Cêrita Cêkak -  

87 Bapak

SENGITE simbok marang bapak ora dudu-dudu. Saka sengite nganti nesu-nesu bareng weruh fotone  bapak sing takpasang ing ruang tamu.
"Ngapa kok potone wong Pojok dipasang. Nyepet-nyepeti. Masang rak ya potone mBahmu. Apik mBahmu sing nggedhekake kowe, sing minterake kowe. Dudu wong Pojok sing ra urus kuwi!" tembunge simbok wegah nyebut jenenge bapak saka sengite. Yen ngucap ngrasani nyebute : wong Pojok utawa anake Kartonyo.
mBah Kartonyo, mbahku Pojok, wong tani sugih. Anake pitu : Inem, Samijo (bapakku), Inah, Jeber, Yayek, Sabirah lan Samino. Sawise aku lair, taun 1949, bapak dipethal  kanthi digawekake omah lan digadhuhi  tegal-sawah. Mengkono kareben bapak mletik pikire, ngerti marang tegese wong omah-omah, duwe tanggung jawab anak-bojo. Nanging bapak sing nggladrah panggah ora saba omah, dina-dina nglayap main kertu. Rong ndina, telung ndina lagi mulih yen dhuwite ludhes. Nggedhor dhuwit  maneh marang wong tuwane, ngamuk ngepruki apa-apa yen ora dituruti.
Tau genthong kebak banyu dikepruk ambyar. Mangka banyu iku olehe kangelan ngangsu lik Jeber sing sikile pincang, kecincukan sakawan saka belikan kali. Opak sarinjing nalika arep mantokake lik Sabirah oleh wong Beran, ditumpleg bapak menyang geni murub ing pawon. Wong tuwane sing wis giris kepeksa nggolekake dhuwit sing dijaluk, nguyangake pari utawa nggeret kebone menyang pasar Legi. Mengkono critane simbok sing wis tak apali saka kerepe crita marang aku. Uga crita-crita liyane bab tumindake bapak sing ala lan kulina ngeplaki lik Jeber merga lik Jeber wani madoni.
Fotone bapak sing mentas diweruhi kaya ngudal-udal gela-sengite simbok nalika dadi bojone bapak.
"Aku ngetutane bojo, sing taktutke ra neng omah. mBlayang terus butuhe dhewe. Anak bojo gak dipikir blas. Nek bengi aku ya wedi, Ti, wong omahe mencil pinggir kali. Aku terus mulih nyang Nglencong," tembunge ditujokake sisihanku, mantune.
"Wong Pojok kuwi ya ngetutna nyang Nglencong, ning mung sedina. mBalik mulih nyang dhangkane Pojok kana, nutugake senenge main lan medok."
"Nggih purun ngoten napa ta, mBok?"
"Karo wong Pojok, karo wong mBalong, karo wong mBeran barang. Aku krungu mung tak jempet. Bojo ra tau ngayani, kathik ngono pisan, laruuuuu neng ati!" wangsulane simbok karo meteg dhadhane sing wis trepes dipangan umur. Kebayake dicopot saka panase hawa Bojonegoro wayah ketiga. Kari kotangan modhel kuna sing aran entrok. Mengkono njalari kuruning awake luwih ngegla. Balung-balunge katon pating pendhosol ing walike kulit gilap pating jengkirut. Nyamut, pipine wis amblong jero awit untune wis meh entek. Nanging lakune isih jejeg, isih akas kuwat lelungan adoh munggah-mudhun bis.
"Rata,Ti, ndi-ndi dhemenane. Pancen ora wong. Asu mbuh-mbuh," semambunge nyamuk nyamuk mangan cuwilan roti. Olehe mangan ora kesusu. Dicuwili sithik sithik kaya wedi yen sereten senajan mantune wis nyuguhake wedang kopi.
Mantune, karo ngonceki jeruk jajane simbok, pitakon, "Kok mBok wau mungel mboten dikayani. Nedhine mbendinten lajeng dospundi? Napa dikintun mBahe Pojok?"
"Halhah, ngono neh. Ya ora. Kejaba nyengit, anake dhewe ya akeh, tur wis rumangsa menehi tegal-sawah kanggo sumbere pangan. Sawah seprapat. Ning wong ra tau digarap, lumuh, ya bera," wangsulane simbok banjur ngandhakake yen sing nyukupi pangan, sandhang lan kabutuhan liyane mBahku Nglencong. Apamaneh aku putune sing sepisanan saka mBahku Nglencong, seneng-senenge duwe putu.
"Nganti anak-anak loro, Ti, ditukokake jarik sepisan ae ora. Klambi, ora.  Entrok ya ora.  Gombal sasuwek nyang anake ya ra tau." Olehe omong karo nekuki drijine, milang cacahe barang sing disebut. Banjur noleh marang aku lan kumecap," Ngono kok mbokpasang potone, Nggo apa?  Nyepet-nyepeti mata!"
"Malah nyandhangi sing kana-kana. Nyang anak-bojone eman," grenenge sisihanku.
"Pancen samber nggelap wong Pojok anake Kertonyo. Bada-bada wayahe wong badan, Yunge malah digawakna pecok."
"Perkawise?"
"Arep nguyangake pari ing njero senthong. Lawang senthonge digembok Yunge, ditinggal ndhelik nyang omahe tanggane. Yunge digoleki karo nggawa pecok. Lawang senthong arep dipecok nek ora dibukak," semaute mangsuli, wis apal aku marang critane simbok. Ora wurung simbok bakal mangsuli mengkono.
"Saka wedine nek dipecok tenan, sogoke ya terus diuncalake," tembunge  simbok kari nambahi bacute.
"Lajeng...,mBok angsale perakan kalih pak Pojok, pake Woto niku, umur pinten?"
"Patang taunan kira-kira. Mi , lagi trantanan, elingku. Wong Pojok kuwi sing muni arep megat aku. Kowe tak pegat ya, Rah? Pegat ya pegat nek wis ora seneng. Ning nek ora karo kowe pa entuk layang? Ya piye caramu supaya entuk layang, ngono uniku. Terus adhine sing jenenge Yayek sing isih prawan, dijak nyang Naiban, ethok-ethok kaya kuwi bojone cara saiki. Terus rabi eneh oleh wong Pelem, wetan pasar Ngawi, jenenge Pariyah. Anak-anak loro, ya lanang- wedok. Isih cilis-cilis ya ditinggal. Terus rabi eneh oleh Juwer, wong nJenangan. Ra nde anak nek karo Juwer. Ning sadurunge oleh Juwer, tau nggawa wong Nglarangan, mbuh nganti pirang sasi. Jare arep dirabi nek omong karo tangga-tanggane. Tibake ora sida. Ngono kuwi rak ya saru disawang wong akeh. Pancen asu tenan, ra ruh saru anake Ketonyo, Pojok. Amit-amit, aku biyen oleh bojo kok kaya ngono. Anak-putuku aja ana sing niru klakuane. Ben digondhol kabeh tekan akherat kana."
Simbok mbacutake critane marang sisihanku, yen omah ing Pojok terus diedol bapak sawise  simbok mulih menyang Nglencong senajan durung pegatan. Simbok ora arep gelah-gelah njaluk bageyan awit iku dudu omah gana-gini. Sing bangeti, kandhane simbok, sekethip wae ora ana sing kecicir marang anake, aku lan Mi, adhikku. Dhuwite entek kanggo nguja kesenengane , sesasi ora mulih. Saben ganti bojo, njaluk omah maneh marang wong tuwane.
"Omahe thok wis ping telu, Pakmu. Aku mung uman kandhang kebo," tembunge lik Jeber nalika sepisanan menyang omahku ing Tobo, Bojonegoro.
"Kandhanga nek enten isine kebo rak nggih kathah, Lik."
"Isine ya mung klethong garing turut gedheg. Kebone wis entek. Sing digeret Pakmu kae mbuh wis kebo pira." Lik Jeber ngakoni mursale bapak. Ora kena dietung enggone nggedhor njaluk meres wong tuwane nganti sedulur-sedulure kaya mung kari uman sisane sing kena diwaris.
"Saiki Pakmu lara nemen, pengin pethuk kowe, mbuh arep omong apa. Kowe mranaa. Tilikana."
Nanging atiku alot, ora ana gregeling rasa sumedhot krungu mengkono. Kena apa atiku atos?  Bisa uga sebabe, aku wis ditinggal bapak ing umur patang taunan. Pisah thel, bapak ora tau niliki aku. Ora ana rasa tresna kang tuwuh ing atine anak marang wong tuwane awit ora tau gulet ing saben dinane jroning wektu kang suwe. Tresnane anak bisa thukul ngrembaka yen ana sesambungan batin krana direngkuh kebak asih wiwit cilik.  Aku ora tau ngrasakake pangrengkuhe wong tuwaku lanang kuwi. Kepiye bisaku duwe  grenjet niliki larane bapak sing nyelaki kuwajibane ngopeni anak?
Aku wegah mara nganti bapak tinggal ndonya. Anake loro ing Pelem sing luwih cedhak saka Pojok uga ora nate nginguk larane tekan patine, ora mara nglayat, ngono kandhane lik Jeber sing teka maneh menyang omahku perlu ngulemi enggone arep mantokake putune. Jare, supaya ora kepaten obor, supaya aku pethuk sedulurku sing akeh ing Pojok, anak-turune mBah Kertonyo.
Tak perlokake nekani uleman karo menyang Nglencong sambang simbok sing wis suwe ora tak tiliki. Aku weruh fotone bapak ing omahe sing kari dienggoni mbok Juwer. Foto lawas ukuran 10 R, nganggo jas lan kopyahan. Katon bregas, rupane apik. Simbok tau omong yen bapak rupane apik, mung klakuane sing ala. Bareng nyipati  fotone lan uwonge wis ora ana, batinku nyuwara : arepe kepiye wae klakuane, kuwi bapakku, sing ngukir jiwa-ragaku. Lan aku dadi kepengin kaya wong-wong sing masang fotone wong tuwane swargi kanthi ukuran gedhe. Bisa diweruhi putu lan buyute yen iku fotone wong kang anurunake. Mula tuwuh uga krentegku, yen ana dhuwit longgar, fotone bapak arep tak repro ing studhio foto, bisane diafdruk luwih gedhe.
Fotone bapak takbungkus koran supaya ora diweruhi simbok awit aku wis ngerti wiwit cilik, saka critane simbok sing sengit marang bapak, simbok mesthi ora seneng yen weruh aku nggawa fotone bapak. Tak kandhani yen aku mentas buruh saka Pojok, simbok omong yen uga diulemi tilas adhine ipe sing cacat pincang iku. Nanging simbok wegah ngidak bumine wong Pojok sing nglarakake atine. Simbok malah ngandhakake prakara anyar yen bapak nate nemoni simbok sadurunge bapak lara preg. Bapak muni arep ngajak kumpulan, ngajak balen.
"Arep bangka ngeleng kok kumpulan!"
"Eee, ana sawah sithik ya dipangan."
"Pangan-panganen dhewe!  Untal-untalen dhewe!  Kowe wiwit biyen apa-apa rak mbok ulu dhewe nganti anak-anakmu kaliren yen ora didulang mBahe Nglencong!"
"Sing uwis ya uwis, Rah."
"Saiki rak merga kowe wis bobrok, reyok awake! Wis ora isa nglabar-nglabar kaya dhek isih enom! Kari ambruke, ben dirumat anak, ngono ta, karepmu?!"
"Sepira luputku, Rah. Aku njaluk sepura nyang kowe."
"Wis, ndang mulih!  Omahku arep tak tutup!"
Bapak terus pamitan ditundhung warasan. Ngajak salaman nanging simbok emoh nampani. Enggone nemoni wae simbok mung karo ngadeg saka kadohan, emoh diajak lungguh, emoh diakon nyedhak. Malah isih nguman-uman senajan bapak wis metu mlangkah lawang.
"Kok ana tilasan mara thumuk-thumuk. Eeee...,njaluk diujar-ujari. Wis mbegedat taun nggonku ngontog-ontog. Lha kok mara, sing ngakon sapa," semambunge simbok marang aku sawise simbok kojah akeh-akeh.
"Raine gembro ambuk-ambuken, ketara nek laranen. Sikile mbregodog kurmanen. Kursi sing dijungoki ya terus tak grojogi banyu."
"Dijaluki sepura wae kok ya emoh. Apa abote muni hiya, ben lega atine," grenengeku ora ditanggapi.
Pancen mengkono watege simbok. Yen wis sengit, anane mung sengit. Yen lara atine, jero tatune. Mula senajan bapak wis ora ana, simbok isih sepet weruh rupane.
"Nek poto iku ora mbok obong, aku wis ora arep rene."
"Nggih mpun diobong ta, mBok."
"Kowe rak ra ngerti rasaku, Ti. nDonya-akherat sengitku ora ilang."
"Fotone wis tak udhunake. Wis ora ketok. Wiwit mau, tak sawang kok kaya wegah nyang omah ngarep," tembungku karo isih ukreg ndandani ndhas korek sing mengsle.
"Pokoke nek poto kuwi isih neng omah kene, rasaku ngganjel kaya ana watune. Nyandhung ngribedi enggonku arep rene. Mundhak wegah ra sida  rene merga kaya dipapag wong Pojok kuwi. Wong ora urus kok mbok pundhi-pundhi potone. Kok kaya wong tuwa njawa anak, gedhe labuhe nyang anak, patut kok rukti apik tekan kubure. Nggo apa. Kok tiwas nyepet-nyepeti. Ngingoni ora, nyandhangi ora. Kowe arep lair wae  kon marani dhukun bayi ya emoh, malah mancal sarunge!" Simbok nggepok tekan bab lairku kang uga wis kerep dicritakake aku.
Lairku lan laire adhikku ing Nglencong. Simbok mesthi njaluk babaran ing Nglencong ketunggon wong tuwane, supaya ana sing ngrumat. Bapak malah mlungker nalika simbok nglarani ing tengah wengi, nandhakake yen bapak ora mikir keslametane anak sing arep lair. Atiku lara nelangsa yen dicritani simbok  kaya mengkono. Makdhe Gatho, kakange simbok seje Pak, sing mangkat marani dhukun bayi.
Mung simbok ,wong tuwaku sing ngerti lairing anak minangka memaniking jiwane. Ora mung nggembol lan notohake nyawane nalika nglairake, ora mung nyusoni, ndulang lan nggendhong rina-wengi tanpa ngresula, uga ora mung nangisi lan nambani yen aku lara. Simbok sing nguripi lan nggulawenthah sagedheku bareng lan simbahklu Nglencong : mBah Walik lan mBah Kartokadi aliyas Kartosedono.
Simbahku Nglencong wis padha bali menyang jaman kelanggengan. Uga mBahku  Pojok sakloron, mung kari aran. Bapak sumusul keri, ninggal foto sing dadi kala ing omahku. Foto tak obong disekseni simbok. Kejaba aku ora kepengin simbok mutung menyang omahku, takpikir-pikir foto iku pancen ora patut takpasang.
( Kepacak ing majalah Jaya Baya, No.9, tanggal 31 Oktober 1999 )

Cathetan :  
Sawuse aku klas 5 SR (SD) 1960, simbok kawin maneh oleh bapakku kwalon, wong Tobo, Bojonegoro, sing nyambut gawe dadi kepala kuli ing TPK Perhutani  (Tempat Pinimbunan Kayu) Tobo.
Iki jalarane aku ninggalake Ngawi, ngalih urip ing laladan Bojonegoro melu simbok. Sateruse aku dadi guru SD lan kawin oleh Sukarti, sisihanku sing saiki. Nalika  lagi duwe anak siji, Basinto, lagi mbrangkang, wis dipundhut Pangeran. Simbokku wis bali menyang Ngawi, pegatan karo bapakku kwalon sing  jebule uga wong  seneng raben. Bapak kwalonku katut randa nakal, sateruse  kawin karo randha iku.
Tak cathet  cuwilan lelakon  kang dumadi ing Tobo, ing guritan BASINTO  lan guritan TOBO.

BASINTO
(cathetan ati rengka ) 

bagaskara jengkar saka langit biru
candhikayu ngiring sebamu
cakrawala tatu abang mlewah
kaya tatune wong saomah
ah
durung tumpuk-tumpuk guyumu ing atiku, anakku
esuke taktatah maesan

basinto , 21 april 1970.


 (Kepacak ing minggon Jaka Lodhang, Yogya, Nopember 1973)

TOBO

tobo sumeleh ing tepising alas jati
tobo yen bengi turu kepati
gudhang kayu njenggeleg kukuh
panguripane kuli-kuli sempoyongan rubuh
kali prudung njembrung kasatan sumber
warung waru kupune pating kleper
dakcathet : setasiyun cilik kang pucet
jaman pembangunan : tobo tanpa greget

ing kene
simbok kelangan bapak
aku kelangan anak
ora perlu kelantur dakgetuni
awit isih akeh ayahan lan pepalang
kang kudu diadhepi kanthi ati padhang

tobo sumeleh ing tepising alas jati
ing cepitan alas, suket panguripanku dakbubuti
warna kuning, pupuse garing
siweling ati kesandhung-sandhung, nate mbebidhung
ngajak minggat, nglari sing tumelung ledhung-ledhung
ah, jaman iki dudu njaman keri
mbutuhake generasi.
 (Tobo, 1974)

Cathetan :
SD papanku mulang ing desa kinupeng alas jati. Bayare guru nalika semana mung sethithik njalari akeh wong sing ora seneng dadi guru. Uga honor karangan  basa Jawa ya mung sethithik. Merga kerep keslepeg butuh, sok kemlebat pikiran kepengin metu saka guru lan kepengin nulis sastra Indonesia wae sing honore luwih gedhe. Nanging merga kelingan generasi guru  lan generasi  pengarang sastra jawa  dibutuhake, njalari atiku sumeleh, mbokmenawa wis dadi kodratku : dadi guru SD lan pengarang sastra Jawa. Guruku wis purna taun 2008, nanging pengarang ora ana tembung  purna.
( Bojonegoro, Oktober 2010).


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/10/cerkak-b-p-k.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

как сделать естественный макияжtopodin отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7835267
  Hari ini     :  Hari ini :771
  Kemarin     :  Kemarin :972
  Minggu ini   :  Minggu ini :771
  Bulan ini   :  Bulan ini :26445
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 21

Kontak Admin.

email-kidemang