Cêrita Cêkak -  

32. Sawah

Srêngéngé durúng katón njêdúl, nanging sêmburat abang ing sisih étan wús katón mbranang.
Manúk-manúk pating blèbèr mangkat golèk pangan ninggalké anak-anaké sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntapké lungané biyungé, kanthi pangarêp-arêp gèk ndang mulih têrús nglólóh dhèwèké.
Mêngkono uga para manungsa kang duwé pakaryan bakúl mênyang pasar. Padha nggéndóng ténggók munjúng-munjúng isi dagangan.
Kabèh padha ngajab, muga-muga laris, êntèk dagangané, mulih kari nggawa ténggók kósóng lan lêmbaran-lêmbaran rupiah.
Ésúk kuwi, Mbah Wóngsó uga katón mênyang sawah nggawa pacúl sing disampirké ing pundhaké.
Tangané kiwa katón kêlip-kêlip amarga ing slêmpitané driji ana mawané, mawa rókók lintingan dhéwé alias tingwé.
Klêmpas-klêmpus sak dalan-dalan katón nikmat bangêt.
Wêktu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kêbak gódhóng jambu.
"Mrupút, Mbah! Tindak sabin?"
"Gênah nggawa pacúl ngono, mósók arêp njagóng!" sêmauré Mbah Wóngsó sakkêcêkêlé.
Mbah Wóngsó sanajan wis tuwa nanging isih sênêng guyónan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaúl.
"Pênjênêngan niku nggih anèh, Mbah! Nèk kula mbótên arúh-arúh mêngké diarani cah ênóm mbótên ngêrti unggah-ungguh."
"Ooo...ya wis, bênêr Lé..., la kowé gèk nyapu?"
"Mbótên, Mbah. niki nêmbé dhahar!" Parjó mbalês Mbah Wóngsó.
"Dhahar gundúlmu kuwi, diampút!! Kakèkané...lha kók malah mbalês," wóng loro têrus padha ngguyu.
Têkan sawah Mbah Wóngsó nyèlèhaké paculé. Dhèwèké têrús lunggúh nyawang tanduran pari sing wis mêrkatak.
Sawisé ngêntèkké uduté, Mbah Wóngsó têrús mak nyat, ngadêg têrús mbabati sukêt sak kiwa têngênê tanduran pari.
Sukêté diklumpúkké kanggo pakan wêdhús.
Udakara jam sanga ésúk, Suminah anaké wadón katón nggawa sarapan lan wédang tèh sing ginasthêl, lêgi panas túr kênthêl.
Kringêt wis dlèwèran, wêtêng ya wis pating kluthúk njalúk diisi.
"Sarapan rumiyin, Pak!"
"Kéné ndúk, wah kêbênêran bangêt. Wêtêngku wis klurúk têrús jé!"
"Wau sak dèrèngé tindak kapurih sarapan riyin mbótên purún, wóng nggih sampún matêng sêdantên."
"Mangan kuwi paling énak ki nèk wis luwé ngéné kiyi!"
Mbah Wóngsó anggóné dhahar katón dhókóh nyênêngké tênan.
Mula ora mokal sanajan wis sêpúh isih katón gagah.
Amarga olah ragané macúl ora tau lèrèn lan dhaharé ya akèh tênan.
Bar dhahar têrús ngunjúk bêntèran ginastêl kalajêngakên udúd.
Kêsênêngan sing kèri kuwi jan-jané wis dilarang déning anaké wadón.
"Pak, mbók sês-ipún dipún kirangi, nèk sagêt malah mbótên sah udúd mawón, cobi njênêngan waós nggèn bungkús rókók niku.
Mêrókók dapat mênyêbabkan kankêr," durúng rampúng wis dipunggêl Mbah Wóngsó.
"Rak dapat mênyêbabkan jaréné Pardi wingi kaé, dapat mênyêbabkan kuwi têgêsé ora mêsthi, isa lara isa ora, iya ta?
Jarêné nèk wóng-wóng ora udúd, pabrik rókók isa bangkrút, karyawané padha nganggúr, mbako ora payu, pêtani mbako klêngêr, pêmêrintah ora nampa pajêk, jaréné pajêk saka rókók kuwi paling gêdhé ndúk? Lho, piyé? Aku udúd iki rak mêmbantu pêmêrintah ta?"
"Pênjênêngan niku nèk diaturi mêsthi ngèyèl, mêngké nèk gêrah paru-paruné mang raóské piyambak!" Suminah katón mrêngút.
Ora lêt suwê sak rampungé Mbah Wóngsó dhahar, saka wétan katón wóng loro lanang-wadón numpak pit móntór nyêdhak marang lungguhé Mbah Wóngsó.
Wóng loro mau têrús nyèlèhké hèlêmé têrús mudhún nyalami Mbah Wóngsó lan Suminah.
"Nyuwún pirsa, ingkang nggarap sabin niki sintên, Mbah?" wóng wadón mau takon marang Mbah Wóngsó.
"Kula!" sêmauré Mbah Wóngsó.
"Pênjênêngan nyéwa sabin niki datêng sintên?"
"Lho, nyêwa pripún. Sampéyan ampún golèk pêrkara, niki sabin kula.
Kula tumbas pún sêdasa tahún kêpêngkêr! Malah wóntên suraté, surtipikat niku lho!"
"Pak, jênêngé sèrtifikat!" Suminah njawil bapaké.
"Nggih ngotên niku!" sêmauré Mbah Wóngsó.
Olèh kêtêrangan saka Mbah Wóngsó, wóng loro lanang-wadón mau pada ulat-ulatan sêmu gumún.
"Sabar riyin, Mbah! Ngêtên nggih, sabin niki sabin kula.
Kula tumbas kalih wêlas tahún kêpungkúr. Amargi kula mêrantau, kula kèn nggarap tiyang sing gadhah riyin, jênêngê Praptó.
Niki kula mbótên mêrantau malih, kala wingi kula madósi Praptó, kabaripún Praptó malah sampún tilar donya, mula kula nglacak mriki."
"Mbótên sagêd, niki riyin nggih sawahé Praptó, ning sing numbas kula! Sampéyan mêsti ajêng apús-apús!" Mbah Wóngsó katón arêp nêsu.
"Ngètên mawón, kula mbótên ajêng apús-apús. Bénjang Sabtu dicócóké mawón sèrtifikaté, kula tak sowan ndalêm pênjênêngan.
Nèk pênjênêngan ragu, nyuwún dipún sêksèni pêrangkat désa, napa sintên mawón sing ngêrtós babagan niki."
Dina sing dipilih kanggo rêmbukan wis têka. Mbah Wóngsó ngaturi para-para kang dianggêp mangêrtèni babagan sèrtifikat lêmah.
Nèng kono ana kanca-kancané Mbah Wóngsó sing umuré sak barakan, sing mangêrtèni sêjarah tanah sawahé Mbah Wóngsó.
Ing kono uga rawúh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapké ponakané saka kêpolisian sing nganggo préman, kanggo nyêkêl pawóngan sing bakal apús-apús.
Ora lêt suwé ana mobil mlêbu pêkarangané Mbah Wóngsó.
Pênumpangé cacah papat. Wóng lanang cacah têlu lan wóng wadóné siji. Sing loro wis dikênal Mbah Wóngsó, nanging sing mêdhún nggawa tas kópêr lan sing nggawa stópmap durúng diwanuhi.
Tibaké sing nggawa tas kópêr pakaryané pêngacara lan sing nggawa stópmap pêgawai sing ngurusi sèrtifikat lêmah.
Wóng-wóng mau padha rêmbukan gayêng nganggo bahasa Indonêsia. Mbah Wóngsó múng domblang-dómblóng, ora mudhêng apa sing diómóngkê. Ora wêtara suwé sajaké rêmbukan wis rampúng.
Nanging kabèh padha mênêng.
"Pripún, Bu? Rak nggèn kula ta sêrtipikat sing asli? Lha wóng dituku nganggo dhuwit tênan, mbiyên tak réwangi adól sapi pirang-pirang arêp diaku-aku, mêsthi nggèn kula sing asli," Mbah Wóngsó katón yakin bangêt.
"Ngètên nggih, Mbah. Niki pún disêksèni saking bapak-bapak ingkang mangêrtós babagan niki, babagan sèrtifikat, tibakipún ingkang asli mênika é...é..., gadhahan kula, Mbah!" pawóngan wadón mau mènèhi kêtêrangan.
"Pripún!!! Napa lêrês, Pak?" wóng-wóng sing pada rêmbugan nganggo bahasa Indonêsia mau padha manthúk alón.
Nanging kanggona Mbah Wóngsó kaya disambêr nggêlap.
"Pak!!! Éling, Pak! Pak..." Suminah mbêngók-mbêngók amarga bapaké sêmapút.


::Dening: P Dasihanto FD::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

капитал mfxбобби браун кистиооо полигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7863516
  Hari ini     :  Hari ini :519
  Kemarin     :  Kemarin :964
  Minggu ini   :  Minggu ini :7735
  Bulan ini   :  Bulan ini :21239
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang