Cêrita Cêkak -  

18. Diwayuh

Sênthóng papan anggóné turu katón rêsik, kordhèn jêndélå wêrnå jambón ditambah kêmbang mêlati sing disêbar sakdhuwuré sprèi nyêbar gåndå kang arúm ngrêsêpaké ati.
Ing pójókan sênthóng diwènèhi vas kêmbang arúm ndalu sing gandané ngambar-ambar, lampu bolam limang watt nambahi swasånå romantis.
Anggóné nunggu rawuhé Mas Brótó kanthi tênanan, kabèh tinåtå kanthi pêrmati åjå nganti nguciwani, ugå anggóné ngudi sarirå tansah pêrmati. Adús kanthi sabún wangi, ugå sabún sing ngandhúng surúh kanggo ngósóki pérangan awak sing wadi, ora lali jamu sari rapêt.
Ah, åpå yå wêngi iki múng liwat kanthi músprå?
Mêngkånå panggrêsahé Wêningati.
Wis udåkårå têlúng Minggu iki Mas Brótó ora naté kondúr, sanajan tiba gilirané kudu kondúr ning omahé Wêningati, Mas Brótó mêsti blénjani janji, kuduné têlúng dinå ånå omahé Dhik Múrti lan têlúng dinå ånå kéné, bab sisa wêktu sêdinå sumarah Mas Brótó sing arêp kondúr.
Nanging nyatané? Ånå waé alêsané, sing putrané lagi lårå, utåwå wêngi iku kêntèkan kêndaraan kêpêkså mulih mênyang omahé Dhik Múrti garwané anyar.
Ah, yå kåyå mêngkéné nasibé dadi mbók tuwå kåyå wis ora dikanggókaké manèh.
Sanajan rupaku iki ora kalah ayu yèn ditandhingké karo Dhik Múrti, nanging kêpriyé manèh aku ngrumangsani yèn dadi wóng wadón ora bisa mènèhi kêturunan.
Sakliyané kuwi Dhik Múrti pancèn isih luwih ênóm, lagi ngancik pitulikur tahún.
Kagungan putrå kang solèh apa solèkah wis dadi kêpinginanku lan Mas Brótó wiwit isih pacaran.
"Súk yèn diparingi mómóngan Dhik Wêning kêpingin lanang åpå wadón yå?" pangucapé Mas Brótó nalika isih têmantèn anyar.
Anggóné sélak kêpingin mómóng putrå, kåyå-kåyå wis ora bisa diêmpêt manèh, yå amargå wis limang tahún kliwat anggóné omah-omah kók durúng ånå tåndhå-tåndhå arêp diparingi mómóngan.
Ora kurang-kurang Mas Brótó apadéné Wêningati anggóné mbudi dåyå, mênyang dhóktêr wis têpúng gêlang kabèh wis diparani, srånå pijêt urút wóng kang ahli ugå ora kurang-kurang.
Pungkasané mênyang dhóktêr spésialis ahli kandhungan kang mratêlakaké mênåwå ånå pênyakit tumór sing manggón ånå kandhungané Wêningati kang kudu diangkat amargå ndrawasi uripé Wêningati.
Prasasat kåyå ånå gludhúg nyambêr sirahé Wêningati nalikå krungu yèn rahimé kudu diangkat kang wusanané ndadèkaké Wêningati ora bakal biså kagungan putrå saklawasé.
Yuswané Mas Brótó wis ngliwati 35 tahún, kamångkå kêpinginané kagungan putrå ora biså dikêndhakaké manèh, mula siji-sijiné dalan Wêningati kudu ngiklasaké Mas Brótó nikah manèh.
Nalikå arêp omah-omah manèh, prasêtyané Mas Brótó ora arêp nglalèkaké Wêningati, ora arêp mbédak-mbédakaké bab rêjêki lan sakabèhing bakal digawé adil.
Nanging åpå wêkasané?
Prèèèt,... wóng lanang anggêr wis kêturutan karêpé mêsthi lali kabèh janjiné.
Wêningati bisané múng nangis sêsênggukan.
Têlúng Minggu lawasé Wêningati ora disénggól kakungé.
Atiné kråså kêråntå-råntå, åpå yå kudu mêngkéné wóng-wóng wadón sing diwayúh kaé yå?
Tinimbang nangisi nasibé sing nrênyúhaké ati, dhèwèké nóntón siaran télévisi sinambi têturón.
Siaran Êmpat Mata kang digiyaraké sakwènèhing TV lan dipandhu Thukúl Arwana biså nglêlipur ati sawêtårå wêktu.
Lamat-lamat gambar lan swårå télévisi mau saya suwé saya ilang, mak lês,...
Wêningati kêturón anglêr.
Ånå sakjêroning pangimpèn Mas Brótó kondúr nyangking olèh-olèh samubarang åpå waé sing disênêngi Wêningati, ora lali nggåwå gêthúk lindri lan klêpón.
"Iki lho Dhik tak tukókaké kalúng bêrliyan modhèl anyar!" kandhané Mas Brótó sinambi nganggókakê kalúng ånå guluné Wêningati, ora lali karo ngêsun pipiné Wêningati sing alús.
Dhasar wis pirang-pirang ndinå Wêningati ora disénggól kang garwå, mula nafsu birahiné kåyå kêpancing dadi makantar-kantar.
Mula ora êlêt suwé wóng saklórón padha nindakaké sarêsmi.
Kåyå nèng alam swargan rasané, malah impèné såyå lumaku adóh, aduóh... bangêt, malah saiki balé somahé bali ayêm têntrêm manèh kåyå wingi uni.
"Mas saiki aku wis mbóbót lho, ngancik wulan kaping sångå!" ujaré Wêningati sajak rådå alêman.
Soré iku Mas Brótó ngajak Wêningati mlaku-mlaku mênyang toko sakprêlu blånjå kêpêrluan kanggo ngadhêpi babaran.
Pópók bayi, kêmúl bayi, wêdhak bayi kabèh dibóróng Mas Brótó.
Wóng saklórón wis gawé rêncana mênawa mbésúk arêp babaran nèng rumah sakit bêrsalin sing wis kondhang, Rumah Sakit Bêrsalin Sayang Putra.
Atiné wóng saklórón katón móngkóg jalaran kêpinginané kagungan putrå bakal kalêksanan.
Mawarnå-warnå jênêng kanggo bakal putrané wis rinakit.
Yèn sing bakal lair mbésuké lanang, jênêng Brótó Putranto, utåwå Brótó Séna, utåwå Tåpå Brótó, kabèh mau sing duwé hak maringi asmå Mas Brótó.
Yèn sing bakal lahir mijil wédók ugå wis dicawisaké jênêng Tyas Sulistyaningsih, utåwå Éndang Larasati, utawa Putri Kèn Utami, kabèh mau sing duwé hak maringi asmå Wêningati.
Putra kang bakal lair digadhang-gadhang têmbéné mbésúk dadi putrå putri kang solèh utåwå solèkah.
Ing pangråså Wêningati mbóbót wis sangang sasi punjúl sêpulúh dinå. Awaké kråså lårå kabèh, pêgêl-pêgêl, jabang bayi rasané kaya wis nêndhang-nêndhang lan atiné kråså dhêg-dhêgan.
Åpå yå kåyå mangkéné iki rasané wóng arêp babaran?
"Mas, rasané kók aku kåyå arêp babaran, têrna nyang rumah sakit!" mêngkono pênjaluké Wêningati marang sing kakung.
Mak jranthal kåyå asu digitik, Mas Brótó gagé-gagé ngêtókaké mobilé såkå garasi.
Anggóné nyêtir mobil kanthi rikat, nyalib mêngiwå nyalib mênêngên amrih têkan rumah sakit amargå sêlak ora kuwat krungu sambaté Wêningati.
Têkan ing rumah sakit Wêningati ditumpaké kêréta dhóróng lumêbu kamar bêrsalin.
Pårå dhóktêr, bidhan apadéné pêrawat pådhå ribút anggóné nulungi.
"Adhúh... Gusti nyuwún kêkiyatan."
"Adúh... Mas Brótó tulungånå aku Mas, iki priyé rasané aku kók ora kuwat tênan," sambaté Wêningati ngaruwårå.
Yå nêmbé sêpisan iki awaké ngrasakaké larané dadi wóng wédók. Dhèwèké rumångså gêlå bangêt kèlingan nalikå wani marang êmbóké sing wis nglairké dhèwèké, jêbúl kåyå ngéné rasané wóng nglairké. Lamat-lamat kåyå êmbóké sing wis swargi marani Wêningati.
"Wis Ndhúk, aku wis ngapurani kabèh luputmu, wis ayo dikuwat-kuwatké karêbèn jabang bayi énggal mêtu."
Mak plóng rasané ati, Wêningati kaya éntúk kêkuawatan anyar, dhèwèké unjal ambêgan landhúng.
"Ayo Bu, sêpisan manèh sing ngêdên!" swarané bidhan mréntahaké, nanging jabang bayi kåyå mbandhêl isih kêpingin ana wêtêngé ibuné. Såyå suwé Wêningati ora kuwat nandhang lårå, rasané wóng kang arêp nglairaké kaya wóng lagi sakaratul maut.
Alón-alón mripaté Wêningati mêrêm, ambêgané sêthithik mbaka sêthithik sansåyå arang lan banjúr mandhêg.
Ing pangråså ånå kêrétå kêncånå mudhún såkå wiyati marani dhèwèké. Para widódari pådhå ndhèrèkåké Wêningåti numpåk kêrétå kêncånå nuju swargålokå.
***
Wanci jam wólu ésúk, tånggå têparoné Wêningati pådhå cingak, omahé isih kêncar-kêncar lampuné, swårå télévisi ugå isih muni nanging Wêningati ora katón.
Ora biyasané Wêningati durúng tangi, mulå ånå sakwènèhing tånggå kang ndhódhógi lawang, lan nginjên åpå sing lagi kêdadéyan ånå ing sakjêroning omahé wóng wadón kang urip ijèn iku.
Ånå ing pandulu, Wêningati katón gumléthak ånå klåså ora obah sanajan dicêluki kanthi swårå bantêr.
Lawang omahé didhobrak, Wêningati ditêmókaké wis kaku ora ånå nyawané. Ing praupané kang rêsik sajak mèsêm kåyå wóng turu kaé.


::Dening: Sumedi::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

broker mfx сковорода гриль 26лобановский александр досье

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9897150
  Hari ini     :  Hari ini :634
  Kemarin     :  Kemarin :1497
  Minggu ini   :  Minggu ini :6233
  Bulan ini   :  Bulan ini :41931
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang