Pranåtå Cårå - ᭙

18. Tuladha Atur Pambuka Panatacara
Pasrah Panampining Lamaran

ismillahirrohmanirrohim
Assalamu alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri, kadang wredha ingkang winantu suka basuki.
Mradapa keparengipun Bp. ___________ sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kula piniji pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran kinaryajejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung saderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rahmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panatacara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam para kulawangsa.
- Tinarbuka atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati dening
   tetuwangga ingkang sampun piniji.
- Atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya
   pinangka sulih salira saking badhe/calon kadang besan.
- Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun
   Bp. ___________ ingkang mengku gati.
- Kaleksananing adicara liru kalpika (menawi wonten).
- Tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh ingkang tumuju
   dhumateng kasaenan (menawi wonten).
- Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratandha
   saking kulawarga minangka paran para.
Makaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.
Nuwun, nuwun maturnuwun.


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup
wangsul-manginggil

888 casino affiliateнева пресс официальный сайтотзывы полигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9926210
  Hari ini     :  Hari ini :587
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :6356
  Bulan ini   :  Bulan ini :25835
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 15

Kontak Admin.

email-kidemang