aploke kedadeyan sawetara sasi kepungkur, gemerah karo sing lanang perkara sms njaluk kiriman pulsa kanthi nyeluk “papa – mama” kae, Marpuah jian ngati-ati tenan anggone nyikapi kahanan. Witekna ora piye, esuk, awan, sore malah bar Magrib barang hapene sing lanang klebon sms saka “mamae” sing tundhone mung njaluk pulsa. Perkara regane pulsa ora apa-apa, bareng lek nyeluk kanthi sebutan mesra “papa” wadon sapa ora kobong ondheroke? Meh selawe taun mbangun bebrayan nganti duwe anak telu, putu loro, durung tau nyeluk mama-papa. Paling banter tekan “mas” ngono wae yen dhong neng ngarepe wong akeh. Biyasane ya cukup “pakmu-mbokmu”. Malah, Diman, wong lanang setengah abad kuwi luwih kerep ngundang “ninek” marang Marpuah sing sejatine lagi umur ngancik 45-an kuwi. Selawase urip jejodhowan meh seprapat abad, ora tau gemerah sing nganti kedawa-dawa kaya dhek abene. Iya lek mung salah paham anggone nggulawenthah bocah-bocah utawa nata njero ngomah wae kuwi biyasa. Crita anggone bubar tandang gae neng jaitan utawa sing wadon kesel nandangi pawon terus kebablasen padudon kuwi lumrah. Bubar gemerah ngono kuwi banjur sorene metu runtang-runtung menyang warung maem tahu lonthong, ngombe sodha gembira, wuaah… adhem kabeh! Rukun maneh. Lha yen rasa jubriya lan cemburu berat kuwi ya klebu lumrah tumrap wong bebojowan. Katresnan kuwi pancen apike dibumboni rasa cemburu supaya ana gregel-gregele samangsa ngematke olah katresnan. Ning yen cemburune kebablasen bisa gawe kahanan dadi amburadhul. Gara-gara SMS papa-mama dadi dredah. Wegah kalah. Purik! Kurbane iya anak-putune dhewe. Keluwargane dhewe! Lha bareng sing wadon ya nampa SMS isine padha, banjur padha klejingane? “Mosok aku diceluk papa?” grenenge sing wadon karo nggleges. “Iki rak genah ngawur!” “Halah, jajal lek sing nampa SMS kuwi aku? Kobong janggutmu!” Diman nyaut wegah kalah ngglegese. Karo isih ngempet guyu lanang sing kondhang humorise kuwi neruske, “Gek apa ya tumon, wong kena urusan pulisi jik kobere njaluk pulsa? Kok ra njaluk dhuwit?” Lanang wadon kuwi banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Cablek-cablekan pupu. Lek wis ngono kuwi kaya-kaya bali mudha maneh. Lali gaweyan. Lali ngenget jangan barang! “Sing lucu meneh kuwi iki ta Pakmu, jajal ta penjenangan waos. Nak iki bapak kenek masalah, urusan ambek polisi tulong tukokna pulsa 20 ribu neng nomore bapak seng anyar 081234303789. Aja telpon, ngko bapak ae seng telpon,” kandhane Marpuah karo macakake sms sing tulisan basa Jawane akeh salahe kuwi saka nomer hape 081998261277 banjur diulungke bojone. “Yen nitik unine sms kuwi jian akeh mokale, Nek. Sepisan, wong sms nganggo kartu M3 kok ngakon ngirim pulsa neng nomer kartu AS. Kapindho, yen pancen kena urusan pulisi nyangapa ora gelem ditilpun? Katelune, wong jelas jik kena perkara dadi urusan pulisi kok kober-kobere njaluk pulsa kuwi dienggo apa? Kaping pate,…” “Kaping pate, bapakku wis mati entek slametane kok jare kenek urusan pulisi. Lha kuwi bapak sing endi maneh?” pamunggele Marpuah kari ngguyu kekel nganti dhekik pipine. “Yen bener bapak butuh pulsa, ya tak kirimane, menawa ae neng akhirat kana enek sinyal. Es-em-esan karo anak mantune sing bagus iki. Iya ra, Pakmu?” wadon manis kuwi nduleg pundhake sing lanang sambi ngguyu maneh disambung guyune sing lanang. Lanang-wadon sapasang iki yen wis kadhung guyon jian gawe merine pasangan liyane. Anggone guyub rukun dadi rerasane liyan. Yen kadhung meneng, sing lanang nggethu tandang gawe njahit. Yen senggang samulihe saka kantor kecamatan sing wadon ngewangi masang benik utawa ngesum itikan. Marpuah minangka staf kantor kecamatan wis klebu nduweni jabatan. Wong ya nduweni ijasah sarjana, saiki wis kepala seksi. Kanthi pangkat Penata Muda golongan ruwang III/a. Gajine wis lumayan mula kena kanggo nambah kayane sing lanang ngragadi kuliyah anak-anake. Anak wadone sing mbarep, Winarti, wis nyambut gawe neng Polindes minangka bidhan desa. Sing nomer loro uga wadon, Minarsih, jik kuliah neng Salatiga. Embuh, ngapa tekan Jawa Tengah barang wong neng Jawa Wetan wae ya enek kampus akademi perawat. Biyen jare daftare golek sing akeh peluang ketampane.Wis semester loro iki. Seminggu kepungkur bocahe tilik ngomah. Mesthine saiki sengkud melu kuliyah. Winginane tilpun jare wis wiwit akeh tugas praktikum. “Ibu aja kaget, saiki putrane wis ditangani dokter neng rumah sakit Salatiga.” Kuwi antara liya ukara sing banget gawe kejote Marpuah. Tilpun suwara lanang saka sabrang ngabarake yen anak wadone, si Minar, kacilakan nalika tumuju ing Puskesmas. Mesthi wae sanalika Marpuah kaget banget. “Terus saiki aku kudu piye, Mas?” pitakone nalika rada mendha saka anggone nangis. Suwarane isih kamisesegen. Kanca-kancane sakantor padha ndomblong. Ora wani nakoni larah-larahe yagene Marpuah ujug-ujug nangis, njerit histeris sawise nampa telpon saka sabrang kana. Embuh, saka sapa. “Tenang wae Bu, tenang. Putrane wis wiwit eling kok, kajaba sikile ana sing tatu. Sajake mung patah tulang biyasa,” kandhane wong lanang ing telepon mau. “Biyasa piye ta, Mas! Patah tulang kok biyasa? Sing genah ta? Huuuu… huuu.. Pakmu! Pakmuuu…gendhuk iki piye Pakmuuu?? Huuu…!” Marpuah jempling-jempling nangis. Tangane isih nyekel hapene. Telpon saka sabrang kana durung dipateni. Genah tangise Marpuah dirungu saka seberang kana. “Ibu?” pitakone wong lanang kuwi alus, wiwit nganggo basa krama “Asmane Ibu sinten?” “Mar…Marpuah Mas….” Rada groyok wangsulane. “Piye Mas, huuu… huuu… anakku ketabrak apa? Sing nabrak wong endi? Huuu…uuu,” Marpuah nangis maneh. Nggero-nggero, kepara sora. Kanca-kanca padha ngarih-arih. Ngakon sabar. Tawakal. Nyebut asmane Gusti Allah. “Ngaten, bu. Hallo,…ibu Marpuah? Hallo…hallo…? Ibu taksih mireng suwanten kula? Asmane bapak sinten?” “Nggih, hallo..tesih. Diman, Mas, bojo kula namine Diman.” “Nggih, kula Biyanto. Perawat griya sakit. Saniki ibu wonten pundi? Caket kalih bapak? Napa pingin tilpon putrane? Kalih dokter sing nangani?” pitakone Biyanto kuwi mrutug ae. “Mboten, eh, ten kantor Mas. Nggih. Nggih, Mas. Nggiiih…huuu….” “Tenang mawon nggih, mpun nangis nek ngomong kalih niki,.. Pak Dhokter Sujono, mangga.” Marpuah klakon sambung omong-omongan karo dhokter Sujono. Ora bisa ngomong karo Minarsih, anake. Jare mentas turu krana obat biuse wiwit rumasuk. Marpuah oleh katrangan rena-rena saka dhokter Sujono. Wiwit kedadeyan tabrakan, papane, nganti sapa sing nggawa mara menyang rumah sakit lan saiki dirawat ing kamar Bogenvile nomer 2. Rada suwe Marpuah anggone omong-omongan karo dhokter kuwi. “Sampun digips kok, Bu. Bapake kapurih tenang mawon. Mangga enggal tindak mriki mawon mbeta kabetahan sing cekap,” pamrayogane dhokter Sujono. Marpuah isih nlesihke anake. Sajake wiwit arep negosiasi. Marpuah goncang jiwane. Nanging, sawise Mbak Tutik nyedhaki lan nuduhke SMS saka Mas Diman, sakala praupane Marpuah mencorong. Abang. Bingar! Njomblak mbengok sora! “Lho piye ta?” takone Marpuah tanpa sadhar, kamangka isih omong-omongan karo dokter Sujono ing kana. “Pripun ta Bu? Wonten napa? Cobi sampeyan ngomong kalih perawat kula niki wau!” kandhane dhokter Sujono kuwi masrahake hape marang Biyanto. “Halloo…halloo..ibu Marpuah? Kula Biyanto wau bu, pripun? Yen Ibu mriki kula rantos. Nanging putrane betah obat-obatan bu. Secepatnya. Pripun, napa mboten mesakne?” “Sampeyan betah arta pinten Mas Yanto?” suwarane Marpuah wis ora groyok maneh. Marpuah oleh kekuwatan, ketoke wis tatag. “Kula transfer mawon. Pinten nomer rekeninge?” Krungu pitakone Marpuah. Biyanto sing ana seberang kana krasa uga wiwit oleh angin. Ancang-ancang nyebutake jumlah dhuwit sing pantes kangge perawatan lan tukon obat-obatan wong kacilakan. Marpuah sing isih dadi rubungan kanca-kancane ing kantor wiwit gelem ngombe banyu putih gelasan sing mau dicepakne Mbak Anif. Kahanan kantor kuwi wiwit tentrem. Marpuah ora mbengok-mbengok histeris maneh. “Pinten Mas, sayuta cekap?” takone Marpuah. Krungu penawaran saka Marpuah kuwi, kanca-kancana padha mlengak. Kok kendele Mbak Puah iki dolanan dhuwit? “Wadhuh, lek semanten namung obat tigang resep Bu. Kangge peralatan lintune lan cadhangan nebus resep malih sakderenge Ibu dugi mriki pripun? Tigang yuta, Bu. Mpun kula jamin cekap,” wangsulane Yanto makantar-kantar. Yanto pancen kepengin Marpuah percaya marang dheweke sing wis ngupakara Minar. Suwarane Yanto kuwi dirungu kanca-kancane Marpuah sakantor, uga Pak Sekcam. Awit sengaja dibanterke spekere. “Mbak Puah apa wis kagungan dhuwit samono akehe kuwi?” pitakone Pak Sekretaris kecamatan kuwi ragu-ragu. “Sampun Pak. Yen kirang mangke ngampil Bapak, nggih?” Marpuah mesem. Ampang wae wangsulane. Pak Sekcam tambah ora mudheng karepe andhahane iki. Mula banjur meneng, ora neruske takon sanajan isih akeh sing kudu ditakokne. Minangka atasan Pak Sekcam jelas ora kepengin anak-buwahe kliru ing petung, sing tundhone malah dadi rekasane! Mesthine ora mung pak Sekcam wae. Kanca-kancane uga ora kepengin kedadeyan ala tumiba lan disandhang Mbak Marpuah sing wektu iki lagi ketiban kasusahan. “Tigang yuta, Bu. Niki kula sebutne nomer rekeninge. Sampeyan cathet bu.” Yanto menehi nomer rekening lan jenenge bank pisan. “Nggih, Mas. Saniki kula transfer telung yuta. Ning napa dhuwit dhengkulmu cepot?!” Mak-klek! Marpuah nutup telpon. Mesthi wae gawe kagete Yanto. Uga kanca-kanca kantore. Kajaba Mbak Tutik. Hapene disaki. Mapan lungguh. Lenger-lenger. Banjur mesem. Ampang! “Apa rumangsane aku kenek diapusi? Bajingan modhel ngono kuwi saiki wis usum. Lek ora diakali ganti bajingan ngono kuwi ora kapok!” Marpuah ngundhamana, dhadhane sing weweg ketok munggah-mudhun. Katon yen tas ngempet masalah. “Kok Mbak Puah wani mutuske ngono, piye yen dhik Minar kacilakan tenan?” takone Mbak Nia nyedhaki. Marpuah mesem, ora aweh wangsulan. SMS saka Diman, bojone sing ditampa mbak Tutik wis dadi kunci jawabane. Nalika Marpuah histeris mau mbak Tutik tilpun Pak Diman, crita apa anane. Pak Diman kasil omong-omongan dhewe karo Minarsih sing kahanane slamet, seger kuwarasan tanpa sawiji apa.Warta kacilakan mau mung apus-apuse wong candhala.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on August 16, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |