Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (06) Kaca 27 - 36

 

( Dhatêngipun Rêtna Ginubah damêl sigêg gègèr

ing pandhapi )

II. Dhatêngipun Rêtna Ginubah sagêd damêl sigêg gègèr ing pandhapi. Sadaya lajêng sami lumêbêt ing dalêm wingking. Wosing rêmbag, Ni Widuri kajodhokakên kalihan Jayèngraga. Kaningkahakên anut limrahing ngakathah, sarta kapanggihakên manut tatacara. Sadaya wau katata jangkêp dening Rêtna Ginubah. Dhauping pangantèn kawiwaha wontên ing Lêmbuasta.

1. Dhatêngipun Rêtna Ginubah nyapih kawontênan ingkang mutawatosi. Saking pitêdahipun sang Rêtna, Rara Widuri kajodhokakên kalihan Jayèngraga. Sanalika Rêtna Ginubah nata paningkahipun têmantèn, panggihipun ngantos dumugi sajèn tuwin tata-cara lan kêndhuri botên wontên ingkang kalangkungan. Sadaya tiyang sami ngungun dene Rêtna Ginubah sagêd nata samudayanipun tanpa cèwèt, ngantos kadosdene sampun nate murba gadhah damêl mantu, ing mangka gêsangipun tansah wontên ing wana. Sasampunipun rampung paningkahipun têmantèn, Rêtna Ginubah wangsul dhatêng asramanipun, kacandhêt botên purun. Bêksan bagoran kalajêngakên, pinangantèn sakalihan kadhawuhan manjing pasareyan andumugèkakên karsa salulut, dumugi Subuh sawêg luwaran.


Kaca 27 – 36

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 27

603 Dhandhanggula

106.
Bageya wus pinasthi Hyang Widdhi |
ya wus aja kèh-akèh rinasa |
mungguh ing karêpku dhewe |
ya si Widuri iku |
sun-panggihkên lan Jayèngragi |
apan iku wus padha |
karêpe kadyèku |
ingsun pasaja kewala |
lamun sira tan miturut jênêng-mami |
apa sakarêpira ||

107.
Yèn budiya ingsun sêmbadani |
yêkti sun-gawe pakan gadhungan |
mangsa wurunga ing mangke |
dene yèn sira nurut |
yêkti bêcik dadine benjing |
malah sira kang bêgja |
lèhmu duwe mantu |
ngulama bagus tur nyata |
sarwa wasis cacalon jalma linuwih |
lagi karêm ngarucah ||

108.
Kidang Wiracapa nambungi ling |
anakmas Dêmang Prawirancana |
prayogi pinikir sarèh |
pinrih ing tamanipun |
pênêt ngangge geyongan ngèlmi |
lêrês ujare rinta |
kang kadya puniku |
Kae Dêmang Wirancana |
wijiling ngling sêrêt amangsuli aris |
mring Ni Rêtna Ginubah ||

109.
Manira wus anut ing sirèki |
iya yayi paran sakarsanta |
tan lênggana saliring rèh |
kewala ingsun anut |
marang sira tan swalèng ati |
mangsa bodhoa sira |
pulunanirèku |
si Widuri ingsun pasrah |
lah sumangga karsane paman kang yêkti |
rêmbuge kang kinarsan ||

110.
Ni Rêtna Ginubah angling malih |
pan wus sira sumarah maring wang |
rinêmbug wong tuwa kabèh |
payo padha alungguh |
anèng wisma lan kyai-kyai |
rêrêmbugan kang dadya |
ya êndi kang mungguh |
nulya sami maring wisma |
para tuwa Ni Rara Ginubah angling |
mring Kae Jayèngraga ||

111.
Hèh man Wirya lan kakang Jèngragi |
payo lênggah ing jarambah wisma |
padha rêmbugan bêcike |
lan kakang Jèngrêsmiku |
ywa sumêlang driyanirèki |
lêstarining prakara |
ingsun kang ananggung |
tutute kang duwe sanak |
sêtun pamrih ingsun sakarone sami |
lulusing kabêcikan ||

112.
Lah wis payo mring wisma alinggih |
si Widuri iku ywa kêna sah |
mêngko pikirên bêcike |
anulya kèrid masuk |
nunggil tata dènnira linggih |
nèng ngarsaning tilaman |
akêpang akêpung |
Kae Kidang Wiracapa |
Dêmang Wirancana Mancanapurèki |
lawan Singa-bancana ||

Jilid 10 - Kaca : 28

113.
Wisancana Wirancana nênggih |
Mangunjaya nunggil Wiranjaya |
sang Wirangkara twin manèh |
Wirabajra atêpung |
Ki Wuragil Kulawiryèki |
Jayèngrêsmi acêlak |
kalawan sang ayu |
Ni Rara Rêtna Ginubah |
Jayèngraga kalawan Rara Widuri |
nèng pungkure sang Rêtna ||

114.
Sang Retna Ginubah angling aris |
paran kang dadya rêmbuge samya |
manawa na malang mangke |
aja na dèn-dhong wuwus |
ngucirani ing rêmbug dadi |
sadaya tan suwala |
jumurunging kayun |
sang Rara maturing rama |
yèn sambada putumu Rara Widuri |
lan kakang Jayèngraga ||

115.
Sun-dhaupkên ing sawêngi iki |
paningkahe saiki kewala |
lah ibu rumatên age |
abon lan suruh-ayu |
Kae Kidang Wiracapèki |
mojaring garwanira |
rubiyah dèn-gupuh |
ngrakita praboting ningkah |
lan dèn-enggal dadakan bae saiki |
karêpe sutanira ||

116.
Ingkang garwa Nikèn Widaryati |
tur sandika lèngsèr saking ngarsa |
angrukti nuduh parêke |
parèstri sigra ramut |
bon-abone sasanggèn kawin |
tan dangu wus samakta |
katur anèng ngayun |
Ni Rara Rêtna Ginubah |
angandika tatanên nèng têngah aglis |
hèh Pangulu Sradênta ||

117.
Lan Nuripin majua ing ngarsi |
lan ngundanga manèh roro êngkas |
kaum kang dadi sêksine |
Asradênta agupuh |
ngundang papat kancane modin |
tan dangu nulya prapta |
sang Rêtna amuwus |
kang Dêmang Prawirancana |
walènana sutanira Ni Widuri |
ing kene mangarsa-a ||

118.
Nunggala lan kakang Jayèngrêsmi |
sigra Wirancana nulya mapan |
Ke Kidang Wiracapane |
atata dènnya lungguh |
ki pangulu sampun miranti |
maksih samya basahan |
lan Nuripin wau |
ni rara alon ngandika |
kakang Jayèngraga majua ing ngarsi |
gupuh ingkang liningan ||

Jilid 10 - Kaca : 29

119.
Angling malih Ni Rara Rinujit |
ibu iku putumu Ni Rara |
rêsikana sapatute |
wèhna ibune (m)bakyu |
Wirancana kèn (m)busanani |
kêrik alise sarat |
brêkat sih akudhup |
kang ibu nulya angalap |
mring Ni Rara Widuri kèn-(m)busanani |
dadakan pinaèsan ||

120.
Ni Rara Rêtna Ginubah angling |
lah wus kakang Bèi Wirancana |
têmbunga lan pangulune |
kang liningan agupuh |
Wirancana nulya majibi |
alon ing wuwusira |
hèh kyai pangulu |
kula ngrêsaya jêngdika |
(n)dika ningkahakên nak-kula Widuri |
lawan Ki Jayèngraga ||

121.
Maskawine pan salaka putih |
wrat satail Ki pangulu sigra |
angabulkên paningkahe |
sigra maca tangawut |
ngusikumi badlal wa-napsi |
wabi takkuwa Allah |
-hi Allah wa-ngidun |
wa-bin-tilani wa-minta |
bima haribadi ki pangulu angling |
pakênira ngucapa ||

122.
Anarima kawula puniki |
paningkahe Ni Widuri lawan |
kawula lan maskawine |
salaka putih nêngguh |
wrat satail dadosa mangkin |
utang-kula ing donya |
ing ngakeratipun |
wus tinurut saujarnya |
nulya maca sabadlakal-lahubari |
ngaliyil ngalimina ||

123.
Ngaleka-hèr-wabi dalihihi |
Allahuma alibbena huma |
bi-rahmattiyar mukrime |
têrus salajêngipun |
dènnya donga awanti-wanti |
anulya saksinira |
Nuripin tumanduk |
mèsêm jrih sajroning nala |
sarwi nêkêm jêmpole Ki Jayèngragi |
pan sarwi jinanjènan ||

124.
(n)Dika tampi jangji-dalêm mangkin |
lamun nora yèn anuronana |
ngomahi ngayani mangke |
sah tanpa talakipun |
sung maskawin marang ing rabi |
lan malih yèn nambanga |
ing rabinirèku |
pitung sasi ing dharatan |
rong taune lautan saliyanèki |
gawe-dalêm ayahan ||

125.
Tan trimane rabinira benjing |
runtuh talakira kang satunggal |
tinagih ing maskawine |
Jèngraga ngling wus saguh |
nulya modin Ki Nurjuwahir |
nambungi maca donga |
Salamêt anutug |
sawusira ingaminan |
Jayèngraga salaman ngabêkti maring |
Ke Kidang Wiracapa ||

Jilid 10 - Kaca : 30

126.
Lan mring Wirancana mratuwèki |
samya rarakêtan parimarma |
miwah mring kadange kabèh |
anor pangrêpanipun |
ingalatira pra sami |
minta alalbahalal |
wus maklum-minaklum |
warata pasalamira |
mring pangulu Asradênta myang Nuripin |
myang modin sinalaman ||

127.
Angabêkti mring raka Jèngrêsmi |
miwah mring kang paman Kulawirya |
sung salam Ni Rara Nikèn |
kang rayi datan ayun |
lan wus aywa awalang-ati |
anggêpok raganingwang |
tan kêna anyukup |
priya marang raganingwang |
mangsa kalirua kakang sihing ati |
kang tumêka tyasing wang ||

128.
Mèsêm Jayèngrêsmi Jayèngragi |
kaluhuran wingiting wacana |
saya mawantu trêsnane |
mring Ni Rara Rinêmpu |
kang ngasramèng ing wana rungsit |
yata aboning ningkah |
sarah abonipun |
tinampan ing Asradênta |
sinungakên muadin kinèn ambagi |
sabokor mring Asradênta ||

129.
Pinaro lawan santri Nuripin |
kang sabokor dinum santri kathah |
tindhihe rong reyal sisèh |
wus rampung pandumipun |
angling malih Rêtna Rinujit |
lah iku putunira |
si Widuri mau |
paran wus dènnya busana |
sakadare dadakan rêbut ing wanci |
daya-daya têmu-a ||

130.
Bokmas Wirancana anauri |
sarwi waspa muwus samêktèng dyah |
sompok sarupa-rupane |
Rêtna Ginubah muwus |
ngarah apa wus bêgjanèki |
mêngko bae wasisan |
kêndhuri majêmuk |
rêbut têmuning pangantyan |
Jayèngraga pinatut pangaggenèki |
akuluk kanigara ||

131.
Ni Rêtna Ginubah angling malih |
pangantène dyah nuli wêtokna |
mas Wirabajra dèn-age |
gamêlane kon nabuh |
Kêbogiro Wirabajra glis |
parentah ring niyaga |
muni gamêlan sru |
ngrarantêg ngrangin araras |
pangantèn dyah sira Ni Rara Widuri |
mijil sing pamirèyan ||

Jilid 10 - Kaca : 31

604 Mijil

1.
Ni Widuri binusanan asri |
tuhu ya kinaot |
datan mantra yèn dadakan trape |
kongsi karya lêlatha thi-athi |
mathinira nitis |
cacithak cacênthung ||

2.
Kinaroning ngiring bubahnèki |
kanan kering ngroyom |
para (m)bokajêng sabêndhoyote |
myang nini-nini milyanjênêngi |
panggihing pangantin |
mangkana pra kakung ||

3.
Sadayanya samya angadêgi |
tan ana kang lunggoh |
sira Rêtna Panggubah pan age |
nyandhak astanira Ni Widuri |
paguting pangantin |
gagantalan gupuh ||

4.
Horêg ingkang ningali ing (n)jawi |
jêjêl rêbut ênggon |
lan kang (n)jaba sami ngadêg kabèh |
myang pra bagor tan ana kang linggih |
panontone ngalih |
mring wisma sadarum ||

5.
Ni Rara Ginubah angling malih |
tumpêr kayu kelor |
kon-nyêkêli si-lanang tumpêre |
si Widuri kang anyiram warih |
sarat dhudha panggih |
lawan prawan kêncur ||

6.
Lan tigannya tinibakkên aglis |
mring jrambah kumêprok |
toyèng bokor sêkar sêtamane |
tinètèskên ing êmbun kaping tri |
ni rara ngling aris |
nêmbaha sireku ||

7.
Mring lakimu anuruha warih |
mring padanira ro |
Ni Widuri anêmbah sira ge |
nguswa suku nguswa padèng laki |
sang Rêtna ngling aris |
pondhongên bojomu ||

8.
Jayèngraga ngalap Ni Widuri |
sang rêtna pinondhong |
prapta madya ing tilam ngarsane |
ibu Widaryati kang nêngahi |
ing kering Widuri |
sang Rêtna Rinamu ||

9.
Jajar lan (m)bokmas Wirancanèki |
myang mratuwa wadon |
kananira Ki Jayèngragane |
Kae Mas Dêmang Wiracapèki |
nulya Jayèngrêsmi |
Ki Kulawiryèku ||

Jilid 10 - Kaca : 32

10.
Gya Mas Dêmang Prawirancanèki |
sauruting lunggoh |
para kadangira sadayane |
Wirancana myang Wirakarèki |
Wirabajra nuli |
Mancanapurèku ||

11.
Singabancana arinirèki |
sauruting lunggoh |
Wiryanjana lan Mangunjanane |
Ki Pangulu Sradênta Nuripin |
pra mantên lan modin |
têpungira lungguh ||

12.
Ni Rara Ginubah angling malih |
mring kang paman gupoh |
hèh Mas Wirabajra sira age |
kandhurine wêtokna dèn-aglis |
kang sinung ngling nuli |
nuduh rewangipun ||

13.
Kasinoman samya ngêladèni |
salawe ambêng bot |
kang nèng panjang gêng pan kêndhurine |
anèng wisma pininta jalwèstri |
pitung ambêng ngarsi |
kang wolulas nêngguh ||

14.
Ambêng layah agêng anèng ngarsi |
pinètak pra wong-wong |
Ni Rêtna ngling hèh pangulu age |
donganana kajate kiyai |
kirim donga Muklis |
dongane majêmuk ||

15.
Ki Pangulu Asradênta nuli |
(n)dongani agupoh |
ingaminan sru swaraning akèh |
sawusira dènnira (n)dongani |
sang Rêtna ngling aris |
mara ta dèn-gupuh ||

16.
Padha sira kêpunga kêndhuri |
kabèh lanang wadon |
sun anunggal pangantène bae |
ibu lan (m)bakyu Wirancanèki |
sarêng samya wanting |
sarêng nadhah kêmbul ||

17.
Ni Rêtna Ginubah angling aris |
mring Jèngraga alon |
kêpêlana bojomu tri bae |
aywa kagêdhèn (ng)gonmu ngêpêli |
Jèngraga ngèsêmi |
sarwi ngêpêl sêkul ||

18.
Kulawirya mêne mulat siwi |
sarwi ngandika lon |
nora jamak ngèram-ngèramake |
sira iku Ni Rêtna awasis |
lir wus anglakoni |
kêdahe wong mantu ||

19.
Iba wong tuwa samene iki |
lir busuk anjomblong |
kêndhak kabèh tan ana kumlawe |
amung sira dhewe angugêri |
apa sira nini |
dhasare wus tau ||

20.
Dene parigêl sabarang kardi |
parentah marang wong |
iya dene ta lah sira Nikèn |
apatitis nuduh liring kardi |
ni rara nauri |
mèsêm sarwi (n)dulu ||

Jilid 10 - Kaca : 33

21.
Kalingane ngumpak sira iki |
mas Wirya maring ngong |
Ki Wuragil anjola guyune |
nora ngumpak satêmêne nini |
Kae Angabèi |
nambung wuwus (ng)guyu ||

22.
Kadipundi punika dhi Ragil |
putranta si Dhenok |
wingi kula tutur sadayane |
uning tiyang mantu kadipundi |
sajêge aurip |
tar wruh kukus-kukus ||

23.
Sira Nikèn Widaryati angling |
dènnira miraos |
pan karaos pangrêsirèng tyase |
myating karya lir mantu pribadi |
lamine tan uning |
rasaning mamantu ||

24.
Ngêmbêng waspa sinamun abukti |
ngênês ing tyas kepon |
sang lir Rêtna Ginubah sêmune |
kang tinadhah mung paru sacuwil |
tan antara sami |
kang nadhah anutug ||

25.
Aluwaran kang samya abukti |
sadaya tuturoh |
ambêng dinum binêrkatan kabèh |
jalu èstri ing jro lan ing (n)jawi |
tan ana kang kari |
ing pambêrkatipun ||

26.
Nulya Ni Rara Rêtna Rinujit |
wijiling sabda lon |
padha kariya sun arsa mulèh |
tutugêna kasukanirèki |
kakang Jayèngrêsmi |
man Kulawiryèku ||

27.
Ingsun mulih mring asrama mami |
akariya lunggoh |
Jayèngrêsmi alon andikane |
tanggung têmên yayi sira mulih |
tatasên saratri |
sesuk bae mantuk ||

28.
Yèn kêna bêcike anganti |
ing saulih-ingong |
têka sesuk kêlawan êmbènne |
Rêtna Ginubah nauri aris |
kakang Jayèngrêsmi |
sru panrimaningsun ||

29.
Sun-tuturi kakang kawruhanèki |
iya raganingong |
nora bêtah têmu suwe-suwe |
ing wong akèh sadumêlah mami |
durung anglakoni |
kadyèki papangguh ||

30.
Dene kakang lamun sira mulih |
aja walang-atos |
pakewuhe nèng marga watire |
iya aku ingkang mêmanuki |
sira Jayèngrêsmi |
rumojrong sakayun ||

Jilid 10 - Kaca : 34

31.
Angling malih kakang Jayèngragi |
kariya karongron |
Jayèngraga alon pamuwuse |
iya yayi pangèstunirèki |
sang dyah nulya pamit |
marang rama ibu ||

32.
Mojar hèh man Wirabraja iki |
êndi jaraningong |
si Limutan ajokna marene |
dyan lumampah anyèngklak turanggi |
srênggala tan kari |
ngijig anèng ngayun ||

33.
Kewala laju têngah pandhapi |
Ni Rêtna wus andon |
de kang kantun anèng padhapane |
Ke Kidang Wiracapa Ngabèi |
angandika aris |
mring kang samya lungguh ||

34.
Pênêt anèng ing paningrat (n)jawi |
aningali bagor |
samya matur sumangga karsane |
nulya nuduh marang ingkang rayi |
hèh Wirabajrèki |
ngambila kang salu ||

35.
Kang rada ombèr ruktinên aglis |
nèng paningrat kono |
Wirabajra sigra ngambil age |
bale agêng tinrap amiranti |
wus samya miranti |
sasaosanipun ||

36.
Kae Kidang Wiracapa angling |
mring Jèngraga gupoh |
lah anakmas bagus pinangantèn |
tumama-a alayap tilam-rik |
Jèngraga turnya ris |
sakalangkung nuwun ||

37.
Pasihane kakang Angabèi |
kawula rinojong |
kinèn kulinèng patilamane |
Kae Kidang Wiracapa angling |
ywa sumêlang galih |
sumangga ing kayun ||

38.
Tan rumangsa andarbèni panti |
salir sun-katêmpoh |
Jayèngrêsmi lan Kulawiryane |
apan samya micara jro ngati |
anon ring Ngabèi |
maksih labêtipun ||

39.
Mangunahe ngulama katawis |
lêkêting pasêmon |
dènnya rakit ing pasunggatane |
mawi kêmbarmayang mawut asri |
tutuwuhan kitri |
lir wong amamantu ||

40.
Mangke têmahe Ki Jayèngragi |
kang kinarya manton |
kadya wus tan ninang graitane |
Kae Kidang Wiracapa Bèi |
angandika aris |
wawi andudulu ||

41.
Pênêt samya nèng paningrat linggih |
nonton wong ambagor |
Nayakênthi kinèn nutugake |
lêlakone topèng dèrèng salin |
kang liningan aglis |
sandika turipun ||

Jilid 10 - Kaca : 35

42.
Nulya sadaya samya umijil |
nèng paningrat lunggoh |
wusnya tata kabèh palungguhe |
Kae Kidang Wiracapa angling |
marang Nayakênthi |
tutugna lakonmu ||

43.
Kang sinung ling sandika turnèki |
nulya kêprak gupoh |
kang niyaga buka gamêlane |
yata kang nèng wisma Jayèngragi |
lan Nikèn Widuri |
êmban lawan ibu ||

44.
Sinambrama mring Ni Widaryati |
myang putra pra wadon |
kinèn minggah mring pasareane |
Ni Widuri wus tinarik guling |
mring ibunirèki |
wus tinarik turu ||

45.
Nulya mire sadaya pawèstri |
anon kang ambagor |
Jayèngraga wus tumamèng langse |
tumangkêping kasingkaping samir |
sinamuring (n)jawi |
tapuking atamu ||

46.
Jayèngraga tumamèng tilamrik |
kulinèng karongron |
lawan Rara Widuri pinaès |
Jayèngraga agyarsa murwani |
de kang sêkar kincip |
wêdharing mabangun ||

47.
Amêpêki Jayèngraga ririh |
Ni Widuri alon |
angalêt wariju ginape |
binaudan ing srênggara manis |
amrih lunturing sih |
brêmara marang rum ||

48.
Nguswa angudi maduning sari |
ni rara rinêmpon |
sompok supêk pinapan ujure |
pinriyêmbada pinongah pangih |
angungkih kang tapih |
timpahing ngapupu ||

49.
Wus kawingkis akengis kang wêntis |
lir pupus binêthot |
andrawila adênta padane |
sang kakung mrih ngingsêp ingkang sari |
warastra nanduki |
prananirèng kudhup ||

50.
Rinabasa papan maksih kunci |
kapêlak kabunton |
dhêdhêl kèngêl kongkal pupungule |
Jayèngraga adrêng dènnira mrih |
Ni Rara Widuri |
katêtêsaning hyun ||

51.
Kadya tan nêdya kakung ngluwari |
saking byatning raos |
Ni Widuri kênthêng salugune |
pinolahing kakung langkung wasis |
pangêsêsira mrih |
lir tan nêdya uwus ||

Jilid 10 - Kaca : 36

52.
Yata kang marambah andon rêsmi |
wanci akir Suboh |
luwaran mring pahèran kaliye |
Jayèngraga gya mèt toyastuti |
mring masjid ngarèni |
dènnya salat Subuh ||

53.
Ni Rara Widuri wus sung suci |
wangsul ing kakobong |
kadya tan kêna bênggang anggane |
tinilar Subuh tyas lir tan nganti |
saking byating kang sih |
wirangrong amingkur ||

605 Wirangrong

1.
Yata kang salat nèng masjid |
wus bakda dènnira Suboh |
kang raka kalawan pamanipun |
Ki Kulawiryèki |
Ke Kidang Wiracapa |
wus lungguh anèng pandhapa ||

2.
Jayèngrêsmi ngandika ris |
marang pamanira alon |
inggih ta kang lampah sakalangkung |
sulaya ing kardi |
ngupaya kang lêlana |
anjajah guwa wanarga ||

3.
Sring kacangkol ing pangampir |
dadya ing lampah bêdhandho |
angrandhati lampah anèng purug |
paman kadipundi |
pinikir kang sakeca |
sutanta Ki Jayèngraga ||

4.
Mangkya jênênging arabi |
tan kênang ginupoh-gupoh |
anèng Lêmbuasta apêsipun |
sapasar tan mulih |
yèn kongsi kalampahan |
kewala nèng Lêmbuasta ||

5.
Tan cakup tirakatnèki |
têmah angambrêng lêlakon |
kang paman ris nabda iya èstu |
lir wuwusirèki |
sumangga sakarsanta |
ingong rèh anut kewala ||

6.
Kang katêmu pikir-mami |
kajaba karsanireko |
namung maklumira kang sinuwun |
wus ganjaranèki |
nèng paran ababrayan |
anakmas kang sinung coba ||

7.
Mokal kalêmpit ing galih |
lah ewadene samono |
manira tan malangi sakayun |
-nira ngong tutwuri |
Jèngrêsmi lon ngandika |
mring rayi sang Jayèngraga ||

8.
Priye karêpira mangkin |
rèhning kacangkoling wadon |
paran sira-gawa iya mantuk |
wartanana mami |
apa ta sira tilar |
kang rayi anor turira ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05) Kaca 25 - 26
  • (07) Kaca 37 - 38 >