Pranåtå Cårå - ᭙

56. Tuladha Aturipun Panatacara
Sasampunipun Kirab angka II

un inggih para rawuh saha para lenggah, paripurna kirabing putra temanten sekalihan winastan kirab kasatriyan, ingkang punika atur uninga bilih pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika dereng paripurna, mugi nyebar ron kawis nyuwun sabar ingkang sawetawis.
Jumbuh kalihan wewangsoning para winasis ingkang sampun cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, bilih penggalih sabar punika tansah sinuyudan dening putra wayah, paripurnaning pahargyan ing mangke hambok bilih putra temanten sampun jengkar saking sasana wiwaha tama marak wonten sangajenging wiwara ngajeng pratandha cetha bilih pahargyan punika sampun paripurna, ingkang punika mugi wontena suka lilaning penggalih lelenggahan kanthi mirunggan sinambi mirsani atur panglipur saking panjenenganipun Bp __________ (ingkang mengku gati) arupi langen beksan __________ (ingkang katindakaken dening kadang __________ (menawi wonten).

Menawi karawitan:
Dipun isi gendhing - gendhing ingkang jumbuh kalihan swasana.

Menawi Tip/Cassette/CD:
Kadostuladha ing ngajeng.


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофетсковорода гриль яндекс маркетресторан никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9925909
  Hari ini     :  Hari ini :286
  Kemarin     :  Kemarin :1544
  Minggu ini   :  Minggu ini :6055
  Bulan ini   :  Bulan ini :25534
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang