulêd ing |
têngggêking dewa wus ||

12.
Gya prapta sang garudha non maring |
sang naga amanggon |
nèng angganing sang wignya dewa-ngrèh |
garudha nir krodhanira mêksih |
arsa mangênjali |
myat ring naga granggu ||

13.
Yun tan nêmbah jrih ing bathara di |
ila-ila ring sot |
kewala nêmbah sing luhur bae |
riwusnya nêmbah sang kaga-pati |
mêsat sing ngarsaning |
dewa kang palungguh ||

14.
Kang puniku palupining janmi |
saryotamèng tanggon |
Jèngrêsmi mèsêm sasmitèng rine |
miwah marang kang paman sarya ngling |
jawènipun ugi |
ngagêsang puniku ||

15.
Wus cinupan ing sastra ngingkêti |
pênêd lawan awon |
tan bodho pra janma pênganggite |
tan pai lan ngalim kang musanip |
anêgêsi Dalil |
Kadis minulya nung ||

16.
Kang paman ngling kojahe kiyai |
Wargasastra mèncok |
mungguh lakwèng kauripan kiye |
wus ginaris bênêr lawan sisip |
ondhe mêlimpingi |
janma di lan kumprung ||

17.
Kadipundi malih kakang kyai |
bab kang winiraos |
Kae Wargasastra lon wuwuse |
inggih wontên malih ondhenèki |
kang kocap ing jilid |
jawi jarwanipun ||

Jilid 9 - Kaca : 110

18.
Tingkahing anak yogya manut ing |
wong tuwane karo |
lir ta bulus yèn ngêndhog mangsane |
pinêndhêm tinilar aprandening |
yèn wus nêtês sami |
tiru ingkang sêpuh ||

19.
Rupanira sadoyananèki |
tiru bapa êmbok |
sêsamine ulam pêksi kabèh |
samya tiru wong tuwanirèki |
sapari-bawèki |
sadaya kadyèku ||

20.
Yèn manungsa pan datan kadyèki |
inganakkên wong ro |
dinulang ing krama sêprandene |
yèn wus tuwa tinggal solah-bawi |
awiji pribadi |
arang ingkang tiru ||

21.
Anaking durjana kadhang dadi |
pêndhita kinaot |
kadhang anaking pêndhita gêdhe |
dadya durjana julig ajuti |
dene ta tan kadi |
wong atuwanipun ||

22.
Kang pêndhita aywa sah sêmadi |
lawan dèn-akukoh |
tapa-brangtanira kang pakolèh |
mulyakkên ing nêgara sèstuning |
tuhu pêndhita di |
manuh ing sastra gung ||

23.
Sawêlinging sastra dèn-kukuhi |
budi karahayon |
mungguh wong agung kautamane |
ri kang arta busana lan rukmi |
pèni-pèni tuwin |
sêkul ulamipun ||

24.
Yogya dinanakna maring dasih |
palanya pyuh kèpon |
angandhêmi ing saparentahe |
rumêksèng praja kukuh ngabêkti |
têkèng têpis-iring |
mashur dana luhung ||

25.
Mungguh wanodya kêlamun laki |
palanyah antuk ndon |
anak lanang kang kêndêl wruh ing rèh |
aywa kadya singa asisiwi |
namung nyêpisani |
mungguh busana nung ||

26.
Kang linuwihakên ing janma di |
apan amung dodod |
lamun pangan kang linuwihake |
ing brêmana pan puhaning sapi |
tan amangan daging |
alit milanipun ||

27.
Sapi kang pinangan puhanèki |
pan ingakên êmbok |
mungguh sujana ingkang pinilèh |
saringaning sabda kang linuwih |
-akên mungguh èstri |
gêmuhing pêmbayun ||

28.
Yèn ing sastra kang minangka titih |
tan lyan kang kinaot |
wrêdining sang pêndhita wulange |
krana sang pêndhita pakartèki |
ingkang dèn-guyoni |
anggulang sastra gung ||

Jilid 9 - Kaca : 111

29.
Pituduhing sastra kang ginati |
pan mênggal linakon |
yèn mungguhing arta utamine |
arta saking kaskaya pribadi |
dadyaning artèki |
saking yayahipun ||

30.
Nisthaning arta yèn saking bibi |
nistha-nisthaning sor |
arta saking anak myang rabine |
gêgawaning maratuwanèki |
tamaning utami |
yèn angsal arta gung ||

31.
Jêjarahan saking mênang jurit |
mrêp ripu amboyong |
kasêbut digdaya mêsuwure |
yèn mangun-prang ngangge pat prakawis |
kang upaya sandi |
maring madyanipun ||

32.
Dhêndha pariksa apura tuwin |
dana utamèng don |
pangadêging prang lawan danane |
yèn wus kêna ing upaya-sandi |
kèngsêr mungsuhnèki |
suraning balambyuk ||

33.
Tingkahing prang ngatingalkên dening |
wêwêdining mungsoh |
tan kenging katon jrihira dhewe |
kawruhan ing mungsuh myang wadyèki |
têmah angêkêsi |
mring rowang kang purun ||

34.
Acawisa sabarang kang dadi |
nangèkkên rowang wong |
mamrih galak mring mungsuh pamrêpe |
ywa nênantang amêmanas jurit |
kang prayitnèng wèsthi |
amawas ing mungsuh ||

35.
Anganggeya mamedaning agni |
sing kêparag gosong |
mangguh pawong sanak mimitrane |
kang linêwihakên ujar manis |
andhèh rumakêt sih |
tan sêlayèng kahyun ||

36.
Yèn ing satru tan ana ngluwihi |
rêgêding tyasing wong |
ingkang dadya satruning uripe |
yèn ing sêktining sêjagad iki |
datan angluwihi |
pra jawata luhung ||

37.
Yèn ing pêksi kang linuwih bêcik |
namung pêksi beyo |
bisa ngucap tur bagus rupane |
munggyèstri kang linuwihkên sami |
kang bêcik warnèki |
kêpati-brata yu ||

38.
Yèn lakine mati milu mati |
pan asuduk laboh |
myang kukuwu anèng pasetrane |
praptèng pati datan arsèng laki |
sasat mèlu mati |
sumungku tyas tuhu ||

39.
Punika kang ingaranan èstri |
kêpati brata-ndhon |
sêdya anut praptèng dêlahane |
wus têrtamtu kang para prayogi |
ngukuhi sojaring |
sastra tyas kang luhur ||

Jilid 9 - Kaca : 112

40.
Angungkuli sêkathahing janmi |
kang tanpa sastra wong |
marmane ta mêngkono sakèhe |
sèsining rat kawistara dening |
sastra amalêri |
gurisaning tuwuh ||

547 Girisa

1.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
kêpapaèsan tyasira |
tan ana nginang samêndhang |
wuwuse Ki Wargasastra |
Jèngrêsmi ngling mring rinira |
wus tan kêna ingundhakan |
murading Paniti-sastra |
matur inggih kasinggihan ||

2.
Ki Kulawirya lon mojar |
turira mring Wargasastra |
kadi-pundi wau kakang |
kang mawi dunya punika |
nistha madya lan utama |
nistha saking anak garwa |
madya pawèhing sudarma |
mênggah donya saking randha ||

3.
Punapinggih kalêbêta |
dènnya mênang prang jarahan |
Ki Warsgasastra ris nabda |
kadi-pundi awitira |
Ki Kulawirya asojar |
inggih duk anèng ing marga |
kula kabegal ing randha |
rong dalu nèng pasipêngan ||

4.
Randha pradhah sugih donya |
kêlangkung kula ingêma |
-êma ing randha punika |
akathah pawèwèhira |
pêrabot kêlawan arta |
wawratipun dede kadang |
awèwèh tan eman-eman |
yèn ta lamun tinêksira ||

5.
Pan pêngaos satus malah |
malah kapara langkunga |
mèsêm ngling Ki Wargasastra |
wus uning lêlèjêmira |
punika kang (n)dika pajar |
tan pati mungguh dinawa |
sumangga rinaos ing tyas |
namung ta sakêdhik wênang ||

6.
Tulak kalurating paran |
dede pangkating utama |
kang putra mèsêm kalihnya |
Nuripin watuk kinarya |
anolih Ki Kulawirya |
ngling mèsêm mulêlêng mojar |
iki bawaning wong apa |
jêg watuk anyar-anyaran ||

7.
Nuripin watir tyasira |
kumrèngkang mêdal ing jaba |
gumuyu sêdayanira |
samya manggut paliringan |
Ki Wuragil malih nabda |
dhuh kakang Ki Wargasastra |
dos-pundi lajênge kakang |
wirayat Paniti-sastra ||

Jilid 9 - Kaca : 113

8.
Kang tinanya ris ngandika |
mawanti wêlinge sastra |
angeman jaman taruna |
kang bagus-bagus rupanya |
owêl yèn tan wruh ing sastra |
lire tan bisa mêmaca |
nadyan bagus warnanira |
kathah-a garwa artanya ||

9.
Saroja-a kulawangsa |
nadyan wasis ing gamêlan |
janma kang mêngkana ika |
surêm tan ana cahyanya |
akucêm nèng pasamuwan |
lir kêmbang têpus mêrbabang |
nanging sêpi tanpa ganda |
kadi ta kang janma tama ||

10.
Kang dadya panêngranira |
ing sêmu lantaping basa |
alêping pasêmonira |
sayêkti pênêd punika |
kadya ta janma micara |
ngaku krêp mangan sadina |
tandha yèn lêmu badannya |
yèn kuru sayêkti dora ||

11.
Panêngraning sang pandhita |
tandha nèng pangabêktinya |
panggah ing sêmbah maring Hyang |
lamun yèn mungguh kêlabang |
wisane nèng sirahira |
pan kenging lamun tinawa |
kalajêngking wisanira |
nèng buntut kening ngulapan ||

12.
Wisaning sarpa siyungnya |
ilang kêlawan tinawa |
kang sami mandi-mandi ka |
karuhan prênahing wisa |
pan amung tiyang durjana |
tan karuhan (ng)gyanning wisa |
kêbêg sranduning badannya |
tur datan kêna tinawa ||

13.
Pan uwus pêngawak wisa |
mungguh kasêktin winarna |
sêktine rara yèn pêpak |
yayah-rena kulawarga |
raryanggung ngadi-adinya |
nangis tinulung ngarihan |
rinêksa ingêma-êma |
sinungan sapênjaluknya ||

14.
Sêktining ulam loh yèn ta |
ajêmbar jro toyanira |
sêktining pêksi yèn pêpak |
êlare kuwat (ng)gêlawat |
sêktining ratu kêlawan |
pêpak wadyabalanira |
anjênêngkên mantri-muka |
sèstuning narendra dibya ||

15.
Sang sujana aja mangan |
wolung prakara lirira |
têkèk bunglon kodhok ula |
ulêr lalêr wraha sona |
dadya nglarani sarira |
ywa maido mring pandhita |
dumadakan nêmu papa |
aywa maido mring sastra ||

Jilid 9 - Kaca : 114

16.
Dumadak manggih cintraka |
ywa maido mring gurunta |
dumadak cêpak patinya |
lir panjang-putra tumiba |
ring sela rêngkulu ambyar |
datan kenging pinulihna |
mêkatên mungguh pêndhita |
tinggal rahayuning dina ||

17.
Pot bêktinira ing Suksma |
yêkti pêcat daulatnya |
têmahan cêla cilaka |
sang ratu yèn tan pariksa |
myang lir palamartanira |
yêkti katilar ing bala |
lir têgal tan na sukêtnya |
tan kambah ing sato kewan ||

18.
Bêngawan kalamun asat |
tan sinabèng pêksi rawa |
wong kang sugih arta garwa |
lamun mati tan ginawa |
kantun nèng wisma udrasa |
atiti waha têgêsnya |
lir mèlu mati sêkala |
dene datan prihatinnya ||

19.
Wus mêngkana arta garwa |
akathah ing parannira |
kalingane ing ngagêsang |
ywa tungkul ulah susila |
aniti-krama ing titah |
arta mrih dadya sarana |
wêragading karaharjan |
sêlamêt donya dêlahan ||

20.
Ing anom wêkasan tuwa |
urip awêkasan pêjah |
kang tuwuh mungguhing janma |
kang abagus warnanira |
sarta prayogi kulanya |
pinilih marang narendra |
utami ingkang susastra |
ing pasêmon tan katiwang ||

21.
Lawan kang para sujana |
limpad sawêrdining sastra |
ngrêsêpi tyas kang siniwa |
bisa mung kêrsa mrayoga |
pariksaning ratu tama |
marang wadya tantranira |
patang prakara lirira |
dhihin trap susilanira ||

22.
Ping ro ing kagunanira |
kaping tri pakaryanira |
kaping catur kêwanènnya |
yèn mungguhing rukmi mangka |
tri pariksa pan dinadar |
ping ro ingobong dahana |
ping tri tinugêl pinacal |
sandining ratu yèn arsa ||

23.
Ngêdohkên mêpakkên dadya |
catur prakawis lirira |
artèstri sura kabisan |
cinobèstri anguciwa |
cinoba kêwanènnira |
tyas barèsèt angucira |
cinobèng karya tan dadya |
cinobarta anggigisan ||

Jilid 9 - Kaca : 115

24.
Yèn sampun catur pariksa |
tan sayoga winor lawan |
pra janma kang pinitayan |
yèn trahing sujana sêtya |
tan mungguh mènggal binuwang |
inganti catur pariksa |
kang dhihin dhinêndha wada |
kaping ro dhinêndha arta ||

25.
Kaping trinira linaran |
ping pat katrap patinira |
pamariksaning wêkasan |
de kang lirnya suka-duka |
wong kang utang kapiutang |
akakan-kakan yayènan |
rikalanira autang |
têmbe tinagih sêmaya ||

26.
Têmahe abêngbangkèlan |
crah dènnya apawong-sanak |
kadya ta wong sih-sinihan |
tan inang sêdina-dina |
sru rêmên asuka-suka |
tan wun nêmu duka-cipta |
tan lana awèt sukanta |
kadya èstri sinanggama ||

27.
Suka pari-sukanira |
(ng)garbini mangsa lèkira |
duka larane kaliwat |
tan kawus prandene rambah |
mêngkana sapêpadhaneka |
kadya ta marta lirira |
kang mangkenakakên badan |
yèn marta awor lan wisa ||

28.
Sarat binuwang wisanya |
kewala ngambil mêrtanya |
upami rukmi mor tinja |
ingambil mase kinumbah |
tan beda lan buditama |
nadyan nèng wong ina papa |
yèn darbe kawruh prayoga |
yogya pantên pinilala ||

29.
Pinèt sabdanira karya |
kadyèstri ayu warnanya |
prayogi kinarya graha |
nadyan anaking wong sudra |
yèn yu warna budi tama |
tan ana labêting nistha |
dening wrat-wrating sêjagad |
datan wontên kadya arta ||

30.
Kêrantên wontên utama |
sêpêning catur prakara |
janma sabagusaneya |
tan nginang sêpi tejanya |
ping ro janma tan susuta |
jalwèstri gabug majêra |
samya sêpi tejanira |
ping tri teja tan na mukya ||

31.
Kêdhik mantri punggawanya |
sêpi tejaning nêgara |
sêsêpi kang tri prakara |
kasor dening sawiji ka |
namung janma tanpa arta |
sêpi priyangga tejanya |
sarwa kucêm anguciwa |
kathah kuthuhe angiwa ||

Jilid 9 - Kaca : 116

32.
Uripe datan kêwawa |
yèn kêlunta kongsi tuwa |
singa mulat sama ewa |
nyênyêngit lir uwa-uwa |
tan patut kinèn (ng)gêgawa |
lamun katungkul anglewa |
ambêge dêmewa-dewa |
têmahe cuwa kêdawa ||

33.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
sarêng gumujêng asuka |
Ki Wirya alatah-latah |
kabanton sêdayanira |
Nuripin gumuyu mojar |
bilah uwa bêbarisan |
singa mêskin sugih uwa |
uwane akiwa-kiwa ||

34.
Adawa lir ula sawa |
anolih Ki Kulawirya |
angling hus hus lho wong edan |
calak tan angon duduga |
Nuripin akacêmutan |
Ki Wargasastra lingira |
lêrês puniku mêningan |
tanduk sêsambunging basa ||

35.
Ki Kulawirya ris nabda |
mring kang putra kalihira |
jawane wong tanpa arta |
tiwas kauripanira |
tan rinakêt ing sasama |
arang nimpang mring tyas tama |
tahan tuman maring ala |
mulane saya kêtula ||

36.
Kang putra nauri sabda |
inggih saèstu kadyèka |
paman wus nèng pênganggêran |
cêthaning Paniti-sastra |
tan bodho para sujana |
dènnya ngrèh wêrdining kata |
Ki Wargasastra lingira |
punika Ki Kulawirya ||

37.
Pangikête ngèlmi Jawa |
anjarwakkên wirya papa |
kang amrih utamèng budya |
pinêsu lawan pênrima |
kang dadya panulak nistha |
sumungku ring tyas raharja |
tan pèpèka ing kahardan |
nistha têmah dadya tama ||

38.
Jayèngraga nambung sabda |
marang Ki Sèh Wargasastra |
mugi paman sung wêrdinya |
mênggah kang srat Sandi-sutra |
kêlawan Sandi-kirana |
kadi punêndi lampahnya |
Ki Wargasastra lingira |
puniku wêrdining sastra ||

39.
Jalma kang ahli nunurat |
tuwin ngikêt karya gita |
yogya sami ngawruhana |
janma kang pratamèng sastra |
sandinya koningakêna |
sutrane sajuga-juga |
yèka sapanunggalannya |
wêrdi gêrba wargaksara ||

Jilid 9 - Kaca : 117

40.
Ywa cawuh prênahing sastra |
ngalungguhkên ing aksara |
wruhakêna ing ywanjana |
mwang-swara yeka yêktinya |
têgêsing sastra ywanjana |
jèjèring sastra dwidasa |
kang dèrèng tinrap sandhangan |
suku wulu layar sagnyan ||

41.
Cakra talingan tarungan |
punika warninya swara |
sastra guru sapta swara |
kang dinèngêtkên yêktinya |
rê le o u e i lan a |
yèn sastra tan sasandhangan |
yeka têtalènnya mung a |
tan kenging linggih ing wuntat ||

42.
Tanapi linunggwèng têngah |
de kang sastra sapta swara |
yèn nèng wurining ywanjana |
pan dadya maha sandhangan |
yêktinya wa i nar u ywan |
ing têgêsipun winuryan |
ha u ya i ka e lirnya |
osike yèku têgêsnya ||

43.
Yeka ran Sandi-kirana |
ananging ywan karyaksara |
sandi ingangge sandhangan |
dyanyaktingnya dadya basa |
ma e wa lèh na ing ga o |
sta i pan mewêhning gusthi |
samanya akathah lirnya |
tan sapta swara punika ||

44.
Maranya sajuga-juga |
yeka akara ekara |
ikara lawan ukara |
ukara miwah lêkara |
rêkara yeka mangaran |
pakriya Sandi-kirana |
sutranya warga swaranwa |
dyan lirnya tang maka wênang ||

45.
E-kara dadya ikara |
o-kara dadya u-kara |
yèku saking sutra awan |
ekara tuwin lêkara |
yeka wênang yèn dadya ya |
okara mewah ukara |
yeka wênang yèn dadya wa |
lêkara wênang dadya la ||

46.
Rêkara wênang dadya ra |
yyan mahan swara lwirnira |
kadya ta basa a i dan |
dan yaka ing têgêsira |
a i-dan edan têgêsnya |
a i -am ayam artinya |
ma-u-ab muyab lirira |
a-i -al kiyal têgêsnya ||

47.
Pam-ba-un pan pambayun |
ba u an buyan lirira |
samanya akathah lwirna |
yeka kadya tata-basa |
ka-e-u kayu têgêsnya |
ba-re-ong barong artinya |
ka-re-ung karung lirira |
ka-rê-lêng kêrêng punika ||

Jilid 9 - Kaca : 118

48.
Kunang panunggaling sastra |
yeka warnanya yêktinya |
dan lwir nyastamya myang da |
kadya ta basa sadpada |
kêlawan yêka sat padha |
ngadpada lawan ngatpada |
nyaktinya dha samya myang tha |
kadya kang basa kumêndhêng ||

49.
Lan kumênthêng yeka samya |
adhuh adhuh yêka padha |
apan akathah lirira |
yêktinya ja samya myang ca |
kadya ta basa kajarjan |
kêlawan kascarjan samya |
kacuman kajurnan padha |
kacirèn kajirèn samya ||

50.
Kaciryan kajiryan tunggal |
yêktinya pa samya myang ba |
kadya basa sipta sibta |
pêkik bêkik yeka samya |
yêktinya wa samya myang ba |
kadya wuaya buwaya |
prawata prabata tunggal |
tuwin kawuhan kabuhan ||

51.
Kathah lirnya yeka samya |
yêktinya ca samya myang ta |
kadya soca lawan sotya |
sêcabrata sêtyabrata |
yeka samya kathah lirnya |
yêktinya ta samya myang ja |
kadya sajjana satjana |
sêtjati sêjati samya ||

52.
Nyaktinya dha samya myang ja |
kadya sumêdya sumêja |
jatmika dyatmika samya |
yêktinya dha samya myang ra |
kadya dhuhur ruhur samya |
yêktinya ta samya myang tha |
kang prijata lan prijatha |
suryakantha suryakanta ||

53.
Tustha thusta yeka samya |
kapusta kapustha samya |
kunang ingkang wargaksara |
aywa tar kèngêtakêna |
kyèhnya sêlawe tang warga |
nyaktinya ka Ka ga Ga nga |
kêlawan ca cac ja jaj nya |
mèwêh tang tat ta dad da na ||

54.
Kêlawan that tha dhadh dha na |
mèwèh tang pa PA ba BA ma |
yêkastra sêlawe warga |
kang pinanca wali muka |
nihan kang ran Anta-swara |
dyanyaktinya ya ra la wa |
sa Sa sa myang rê ha |
yeka Anta-swara rannya ||

Jilid 9 - Kaca : 119

55.
Kunang angkên ingaranan |
dyanyaktinya kang nung swara |
mangrahe kang sastra dirga |
dirga mêndud suku (ng)gyannya |
dirga mêlik ulu (ng)gyannya |
dirga mure ring talingan |
dirga mutêk ring ywanjana |
sastrawan dening nung swara ||

56.
Kang aksara mawi cêcak |
dyanyatinya kadya basa |
tumênggung ganggêng gung gawe |
cangèh pangguh tangkul tangkil |
akèh lwirnya tang nung swara |
sêpadhanya kang acêcak |
yèn ngajêngkên aksara ka |
utawa kang aksara ga ||

57.
Mêngkana kramanya juga |
nihan kang ingaran rêpa |
ywa wontên sastra alayar |
ngajêng sastra susun rupa |
nyaktinya yeka warnanya |
ati arti kanni karni |
syagga swarga matta marta |
mucca murca mudda murda ||

58.
Muti murti akwèh lirnya |
nihan angèstu rakêna |
samate kang wignyaksara |
de sang para juru citra |
ywan ta ma-ulah siriran |
myang mangulah tang rakêtan |
yogya anggêngakên kirtya |
lan sawêrdining kirana ||

59.
Yèn trus wêrdining purunggu |
dadya cawuh sastra-neka |
tur samun lêngkaning sastra |
wuryan de sang parotama |
tang wignyaksa dyanyaktinya |
ingaranan ka marta |
èh èh ih ir or ur ungang |
sastra kang tan kengang sandhang ||

60.
Yeka rupanya amung A |
tan kengang wuri myang têngah |
yeka ingaran rasya di |
kunang yèn amajjya sastra |
yèn wus kamêng sastra pêjah |
yeka warnanya tan pgat |
tgoran wrang gdhogan |
tdhas mnur bcik ptak ||

61.
Sêsamanya kathah lirnya |
kunang yèn ing wontên sastra |
na mati kagêntyan ing dha |
[---] |
yeka yêktinya na prana |
kadya ta basa pandhita |
tandha pandhu dhêndha mandha |
dyanyaktinya gêntyaning da ||

62.
Kadya basa mandra-mandra |
mindhaka windu kwèh lirnya |
kunang yyaning wontên sastra |
nya mati kagêntyan ing ja |
miwah kang kagêntèn ing ca |
yeka nyaktinya ywanjana |
panjara pandya sanjata |
yèkyaktinya gêntyaning ca ||

Jilid 9 - Kaca : 120

63.
Kadya ta basa pancaka |
rêncana manca-ancala |
pêncar mancur akyèh limya |
kunang yaning wontên astra |
wêkasanirèng wasita |
yèn ngalêrêsi sastra pa |
atawa na tanapi ga |
yeka nyaktinya karaNA ||

64.
SaraNA guNA satdaNA |
kunang swarga myang kandhaGA |
talaGA mêrNA ginaGA |
kunang mêrluPA kalaPA |
kadarPA mewah samePA |
kunang inaran siriran |
kadyangganing basa kawi |
ning lulungid kang mardawa ||

65.
Murcitèng don andulwêng ra- |
bka dinggo pura sandhinge |
sang hyang si langêning raga |
mrik pudhak sumimpêning ga |
-nda age asmara yeka |
akathah lwirnya siriyan |
kunang inaran nrakêtan |
kadya linging kawi lungid ||

66.
Mamintaksamandulwendah |
lindhinikang lilidhanduk |
mandhanismara kawêha |
nrumêngêta rumangde murt |
catma morèng langê yeka |
akathah lwirnya rakêtan |
kunang inaran Dwi-mantra |
dyanyêktinya kadya ta tyas ||

67.
Pyuh pyur byok byur akèh lwirnya |
kunang inaran tri-mantra |
yèkyaktinya kadya ta kyan |
yrangkat yeka akèh lwirnya |
kunang kang inaran denda |
mèwah tekang ka ga prana |
dyan teka panunggalannya |
aksara mêdal ing untu ||

68.
Yeka dênta mangarannya |
aksara mêdal ing lambe |
murda tala wa ngarannya |
aksara mêdal ing srira |
yeka mudapa ngarannya |
aksara mêdal jiwangga |
yaka kang ga prana rannya |
aksara mêdal ing jaja ||

69.
Yeka Mahaprana rannya |
yèkyaktinya kadya mahyun |
sang hyang tang wrin krèh mahyakkên |
hyang pahyas kahyun matêmhyun |
dyan nyaktinya tang nung swara |
nèng dirga mutêg umure |
myang nèng dirga mêlik mêndud |
awèng swara amardawa ||

Jilid 9 - Kaca : 121

70.
Nihan lwih saking nung swara |
yeka ngaran Titi-pala |
nèng sastra tênggêg nung syara |
yogya andhawahakêna |
patyaning kang Sandi-sutra |
kang samya paramèng sastra |
atêmbung têmbang ginantya |
pra jana winuri wuryan ||

548 Pangkur

1.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
Kulawirya tan ana nauri angling |
saha kagunturan wuwus |
tatas ing Nitisastra |
Ki Wuragil Kulawirya lon amuwus |
(ng)gih ta lah kang Wargasastra |
tan wontên bêrojol kêdhik ||

2.
Ing solah sêbarang tingkah |
sêdayanya cukupan kacupan dening |
nèng srat Paniti-sastrèku |
mêngku tan ana ninang |
anauri sira Ki Sèh Sidalaku |
pan inggih botên prabeda |
lan kitab samya mrih bêcik ||

3.
Nuduhkên mêrga raharja |
tutur nalar pratingkah ala bêcik |
cêgah pakon kang winuwus |
musanip kang alim kas |
mèngêti supaya ywa kêdalwèng dudu |
nuta dalan Dalil-olah |
rahayu ing donya akir ||

4.
Jayèngrêsmi nambung sabda |
kêlangkung kasinggihanipun ugi |
kang sastra pêpeling luhung |
linimbang raosing tyas |
tan asambung ing manah lawan kang ngilmu |
lir ningali palwa layar |
tan mantra sagêd nututi ||

5.
Rumaos gung lêpat kita |
tan ngandhêmi sapêpelinging ngilmi |
yèn sagêda amituhu |
sawirasning sastra |
mèsêm ngungun muwus Ki Sèh Sidalaku |
botên kadosa anakmas |
puniku tandhaning dadi ||

6.
Lan tandhaning kauwukan |
anèng ngriku pelinging Dalil Kadis |
nanging ta dhêdhasar ngèlmu |
yèn tan sinung idayat |
tan kêduga andungkap raosing ngèlmu |
malah-malah pêndalihnya |
kitab mono dluwang mangsi ||

Jilid 9 - Kaca : 122

7.
Tri samya mèsêm nor-raga |
yata wanci ing ratri bangun enjing |
pangwuhing sawung kêluruk |
Ki Sèh alon lingira |
lah suwawi sami salat wêktu Subuh |
kang liningan samya gêpah |
tumutur mêdal mring masjid ||

8.
Sawusira samya kadas |
Ki Nuripin gya adan ngalik-alik |
wusing sunat kamat pêrlu |
Jèngrêsmi ingancaran |
angimami kang liningan gya mêngayun |
ngangkat usali parêlan |
Subêki rêkangatèni ||

9.
Ada-an imaman lila |
-hi tangala Allahu-akbar nuli |
ibtitah lan wajahipun |
imam maca Patekah |
kiratipun kêlangkung pasehatipun |
wêwacan wusing Patekah |
surat Sujada ingapil ||

10.
Parênging lapal yasjuda |
adêge kang rêkangat dèn-sujudi |
de rêkangat akiripun |
sawusirèng Patekah |
apan surat Kasan antaranya dangu |
rukuk bêge kinunutan |
asujud ro tahyat akir ||

11.
Wus mêngkana bakda salam |
pupujiyan sêlajunira dhikir |
rahab kalimah tri atus |
purna amaca donga |
atêratil rajuk rasul limang wêktu |
anumpa donga panlangsa |
pragat wêktuning ngabêkti ||

12.
Sêlawat asêsalaman |
myang tawangsul sasampunira nuli |
mantuk maring wismanipun |
rampadan wus tinata |
bucu angêt mawarna ulamanipun |
Ki Sèh Wargasastra nabda |
sumangga sami wêwanting ||

13.
Parêng dènnya wêwijikan |
dan alêkas samya kêmbulan bukti |
pikantuk nadhah anutug |
antara dangunira |
aluwaran ambêng cinarikan mundur |
sêkul ulam pêpanganan |
sinungkên marang Nuripin ||

14.
Wong papat rewangnya mangan |
tuwuk kongsi tan têlas dènnya bukti |
luwaran wus sami wisuh |
Ki Pakujiwa lingnya |
pênêdipun dhi Nuripin sangu bucu |
ulam lan pangananira |
kinroso ing janur kuning ||

Jilid 9 - Kaca : 123

15.
Lothung tinadhah nèng dalan |
lamun èstu bêndara-(n)dika laris |
apan wus pangruktinipun |
Nuripin saurira |
e lah inggih bênêr akal (n)dika niku |
kintêne ta alulungan |
duga-dugane prayogi ||

16.
Wruh bakal kêlantih pangan |
anauri (ng)gih inggihane adhi |
wus brukut buntêlanipun |
yata tamu katrinya |
Jayèngrêsmi alon têmbungipun arum |
marang Ki Sèh Wargasastra |
lamun parêng sang palinggih ||

17.
Kularsa mêdal pasilan |
mugi paman nuduh lêrêsing margi |
mêrgi mring Lêmbu-astèku |
tanah Kalangbrèt rawa |
anauri sira Ki Sèh Sidalaku |
punapa laju anakmas |
yèn sami parêng akapti ||

18.
Asarèh saking tri dina |
samya kadumugèn raosing galih |
Ki Jayèngrêsmi nor lungguh |
kumêdah laju lampah |
Ki Sèh Wargasastra alon malih muwus |
lah inggih sumanggêng karsa |
namung pangabêkti-mami ||

19.
Katur ing ramanta kaka |
mas Rundaya samya nglanggêngakên puji |
Jèngrêsmi ature nuwun |
Ki Sèh anuduh sigra |
mring sabatnya hèh Pakuwirya sirèku |
tumutura ring anakmas |
anggrêmanana ing margi ||

20.
Lah wus dandana dèn-agya |
Pakuwirya sêndika wus miranti |
Jayèngrêsmi angalap hyun |
ngabêkti sêsalaman |
Ki Sèh Wargasastra rahab salamipun |
sarya ngling inggih anakmas |
mênira nutkên basuki ||

21.
Ki Jayèngrêsmi nor-raga |
sarwi mingsêr anulya kang mangarsi |
Jèngraga Kulawiryèku |
gantya ngabêkti salam |
ngawirya tri wus samya pamit jinurung |
adan umangkat saksana |
Ki Sèh sigra angudhuni ||

22.
Anèng panataranira |
andodonga raharja tadhah amin |
sauwusira jumurung |
myang santri wus pamitan |
nahan kang mahawan tumurun ing gunung |
wanci mêksinjing Hyang Surya |
mijil nipat pucak wukir ||

Jilid 9 - Kaca : 124

23.
Lir tirahirèng pêngantyan |
mutyara bra-markata amranani |
cucundhuk panitih gêlung |
murwaning langêning rat |
kawistara citrèng patra tinut ing bun |
kadya puruntusing grana |
-ning dyah wrat katrêsaning sih ||

24.
Kang samya tumurun arga |
praptèng pèrèng palèstrèn lèpèn Dênti |
gya sinabrangan mangidul |
kèndêl ing Majapilang |
sisimpanganing mêrgi sidhatanipun |
Jèngrêsmi aris ngandika |
wus Wanalela sirèki ||

25.
Wangsulèng kene kewala |
kur-ungkuran samya adum basuki |
rika muliha ring Tajug |
matur Ki Wanalela |
apan inggih sumangga kêrsa sang bagus |
kawula-njurung raharja |
sinauran sami-sami ||

26.
Wus samya asisimpangan |
Jayèngrêsmi sing Gaga-kalang laris |
ngidul ngetan lampahipun |
ngambah wana rungkudan |
têtêbakan bêbangkan kêdhanggrang grumbul |
minggah tumurun lunguran |
lumampah tugaran têgil ||

27.
Wanci wisan-gawe rarywan |
soring kamal cêlak dhusun ing Patik |
kinèn angupaya we nyu |
marang ing padhusunan |
sigra Pakujiwa mring dhusun anêmbung |
dawêgan wus sinarasan |
katur ing ngawirya katri ||

28.
Samya nginum we dawêgan |
sawusira mucang nulya lumaris |
laju lampahira ngidul |
ngambah wana ing Kramat |
mêrga alit têtêrusan wana rungkud |
lêpas lampahnya mararyan |
nêng kali Kramat awêning ||

29.
Wanci wus bêdhug gumiwang |
rêrêb samya asalat anèng kali |
wusing bakda salat laju |
panas tumiling surya |
angrêrêpak ron-ron aking kumarusuk |
kapidak rênyak kumrasak |
kêmput wana grêng kang wêrit ||

30.
Kêtêb wana têrataban |
tinugaran sari samya tinêgil |
lulungur truntunan dhusun |
langkung rêkasèng lampah |
kêndêl anèng soring kayu apèk siyub |
Jèngrêsmi alon ngandika |
marang Ki Pakuwiryèki ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09a) Kaca 92 - 108
  • (10a) Kaca 125 - 134 >