Cêrita Cêkak -  

31. Kesandhung

Swårå jam témbók wís muni kapíng siji.
Atêgês wís lingsír wêngi, nangíng mripatku ora gêlêm mêrêm sanadyan wís wiwít mau aku mapan turu.
Wís tak pêkså mêrêm nangíng kók yå isíh krungu samubarang íng wêngi iki.
Swarané jangkrík ngêrík lan walang íng njåbå kåyå-kåyå nggodhå aku.
Urípku kåyå wís kasrimpúng. Aku ora biså obah, sanadyan isíh biså mlangkah mrånå-mréné, nangíng iku múng awakku, múng ragaku.
Nangíng nyawaku, jiwaku, urip iki wís kaya tumpês.
Gawang-gawang nalikå sêmånå, sawijiníng priyå kang nyêdhaki aku kanthi alús lan luwês.
Kabåndå såkå pokal lan trêkahé bojoku, ora ngirå yèn ngéné dadiné.
Síng takpikír nalikå sêmånå múng kaslamêtané kulawargaku, jalaran priyå síng nêmóni aku katón alús, luwês anangíng mripaté ngêmu råså kang dudu sakbaéné.
"Jêng dinå iki aku ora urusan karo sisihanmu, nangíng karo kowé. Gêlêm ora gêlêm kowé kudu manút karêpku," mangkono kandhané priyå mau ing omahé.
Aku rådå mrinding. Wêrúh kahanan omahé. Apík, brukút, kabèh pirantiné sarwå rêgå larang, isíh manèh ånå piranti olahraga, fitnêss lan tinju.
Tanpå sråntå priyå mau banjúr ngglandhang aku, sanadyan aku mblalélå ora ånå têgêsé, jalaran pawakané góthót, mripaté mêncèrèng.
Nangíng aku isíh nyobå nglawan, dadiné ora ånå paédahé, aku diangkat lan diuncalaké ånå dhipan.
Tanpå nduwèni råså kamanungsan, aku têrús ditindhihi lan dirudåpêkså.
"Wís mulíh kånå, ora sah ómóng såpå-såpå. Urusané múng aku karo kowé, ngêrtí?" muni mangkono karo nguncalaké amplóp.
Aku banjúr makbrabat mlayu mêtu têrús nggêblas karo lúhku dlèwèran ora biså mandhêg.
Têkan ngomah aku kåyå kênå angín lésús, tanpå dåyå, tanpå swårå.
Apa síng taklakóni dudu karêpku, dudu niyatku.
Nangíng yagéné kêdadéyan mau bisa tumåmå marang awakku?
Såpå síng salah, såpå síng kudu tak sambati.
Aku durúng mudhêng prêkarané, durúng mudhêng púrwané, nangíng dumadakan ånå lésús kang nrêjang awakku.
Lêt róng ndinå aku ditélpón manèh, supåyå têkå íng omahé dhèwèké manèh.
Aku ora biså nduwå lan muni ora. Nangíng aku wís siyågå, yèn ta banjúr kêdadéyan manèh pancèn aku wís niyat, liré kanggo nylamêtaké kulawargaku.
"Kulanuwún," aku ulúk salam.
"Éhh månggå, Dhík. Radi répót nggíh?" kandhané mbagèkaké aku.
Aku rådå bingúng, kók bédå karo wingi, kók saiki alús, luwês túr rapi, nganggo klambi putíh síng larang kaé, clanané biru tuwå, atiku dhêg-dhêgan kåyå ånå råså liyå jroníng atiku.
Aku ndómblóng kåyå sapi ómpóng.
"Dhííkk!" Aku rådå gragapan.
"Ngéné, sêpisan, aku nyuwún pangapurå praståwå winginané kaé.
Aku wís ora sabar nyawang sliramu wiwít aku kêtêmu ånå omahmu. Nangíng saiki bédå, sliramu yèn biså tak wêngku pisan ngopèni omahku síng sijiné.
Bab pétungané sisihanmu karo aku wís dianggêp ora ånå.
Kabèh mau biså digolèki, nangíng yèn atiku lan atimu såpå síng biså nukókaké," kandhané karo mésam-mèsêm.
"Nggíh mbótên ngatên tå, Mas," aku mangsuli.
"Ah ora sah båså, kåyå karo såpå waé. Undangên aku Lilík ngono waé, piyé lan åpå karêpmu," praupané sériús.
Aku nolèh ngiwå nêngên, sêpisan manèh kanthi prêmati tak sawang isèn-isèning omah iki.
Aku wís kêbanjúr têlês, wís kêmbróh, åpå alané yèn aku nyobå kénthir íng banjír asmårå iki?
"Ngéné lho, Mas Lilik. Piyé yèn awaké dhéwé iki múng kêkancan rakêt waé, prêkårå kêrsané njênêngan iku tibå mburi, jalaran kahananku ora nyênêngaké lan ngrépótaké njênêngan. Piyé yèn ngono?" pitakónanku tak wanèk-wanèkaké.
Taksawang rådå sawêtårå, dhèwèké múng mênêng nyawang aku lan sabanjuré unjal ambêgan, karo têrús nyawang aku.
"Yå ra dadi ngåpå, yèn pancèn ngono gêlêmé atimu.
Aku ngêrti kahananmu kók. Ora susah critå aku ngêrti kabèh, jalaran aku iki kåncå suwé karo sisihanmu.
Saiki yo mangan dhisík, apiké íng rèstóran ngêndi?" dhèwèké ngadêg karo nggandhèng tanganku.
Aku múng kåyå kêbo dituntún ora suwålå, banjúr mbukak garasi, aku dibukaké lawang móntóré, lunggúh jèjèr dhèwèké ånå ngarêp.
Ya wiwít dinå iku aku dadi kåncå rakêté Mas Lilik.
Kanggoku, sanadyan aku wís klêbús íng banjír asmårå, nangíng aku isíh élíng yèn aku iki wóng bênêr, wóng síng tansah ngugêmi kabêcikan.
Aku ora duwé pêpénginan lan nglakóni. Wóng síng nyawang mêsthi ora biså nåmpå síng taklakóni, nangíng kabèh mau mêrgå kahanané urípku.
Apa manèh barêng Mas Lilik nyukupi kabutuhanku lan pêpênginanku tumrap sandhangan saksêdulúrku.
Luwíh-luwíh nalikå panggónané wóng tuwaku kêtaman banjír banyu kali, dhèwèké kåyå pahlawanku, nguripi sartå nulungi kabèh kabutuhané wóng tuwaku.
Aku dhéwé nggumún lan suwé-suwé aku nduwèni råså simpati marang dhèwèké.
"Åpå kåyå ngéné iki yå uríp síng múlyå kuwi?" ngono batínku, aku kåyå wís sulap marang kahanan ndonyå.
Wiwít nêm tahún kêpungkúr aku jêjodhowan karo sisihanku, urípku tansah kêcingkrangan.
Tênagaku takpêrês, ragaku takbantíng rinå wêngi kanggo nyukupi kabutuhan uríp.
Durúng naté aku têmbungé "diblånjå", sanadyan dhèwèké nyambút gawé.
Nangíng síng diudi lan disrêgêpi múng pêrkårå sarêsmi, kanthi alêsan "kowé bojoku".
Malah naté sabên-sabên arêp ngajak sarêsmi, milårå aku.
Mbúh síng napúk rai, nyakót awakku kanthi alêsan gêmês lan isíh akèh panandhang síng tak lakóni.
Sanadyan aku sambat, nangíng malah saya nékat, kåyå wóng síng nduwèni kêlainan jiwå kaé.
Nangíng kabèh ora ånå síng ngêrti, wóng tuwaku utåwå mårå tuwaku ngêrtiné aku rukún lan bêcík waé.
Dumadakan ånå kêdadéyan mau, ngêrti-ngêrti dhèwèké duwé pétungan síng ora sêthithík karo Mas Lilik.
Éé, yå Allah, Gústi, åpå iki yå panandhangku kang kudu tak lakoni.
Nyauré pétungané sisihanku karo wóng síng jênêng Lilik jêbúl nganggo awakku.
"Dhúh Gústi paringånå kuwat lan sabar, supåyå aku bisa nutúgaké mómóng anakku síng múng siji thil kaé," sambatku kanthi lúhku kang tanpå biså diêndhêg, bantal síng tak turóni têlês kêbês, kåyå têlêsé awakku kang kêna banjiríng asmårå duråkå.
"Kulanuwún? Mênåpå lêrês mênika dalêmipún Mbak Umi?" ånå pawóngan góndróng nganggo tópi mårå ånå omahku.
"Inggíh lêrês, wóntên mênåpå?" pitakónanku karo dhêg-dhêgan.
"Mênåpå lêrês panjênêngan kåncå rakêtipún Lilik? Gampangané pacaré lah. Mênawi lêrês, kulå aturi tumút kulå dhatêng kantór".
Durúng tak wangsuli, wís ånå mobil Kijang biru ånå ngarêp omahku lan aku digåwå mlêbu.
"Ngatên lho Mbak, Lilik punika burón aparat amargi kiyambakipún kalibêt urusan aparat. Pramilå mênawi manggíh panjênêngan dipúnkontak, panjênêngan kulå suwún ngabari kulå." Mangkono kandhané priyå góndróng mau.
Aku isíh mênêng waé, sêjatiné atiku lêmês, jantúng kåyå mandhêg, lan urípku pupút.
Jalaran ora ngirå yèn Lilik kuwi kalibêt urusan kriminal karo aparat. Dhasar manungså, aku dhéwé yå sulap nyawang kahanan, nangíng kabèh mau amargå trékah lan polahé sisihanku. Têrús aku kudu piyé?
Kadi ngéné kêbêntús íng awang-awang, kêsandhúng íng dalan råtå.
Banjúr såpå síng salah? Sisihanku, aku, utåwå wóng síng njirêt uripku saiki iki? Makprêpêt aku ora kèlingan åpå-åpå nalikå sêmånå.
"Mah, pipis". Aku gragap, anakku nglilír njalúk pipis.
Wís mèh subuh, anakku bali turu manèh, aku banjúr wiwít tåtå-tåtå kåyå adat sabêné, nyambút gawé, budhal jam sêtêngah lima ésúk, mulíh jam pitu soré. "Gusti nyuwún pangapuntên."


::Dening: T Suwarto::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

бесплатно казино joycasino автоматысковородылобановский харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9897239
  Hari ini     :  Hari ini :723
  Kemarin     :  Kemarin :1497
  Minggu ini   :  Minggu ini :6322
  Bulan ini   :  Bulan ini :42020
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang