Puspåwarnå - ᭙

38. Piwulang, Pitutúr lan Piwêlíng wontên Måcåpat

Wêkdal samangké wóntên kaanan ingkang nêmah têmbang Jawi. Inggíh awít kadayan éwah-éwahan jaman, ingkang ngrêmbåkå lêlagón póp, róck, utawi ndhangdhut.
Pårå kawulå mudhå langkúng cakêt kaliyan wiråmå póp lan ndhangdhut katimbang nêmbang pucúng, gambúh, pangkúr, kinanthi, dhandhanggula lan sanès-sanèsipun. Ing tlatah padhusunan sampún awís-awís kapirêng kanèman nyêkar måcåpat.
Upami dipungiyarakên wóntên ing télévisi, parågå ingkang nyêkar måcåpat umumipun ingkang kalêbêt sêpúh. Swantên lan wiramanipún wóntên ingkang karaós awrat, pélo, lan bléro.
Têmbang Jawi sampún kadhêsêk déníng kêmajêngan jaman. Malêbêtipún budåyå måncå lumantar télévisi ’minggírakên’ sastrå lan budåyå Jawi. Wiråmå barat, róck lan ndhangdut ingkang ngobahakên pérangan badan langkúng populèr katimbang måcåpat ingkang alús lan wóntên wiramanipún.
Sapérangan kanèman wóntên ingkang nganggêp bilíh måcåpat mênikå kinå ingkang kêtinggalan jaman. Éwå samantên sagêt dipún wastani bilíh sêkar måcåpat dèrèng ical kalindhês majêngíng jaman.
Taksíh wóntên ingkang nrêsnani sêkar måcåpat. Têmbang Jawi ingkang sinêbat måcåpat taksíh dipún sêkarakên wóntên ing swasånå ingkang tinamtu.
Wóntên ing pasinaón ingkang nggilút båså, sastrå lan budåyå Jawi, måcåpat taksíh dipún wulangakên.
Sêkar måcåpat ugi dipún têmbangakên wóntên ing sanggar-sanggar pamulangan båså Jawi.
Wóntên ing klênèngan, para pradånggå lan wiråswårå ngungêlakên båwå múrwakani sêkar.
Wóntên ing jagad pêwayangan, Garèng kaliyan Pétrúk asríng jêjogèdan lan nêmbang Púcúng, Pangkúr, Kinanthi, utawi Gambúh.
Kajawi mênika, måcåpat inggíh dipún sêkarakên wóntên pahargyan pêngantèn.
Pårå kadang pambiwårå wóntên ingkang nyêkar mligi kagêm risang Pangantèn.
Isinipún warni-warni wóntên ingkang arupi pitutúr luhúr kagêm Sri Pêngantèn ingkang badhé mangún kulåwargå énggal.
Wêwatón buku Mbómbóng Manah anggitanipún R.Tedjohadisumarto, têmbang Jawi kapérang wóntên gangsal gólóngan, inggíh mênika: lagu Dolanan, sêkar Måcåpat, sêkar Têngahan, sêkar Agêng, lan sêkar Gêndhíng. Kawastanan sêkar måcåpat amargi anggèn-ipún nyêkarakên kapêdhót sêkawan-sêkawan wanda.
Sêkar måcåpat kalêbêt sêkar alit yasanipún Prabu Banjaransari ing Sigalúh nalikå taún Jawi 1191.
Sêkar måcåpat pinanggíh ing buku-buku ingkang sinawúng ing sêkar wiwít jaman kawuri dumugi sapunikå.
Mulå bukanipun kasêrat ing båså kawi ingkang arupi kakawin. Namúng wóntên pamanggíh bilíh sêkar måcåpat mênikå anggitanipún pårå Wali.
Pramila lajêng wóntên sastrå ingkang arupi sulúk lan wiríd.
Pårå Wali bêbådrå lan nindakakên ayahan ingkang adi (luhúr, luhúng) inggih mênikå syiar Islam lumantar sêkar måcåpat.
Sêkar måcåpat déning pårå Wali dipún budidåyå supadós wós-ipun jumbúh lan gambúh kaliyan ajaran Islam.
Nuansa Islam kathah ingkang pinanggíh wóntên ing sêkar måcåpat.
Salajêngipún déníng pårå pujangga mliginipún ing Karatón Suråkartå utawi Purå Mangkunagaran, sêkar måcåpat dipún sêrat utawi dipún gubah ingkang cacahipún kathah sangêt.
Mindêng lan mandêng sêkar måcåpat ingkang wóntên, kathah sangêt piwulang, piwêlíng, pêpèngêt, utawi pitutúr luhúr ing babagan watak utawi kapribadhèn.
Têbanipún jêmbar, mrambah, lan minggah dumugi ranah ’kêIllahian’, kawrúh ing babagan kajiwan, kawaskithan, ngèlmu, laku, budi pakarti, udånagara, tåtåkråmå, unggah-ungguh, lan sanès-sanèsipun.
Wós lan suraós ingkang wóntên ing nglêbêtipún sêkar måcåpat sagêd dadós sumbêr piwulang, piwêlíng, lan pitutúr, kanggé mbangún watak lan karaktêr bångsa.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker как вывести средствакарандаш для бровей купитьлобановский александр биография

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9896031
  Hari ini     :  Hari ini :1012
  Kemarin     :  Kemarin :1666
  Minggu ini   :  Minggu ini :5114
  Bulan ini   :  Bulan ini :40812
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 8

Kontak Admin.

email-kidemang