Cêrita Cêkak -  

104 Dhelekan

ALIKA aku umur 10 taun, aku weruh susuh manuk kethilang ing pekarangane Kainem, kancaku sekolah klas IV,SD. Susuh manuk iku tak tuduhake Kainem lan Kainem tak wanti-wanti aja nganti susuh manuk kuwi diundhuh bocah.
"Ya. Aku arep muni nek wis mbok dheleki" wangsulane Kainem sing nalika semana nggendhong Sriyatun, adhine, umur 4 taun.
Sriyatun mekrok dadi prawan ayu sewelas taun candhake, klas III SMP Ngawi. Sore-sore Sriyatun mlaku bareng karo Kainem, mulih matun saka sawah, papagan karo aku.
"Adhimu kok ayu, Nem. Umpama tak dheleki ngono piye? Suk tak undhuhe yen aku wis diangkat dadi guru."
Kainem nggleges.
Sriyatun nyaprut.
"Gelema, Tun. Diundang bu guru tanpa sekolah guru," tumanggape Kainem karo isih nggleges.
Sriyatun uga isih nyaprut, wangune isin. mBakyune digeret-geret diajak nerusake laku.
"Kok terus nyaprut, Nem. Moh antarane," semambungku tak bablasake enggonku guyon parikena.
Lambene Sriyatun obah-obah, kaya katon esem ing pojoking lambene karo nyawang pernahe gunung Lawu sing ngregunuk ing kidul kulon.
Lan aku saya kesengsem marang adhine Kainem kuwi. Saben dina liwat ngarep omahku numpak sepedha pancal, mangkat sekolah. Ayu, pakulitane kuning, rambute brintik ngembang bakung lan rada meneng watege. Nanging apa Sriyatun kelingan yen ing cilikane tau takwenehi es lilin sing wis tak emut pucuke?
Sriyatun umur sing nalika semana digendhong Kainem, nalika Kainem tak tuduhi susuh manuk kethilang ing wit peleme, terus rewel bareng ana bakul es lilin liwat. Kainem muni yen ora duwe dhuwit selagine bapak lan simbokne padha menyang sawah. Aku ngesaki dhuwit sing mung cukup kanggo tuku es lilin rong iji. Siji tak ulungake Kainem supaya diedum karo adhine. Nanging Sriyatun terus ngendhorok, emoh nampani es lilin sing wis dicokot mbakyune.
"Moh. Krowak."
"Nyoh. Tampani."
"Moh." Sriyatun prembik-prembik.
"Cah kok nakal. Njaluk nek gak utuh kok mesthi emoh. Hihhhhh..., tak cethot sisan kowe ngko!" Kainem greget-greget kudu nyethot adhine." Sing nde dhuwit malah gak mangan. Kowe sing marahi," grenenge Kainem karo ngulapi pipine adhine sing teles kebak eluh.
Nanging Kainem ora wani menggak nalika susuh manuk dhelekanku dipenek Sahudi sing klas II SMP. Senajan aku dhewe uga wedi merga kalah gedhe, tak wanekake muni yen susuh manuk iku wis tak dheleki.
"Awas nek mbok penek! Tak keplaki kowe!" ancame Sahudi mudhun saka wit, ngerti anake loro isih indhil. Durung wayahe kena diundhuh merga durung pepeg, durung metu elare.
Sateruse aku mung krungu saka kandhane Kainem ing sekolahan yen anak manuk kethilang iku mung kecekel siji dipenak Sahudi. Sijine wis bisa mabur adoh, ora kecekel dioyak Sahudi. Nanging manuk sing diingu Sahudi mung umur rong ndina, mati dirubung semut.
Nalika semana, batinku nyukurake patine manuk sing dirubung semut iku. Nanging bareng sing mati Sriyatun ing umur 22 taun, atiku kaya disendhal. Sriyatun tinggal ndonya ing rumah sakit Ngawi sawise nandhang lara sawetara suwene. Ninggal anak siji umur setaun.
"Iki anake. Aku sing ngemong. Timbang diemong bapake, malah ora kopen, wong bapake gendheng," tembunge Kainem esuk-esuk ketemu aku ing ngarep pasar Nglencong. Pasar desa Dempel sebute pasar Nglencong awit manggon ing dhukuh Nglencong, padhukuhanku. "Kapan tekamu?" semambunge, pitakon.
"Wis rong ndina. Libur seminggu."
"Mampir pa piye, ayo... Kang Mardi neng omah kok," semambunge Kainem sing nggendhong ponakake karo nyangking tas isi blanja saka njero pasar.
"Ya. Ngko sore, Yu, yen ora udan."
Sorene, senajan rada mendhung, tak perlokake menyang omahe Kainem, tilas kancaku SD sing dadi bojone kang Mardi, blantik kebo. Nanging kang Mardi ora ana ing omah, jare lagi njupuk dagangan rajakaya ing Klampisan. Kepeksa aku mung ditemoni Kainem sing wis anak-anak loro, selagine aku isih mbujang ing umur 28 taun. Sawise Kainem tak tanggap ngenani panandhange Sriyatun, aku terus takon, apa ana fotone Sriyatun?
"Foto-fotone wis dikukuti, mBok. Tiwas ngetok-etoki, jarene. Maune ya ting crenthel ing gebyog."
"Goleki, Yu, fotone."
"Alah, mbuh neng ndi."
"Aku pengin ruh, Yu."
"Alah, mbok nggo apa?"
"Gage, goleki nganti ketemu," pandhesegku.
Foto digoleki ing omahe wong tuwane sing adu tritis karo omahe Kainem, ketemu ing ngisor tumpukan sandhangan njero lemari. Foto tak sawangi siji mbaka siji. Foto-foto nalika isih sekolah ing SD, ing SMP lan sawise tamat SMP, ora nerusake sekolah. Ana uga foto nalika dadi manten lungguh ing kwadhe.
Simboke Kainem mara merga Kainem ngusungi fotone Sriyatun. Merga simboke pangling marang aku, Kainem kumecap," Iki anake lik Tirah, mBok. Kancaku saklas jaman sekolah biyen. Dadi guru ing Bojonegoro."
"O...,Tirah bakul dhawet?" grenenge simbokne nyebut dodolane simbokku ing pasar Nglencong.
"Kok pengin sumerep fotone Sriyatun, enten napa?" pitakone dadakan gawe gugupku.
"Niki wau yu Kainem crita, mentas kesripahan. Kula angen-angen, meksa mboten kemutan rupinipun Sriyatun ingkang tilar niku. Lajeng dipuntedahi  foto-fotonipun niki," wangsulanku ngreka wangsulan sing mathuk.
Ngerti gorohku, Kainem mung nyeblek karo telap-telep ndulang Isnin, ponakane, anake Sriyatun. Sing didulang ora gelem mandheg. Mloka-mlaku, unthak-unthuk, sedhela-sedhela tiba saka durung tegen lakune. Tak candhak, tak sun pipine kiwa-tengen. Nalika ngesun aku kelingan Sriyatun. Banjur tak cekeli dhuwit salembar, limang ewonan. Bocahe terus nggapyuk mbok dhene sing dadi lirune ibune.
"Mesakake. Lagi semono wis ora ketunggon ibune," grenengku.
"Bapake sing mboten genah. Kloyongan edan kledhek Kedhungprau. Lali omah, lali anak-bojo. Sing risak nggih rayatane, wong Tun niku lare mendel. Ngantos  kera,  prag-preg sakit benter. Dangu-dangu mlebet griya sakit."
"Jane rung seneng rabi. Isih seneng sekolah, karepe. Arep nulak karepe wong tuwa,  ora wani.  Bareng dilakoni nganti metu anake, sing lanang malah ngono," semaute Kainem njalari simboke  thenger-thenger." Nglara ati. Ngenes. Guneme terus werna-werna nalika larane saya nemen. Entek awake. Mangka nalika waras, awake weweg gilig, ayu mlenuh."
"O...,piye guneme? Omong kepiye?" pitakonku kepengin krungu. Wiwit aku kesengsem marang Sriyatun, aku seneng krungu sakehing gunem kang kawetu saka lambene Sriyatun, senajan gunem mau mung ditirokake dening liyan.
"Guneme clemang-clemong, ing rumah sakit. Aku titip anakku ya, Yu. Mongen sing apik. Ngono unine, ndhodhog atiku."
"Wis, nem, aja kojah dawa-dawa. Marahi aku kudu nangis," pamunggele simboke karo ngekep Isnin, putune, sing wis sewulan ditinggal ibune. Isnin digendhong cangklek, diajak metu. Banjur sumambung, keprungu swarane ing njaba." Bongen foto-fotone kuwi. Tiwas ngetok-etoki ,Nem."
Kainem tak rembugi supaya foto-fotone disimpen sing apik. Yen Isnin wis gedhe, mesthi kepengin weruh, kaya ngapa rupane ibune. Apa sing bakal dituduhake yen foto-fotone wis ora ana?
Ana fotone sing ngguyu sumringah, foto warna  close up ukuran kartupos. Nyawang fotone, kaya-kaya wonge isih urip, kaya nalika saben esuk mangkat sekolah liwat ngarep omahku. Tak aruh-aruhi," Mangkat, Tun?"
"Ya. Mangkat."
Uga ing wayah awan, yen aku weruh mulihe. "Mulih, Tun?"
"Nggihhh."
Simbokku sing weruh enggonku seneng ngaruh-aruhi, nate takjak omong," Ayu ya, mBok, cah kuwi. Jenenge Sriyatun, anake lik Taslim, kulon pasar. Nek tuku dhawet, doli sing akeh, mBok."
"Rupamu. Apa kowe diarepi?  Arep mbok ingoni apa?"
"Ya ngko ta, mBok, yen aku wis diangkat dadi guru."
Klakon aku diangkat dadi guru SD ing dhaerah Bojonegoro. Nanging sadurunge aku diangkat, Sriyatun wis dirabi Sahudi sing dadi mandhor ing pabrik gula Geneng.
Atiku pepes. Mula marang Kainem aku nate kumecap," Kaping pindho dhelekanku diundhuh Sahudi. Sepisan perkara susuh manuk ing wit pelem biyen kae. Kapindho, perkara..."
"Kowe, dolan-dolan mrene ya ora tau. Seneng kok mung diingeti saka kadohan," semaute Kainem setengah maido, tanggap marang playune rembugku.
Lan aku isih kelingan, ing ngisor wit pelem iku Sriyatun tau nangis klesetan, emoh nampani es lilin sing wis krowak dicokot mbakyune. Eluhe grendhelan nelesi pipine. Meneng enggone nangis, gelem nampani es lilinku sing wis tak emut pucuke. Iki perangane kenangan jaman cilikan sing isih cumithak ing angen-angenku.
Senajan Sriyatun wis ora ana, merga iku wanita sing nggogrogake ati lanangku, njalari aku ora bisa nglalekake dheweke. Mula aku terus kumecap marang Kainem sing wis kebacut tak rengkuh kaya wis dadi mbakyuku ipe." Foto sing ngguyu iki  takgawane ya, Yu?"
"mBok nggo apa wong mung gambar." *

(Kepacak ing majalah Jaya Baya, No.44,  tanggal 4 Juli 1999)


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/10/cerkak-d-h-e-l-e-k-n.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx brokerчугунный грильофициальный никас сайт харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9924817
  Hari ini     :  Hari ini :738
  Kemarin     :  Kemarin :1471
  Minggu ini   :  Minggu ini :4963
  Bulan ini   :  Bulan ini :24442
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang