40. Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung
|
aripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala. Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________ minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________ dhumateng panjenenganipun Ibu ___________ minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |