Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434669
Hari ini     :Hari ini :69
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :135
Bulan ini   :Bulan ini :3298
s/d hari ini   :s/d hari ini :434669
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12b) Kaca 142 - 157

 

( Lampahipun Ki Arundaya nglangkungi wana Jêmbul )

11

3. Lampahipun Ki Arundaya sakalihan dalah santri sakawan nglangkungi wana Jêmbul ingkang gawat, botên kenging salah-damêl, wêkasan sami wilujêng. Ing margi santri sakawan pamit wangsul sasampunipun nganturi pitêdah margi ingkang gampil. Ewadene Ki Rundaya kasasar, nanging malah kalêrêsan jalaran lajêng sagêd kapanggih mitranipun ing pasantrèn duking nguni, i.p. Ki Cariksutra lan adhinipun, Carikmudha. Ki Arundaya karangkul Carikmudha, sami kemutan duking mudha sami lampah durjana. Dalunipun sami têrbangan lan singiran, para èstri, bojonipun Cariksutra sêkawan, Carikmudha kalih, sadaya sami andhulêngi.

Enjingipun Ki Arundaya sakalihan nglajêngakên lampah dhatêng Ngardipala. Cariksutra lan Carikmudha sami ndhèrèk bêkta santri kalih. Samargi-margi tansah nyuwun piwulang bab ngèlmu agami. Lampahipun dhatêng Ngardipala nglangkungi sêndhang Balara, padusanipun tiyang kathah.


 

Kaca 142 – 157

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 142

665 Kinanthi

98.
Wus antara dangunipun |
anutug dènnira bukti |
luwaran tuturuh asta |
ambêng rampadan cinarik |
mundur marang rowangira |
saladènnira pribadi ||

99.
Nulya dhadharan mangayun |
lir wau dènnya sasaji |
sakadar-kadar priyangga |
sangkêp warnaning nyanyamik |
samya tinata ing ngarsa |
Cariksutra ngancarani ||

100.
Kakang sumangga ing kayun |
punika pangusap amis |
kang sumapala punika |
guguhipun ingkang rayi |
sumapala saking kathah |
kêdhik-kêdhik nanaosi ||

101.
Kang ingancaran amuwus |
(ng)gèh Alkamdulilah yayi |
anulya samya angalap |
sadaya sasênêngnèki |
Rundaya alon lingira |
yayi Cariksutra mami ||

102.
Nyarêmi sagantênipun |
mênggah punika (m)bok adhi |
kang tuwa katêlu pisan |
punika datan prayogi |
lamun kinisas ing talak |
tan ilok sru kawlasasih ||

103.
Wêgung pawèstri puniku |
cinêkak wus tan majibi |
nipêkah têlung prakara |
sarta pathoking pangèksi |
yèn campur made myang wisma |
punika sih mutawatir ||

104.
Marêkkên tyas ingkang dudu |
prayogi winêngku sami |
ngalap wênang ing ganjaran |
kinuluk bae prayogi |
dadya tan sung siya-siya |
amung sihing kawlasasih ||

105.
Têtela tumêmênipun |
nêdya ngêpon tan ngoncati |
antêping wong asih sêtya |
mring laki kèlinganèki |
saking bojo jaka-lara |
rewang lara lapa lami ||

106.
Cariksutra ling gumuyu |
nolih mring bojonira tri |
bêgjane wong nora kêna |
brêkate wong mantêp budi |
lawas enggale tinêkan |
bakal padha olèh kawin ||

107.
Bojo tuwa katrinipun |
sumringah netyane sami |
wus winêngku malih samya |
luwar pangindhungirèki |
tilêm numpil pêtilêman |
ginantungan gilir kawin ||

Jilid 11 - Kaca : 143

108.
Cariksutra sakêlangkung |
suka rênanirèng galih |
papanggihan Arundaya |
wulanguning mitra lami |
angling marang Carikmudha |
(m)bok ayo trêbangan bêcik ||

109.
Iya padha ala nganggur |
dhêdhèwèkan bae sami |
wruh kang Rundaya kèlingan |
dhingin yèn anrêbang wasis |
mêngko (m)bakyumu Wilapa |
lan rabimu (m)bok Sumilir ||

110.
Kinèn (n)dhulêng ambêdhudhuk |
kurmat mring rakanta prapti |
ya mangsa sabên dina-a |
mupung sami apapanggih |
gumuyu Ki Carikmudha |
matur sumangga prayogi ||

111.
Nanging punika (m)bok-ayu |
Wilapa kinèn (n)dhulêngi |
lah punapa sagêd emprak |
kawratan badanirèki |
dene kumrèngkang kewala |
ambêgane kêmpis-kêmpis ||

112.
Punika lungguh kur dangu |
karingête kumyus mili |
kêdah tilêman kewala |
lomah-lamèh kalih ngagir |
amêsakakên maningan |
lamun kinèn andhulêngi ||

113.
Kang raka asru gumuyu |
dimèn witne mundhak bêcik |
mongsora dèn-rah-araha |
wong duwe awak pribadi |
kang myarsa gumuyu suka |
bojo kang nom ana angling ||

114.
Abote kae jêr uwus |
mêngko bakal olèh kawin |
abot thithik dadi dhangan |
wong têlendho dadi kêsit |
lungkrah dadi sêgêrira |
lara dadi warasnèki ||

115.
Wong bakal (ng)koliyan untung |
barang prentah dèn-lakoni |
sangsaya samya asuka |
Wilapa mèsêm nauri |
ya kono padha moyoka |
ku dhewe ngalan-alani ||

116.
Ki Cariksutra anuduh |
mring santri kinèn angambil |
tarêbang aran si Sumyang |
lan kêntrungira si Jangkrik |
trêbange si Carikmudha |
si Guntang agêmirèki ||

117.
Wus samya katur ing ngayun |
Cariksutra ngancarani |
sarwi ngulungkên tarêbang |
punika kakang suwawi |
kawula aturi nrêbang |
Ki Rundaya anampèni ||

Jilid 11 - Kaca : 144

118.
Sinêntak trêbang ginêmbyang |
Cariksutra ngling mring santri |
ing kono padha nglumpuka |
Sêtranaya Sêtragati |
Sêtrarêmbun Sêtradrêma |
Sêtralewo dèn-agêlis ||

119.
Lah padha bawa-a barung |
lan wong wadon sadayèki |
agupuh ingkang liningan |
samya ngalumpuk pra santri |
Ki Bayi kajodhoning tyas |
mulat ing garwa kang kingkin ||

120.
Pinikir mungguhing ngèlmu |
lakune wong mara tami |
kudu sumarah ing karsa |
parlu sarat angenaki |
sakarsane kang ngaumah |
sakadar angawulani ||

121.
Ki Cariksutra turipun |
marang Ki Arundayèki |
sumangga kakang Bismillah |
andika lêkas sasingir |
Ki Bayi nulya abawa |
la illaha illalahi ||

122.
Mukamadun salalahu |
ngalaihi wakabibi |
sinauran ing ngakathah |
ramya tarung jalu èstri |
asru asri piniyarsa |
sarya tinampan trêbang tri ||

123.
Praptèng pasèlèhanipun |
Ki Bayi nampani singir |
tanakalhu bi as'ala |
i'arbabi saodadi |
ngakada samsu pil ibra |
jihad tattana kaluni ||

124.
Swaranira ngêntul-êntul |
karêkêle angunani |
nora pati wiwilêtan |
cèngkok pasaja ngajêgi |
êmpuk arum mêmbal-mêmbal |
grathul-grathul wus akiki ||

125.
Sangêt ing panrêbangipun |
labête bêsus pan misih |
dèn-ingêr-ingêr trêbangnya |
sinangga jêmpol lan sikil |
liningling agag liwangan |
gêndhug bêm êmpuk abêning ||

126.
Kêmpyang tampèlan ngatipung |
gêmbrung bême abanggèni |
ajêjêgira alamba |
pong-kêpong pik dhêng pung-pung grig |
pyak-pung pyak-pung bêm bung-bung byang |
tong-têg tong-têg tong-ting-tong-gring ||

127.
Wus antara dangunipun |
dènnira salawat singir |
praptèng ngakir sinalahan |
suwuk tarêbangirèki |
maca salawat sauran |
samya kèndêl ngaring-aring ||

Jilid 11 - Kaca : 145

128.
Ki Cariksutra amuwus |
lo iki kakangirèki |
Arundaya yèn anrêbang |
apike pasaja wasis |
lir cêlathon wela-wela |
tan kakèyan pamètnèki ||

129.
Unine enak rinungu |
êmpuk saplak lawan singir |
tan kasêron lirihira |
nora angêrobi singir |
singire lawan tarêbang |
padha sru lirihirèki ||

130.
Ki Carikmudha gumuyu |
inggih kasinggihan ugi |
kawula rêmên nèlada |
panrêbange kakang Kyai |
miwah sajake singiran |
pasaja amarêk-ati ||

131.
Ki Rundaya aris muwus |
yayi anggunggung ing kami |
ing singir panrêbang reyang |
maksih datan anyamèni |
lan sutanta Jayèngraga |
kèh santri ngalêmbanani ||

132.
Kang rayi kalih nor lungguh |
sarwi sasambèn nyanyamik |
kabèh wrata pinuluran |
santri miwah para èstri |
wong rong dhukuh samya prapta |
tuwa nom myang rare alit ||

133.
Jalwèstri samya (n)dudulu |
tarab nèng jrambah alinggih |
samya kinuran nyamikan |
Cariksutra ngandika ris |
lah wis sira Carikmudha |
gêgêntènana asingir ||

134.
(m)Bakyumu dimèn (m)badhudhuk |
gagêntèn lan (m)bok Sumilir |
sajak cara Jawa saban |
sabisane santri wukir |
Sêkargadhung lawan Lêmpang |
agampang nora na wigih ||

135.
Carikmudha nulya ngêntrung |
(n)dan lêkas bawa angêlik |
Allah ya rabun Allah |
walilahiya Ilahi |
tinampanan ing ngakathah |
Sêkargadhung lagonèki ||

136.
Ramya sru swara abarung |
asri swaraning jalwèstri |
têkèng paseleyanira |
anglik singiran bisahi |
angaplak panrêbangira |
ulone kêncêng angêlik ||

137.
Ing Gunungsari wus punjul |
tan nana swara kadyèki |
lir swarane Carikmudha |
rong desa bêcik pribadi |
dhasar karêm salawatan |
yèn kaampiran pra santri ||

138.
Dèn-andhêg kongsi nêm dalu |
dèn-ajak singiran dhikir |
mangkana Ki Cariksutra |
ngatag mring rabinirèki |
lah payo sira Wilapa |
andhulênga suluk singir ||

Jilid 11 - Kaca : 146

139.
Kang kinèn tan lêngganèng kayun |
anut sapakèning laki |
angangkat ngadêg rêkasa |
mênggah-mênggah napasnèki |
Rundaya awas tumingal |
(m)bok wus ywa sira-kon yayi ||

140.
Asangêt kangèlanipun |
mèh kaya tan bisa tangi |
ya ta lah nora kaya-a |
bot-bote kaprentah laki |
tan etung ing suba-sita |
saking jrihira ing laki ||

141.
Ki Cariksutra gumuyu |
kajêngipun andhulêngi |
dhasar rêmên siyin mila |
mumulang ojrat mring santri |
wus ngadêg Ni (m)bok Wilapa |
lir rêmbêng dèn-sèsèmbongi ||

142.
Anjênggêrêng kadi bêdhug |
wayanganira ngundhuki |
wong sapuluh kaundhukan |
samya gumuyu kang mèksi |
(n)dan lêkas andhulêng emprak |
lir bulus kêna ing pancing ||

143.
Sarwi aririmong pêlung |
tumbal bang ridhongirèki |
lir kurungan pangukupan |
ngandhukur angrêgêmêngi |
prandeneya karya solah |
riridhong dèn wiwir-wiwir ||

144.
Maju mundur migut-migut |
katon cêndhêg baunèki |
ukur obah awakira |
ting galidêr bokongnèki |
awake agêgandhikan |
susu lir kang impês isi ||

145.
Pasalèhe bawa barung |
Wilapa nampèni singir |
angêlik swaranya rênyah |
alit mêrit muluh rujit |
tan sêmbada gimblahira |
(ng)lêmbarah swarane cilik ||

146.
Suluk Antih singiripun |
sêdhênge purnama siddhi |
padhang wulan akêncaran |
sumorot wulan madhangi |
panglêmburane parawan |
jantrane anyar rêspati ||

147.
Kalindhên anyar swara lus |
lêkas ngantih Lara Suci |
babantal Sanggabuwana |
indhên punamaning budi |
têlacak iman tan owah |
lar-lar tapakaning Widdhi ||

148.
Lawan panêrusing laku |
pupujiyan ubêngnèki |
kalindhên talining gêsang |
kikipinge pamiyarsi |
kisining pancêring tingal |
kapase purwane dadi ||

Jilid 11 - Kaca : 147

149.
Cakraning gilingan wahyu |
bêbêthut pangeling-eling |
kêdhênge pan nora samar |
wusone giyaring budi |
mawuring gilaping cahya |
pilihana ala bêcik ||

150.
Pêrdinên ujar kang tuhu |
gêblègên pamisesèki |
gulungên mujamalira |
watawis dugi prayogi |
tataline kodratolah |
tan beda sudarma aji ||

151.
Mijil saking sananipun |
pusuh ngêmpêl rasa jati |
sênthète tobat tilawat |
lalène lilatul kadri |
blungkêre ubêting rasa |
likasên tataning ngèlmi ||

152.
Winilang rêkangatipun |
pêcatan wêkasing ngurip |
lamun sampun kakayuhan |
tugêlên wangsiling ngèlmi |
tênunên lawan iktiyar |
godhogên ing banyu urip ||

153.
Dat mutêlak gêni murub |
panase salamêt budi |
amobe puji tan samar |
yèn wus matêng tekadnèki |
êntasên sabar darana |
girahên eklasing budi ||

154.
Sambutên patitis kalbu |
pêrêsên emuting budi |
gêpukên laraning badan |
ywa pêgat tingalirèki |
sêkulana kasing lampah |
kang sabar tawêkal alim ||

155.
Kang asih marang tutuwuh |
takare apite budi |
kèrèkên wêlasing raga |
ngilangkên susukêrnèki |
datan arsa kawoworan |
kang ana sariranèki ||

156.
Marmane raga pinêsu |
nyikati panglusing ngati |
angulur ubêding driya |
jangkunge tan kêna lali |
ingane keblat sakawan |
ubênge tan amêkasi ||

157.
Sambungên patobatipun |
pajalên takdiring Widdhi |
amani panatagama |
dèn-awas sêlanirèki |
yèku ta uwusing lampah |
yèn kaliru dèn-nyamani ||

158.
Mangsa dadiya tinênun |
paguting graita sêpi |
suri suruping paningal |
incêngên guna nastiti |
kêlabên lan panarima |
tênunên rêncanging kapti ||

Jilid 11 - Kaca : 148

159.
Cacake anggêre laku |
tampare tan nyipta gingsir |
êpore kinarya timbang |
apit pangandhêging budi |
susumbi êkasing karya |
loroge ngapêskên dhiri ||

160.
Dèn-rêna satitahipun |
lêkas angadan-adani |
têropong (n)dhap-asorira |
galigèn panjunjung ngèlmi |
cêcêlak kang tirta gêsang |
walira pamindhah ngèlmi ||

161.
Sêntèg têtêp imanipun |
gêgodhong darma punapi |
pan luwihing bobotira |
cacahe pangarah ati |
cacinge dadi ilafat |
kang tan patut dèn-ulapi ||

162.
Nigasi panugêl kawruh |
panênuning Rara Suci |
rêncang tan madal-sumbinya |
sêntèg pisan anigasi |
tanggap pisan kapurnaman |
parêng bakdaning ngabêkti ||

163.
Rêspati anuju Sêptu |
ing raina nuju ratri |
parawan sunthi anyata |
anake wus kèh gumriwis |
wuragil pambayunira |
kang wuta atuduh margi ||

164.
Marga luwih rungsitipun |
tan nana pakewuhnèki |
lumpuh angidêri jagad |
pucuk anèng bongkotnèki |
apadhang pêtêng kang marga |
margèng swargi narakèki ||

165.
Wus dangu antaranipun |
akir suwuk ingkang singir |
samya amaca sêlawat |
Wilapa dènnira linggih |
mak barêg tan ngarah-arah |
(ng)lungguhi lancaran piring ||

166.
Têlu piring ajur mumur |
isi surikaya pipis |
anglêpèhi tapihira |
ginuyu sakèhing mèksi |
karingêt kumyus rèwèyan |
kètès cangklakanirèki ||

167.
Kêmbên kêbês lir wong adus |
ngacombang kandhutanèki |
ambêgane akêsotan |
sarwi akêkêbut jarik |
Ki Bayi gumuyu mojar |
mêsakkên ipeku iki ||

168.
Lah priye mono ta iku |
piring pêcah dèn-linggihi |
Wilapa lungguh aliyan |
tapih kêbês dening pipis |
dènnira ngadêg kangèlan |
gya mring wisma salin tapih ||

169.
Ginuyu mring marunipun |
pra santri angaring-aring |
samya sambèn nyanyamikan |
Cariksutra ngandika ris |
lah wus payo yayi Mudha |
lêkasa sasingir malih ||

Jilid 11 - Kaca : 149

170.
Gagêntyan rabinirèku |
Sumilir ingkang (n)dhulêngi |
Kêmbang Lêmpung bae gampang |
kaya sabêne ta bêcik |
agupuh ingkang liningan |
(n)dan lêkas bawa angêlik ||

171.
Lailaha-ilalahu |
Mukkhamad Rasullulahi |
tinampan ing santri kathah |
swara sru kalangkung asri |
arêmpêg nora salaya |
wus kapintêrane lami ||

172.
Wus bawa sauranipun |
Carikmudha dènnya singir |
swarane arum arênyah |
wilête anyenggol ati |
swara lanang mêngkono-a |
lir swarane (m)bok Sumilir ||

173.
Amêsthi kalangkung ayu |
wong wadon kèh angunggahi |
aberag Ki Carikmudha |
gumuyu sarya turnya ris |
dhuh kakang Kae Rundaya |
alêrês paduka angling ||

174.
Yèn singiran ta puniku |
swarane ambêlèr ati |
botên ta singir prênèsan |
wangsalan crêmêding ringgit |
yèn rinaoskên ing driya |
ujême marang kajatin ||

175.
Raose têka amathuk |
Ki Rundaya mèsêm angling |
ênggèh yayi Carikmudha |
alêrês rêmên dera ngling |
kang sagêd nyurupkên basa |
singa kinarya upami ||

176.
Nging tan kaot wong (m)balilu |
liyane wong wus winasis |
ngartika sajroning nala |
lumrah sakèhing wong urip |
gêthing tan kurang panacad |
dhêmên tan na kurang asih ||

177.
Ing wanci wus lingsir dalu |
Ki Cariksutra ngling aris |
mring santrinira lilima |
lah wus payo Sêtragati |
wêtokna kandhurinira |
kang samya liningan aglis ||

178.
Naoskên ambênganipun |
pinètak lan jalu èstri |
dinongan Majêmuk nulya |
wus dinongan nulya wanting |
(n)dan lêkas samya anadhah |
kêmbul ngêpungkên kêndhuri ||

179.
Antara bukti anutug |
nulya aluwaran bukti |
cinarikan dinum barkat |
wus waradin jalu èstri |
dêlah kang janma niningal |
dinuman myang rare alit ||

Jilid 11 - Kaca : 150

180.
Kang nononton bubar mantuk |
anyangking barkat kêndhuri |
Ki Cariksutra ris mojar |
marmanta kakang Kiyai |
(m)bok-ayu sasontên mila |
dulune tan lêjar kapti ||

181.
Punapa kang dados kalbu |
pun rayi anuwun dêling |
Ki Rundaya aris nabda |
o inggih sayêkti yayi |
puniku (m)bakyu-andika |
brêkate tiyang pawèstri ||

182.
Tan sagêd angêmu kalbu |
aywa kaduk bela tampi |
dene kang dadya woding tyas |
parah paran praptèng ngriki |
kongsi anjalak paningal |
angayam alas wanadri ||

183.
Sasat karubuhan gunung |
ngulati suta jalwèstri |
pambayun Ni Tambangraras |
kasèmah Ki Amongragi |
kakalih jalu arinya |
Jayèngrêsmi Jayèngragi ||

184.
Bojone samya nis nusul |
Turida lan Rarasati |
samya ngikis andon paran |
siji tan na awèh uning |
wontên sruwanging pawarta |
wontên Wanantaka tuwin ||

185.
Anèng Ngardipala dhukuh |
lagya reyang ruruh iki |
lan rêke dèrèng kantênan |
ing mangke lamun pinanggih |
Malarêsmi saya waspa |
myarsa pangandharirèki ||

186.
Ki Cariksutra angungun |
mulat ring tamu wiyadi |
tumungkul nor lungguhira |
Rundaya ngandika aris |
yayi reyang tuduhêna |
prênahe Ngardipalèki ||

187.
Lan ing Wanantaka dhukuh |
punapi mêksiya têbih |
saking ngriki linampahan |
Cariksutra turira ris |
pan sadintên katanggêlan |
rare ngucul kados prapti ||

188.
De ing Wanantaka dhukuh |
sadintên datan dumugi |
de kang dhukuh Ngardipala |
pandhita ingkang palinggih |
wasta Ki Sèh Malangkarsa |
sakawan pamitranèki ||

189.
Kawula apan wus wanuh |
apênêd rukêtirèki |
nanging tan asung pawarta |
Malangkarsa dhatêng mami |
wikan manawi sadhela |
sêrtanta (ng)gyannipun mampir ||

190.
Inggih sampun wancak kalbu |
kewala ing benjing-enjing |
kawula tumuntur lampah |
dhatêng Ardipala panggih |
kalawan sèh Malangkarsa |
lan Carikmudha umiring ||

Jilid 11 - Kaca : 151

191.
Ki Bayi lingira sokur |
maca Alkamdulillahi |
yayi yèn parêng ing karsa |
sami asêmsèmèk guling |
puniki (n)dungkap agagad |
kaluruk têlu kang wanci ||

192.
Ing mangke bakdanya Subuh |
reyang umangkat lumaris |
kang rayi sumanggèng karsa |
anuduh rabinirèki |
kinèn anata palêswan |
klasa lus singkêp lan lêmpir ||

193.
Rundaya karsa ring tajug |
pan santri ingkang angrukti |
nênggih pasareyanira |
samana wus samya guling |
Carikmudha tan mantuka |
anèng lèr kewala guling ||

194.
Wanci pajar wêktu Subuh |
kang nendra wus samya tangi |
Carikmudha Cariksutra |
samya salat maring masjid |
lan para rubiyahira |
Ki Rundaya angimami ||

195.
Wus antara dènnya wêktu |
paragat pujian dhikir |
salawat asasalaman |
Cariksutra kon ing rabi |
padha ngruktiya sèmèkan |
lan sangu lungan ing margi ||

196.
Ki Bayi alon mawuwus |
ywa susah sasaji bukti |
pan misih krasa kawratan |
tuwuk anadhah kêndhuri |
kewala ngong papamitan |
marang para ipe-mami ||

197.
Wus padha andum rahayu |
reyang amadal palinggih |
Ki Cariksutra lingira |
marang pra rubiyahnèki |
lah padha sira nêmbaha |
marang kakangira sami ||

198.
Sakadar marang (m)bakyumu |
sabisanta anyangoni |
gya sadaya pra rubiyah |
ngabêkti mring Rundayèki |
gantya-gantya miwah marang |
Malarêsmi salamnèki ||

199.
Sadaya samya sung sangu |
mênyan lênga sundhul-langit |
arta tuwin sininjongan |
kang sung bobok parêmnèki |
wus warata pra rubiyah |
anyanyangoni pribadi ||

200.
Sarta jumurung ing laku |
wus sami andum basuki |
pan umangkat saking langgar |
Arundaya Malarêsmi |
Cariksutra Carikmudha |
andudukwuluh umiring ||

Jilid 11 - Kaca : 152

666 Mêgatruh

1.
Yata wau Arundaya lampahipun |
lan kang garwa Malarêsmi |
Cariksutra datan kantun |
Carikmudha santri kalih |
Sêtradrêma Sêtralewo ||

2.
Kang sawiji nèng ngarsa tuduh dêlanggung |
kang sawiji anèng wuri |
binêkta pasangonipun |
saparan pan anèng margi |
bucu dhadharan ginendhong ||

3.
Mijil sawijining padhadhahanipun |
namak pasabinanèki |
nut tikung galênganipun |
têgal pagangan palêstrin |
nabrang kali angêlorog ||

4.
Rêpêt lêmah saput karêmênganipun |
ngampak-ampak anyingloni |
marma talêre kang ênu |
umyang ring-ringingan enjing |
mrak nguwuh ngakak nyangungong ||

5.
Pênthèt dhècu cingcing-goling myang darigul |
manyar branjangan ngêjèri |
asri srigunting cumiyun |
tuhu gantêran myang kolik |
cangak êngkak bango-thonthong ||

6.
Akrah-krahan graèkan kalong gumandhul |
ngêbêki wrêksa mênuhi |
sumirat Hyang Arunèsuk |
angujwalani sakalir |
pêdhut karut anaronthong ||

7.
Pan wus anglintangi pasabinanipun |
nampak bubulak anglangit |
wana trataban garumbul |
tibak tinugar ginagi |
parumbutan bondhot-bondhot ||

8.
Malbèng kêtêp ing wana pagrênganipun |
kapya gêng linot walulin |
tungku jênu gandhêl gandhu |
kêmarungan butrawali |
(m)bulêt mulêt angêrongkop ||

9.
Anampêki jwalaning surya anrawung |
dene ron kêpung ngêbêki |
ningupi edhum aseyup |
baskara tan mastarani |
ayêming lampah arèndhon ||

10.
Cariksutra tansèng pungkur lon umatur |
won kèndêl kakang Kiyai |
mênggah apêngal puniku |
punêndi kang dados misil |
ingkang cancingan linakon ||

Jilid 11 - Kaca : 153

11.
Rundaya ngling anolih sarwi lumaku |
mungguh bab apêngal yayi |
pingil jamangi puniku |
kasugiyaning Hyang Widdhi |
apantês kêna rinêngkoh ||

12.
Agagampang ingkang dede mukrimipun |
liripun punika yayi |
mungguh kusuke ing ngèlmu |
sababe wus amalêri |
sakèh mukmin lanang wadon ||

13.
Ingkang sami pinaring ganjaranipun |
dening Hyang Kang Maha Sukci |
kang dhingin ganjaran ngèlmu |
kang ahli tumêkèng ngalim |
puniku sihing Hyang Manon ||

14.
Kaping kalih tapa tawêkaling kalbu |
cêgah saking sandhang bukti |
tan ayun krana dunyèku |
kang têkèng panrimanèki |
sokur datan mumah-mumoh ||

15.
Kaping têlu guna kabisan puniku |
ingkang undhagi astèki |
kang têkèng rêspatènipun |
rèrèn sabarang kinardi |
angrêrêmit saya gawok ||

16.
Kaping catur olah bandha brana agung |
asimpên sakalir-kalir |
kasêngsêm barana agung |
kang têkèng gêmi nastiti |
mêpêki barang parabot ||

17.
Datan pae patang prakara puniku |
pan tunggal idayatnèki |
ganjaran tan kêna carub |
yèn wus baginya pribadi |
wahyu tan kêna binorong ||

18.
Nênggih kang wus karêm ing ganjaranipun |
miskin dunya guna ngèlmi |
kang wus ginanjar ring ngèlmu |
miskin dunya guna tampi |
kang wus ginandjar guna-ndon ||

19.
Miskin dunya tapa ngèlmu tan tinuhu |
kang wus ginanjar dunyèki |
miskin dunya tapa ngèlmu |
ingkang wus ngumum kadyèki |
tan kêna kabèh ginayoh ||

20.
(ng)Gayuh têlu loro kewala tan sinung |
rangkêp kasugiyanèki |
mung salah sawijinipun |
lèh kasugiyaning Widdhi |
mokal lamun tan mêngkono ||

Jilid 11 - Kaca : 154

21.
Kèh-kèhing kawulaning Allah Puniku |
kang rangkêp ganjaranèki |
dhasar atapa angilmu |
sarta aguna tur sugih |
kang puniku tan sabên wong ||

22.
Sarwa sinung ing ganjaran kang kadyèku |
Cariksutra turira ris |
mênggah basa kang puniku |
lah kakang punapa inggih |
tiyang sugih dènnya bodho ||

23.
Tanpa ngèlmi tanpa tapa myang gunèku |
ngèlmu puniku kang pundi |
Ki Arundaya amuwus |
kang ngèlmu puniku yayi |
kang ahli alim waspaos ||

24.
Kang sinungku dalil akerat linuhung |
lantar saking tapa ngèlmi |
oliya Allah linuhung |
akirig ahli donyèki |
yèku sayêkti wali has ||

25.
De kang ahli kadunyan guna puniku |
panjênêngan narapati |
ngratoni guna sawêgung |
dadi wajibing narpati |
wus tan kêna sêdya repot ||

26.
Wus binagi waliyollah lawan ratu |
dalil dunya lawan akir |
kita puniku pan anut |
imam ratu lawan wali |
wus bagi dhewe tan awor ||

27.
Marma yayi Cariksutra wong puniku |
kêdah anitik kang budi |
punapa karêming kalbu |
anut satitahing ati |
rêke puniku tinuhon ||

28.
Amimilih budi marganing rahayu |
yèn karême tapa ngèlmi |
mrih mulyèng akeratipun |
yèn tyas mrih arta gunèki |
mrih mulya dunya karaton ||

29.
Ahli dunya puniku pan bawah ratu |
ahli tapa ngèlmu nênggih |
bawah pandhita linuhung |
marma winawas kang budi |
pundi raose kang manggon ||

30.
Cariksutra trang tyas myarsa wuwusipun |
nging durung manggon tyasnèki |
mungguh titiking tyasipun |
sasruwangan tanggapnèki |
rinaos-raos ing batos ||

31.
Yata wau wus lêpas ing lampahipun |
lingsir wanci pidak kalih |
non jurang angêmbêng ranu |
araryan soring trêngguli |
tumawing ing jurang ajro ||

Jilid 11 - Kaca : 155

32.
Samya lungguh anèng sela kumlasa lus |
lukar jubah angin-angin |
sakenjing dènnya lumaku |
rapuhing suku lumaris |
Ki Cariksutra agupoh ||

33.
Nuding santrinira ro kinon mangayun |
naoskên sasangunèki |
bubucu nyamikanipun |
kinroso ing janur kuning |
Cariksutra turira lon ||

34.
Lah suwawi kakang Rundaya puniku |
sasangu pênêd binukti |
miwah nyanyamikanipun |
tumulya sami binukti |
akêmbul nadhah aroyom ||

35.
Wus antara kang samya bukti anutug |
Ki Sêtralewo agupih |
naoskên toya ing kêskul |
luwaran kang samya bukti |
lorodan pinangan wong ro ||

36.
Wus anggape mangsêgan nyamikanipun |
cinarik sinungkên santri |
nulya samya mèt toyastu |
mring jurang kang ngêmu warih |
sami salat wêktu Lohor ||

37.
Bakda salat (n)dan umangkat lampahipun |
angayamalas wanadri |
anêtêr minggah tumurun |
kadhang mranggul wong lumaris |
jaranan sapèn momot wos ||

38.
Kèh kang winot ing pangupajiwanipun |
kadhang kapêthukan santri |
Rundaya wèh salam sagung |
santri wênèh (ng)graitani |
jêg dudu kaya ya tumon ||

39.
Kur-ungkuran samya laju lampahipun |
rarasan sakèhing santri |
kae mau kang lumaku |
kaya ya Kiyai Bayi |
Panurta lawan kang wadon ||

40.
Kang nauri lah mendahane satuhu |
Ki Guru Wanamartèki |
lumaku anèng wana gung |
muktine sasat bupati |
mangsa ta nandhanga repot ||

41.
Tan wus kang sami rarasan nèng dêlanggung |
yata kang sami lumaris |
napis panggrênging wana gung |
nampak babakan wanadri |
pagrumbulan wana bendhot ||

42.
Tarataban pakêtêban glagah rayung |
têbakan tinalun gagi |
katugar kang wis tinunu |
miminta kang wana-kaki |
winijèn tilas tinunon ||

Jilid 11 - Kaca : 156

43.
Sangsaya gêng kang marga myang jalma laku |
êlur lampah agagrami |
têtêmpuran (n)jog marga gung |
akathah puruging margi |
kang ngulon ngetan angalor ||

44.
Cariksutra ngling marang Arundayèku |
punika mangke ing ngarsi |
yèn wus (ng)lintangi garumbul |
têlas rumbuting wanadri |
paglagahan rayung glonggong ||

45.
Manggih dhukuh-dhukuh kiwa têngênipun |
inggih ing Ngardipalèki |
kewala mangkya andulu |
wiyar pasabinanèki |
dhikil kaêbêkan dhukoh ||

46.
Wontên parèrènan têpining marga gung |
kalangkung dening miranti |
jalwèstri samya mamarung |
wrêksa gêng-agêng ngaubi |
sêndhang gêng toyanya nyarong ||

47.
Kathah kêdhik janma kang samya lêlaku |
pan saking ing pundi-pundi |
kêdah yun kèndêl ing ngriku |
sawab wontên sarwi-sarwi |
ayêm arèrèn karaos ||

48.
Inggih Kae Malangkarsa karsanipun |
marma kalok ing ngatêbih |
Malangkarsa (m)bêg budyayu |
mrih suka kang angrèrèni |
manggih we mulat wong dodol ||

49.
Kae Arundaya myarsa manthuk-manthuk |
angling Alkamdulillahi |
ing wanci wus rare ucul |
tatas ing wana Paminggir |
nulya mulat dhukoh-dhukoh ||

50.
Talun têgal pagagan asri dinulu |
tuwin pasabinanèki |
tan na lêbar mangsanipun |
gadhu pangolahing sabin |
kiriyan toya sumorot ||

51.
Pan katingal dhukuh Ngardipala munggul |
kang kitri tiris awilis |
ardya lit kèbêkan dhukuh |
dadya papaèsing dhingkil |
kubuk kinubêng wana grong ||

52.
Langkung dening berawa lêlangitipun |
gêmah harjaning desèki |
tulus kang sarwa tinandur |
saluwak Ardipalèki |
Rundaya karênan tumon ||

53.
Bobote desa têngahing wana gung |
pajiwaning wong pakolih |
tan angèl pakaryanipun |
wau kang lumampah prapti |
ing sêndhang Bêlara ayom ||

Jilid 11 - Kaca : 157

54.
Apêpanthan kang samya raryan ing ngriku |
kang mangkat kang lagya prapti |
kang jênêk tan arsa laju |
kang lagi jajan abukti |
Kae Rundaya duk anon ||

55.
Ingkang sêndhang Balara kèh janma adus |
tuwa nom myang rare alit |
langên ciciblon gumuruh |
wong dhukuh ing kanan-kering |
samya dus sêndhang pangangson ||

56.
Langkung suka karênan dènnya andulu |
miyarsa prêkutut muni |
loro sauran cumêngklung |
hur-kung gêng langkung abêning |
kang sawiji anêropong ||

57.
Mencok ing pang karasula têmbing kidul |
sawiji nèng wit katangi |
(ng)guntang lir kênong lan kêmpul |
batêkan dènnira muni |
tan na kêndhak samya bocor ||

58.
Arundaya myarsa prêkutut kang manggung |
karaos ing putra kalih |
Jèngrêsmi Jayèngragèku |
sêngsêmannira ing pêksi |
prêkutut gêng ingkang bocor ||

59.
Gagasing tyas kadya ge-ageya pangguh |
wus parêk sasananèki |
apan anèng wismanipun |
Kae Sèh Malangkarsèki |
marma tumuliya panggoh ||

60.
Wusnya rêrêm dènnya araryan ing ngriku |
Cariksutra turira ris |
inggih punika kang dhukuh |
Ngardipala wismanèki |
Malangkarsa pandhita nom ||

61.
Pênêtipun kakang awêktu rumuhun |
yèn sampun bakda Ngasar-i |
minggah marang dhukuh Punthuk |
Rundaya saurira ris |
inggih prayogi riningong ||

62.
Nulya samya mring sêndhang mèt toya wulu |
asalat Ngasar pra sami |
nèng sela kumlasa alus |
soring rêjasa ngayomi |
wong lilima kanêm wadon ||

63.
Têkèng tahyat akir bakda salatipun |
paragat kang puji dhikir |
andonga Salaman wau |
samya mucang sadayèki |
Cariksutra turira lon ||

64.
Lah suwawi kakang Rundaya lumaju |
lamun wontên ing wismèki |
Ki Malangkarsa puniku |
yèn tan kêkesahan têbih |
langkung bêgjane kemawon ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12a) Kaca 126 - 141
  • (13) Kaca 158 - 174 >