Puspåwarnå - ᭙

40. Têmbang Dolanan Wóntên Satêngahíng Globalisasi

Wêkdal samangké kathah laré ingkang mbótên mangêrtós utawi ngiwakakên lêlagón utawi têmbang dolanan.
Têmbang dolanan ing kithå lan sapérangan ing tlatah padésan wóntên ingkang dipún lirwakakên, amargi kadayan lagu Indonésia, têmbang póp, ndhang-ndhut, tuwin lagu saking måncå nagari sanèsipún.
Dayanipún lagu póp lan ndhangdhut agêng sangêt lajêng ndhêsêk lan minggirakên têmbang utawi lêlagón dolanan.
Laré-laré samangké, mliginipún ing kuthå-kuthå sampún awís-awís nêmbang lêlagón dolanan.
Kawóntênan makatên bèntên sangêt kaliyan kawóntênan sasampunipún kamardikan. Wóntên ing pamulangan Sêkolah Rakyat (SR), Sêkolah Guru Bawah (SGB), dalah Sêkolah Guru Atas (SGA), têmbang dolanan dipún wulangakên kanthi saèstu.
Calón guru dipún siapakên kanthi saèstu supadós mumpuni nêmbang utawi nyêkar.
Tujuwanipun supadós mangkénipun laré-laré ingkang dipún wulang sagêt pintêr tuwín baút nêmbang.
Kathah sangêt têmbang dolanan ingkang kålå samantên dipún wulangakên wóntên sêkolahan-sêkolahan tataran andhap.
Wêwatón buku ingkang irah-irahanipún ’Mbómbóng Manah’ anggitanipún R. Tédjo Hadisumarto (sampún sawargi), wóntên atusan têmbang ingkang kapacak.
Cakupanipun nglimputi lagu dolanan, sêkar måcåpat, sêkar têngahan, sêkar agêng, lan gêndhíng.
Isi lan cakupanipún kathah ingkang sêsambêtan kaliyan jagad pamulangan. Maós tuwín migatósakên buku ’Mbómbóng Manah’ mliginipún lêlagón dolanan kathah bab ingkang migunani tumrap laré-laré.
Lumantar lagu dolanan, laré-laré dipún kênalakên kaliyan sato kéwan, sato iwèn, thêthukulan, têtanêman, bêbrayan, lingkungan alam, lan sanès-sanèsipún.
Laré-laré lajêng sênêng, bingah, sigrak, nggadhahi raós bómbóng, tuwín sagêd kagigah manahipún.
Kawóntênan ingkang makatên sagêd mimbuhi lan njurúng kawóntênan ingkang saé tumrap kajiwan.
Babagan kajiwan dipúntêngênakên tuwín dipúnpapanakên wóntên ing tataran ingkang wigatós ing jagad pamulangan.
Sasampunipuan laré-laré wóntên ing pamulangan nguwaósi têmbang utawi lêlagón dolanan, kalajêngakên tataran sinau sêkar måcåpat.
Kasêbat sêkar måcåpat amargi anggènipún nyêkarakên kapêdhót sêkawan-sêkawan wåndå.
Kathah sangêt sêkar måcåpat ingkang wósipún piwulang ing babagan tåtåkrami, udånagari, watak, tuwín budi pakarti.
Majêngíng jaman ingkang kasurúng déníng tèknologi infórmasi dadós pêpalang lampahipun têmbang dolanan tuwín sêkar-sêkar sanèsipún.
Dayanipún modèrniasi lan globalisasi sakalangkúng agêng mbótên namúng minggirakên lêlagón dolanan.
Sadåyå unsúr budåyå Jawi kadayan ombak globalisasi. Lumantar média télévisi dåyå pêngaruhipun langkúng cêpêt. Giyaran télévisi ingkang rintên dalu mbótên wóntên pêdhótipún, ndayani sadåyå unsúr budåyå ingkang wóntên.
Unsúr-unsúr budåyå Jawi ingkang arupi lêlagón dolanan, têmbang måcåpat, dolanan laré, dêdongèngan, wayang wóng, kêthoprak, lan sanès-sanèsipún kadayan déníng globalisasi.
Wóntên pérangan ingkang kasilêp, kalindhês, utawi ical, namúng inggíh wóntên pérangan ingkang taksíh lêstari.
Kawóntênan ing tlatah padésan pinanggih bèntên kaliyan ing kitha.
Taksíh kathah pérangan budåyå ing padésan ingkang taksíh gêsang tuwin dipún lêstarèkakên. Kalêbêt ing ngriki têmbang dolanan ingkang taksih dipún uri-uri.
Lêlagón ingkang cakêt lan rakêt kaliyan donyanipún laré taksíh dipún têmbangakên. Lêlagón ingkang taksíh wóntên pigunananipún lajêng nuwúhakên krêntêg mêmêtri. Undêranipun prêkawís wóntên ing pigunanipún têmbang tumrap laré-laré.
Manawi wóntên têmbang dolanan ingkang sampún têbíh kaliyan dónyanipún laré-laré inggíh lajêng dipún kiwakakên. Têmbang dolanan laré mbótên sagêd dipún pisahakên kaliyan båså ingkang dipún pigunakakên.
Kanthi mênikå prêkawis ingkang nêmah båså Jawi lajêng ndayani lêlagón dolanan. Manawi båså Jawi kirang dipún rêmêni amargi karaós angèl, lajêng ndayani dhatêng têmbang dolanan.
Prêkawís ingkang nêmah båså Jawi lajêng ndayani laré-laré anggènipún nêmbang lêlagón dolanan.
Wêwatón têtimbangan mênikå, båså Jawi dadós babagan ingkang wigati. Pasinaón båså Jawi ing sêkolahan prêlu dipún tåtå malíh. Wóntên ing ngriki têmbang utawi lêlagón dolanan prêlu dipúnwulangakên. Lêlagón utawi têmbang dolanan mbótên sagêd dipún pisahakên kaliyan babagan sêni. Ngês lan saéníng lêlagón manawi dipún iringi gamêlan utawi gångså.
Kajawi mênika wóntên lêlagón dolanan ingkang prêlu dipún têmbangakên kaliyan njogèd.
Piwulangan karawitan lan sêni tari prêlu dipún wulangakên sêsarêngan kaliyan têmbang dolanan.
Têmbang dolanan karaós kirang jangkêp manawi mbótên wóntên tari lan ungêlíng gångså.
Salajêngipún, kanggé ngadhêpi ombak globalisasi dipún bêtahakên aprésiasi lan piranti tèknologi kanggé nggarap têmbang dolanan.
Rêkaman têmbang dolanan lumantar kasèt lan compact disk prêlu dipún damêl langkúng kathah.
Giyaran ngéngingi têmbang dolanan wóntên télévisi inggíh prêlu dipún jadwal kanthi têratúr.
Kajawi mênikå, lomba utawi festival lagu dolanan inggíh prêlu dipún wóntêni sabên taún.
Kanthi mênika, lêlagón utawi têmbang dolanan mbótên badhé kêsilêp ombak globalisasi.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfxbroker отзывкисточки для макияжа глазtopodin отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9926825
  Hari ini     :  Hari ini :1202
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :6971
  Bulan ini   :  Bulan ini :26450
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang