Cêrita Cêkak -  

34. Rara Jonggrang

Haryó Wibaksó duwé gawé. Nggêlar sukuran anggóné diangkat dadi pêjabat ésêlón íng papané nyambút gawé.
Ora baèn-baèn, kanggo nambahi sêmuwané acara kuwi, Dèn Haryó, ngono sêbutané ånå kampúng, sêngåjå nanggap kêthoprak kondhang såkå tlatah Tulúngagúng, Jawa Timúr.
Jam pitu luwíh sêthithík tamu-tamu undangané Dèn Haryó wís wiwít têkå, mbrubul kåyå larón.
Sanadyan kúrsi síng disêdhiyakaké wís lumayan akèhé, éwosêmono sajak ora ngêmót tamu-tamu síng têkå íng bêngi kuwi.
Sawisé suguhané banyu mili lan acara mbåkå acara sukuran ditindakaké, udåkårå jam 20.30 pagêlaran kêthoprak síng bêngi kuwi mbabar lakón Rårå Jonggrang diwiwiti.
Adêgan mbåkå adêgan lumaku jumbúh pakêm. Kahanan kuwi njalari atusan mripat prasasat ora kêdhèp.
"Jonggrang, aku bangêt trêsna marang sliramu," têmbungé Bandúng Båndåwåså adrêng.
"Åpå búktiné yèn sliramu trêsnå?" wangsulané Jonggrang sajak lêléwå.
"Kowé njalúk åpå waé mêsthi dakturuti."
"Yèn sliramu pancèn trêsnå, aku njalúk digawèkaké candhi sèwu jroníng wêktu sêwêngi. Sadurungé kêprungu jago klurúk, candhi sèwu kuwi kudu dadi."
Cêkakê critå, kêgåwå gêdhéníng trêsnå marang Rårå Jonggrang, Bandúng Båndåwåså banjúr matêg aji.
Nêdyå nyipta candhi sèwu sajroníng wêktu sêwêngi.
Éwosêmono, krånå rékådayané Rårå Jonggrang síng pancèné kêpéngín nyabaraké upayané Bandúng Båndåwåså, nganti kêprungu jago klurúk, candhi sèwu ora biså kasêmbadan. Kurang siji.
"Manút pétúngku wêktuné durúng parak ésúk. Nangíng généyå wís ånå jago klurúk? Iki mêsthi ånå síng ora bèrès," pamawasé Bandúng.
Jonggrang mèsêm åmbå.
"Kuwi bênêr Bandúng . Kabèh iki sanyatané rékådayaku, muríh sliramu gagal mujúdaké sèwu candhi kåyå sing dakjalúk."
"Nangíng ora åpå-åpå Bandúng. Sanadyan kurang siji ora dadi åpå. Sawisé aku ngêrti krêntêg lan kasêtyanmu, aku ora arêp cidrå íng janji lan sagúh nglanggati kêkarêpanmu."
"Critå Rårå Jonggrang kók kåyå ngéné dadiné?!" têmbungé Mín Kuncúng gêtêm-gêtêm nyipati lakón kêthoprak síng lagi ditóntón.
"Wah, wah, ora gênah lakón iki," têmbungé Mín Kuncúng manèh karo bêngók-bêngók.
"Lakón kók kåyå ngono, kón mbubaraké waé!" Mín Kuncúng mbêngók sorå.
Krungu têmbungé wóng-wóng síng nóntón ånå dalan síng ora karuwan kuwi njalari pårå tamu síng lunggúh ånå kursi undangan sakkal dadi kagèt.
Ora ngêrti undêrané prêkårå. Mbah Sholèh minångkå sêsêpuhé kampúng kono síng sêkawít lunggúh ånå kúrsi undangan, mênyat lan banjúr tumuju mênyang prênahé wóng-wóng síng lagi patíng krêsah-krêsuh kuwi.
"Ånå åpå kók sajak ribút-ribút?" pitakóné Mbah Sholèh íng ngarêpé Mín Kuncúng, Dúl Kumbang lan Tino Céból.
"Kuwi lho Mbah, mósók critå Rårå Jonggrang digawé gèsèh kåyå ngono?" sêmauré Mín Kuncúng karo cungar-cungir.
Mbah Sholèh ngglêgês. " Wís , wís , awaké dhéwé iki rak múng dadi pênóntón.
Prêkårå critané arêp digawé piyé waé rak yå kênå-kênå tå.
Karo manèh critå Rårå Jonggrang kuwi têmêné rak yå múng critå tutúr tinular, síng bênêr piyé yå ora ånå síng ngêrti tênané.
Wís , wís , bêcík ditutúgaké anggóné pådhå nóntón," kandhané Mbah Sholèh akèh-akèh.
Íng panggúng critané têrús lumaku.
Gênti saiki têkan adêgan Bandúng Båndåwåså síng sajak lagi kasmaran karo wanita liyå.
Rårå Jonggrang kêtóké sêmono ugå. Atiné malah mangro karo sawijiníng Tumênggúng.
Ndêlêng critå kåyå ngono, Mín Kuncúng, Dúl Kumbang lan Tino Céból bali bêngók-bêngók manèh.
Ora narimakaké yèn critå síng diråså wís apal íng kupingé digawé morak-marík kåyå ngono.
Wóng têlu síng têrus muni-muni nyipati lakón kêthoprak síng ora gênah kuwi njalari wóng-wóng sakiwå-têngêné ugå mèlu krêsah-krêsuh.
Kabèh sakkal dadi uring-uringan nóntón lakón kêthoprak síng sajêg jumblêg lagi ditêmóni kuwi.
Íng kúrsi undangan, Mbah Sholèh síng lunggúh antêng kåyå tamu-tamu liyané satêmêné ugå ngrasakaké kahanan ora bèrès karo lakón kêthoprak síng lagi ditóntón kuwi.
Nangíng nglungguhi dadi jêjêré wóng tuwå lan didadèkaké sêsêpúh, dhèwèké trimå mênêng, sanadyan atiné muni séjé.
Íng suwaliké gancaríng critå kêthoprak síng têmêné gawé ngunguné wóng akèh kuwi, íng njêro omahé Dèn Haryó ugå lagi umyêg dhéwé-dhéwé. Wóng-wóng wadón síng lagi pådhå réwang íng omahé Dèn Haryó wiwít krêsah-krêsuh ngrasani síng lagi duwé gawé.
"Ndang, kowé ngêrti ora såpå síng dadi parågå Rårå Jonggrang kaé," pitakóné Yu Sriníng marang Éndang síng lagi pådhå tåtå-tåtå panganan.
"Rak yå anggota grúp kêthoprak kuwi tå," sêmauré Éndang.
"Klèru, Ndang. Manút kabar sruing-sruing síng daktåmpå, síng dadi parågå Rårå Jonggrang kuwi bintang tamu síng sêngåjå ditêkakaké lan dipilíh Dèn Haryó."
Éndang rådå kagèt krungu têmbúng kåyå ngono.
"Lho, kók biså?" têmbungé sabanjuré.
"Åpå bênêr kuwi?" Lík Ndari sing lagi lap-lap piríng mèlu nrambúl gunêm.
"Manút rasan-rasané wóng-wóng, parågå Rara Jonggrang kuwi rak pêmaín kêthoprak såkå Solo. Yèn ora klèru jênêngé Suyati," wangsulané Yu Sriníng sajak mantêb.
Éndang lan Lík Ndari manthúk-manthúk, nangíng sajak ora dhóng.
"Lan yèn arêp ngêrti, Suyati kuwi jaré dadi sêlingkuhané Dèn Haryó sasuwéné iki.
Ya krånå kuwi dhèwèké dikón maín íng kêthoprak bêngi iki."
Íng satêngah-têngahé wóng-wóng wadón síng pådhå réwang kuwi lagi rasan-rasan, dhèwèké dikagètaké karo jangkahé Dèn Haryó síng lagi nyêdhaki sisihané.
Lan síng ndadèkaké kagèté wóng-wóng síng pådhå réwang, sisihané Dèn Haryó saikiné karo mingsêg-mingsêg, nangís.
"Dadi anggóné sampéyan nanggap kêthoprak iki duwé tujuwan arêp nandhíng-nandhíngaké aku karo parågå Rårå Jonggrang kuwi, iyå Pak?" têmbungé Bu Núr, sisihané Dèn Haryó, kêprungu rådå sorå kanthi wiråmå sêrak.
Êmbúh åpå jalarané, krungu têmbungé sisihané síng kåyå ngono, Dèn Haryó sakkal dadi muntap.
"Kowé åjå anggêr ómóng!" sambungé.
Bu Núr anggóné mingsêg-mingsêg såyå kêprungu sorå. Nangíng sajak ora dirèkên déníng Dèn Haryó. Malah sabanjuré wóng lanang kanthi pawakan gêdhé dhuwúr kuwi banjúr sêmparèt ninggalaké sisihané síng lagi nangís, banjúr bali íng têngah-têngahé tamu undangan.
Íng panggúng kêthoprak, babaríng lakón síng bêngi kuwi ngangkat critå Rårå Jonggrang, ndungkap rampúng.
Pungkasané critå Rårå Jonggrang kêpêkså mati krånå kêrisé Bandúng Båndåwåså.
Sêmono ugå Bandúng tiwas déníng Tumênggúng, simpênané Rårå Jonggrang.
"Kêthoprak ra mutu!" têmbungé Mín Kuncúng karo muríng-muríng.
"Bangsat! Mêrga pokalé síng duwé gawé, critå kêthoprak biså digawé sakkarêpé dhéwé!" têmbungé Tinó Céból ora kalah sêngité.
Sawêtårå Mbah Sholèh síng dumadakan ånå íng têngah-têngahé wóng-wóng síng lagi muríng-muríng nyipati lakón kêthoprak ora nggênah kuwi, trimå mênêng.
Ora mênggak lan ora nyalahaké Mín Kuncúng sakancané.
Sêbab, íng batín atiné ya gumún sêtaún, íng atasé lakón kêtoprak kók bisa digawé sakkarêpé kåyå ngono.
Sawisé layar ditutúp, tamu-tamu undangané Dèn Haryó banjúr mulíh mênyang omahé dhéwé-dhéwé.
Élóké, sawisé pagêlaran kêthoprak síng mbabar lakón Rårå Jonggrang, mêndhúng kandêl dumadakan ngêmuli kampúng kono.
Nyisakaké critå séjé tumrapé Dèn Haryó lan sisihané.


::Dening: Khoirul Soleh::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

broker mfx отзывы трейдеровточилкилобановский обыск

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9897148
  Hari ini     :  Hari ini :632
  Kemarin     :  Kemarin :1497
  Minggu ini   :  Minggu ini :6231
  Bulan ini   :  Bulan ini :41929
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang