19. Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Pambagyaharjo Ing Pahargyan Lamaran
|
ara lenggah kakung sumawana putri, ingkang sinuba ing pakurmatan, raos bombong miwah mongkoging manah, panjenenganipun Bp ___________ sekalihan ingkang mengku gati mboten saged kagambaraken ing mriki, madyaning pahargyan ing kalenggahan punika ing sedya badhe hangaturaken pambagyaharjo wonten ngarsa panjenengan. Awit saking bombonging manah anggennya badhe matur amung kandheg wonten samadyaning jangga, ingkang punika minangka sulih sarira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp ___________ wekdal kasumanggakaken, sumangga nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |