Bharatayuddha -  

2. PANDHÅWÅ SARTÅ KORÅWÅ KANTI WADYÅBÅLÅ BIDHAL DHÅTÊNG TÊGAL KURU. PÊRANG BRÅTÅYUDÅ WIWÍT, SÉTÅ SASÊDÈRÈK TIWAS.

Lampahipún Prabu Krêsnå akaliyan Sêtyaki ngajêngakên dumugi ing nagari Wiråtå. Samargi margi sang nåtå angrêntahakên waspå. Anuntên balanipún Pandhåwå sami amêthúk rawuhipún Prabu Krêsnå. Sarêng sampún dumugi ing kadatón Wiråtå, pårå ratu sami ambagékakên sadåyå, sartå anungsúng pawartós, mênggah íng tindakipún dhatêng nagari íng Ngastinå.
Prabu Krêsnå amangsuli pangandikå : ”Koråwå ora kênå dipuríh bêciké. Kudu angajak pêrang. Ora awèh nagårå Ngastinå dijalúk saparo. Ånå déwa papat ambiyantóni íng lakuku, aran Kanwå, karo Narådå, têlu Janåkå, papat Råmå Parasu. Olèhé pådå nêmóni aku ånå íng Têgal Kuru. Iku pådå sumurúp wiwitan lan wêkasaníng rêmbúg, sartå pådhå angrujuki pirukúnku kang patút. Têkan ibuné si Druyudånå, åpå déné si Bísmå, Drunå lan Salyå, pådhå amrayogakaké pasrahé saparoníng nagårå, nangíng sakèhé rêmbúg bêcík ora didahar, malah sumêdyå angalani marang aku.”
Sakendêlipún Prabu Krêsnå ngandikå, pårå ratu sami ngungún amiyarsakakên pawartós. Prabu Darmaputrå, Wrêkodårå, Arjunå tuwín Nakulå, punåpå déné Sadéwå, inggíh makatên ugi. Wóndeníng Prabu Darmaputrå sasêdhèrèkipún kêkah íng karså, bade angéstókakên wêwêlingipún íngkang ibu Dèwi Kunthi, angrêbat nagari íngkang amargi sakíng pêrang. Pårå ratu tuwín pårå bupati íngkang sami ngrójóngi Pandhåwå, amrayógèkakên dadósíng pêrang. Putrå íng Wiråtå íngkang nåmå radèn Wrasångkå kaliyan radèn Utårå, punåpå malíh radèn Druståjumênå íng Cêmpålå, sami ambêk purún, amêmurún ngajak pêrang. Pårå bupati utawi pårå punggåwå sami kèlu sadåyå.
***
prabu-drupadaEnjingipún têngårå mungêl, kêndhang góng asauran, pårå ratu gumêrah sami anåtå barís. Sarêng sampún sami rakít sadåyå, lajêng bidal sakíng nagari íng Wiråtå. Kathahing bålå tanpå wicalan. Panganggenipún gumêbyar, kadós cahyanipún srêngéngé sawêg malêtèk, bade amadhangi jagat. Sakíng kathahíng prajurít, kadós sagantên ambalabari wånå sartå rêdi rêdi. Sakathahíng margi jêjêl deníng prajurít. Íngkang panganggénipún abrít agólóng sami abrít, íngkang jêné sami jêné, ijêm sami ijêm, cêmêng sami cêmêng, biru sami biru, wungu sami wungu, pêthak sami pêthak, bótên wóntên íngkang kasêlanan sanésipún. Swaraníng bålå kadós galudhúg, Gêbyaríng rêrêngganíng lêlayu, kadós urubíng rêdi sèwu sarêng kabêsmi.
Sang hyang Endrå anjawahakên wêwangi. Sakatahíng déwå íng Kaéndran sami angêstrèni íngkang sami anglurúg : Pandåwå unggulå íng pêrangipun angsalå nagari íng Ngastinå.
***
Íngkang anindhihi cucukíng barís radén Wrêkodårå. Lampahipún dharat kémawón sartå amandhi gådå. Awít salaminipún gêsang bótên karså nitíh kapal, råtå utawi gajah.
Sanajan tindakå mêdal sagantên, ngambah jurang, rêdi utawi lèpèn. inggíh dharat kémawón. Samargi margi tansah asêsumbar kémawón. Lampahíng barisipún kadós angébahnå bumi. Isèn isèníng wånå íngkang kambah sami mawúr.
Satêlasíng barisipún radèn Wrêkodårå, kasambêtan íng barisipún radên Dananjåyå, anitíh råtå karênggå íng sêsotyå, murub kadós rêdi kabêsmi. Panganggèníng prajuritipún patíng galêbyar, kadós anggêsêngnå nagari íng Ngastinå saratunipún. Gêndéranipún kumêlab, aciri kêtêk mangap. Sakêdhap íng ngawang awang pêtêng déníng mêndhúng, galudug gumlêgêr. kilat amradini íng ngawang awang, kadós andalajati manawi badhé unggúl íng pêrang.
Radén Nakulå akaliyan radèn Sadéwå anyambêti barisipún radén Dananjåyå, sami anitíh råtå karênggå íng sêsotyå wungu. Kadós batårå Kamajåyå kêmbar, badhé têdak dhatêng kadatón íng Ngastinå, aningali Koråwå kadós aningali kênyå.
Íng wingkíng kasambêtan barisipún putrå íng Wiråtå têtigå. Íng wingkíng kasambêtan barisipún radén Drusajumênå. putrå íng Cêmpålå. Anuntên kasundulan íng barisipún íngkang råmå Prabu Drupådå. Sang nåtå anitíh gajah, dipún garêbêg íng pårå mantri sartå pårå punggåwå. Barisipún tanpå wicalan. Íng wingkingipún, Dèwi Drupadi, anitíh råtå, asóngsóng mas sarwi anguré rémå, Kanginan kadós angawé awé, angénggalakên banjír. Ésanipún kadós sang Dèwi karså jamas rahíng Koråwå tumuntên, sasampuníng jamas lajêng karså ukêl. Sawingkingipún déwi Drupadi, déwi Srikandi íngkang anyambêti. Anitíh råtå karênggå íng sêsotyå. Anuntên Prabu Darmaputrå anitíh gajah, asóngsóng jêné, dipún garêbêg íng abdi kathah, sarwi amangku sêrat Kalimåsådå. Saéstu yèn ratu utåmå. Sêmunipún sagêd amungkasi pêrang. Wóndéníng sêrat íngkang dipún pangku wau, minångkå panglêburaníng mêngsah. Sawingkingipún Prabu Darmaputrå, kasambêtan íng barisipún Prabu Krêsnå, gêndéranipún sami pêthak, aciri puthút sêmadi, Sang nåtå anitíh råtå karêngga íng sêsotyå, asóngsóng pêthak karêngga íng maník, kumilat angênguwúng isanipún amèngêti: ”Hèh, dêlêngên, iyå iki pamugarining pêrang.”
Tindakipún Prabu Krêsnå kadós andhèrèkakên pangantèn. Íngkang minångkå panganténipún kakúng Prabu Darmaputrå, íngkang minångkå putri utawi pangantén èstri nagari íng Ngastinå; sabibaríng damêl, nagari katampèn dhatêng Prabu Darmaputrå. Wondéníng pårå ratu sêsuruhan, íngkang sami rumójóng íng pêrang, upaminipún íngkang sami nyumbang dhatêng Prabu Krêsna, íngkang kagungan damêl. Inggíh namúng punikå íngkang dipún pundi pundi sartå dipún éstókakên pitêdhahipún. Sintên sintênå íngkang anut pitêdhahipún Prabu Krêsnå, anglampahi pêjah wóntên íng pêrang Baråtåyudå, amêsti manggíh swargå, lêpat sakatahíng síkså wóntên íng jaman kailangan. Milå pårå ratu sêngkut anglampahi pitêdhahipún Prabu Krêsnå, sukå lilå amanggíh pêjah, awít swargå kaliyan naråkå sampún prasasat kaastå dhatêng Prabu Krêsnå.
Radèn Wrêsniwirå íngkang nyambêti barís ing Dwarawati, såhå minångkå têtindhihipún pårå adipati. Prajuritipún tanpå wicalan angêbêki margi, swaraníng bålå kadós angébahnå bumi, angocaknå sagantên. Íngkang anyambêti barisipún radén Wrêsnåwirå, putranipún radèn Dananjåyå, íngkang nåmå Abimanyu, anitíh råtå mas, asóngsóng laríng mêrak, sarwi amangku cåkrå. Panganggèníng prajuritipún kadós sêkar anggulasah. Íng wingkíng íngkang nyambêti radén Påncåwålå, putranipún Prabu Darmaputrå. Anitíh råtå karênggå íng sêsotyå, dipún gómbyóngi íng lar mêrak. Sóngsóngipún anglaríng kombang. Panganggèníng prajuritipún murúb, Gêndéranipún sami ijêm sadåyå.
***
Bótên têlas-têlas bilíh kacariyósnå sadåyå langêníng barís íngkang lêlampah. Íng mangké kacugag kémawón. Barís íng ngajêng sampún dumugi íng Têgal Kuru. Tiningalan kadós toyå ambêlabar, Pårå ratu, pårå dipati andalêdêg dhatêngipún, bótên pêdhót pêdhót. Lajêng sami adamêl pasanggrahan íng apangkatipún piyambak piyambak.
Anuntên Dèwi Kunthi dipún utusi rawúh ing Têgal Kuru. Kadèrèkakên íng Yåmåwidurå. Sarêng kapanggíh kaliyan Pandhåwå, lajêng sami muwún. Sakèndêlipún muwún, sami sukå sukå. Tangèh yèn kacariyósnå sadåyå anggènipún sami sukå sukå. Yåmåwidurå íngkang andhèrèkakên déwi Kunthi, wangsúl dhatêng ing Ngastinå malíh, Déwi Kunthi kantún wóntên ing Têgal Kuru. Pasanggrahanipún Pandhåwå sampún kados kadhaton. Pasanggrahanipún Prabu Krêsnå inggih dipún rakit kados kadhaton. Yudhisirå, Wrêkodårå, Arjunå, Nakulå, Sadéwå, sami wontên ing pasanggrahanipún Prabu Krêsnå. Pårå ratu sêsuruhan inggih sami pêpak wontên ing ngriku, sami arêmbagan sartå anyuwún dawúh dhatêng Prabu Krêsnå.
Yudistirå matúr ing Prabu Krêsnå : ”Kakang Prabu, kulå sumånggå ing sampéyan, sintên ingkang sampéyan karsakakên dados pangajênging pêrang.”
Wrêkodårå såhå Dananjåyå inggih makatên ugi aturipún dhatêng Prabu Krêsnå. Wangsulanipún sang nåtå : ”Yayi Prabu ing Ngamartå, ingkang kula pilih dados pangiriding pêrang pún Sétå.”
Sadåyå sami angguyubi. Anuntên radèn Wrêsniwirå dipún sèrêpakên dhatêng Prabu Krêsnå, mênggah gêlaripún bilih amêdali pêrang.
***
resi-bismaPrabu Suyudånå sarêng midhangêt wartos yèn mêngsah sampún masanggrahan wontên ing Têgal Kuru, lajêng andhawah paréntah amêpak balanipún. Anuntên Yåmåwidurå munjuk dhatêng sang nåtå, yén pårå ratu ingkang ambiyantoni Pandhåwå sampún sami ngalêmpak wontên ing Têgal Kuru. Botên antawis lami bålå ing Ngastinå sampún mirantos. Bidal saking kitå. Balanipún pårå ratu såhå pårå dipati tanpå wicalan. Lampahipún kados umobing toyå sagantên, ambalèbèr dhatêng dharat.
Wondéning pårå ratu ingkang angrojongi Prabu Suyudånå inggih kathah; anuntên sami ngadêgakên pasanggrahan piyambak piyambak, sami dipún rakit kados kadhaton. Bismå ingkang kapilih dados sénapatining prang.
***
Botên kacariyos laminé anggènipún anåtå bålå. Pandhåwå såhå Koråwå sarêng sampún rakit sadåyå, énjíng sami nabúh têngårå, kêndhang, gong akaliyan bèri, bodol saking pasanggrahan.
Surakipún gumêrah kados ambêdhahnå langit. Swaraning gong utawi têtabuhan sanêsipún ngantos botên kamirêngan. Barisipún Pandhåwå andêndêng wontên kilèn majêng mangétan.
Barisipún Koråwå andhêndhêng majêng mangilèn. Íngkang kidul anótóg rêdi, íngkang lèr anótóg sagantên. Kandêlíng barís sapaningal, éwadèntên íngkang datêng taksíh anggili.
Gêlaripún sénåpati Bismå Wukír jaladri, íngkang minångkå karang sakathahíng råtå sartå gajah, íngkang minångkå alún pårå ratu, sakathahíng bålå alít alít íngkang minångkå toyå.
Gêlaripún sénåpati aryå Sétå anåmå Bråjåtíksnå lungíd. Íngkang wóntên íng ngajêng Radèn Wrêkodårå, radén Dananjåyå sartå déwi Srikandhi, sami sabalanipún. Drustajumênå såhå Sêtyaki sabalanipún sami wóntên íng sakiwanipún. nangíng ragi kawingkíng cakêt kaliyan panggénanipún sénåpati aryå Sétå, Prabu Darmaputrå kaliyan Prabu Dwarawati sami wóntên íng têngah, nunggíl pårå ratu såhå pårå dipati.
Radèn Dananjåyå ngêrês manahipún aningali déné mêngsah sami kadang tuwin gurunipún. Lajêng matur dhatêng Prabu Krêsnå : “Sang Prabu, manawi kéngíng mugi panjênêngan sandékakên pêrang Bråtåyudå, kawulå bótên tahan aningali déné mêngsah sami kadang såhå guru.”
Sang nåtå amangsuli pangandikå : ,”Karsaning déwå ora kênå wurúng pêrang Bråtåyudå. Kapindhoné, yén satriyå mati íng pêrang, anêmu pati utåmå lan munggah swargå. Lan maningé, kakangirå yayi Prabu Yudhistirå kudu angluwari punaginé. Åpå tå sirå ora sumêdyå anglabuhi kadang tuwå ? Munggúh síng bakal mapagaké pêrangé gurunirå wís ånå, ora susah sirå ngawaki déwé, mångså kurangå mungsuhirå. Déné yén sirå amranggúli gurunirå ånå íng paprangan, ora kênå sirå oncati, kudu lumaku tinadahan, Múng sirå nyêmbahå baé dhisík!“
***
Sarêng Prabu Krêsnå sampún anyêrêpakên dhatêng radén Dananjåyå, bilíh pêrang Bråtåyúdå bótên kéngíng kasandékakên, lajêng sami wiwít pêrang. Surakíng bålå gumêrah, ungêlíng têtabuhan amór kaliyan garêdêgíng gajah, kêpyakíng råtå, karapyakíng kapal, kadós rêdi jugrúg, swaranipún angêbêki bumi. Pangamukíng bålå riwút, sampún kathah íngkang pêjah. Pårå ratu, satriyå sartå pårå adipati inggíh sampún katah íngkang pêjah. Råtå íngkang sampún rêmúk sadåså, gajah íngkang sampún pêjah sadåså, asarêng kaliyan ratu ingkang nitihi, Raméníng pêrang, késrêkíng dêdamêl kadós mêdalå gêlap. Gumêrah sambatipún íngkang sami tatu. Pêsatíng jêmparíng kadós jawah. Prajurít kêkapalan íngkang sampún pêjah atusan. Para gêgêdhúg nitíh råtå íngkang pêjah sèwu. Wóndéníng katahíng prajurít íngkang numpak gajah salêkså, íngkang numpak råtå salêkså, íngkang numpak kapal sayutå, íngkang dharat kawan yutå. Panêmpuhipún prajurít anggonjíngakên bumi.
Anggènipún pêrang sampún satêngah dintên. Íngkang sampún pêjah satriyå kêkalíh, sami putrå íng Wirata; satunggíl nåmå Radèn Wirasångkå, pêjah déníng Drunå ; kalíh Radén Utårå, pêjah déníng Prabu Salyå. Andêl andêlíng Koråwå kathah íngkang pêjah.
***
raden-setaRadén Sétå nêpsu sangêt, awít sakíng pêjahipún íngkang rayi kêkalíh, íngkang nåmå Wirasångkå kaliyan radén Utårå wau.
Lajêng ngangsêg sabalanipún; agalak kadós simå badhé mêmångså; utawi kadós danåwå rêbatan dagíng; asarêng panêmpúhíng bålå. Radèn Sétå amêntang langkap anglêpasakên jêmparíng. Íngkang kawawas Prabu íng Mandaråkå; nangíng lêpat; namúng råtå sakusír pangajapipún íngkang kéngíng; rêmúk amór kaliyan siti.
Kartåmarmå amêthukakên badhé angadhangi pangamukipún radén Sétå, lajêng kadhawahan jêmparíng, dhawah sakíng råtå, ratanipún rêmúk. Bålå Koråwå gègèr, sumêrêp pangamukipún radén Sétå. Sakíng katahipún angsal pêpêjah, adamêl girisíng mêngsah.
Anuntên Bísmå kaliyan Drunå sabalanipún anulungi. Jåyåsénå angundhå gada, tiningalan angajrihi. Radèn Rukmåråtå anulungi íngkang råmå Prabu íng Mandaråkå, nitíh råtå mêthukakên pangamukipún radén Sétå. Lajêng dipún lêpasi jêmparíng déníng radén Sétå, kéngíng jajanipún, dhawah gumulíng pêjah wóntên salêbêtíng råtå. Bålå íng Wiråtå íngkang dipún sénapaténi Radèn Sétå asarêng pangangsêgipún, tandangipún kadós banthèng kêtatón. Pårå ratu, pårå adipati katrajang kathah íngkang tumpês. Bålå íng Ngastinå girís, sami bibar mawúr, kadós kidang aningali simå. Saking mirisipún, bålå íng Ngastinå palajêngipún bótên kéngíng dipún andhêg dhatêng pangagêngipún, malah sangsåyå sangêt. Awít radén Gatutkåcå, Drustajumênå sartå radèn Ångkåwijåyå, sami dhatêng ambiyantoni radèn Sétå, sarêngan sami anêmpuh bålå ing Ngastinå. Anuntên Sénåpåti Bismå ngamúk, pårå andêl andêling Koråwå sami tumút, ajêng ajêngan kaliyan radèn Sétå, dados tanding sami sénåpåti. Radèn Sétå dipún lêpasi jêmparing dhatêng Bismå, wêdalipún ambrubúl angêbêki awang awang ; andhawahi radèn Sétå, sariranipún murúb nanging botên tumåmå. Radèn Wrêkdårå kaliyan radèn Dananjåyå anulungi dhatêng radèn Sétå, sami anglêpasakên jêmparing, ambrubul kados jawah, ingkang dipún angkah sénåpati Bismå. Anuntên Suyudånå anulungi datêng Bismå, kénging ing jêmparing jajanipún, botên pasah, nanging karaos sakit. Lajêng mundúr anêkêm jåjå, girís botên sagêd ngandikå. Pårå Koråwå angrubúng sartå andhènékakên kondúripún, sang nåtå.
Sénåpati Bismå sarêng aningali bålå ing Ngastinå gusis, amargi dipún amuk dhatêng radèn Sétå, sakalangkúng nêpsunipún.
Ngadêg wontên ing natanipún anglêpasakên jêmparing, ambrubul wêdalipún, andhawahi radên Sétå, Radèn Sétå lajêng mênthang langkap. Bismå ingkang dipún angkah, kénging baunipún, botên pasah, malah jêmparingipún tugêl. Radên Sétå, sénåpatining Pandhåwå, sangêt nêpsunipún, aningali tugêling jêmparing, Bismå botên pasah. Énggal mêdhún saking råtå, anyandak gådå, lumumpat dumugi panggénanipún Bismå.
Bismå dipún gådå angoncati, malumpat saking råtå, dados namúng ratanipún ingkang kénging, rêmúk sakusir kapalipún. Sétå sangsåyå nêpsu, manêngah angobat abitakên gådå. Pårå ratu ingkang sami nitih råtå utawi ingkang nitih gajah, kababit ing gådå sami rêmúk sarêng kaliyan kusir kapal sartå gajahipún. Ratu gangsal ingkang pêjah rêmúk kaliyan ratanipún. Ingkang ajúr kaliyan gajahipún inggih gangsal.
Wondéning pårå adipati ingkang pêjah kathah. Sétå saèstu yên sêkti tanpå tandhing; Bålå ing Ngastinå mawúr, giris aningali pratingkahing pangamukipún Sétå, kados upaminipún danåwå sèwu sarêngan angangkah daging, gadanipún angêbat êbati sartå anggilani. Bismå giris aningali Sétå wuru ing pangamukipún. Lajêng mundúr saking paprangan.
***
raden-setyakiAnuntên déwå anyuwårå sakíng ngawang awang : “Hèh, Bísmå, åpå mulané sirå mundúr såkå íng paprangan?” Wruhanamu, patiné putrå íng Wiråtå iyå déníng sirå Bísmå mirêng swaraníng déwå, 1ajêng wangsúl, sarwi amênthang jêmparíng latu, lumêpas kéngíng jajanipún Séta butul, lajêng pêjah. Bålå íng Ngastinå surak gumêrah, íngkang sampún sami lumajêng wangsúl sadåyå, giyak giyak sami anjogèd. Aryå Dursåsånå akiprah kiprah, aryå Sindurêjå anggêndhíng, Jayasusénå, Jåyåwikåtå, Srutåyudå, Jutåyuni, Sudirgå, Sudirå, Rékådurjåyå, Wíryå sartå Kartåmarmå sami surak surak. Wóndéníng bålå Pandåwå sami prihatós kêkês, awít sénapatinipún pêjah. Gumrudug sakíng wingkíng sami datêng ngajêng.
Sang Prabu Maswapati íng Wiråtå, sarêng dipun pratélani yèn íngkang putrå tigå pêjah, lajêng tandang kaliyan aryå Nírbitå. Bísmå dipún jêmparíng, ambrubul wêdalipún. Bismå inggíh nglêpasakên jêmparíng. Dadós têmpúh jêmparíng sami jêmparíng. Pandhåwå sami nêpsu, sarêngan tumandang, ngamúk sami angêbyuki, ciptaníng manah sukå lilå sarêngå sírnå kaliyan Prabu Maswapati, Bålå Pandåwå gumrubyug arêbat rumiyín, anêmpúh bålå Korawa mawúr sami mirís. Anuntên kasaru sêrapipún íng srêngéngé, kadós anyapíh íngkang sami sayah íng pêrang, ésanipún kadós améngêti, kapuríh sami asoå rumiyín, bénjíng énjíng pêrangå malíh.
***
Íngkang sami pêrang mundúr dhatêng pasanggrahanipún piyambak piyambak, sarta sami sangêt íng sayahipún Sang Prabu Maswapati sawêg amuwuni pêjahíng putrå têtigå. Jisimipún sampún pinanggíh sadåyå, dipún bêrsihi sartå dipún saèni. Sang nåtå akaliyan íngkang garwa sakalangkúng sêkêlíng galíh, déné íngkang putrå taksíh sami aném aném sartå bagús bagús, pêjah. Galihipún sang nåtå kaliyan íngkang garwå kadós rinujít, kapårå tigå. Praméswari angrangkúl layóníng putrå agêntós gêntós. Sêsambatipún amêmêlas : “Adúh anakku, déné têkå mati têlu pisan. Såpå síng bakal anggêntèni jumênêng ratu íng nagårå Wiråtå. Lah tangiå, ênggèr sapanên ibumu têkå. Åpå mulané kowé pådå mênêng baé? Déné têkå barêng patimu.
Mbók iyå kariå siji, ani kang dadi panglipuríng prihatin. Dhúh anakku, Sétå, Utårå, Wirasångkå, mung kowé síng dadi marganíng rêdatin. Ya, déwå, banjutên aku!“
Kèndêl kacariyós pamuwunipún praméswårå íng Wiråtå.
Anuntên Pandhuputrå sami dhlatêng, ambêktå panganggé, angurmati dumatêng íngkang sami pêjah. Layón rinubúng sartå dipún muwuni. Sasampúníng linuruban, lajêng kainggahakên dhatêng pancåkå. Dalu sasirêpíng tiyang pinuju padhang rêmbulan dipún bêsmi, mawi dipún jênêngi ing pårå ratu sartå íng pårå Pandhåwå sadåyå. Prabu Krêsna amêmujèkakên mugi sami amanggihå swargå, anêtêpånå íngkang sampún dadós jangji, ganjaranipún dhatêng íngkang sami pêjah íng pêrang Bråtåyudå. Awunipún kapusús minggah dhatêng Surålåyå.


 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Москванабор косметики для макияжалобановский александр биография

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9925277
  Hari ini     :  Hari ini :1198
  Kemarin     :  Kemarin :1471
  Minggu ini   :  Minggu ini :5423
  Bulan ini   :  Bulan ini :24902
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 9

Kontak Admin.

email-kidemang