Cêrita Cêkak -  

06. Darpo

 Pikirané Darpo nglangut tanpå watês. Wóng lanang síng umurané udakårå patang puluhan tahún kuwi kaya êntèk pêngarêp-arêpé. Åpå manèh wís têlúng tahún dhèwèké ora duwé gawéan síng mêsthi. Mulå ora anèh mênåwå tånggå têparoné ugå kåncå cêdhaké ngarani dhèwèké manóngan.
Íng mångkå, dhèwèké duwé bojo lan anaké papat wiwít kêmragat. Éwå sêmånå bojoné kêpêkså dadi burúh. Burúh åpå waé bakal dilakoni, såkå burúh umbah-umbah, burúh nyêtlikå lan burúh mómóngké anaké tånggå.
Dumadakan angên-angêné mandhêg íng sawijiníng critå lawas, nalika Darpo isíh cilík. Nalikå bapaké ndongèngké marang Darpo karo dikêlóni ånå ambèn.
"Nah, jaman édan kuwi síng édan dudu jamané Lé. Nangíng mênungsané síng édan. Édan ora amargå owah pikiré, margå lårå turunan åpå déné margå sêbab liya síng diarani strès. Mula kowé mbésúk yén wís anak-anak kåyå bapakmu iki. Síng élíng lan waspådå. Sak bêja-bêjané wóng lali isíh bêjå wóng kang élíng lan waspådå," swarané bapaké Darpo têlúng pulúh loro tahún kêpungkúr kuwi katón cêthå tanpå kêsaput angín.
Darpo múng mèsêm síng bangêt angèl ditêgêsi, åpå sak têmêné têgêsé èsêmé Darpo mau. "Yèn sak iki akèh wóng pådhå mêndêm panguwåså, mêndêm båndhå. Malah ånå síng kåndhå uga akèh wóng lanang pådhå mêndêm wédókan. Apa wóng mêndêm ugå klêbu wóng édan, síng ora klêbu maknå síng têgêsé nêmahi jaman édan?" Darpo mèsêm manèh.
Darpo kèlingan kanca-kancané síng pådhå uríp mulya, duwé båndhå donyå kêcukupan, gawéan síng mêsthi. Malah ånå síng dadi camat, bupati, sudagar suksès, guru, pulisi, têntara uga anggota DPRD.
Båkå siji Darpo kèlingan kancané nalikå isíh sêkolah dasar biyèn. Bocah sing umbêlên, sikilé tatu korèng mblênyik ing dhêngkulé suwé mariné. Bórók sirahé nggåndå lêdhis gawé mukóké kancané. Durúng manèh lårå kópók íng kupingé síng ndadèkké kanca-kancané wêgah amór lunggúh jèjèr nalikå íng sêkolahan.
"Níng dhèwèké saiki kók biså dadi camat yå?" pangrasané Darpo sêmu maido. Malah kancané kuwi sak iki arêp njago dadi bupati. Kabar kuwi santêr kêprungu pårå wargå lan tånggå têparoné Darpo. "Mósók biså dhèwèké dadi bupati?" Darpo isíh ora pêrcåyå.
Tangané Darpo kêmlawé nyahút spidól gêdhé karo nulís jênêngé kancané, Paijo. Darpo kudu ngguyu kêmêkêlên nalikå kèlingan jênêngé kancané mau. Marga Paijo dadi anggota DPRD. Kamångkå biyèn sênêngané mêndêm, yèn bêngi kluyurané ånå ing lokalisasi Palanyahan sartå dhêmênané main cêki. Níng yå ora gumún yèn sak iki dadi wóng síng kajèn margå dadi wakil rakyat síng jaré "têrhormat" margå dipilíh rakyat supåyå biså mbiyantu lan mbélå rakyat kêsrakat. Nangíng åpå nyatané? Dhasar Paijo têtêp waé Paijo, ora rumångså yèn dhèwèké biså dadi anggota DPRD margå dipilíh rakyat.
Njúr nyalahké såpå yèn kåyå ngono mau? Yèn nyatané Paijo ora biså dadi wakíl rakyat síng sak têmêné. Mbók mênåwå salahé síng milíh, kênåpå wóng-wóng mau pådhå milíh Paijo? Mbúh!
Darpo såyå mumêt mikir lêlakón síng kêmliwêr ånå kiwå têngêné. Rêrêgan åpå-åpå wiwít mundhak, rakyat såyå tambah kêsrakat. Pêngangguran såyå tambah. Wóng pintêr-pintêr síng pådhå lunggúh kursi êmpúk pådhå lali karo janji-janjiné. Sambêr nggêlap karo sumpahé dhéwé.
"Ora kênå kowé kåndhå kåyå ngono, Darpo," swårå kuwi kêmlisik ånå kupingé têngên. Nalikå ditolèh ora ånå, jêbúl múng swarané dhéwé síng rungón-rungónén.
"Lêbón, Pak Darpo. Tigang dintên botên lêbón, sampéyan ora tau ånå!" swarané pawóngan síng dadi pêgawé Bank Carukan Awan. Darpo nggragap kagèt krungu swårå mau.
"Sésúk Mas, mumêt!"
"Yèn sésúk ditagih, alêsan sésúk mêlíh ngótén? Mbók alêsan liyané nåpå mbótên isóh," wangsulané pêgawé Bank Carukan Awan rådå nylêkit. Darpo dhéwé mèlu kêbróngót atiné rumångså diinå. Mripaté síng sêkawit mêntholo margå råså nêsu anglês manèh.
"Witiknå yèn durúng duwé arêp alêsan åpå?" wangsulané Darpo sak kênané. Síng krungu múng mèsêm sajak nyimpên råså anyêl marang Darpo.
"Aku lagi mikír..."
"Utang kuwi disaúr, ora múng dipikír!"
"Saúr sirahmukuwi!" saurané Darpo kêbróngót síng kapíng pindho.
Pêtugas Bank Carukan Awan sajaké ora wêdi karo wangsulané Darpo síng sajak arêp gawé kisrúh. Arêpa kêpiyé waé dhèwèké bênêr. Darpo sagúh nyaúr bank plêcit síng sabên dina ditêkani pêtugas.
"Pókóké sak iki kudu disaúr, wís têlúng dinå ora nyaúr, tak tunggu," ómóngané pêtugas bank plêcit tambah saya kêndêl karo ati síng tatag mênawa sak mångså-mångså Darpo nêsu.
Rainé Darpo mangar-mangar abang kåyå kêmbang wora-wari, tangané kêmlawé nyahút arít gêdhé síng sêmêmpêt ånå gêdhèg. Sak kal pêtugas bank plêcit nggragap lan mênyat såkå panggónan.
"Aja minggat yèn kêpingín sirahmu sigar! Ayo, mrénéå!" Darpo muntab sak kayangé karo isíh muni-muni kanthi kêbak pêngancam. Pêtugas mlayu nggêndring. Pårå tånggå têparo pådhå têkå tanpå diundang, margå pådhå krungu pambêngóké Darpo nêsu-nêsu karo pawóngan pêtugas bank plêcit.
"Pún, pún. Månggå-månggå. Sêdåyå mawón kúndúr. Mas Darpo kula íngkang ngaríh-aríh. Månggå bapak-bapak, ibu-ibu lan sêdhèrèk sêdåyå, månggå..." swarané Sinêm bojoné Darpo síng kêbênêran lagi mulíh såkå burúh nyêtlikå.
Wóng-wóng pådhå ninggalaké papan iku, Sinêm nggandhèng tangané bojoné karo ngrêbút arít gêdhé såkå tangané Darpo. Kanthi swårå síng alús, sasat kåyå Sêmbådrå, Sinêm nggrêtèhi bojoné supåyå sabar ngadhêpi kasunyatan uríp.
"Åjå nuruti nêpsuné sétan yå Mas. Coba, yèn wóng mau kêbacút pênjênêngan plathók sirahé, síng cilåkå bótên namúng piyambaké. Níng, pênjênêngan mêsthi urusan kalíh pihak pulisi. Kulå lan anak-anaké dhéwé pripún. Pênjênêngan rak taksíh trêsnå dhatêng anak-anak kalian kulå tå? Ugi tasíh trêsnå kalíh pribadhi pênjênêngan piyambak tå?" swarané Sinêm gawé luluhé Darpo. Åpå manèh Sinêm ora tau duwé nêsu karo bojoné nadyan duwé masalah åpå déné kêkurangan babagan wóng omah-omah.
"Coba pênjênêngan pirsani kringêt kulå tasíh dlèwèran margi ajríh kalíh dukå pênjênêngan. Mênikå, pårå putrå sami silå ngadhêp pênjênêngan..." swarané Sinêm ndadèkaké atiné Darpo góglóh, rumångså lupút, trênyúh lan lupút.
Darpo misêk-misêk kåyå bocah cilík. Nangís. Sabanjuré Darpo nangís magêp-magêp karo klèsètan kåyå bocah cilík síng durúng duwé dugå, mênåwå kêkarêpané ora dituruti.
Sinêm ngaríh-ngaríh marang bojoné supåyå ora nangís manèh. Lawang síng sêkawít mêngå dikóngkón ngênêpaké Sinêm. Tangisé Darpo múng kêprungu bojoné lan anak-anaké. Sêpisan manèh Sinêm jalúk marang bojoné supåyå mênêng anggóné nangís.
Sinêm lan anak-anaké ora kumêcap. Anaké mbarêp wadón jênêng Sasti njupúk wédang putíh banjúr diulúngké bapaké. Banyu bêning diombé róng cêglúkan langsúng êntèk. Banyu mau ndadèkaké atiné Darpo têntrêm, têntrêm ora amargå banyu putíh, nangíng margå síng ngêlúngaké anaké wadón. Sinêm mèsêm, sartå adhi-adhiné Sasti pådhå mèlu mèsêm. Darpo dhéwé mèsêm, nangíng ora ngêrti, åpå têgêsé mèsêmé Darpo.


::Dening: Bambang Hérmanto::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

биография Вадим Логофет кастрюля литой алюминийхарьков никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9925665
  Hari ini     :  Hari ini :42
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :5811
  Bulan ini   :  Bulan ini :25290
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang